Anda di halaman 1dari 1

Sesorah Pengetan Kamardikan

Bismillahirrahmannirrahim
Assalamu’alaikum Wr.Wb
Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu guru ingkang kula hormati. Mangga
kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun
maringi rahmat lan hidayahipun satemah kita sages makempal ing papan
punika.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, Proklamasi punika sanes hadiah
saking penjajah, ananging asil perjuangan para pahlawan ingkang sampun gugur
ing medan perang. Pramila saking menika, mugi kula sedaya saged mendhet
satunggaling tuladha saking perjuangan para pahlawan kamardikan Indonesia.
Saking punika kita kedah estu-estu ngonjukaken syukur dhumateng Allah SWT
lan ampun nganthos kita dipunjajah malih.
Tugas kita kagem berjuang mboten namung berjuang nglawan penjajah
kemawon, lakung-langkung wonten wekdal menika, perjoangan tasih
dibetahaken kagem nglawan kebodhoan, kasangsaraning masyarakat, ugi
marang kamlaratan. Mila saking menika kanthi pengetan dinten kamardekan
Republik Indonesia kaping 70 tahun 2015 monggo sami cancut tali wanda,
gumregut temandang karya, sepi ing pamrih, rame ing gawe anggenepin gesang
wonten ing masyarakat.
Mekaten dudutan ingkang saged kula aturaken, mugia kenging kagem
panglimbang saha paniting sawetawis muriha kamajenganing nusa lan bangsa.
Menawi wonten klenta-klentunipun atur kula kula nuwun agunging samudra
pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai