Anda di halaman 1dari 1

Sesorah Perpisahan Siswa Kelas 9

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Ingkang kula urmati Bapak Komite SMP 2 Rembang saha Bapak Kepala
SMP 2 Rembang. Ingkang kula urmati ugi Bapak Ibu Guru saha staf karyawan
SMP 2 Rembang lan para kanca sarta adik kelas 7, 8 ingkang kula tresnani.

Sumangga kula saha panjengan sami ngaturaken puji syukur marang


Gusti Allah ingkang sampun maringi kaslametan, kasarasan, saha kawilujengan
saengga kula sarta panjenengan saged kempal ing adicara siyang menika.

Kula minangka sesulih saking kelas 9.1 ngaturaken panuwun marang para
rawuh sedaya ingkang sampun ngledangake wekdal kangge kempal ing adicara
siyang menika.

Ingkang setunggal, kula sakanca ngaturaken matur suwun marang Bapak


Ibu Guru ingkang sampun maringi ilmu, pitedah, lan katrampilan ingkang
sampun nggulawentah menopo kemawon dhumateng kula sakanca kanthi
ikhlasing manah.

Kula sakanca ugi tansah nyuwun dedonga pangestu mugi-mugi


sasampunipun medal saking pawiyatan ngriki kula sakanca dados tiyang kang
luwih becik lan saget migunani bangsa lan negara lan saged pikantuk sekolah
ingkang kula sakanca idam-idamke.

Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca
asring damel Bapak Ibu Guru kuciwa awit saking atur solah bawa kula sakanca
ingkang boten mranani penggalih panjenengan.

Para rawuh ingkang kinurmatan, makaten atur kula. Mbok bilih wonten
kirang sarta kalepatanipun, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Nama: Noor Naimatul Azkia

No : 23

Kelas : 9.1

Anda mungkin juga menyukai