Anda di halaman 1dari 2

Cengkorongan lan Teks Pidato

Nama : Berliana Rizqy Aprilia Priyono

Kelas : 9B

Absen : 9 ( Sembilan )

Cengkorongan Teks Pidato


1.Salam Pambuka Assalamualaikum Wr.Wb
2.Panyapa Bapak kepala sekolah SMA Negeri 1 Nusa
Jaya ingkang kinabekten, Bapak ibu guru
SMA Negeri 1 Nusa Jaya ingkang sinuba ing
pakurmatan, Bapak Ibu staff SMA Negeri 1
Nusa Jaya ingkang kinurmatan, Saha rencang-
rencang, siswa lan siswi SMA Negeri 1 Nusa
Jaya ingkang dados bebungahing manah,
3.Purwaka Sak derengipun sumangga kita tansyah
ngaturaken raos puji lan syukur kita dumateng
Gusti Alloh SWT kanthi sesarengan miyos
lafalt hamdalah “Alhamdulillahi robbil
‘alamin”. Salamat ugi salam mugi tansah
katetepna dumatheng nabi panutan kita nabi
agung Muhammad SAW, kaluarga,
sahabat.Amin.
4.Surasa Basa (isi) Wonten satunggaling atur pidato perpisahan
kelas bahasa jawa menika keparenga kula
minangkani kanca-kanca kelas 12 SMA
Negeri 1 Nusa Jaya sekedik matur dumatheng
para rawuh sedaya. Ananging menawi wonten
kalepatan lan kekirangan ingkang badhe kula
aturaken samangkih, saestu kula nyuwun
agunging pangaksami.
5.Wigatine/dudutan (kesimpulan) Ingkang nomer tiga, wonten pidato
perpisahan kelas bahasa jawa menika kula
sakanca nyuwun pamit saking pawiyatan
menika konjuk nglajengaken gesang wonten
masyarakat ingkang satemenipun.
6.Pangarep-arep (harapan) Mboten kasupen kula sakanca nyuwun
tambahing donga pangestu mugi kita sedaya
saged ngraih menapa ingkang dados pepingin
lan cita-cita kula sedaya.
7.Wusana (penutup) Bapak ibu guru saha para rawuh ingkang
bagya mulya, Mbok bilih namung mekaten
ingkang saged kula aturaken dumatheng
panjenengan sami.
8.Salam panutup Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Teks Pidhato

Assalamualaikum Wr.Wb

Bapak kepala sekolah SMA Negeri 1 Nusa Jaya ingkang kinabekten, Bapak ibu guru SMA Negeri 1 Nusa
Jaya ingkang sinuba ing pakurmatan, Bapak Ibu staff SMA Negeri 1 Nusa Jaya ingkang kinurmatan, Saha
rencang-rencang, siswa lan siswi SMA Negeri 1 Nusa Jaya ingkang dados bebungahing manah,

Sak derengipun sumangga kita tansyah ngaturaken raos puji lan syukur kita dumateng Gusti Allah SWT
kanthi sesarengan miyos lafalt hamdalah “Alhamdulillahi robbil ‘alamin” awit saking welas saha asih-
Ipun kula sedaya saged makempal wonten menika papan saperlu ngawontenaken perpisahan. Salamat ugi
salam mugi tansah katetepna dumatheng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW, kaluarga,
sahabat.Amin.

Wonten satunggaling atur pidato perpisahan kelas bahasa jawa menika keparenga kula minangkani kanca-
kanca kelas 12 SMA Negeri 1 Nusa Jaya sekedik matur dumatheng para rawuh sedaya. Ananging menawi
wonten kalepatan lan kekirangan ingkang badhe kula aturaken samangkih, saestu kula nyuwun agunging
pangaksami. Sepisan, kula dalah sedaya siswa lan siswi kelas 12 SMA Negeri 1 Nusa Jaya ngaturaken
agunging panuwun, awit saking kawelasan saha keikhlasan bapak ibu guru ingkang sampun mbimbing,
mbiyantu, ugi ngarahaken kita sedaya dumugi samenika wekdal. Sahigga kula sedaya saged lulus 100%
anggenipun nderek ujian nasional ing tahun menika.

Ingkang nomer tiga, wonten pidato perpisahan kelas bahasa jawa menika kula sakanca nyuwun pamit
saking pawiyatan menika konjuk nglajengaken gesang wonten masyarakat ingkang satemenipun

Mboten kasupen kula sakanca nyuwun tambahing donga pangestu mugi kita sedaya saged ngraih menapa
ingkang dados pepingin lan cita-cita kula sedaya.

Bapak ibu guru saha para rawuh ingkang bagya mulya, Mbok bilih namung mekaten ingkang saged kula
aturaken dumatheng panjenengan sami. Kathah kalepatan saha atur kula mboten sanes namung saged
nyadong agunging samudra

Wa bilahit taufiq wal hidayah. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai