Anda di halaman 1dari 2

PENGETAN DINTEN KAMARDIKAN RI

Assalamualaikum wr.wb.

Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah. Ingkang pantes pinundhi-pundhi Bapak saha Ibu
Guru. Ingkang kinurmatan Bapak saha Ibu Karyawan. Para kadang wredha mudha siswa Sma
Marsudi Siwi ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng


ngarsaning Gusti ingkang Mahawikan. Inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula lan
panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya, kalis ing rubeda.

Salajengipun, kula ingkang tinanggenah wakiling panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-
mugi rawuh panjenengan saged damel renging swasana. Awit saking punika, kula ngaturaken
agenging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun paring palilah murih
kaleksananing sedya Pengetan Dinten Kamardikan RI ingkang kaping 60 ing kalenggahan
punika. Ugi kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Para
Bapak tuwin Ibu Guru dalasan para Karyawan ingkang kepareng paring eguh pratikel murih
pratising adicara. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng Para Kadang Wreda Mudha
Siswa SMA Marsudi Siwi, ingkang asung sabiyantu ngantos adicara punika saged lumampah.

Para Bapak saha Ibu Kadang Mitra ingkang satuhu bagya mulya. Kados sampun kauningan
ing ngakathah sarta kaseksanan ing donya, bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945 Indonesia
mbiwaraken kamardikan, sampun boten kabelenggu satunggaling penjajah. Pangorbanan
ingkang boten tidha-tidha awujud bandha tuwin pecahing jaja wutahing ludira
kapisungsungaken dhumateng bangsa tuwin nagari. Punika kenging kangge tepa palup dalah
kaca benggala dhumateng kita sedaya.

Dene wosing gati sigatosing seya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saerlu
mengeti dinten ingkang agung punika. Wondene ancas ingkang kinandhut, mugi-mugi
pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten ingkang badhe dhateng,
ngandelaken tekad mbrasta penjajah, njejegaken kamardikan ngudi wilujenging bebrayan.

Menggah wedharan sajangkepipun mungguh ing prastawa ageng 17 Agustus 1945 punika
mangke kababar dening panjenenganipun Bapak Slamet Riyadi.

Mugi-mugi kanthi wedharan punika mangke, mliginipun para siswa tumanggap ing karya
bilih labuh lebetipun para satriya kusumaning bangsa rikala semanten sanyata boten entheng.
Boten agaman bedhil, nanging alendhesan pikir ngukir bangsa tumuju nagari ingkang
majeng, adil, makmur lahir batin.

Awit saking punika, kanthi ngagungaken asmaning Allah, pengetan Dinten Kamardikan RI
kaping 60 punika kula pratelakaken kawiwitan.

Ing wasana sugeng amriksana ngantos paripurnaning adicara. Namung kemawon, mbokbilih
lampahing adicara punika kirang mranani, panitya nyuwun gunging samodra pangaksami.
Dene kula pribadi ugi nyuwun pangaksami menggah solah bawah dalah panataning basa
ingkang tebih saking tata krami tuwin paramasastra.

Anda mungkin juga menyukai