Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr Wb

Ingkang kinurmatan Bapak kepala desa KarangPloso


Ingkang kinurmatan Bapak Rt lan Bapak Rw
Lan masyarakat karang ploso serta panitia pengmas 2020 ingkang kula tresnani

Sumonggo kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur dumatheng gusti ingkang maha kuaos dene
ing sonten punika kita saget makempal kanthi tentrem, bagas, waras salebetipun. Sugeng rawuh
dumatheng tamu undangan datheng acara saking Mahasiswa Kimia UB ingkang ngawontenaken
silaturahmi antawisipun kita mahasiswa Kimia Ub kaliyan para warga Karangploso , sasampunipun
sakwetawis wekdal kita sampun ngawontenaken pepanggihan kaliyan adik-adik SD..... punika.
Sakderengipun kita lajengaken acara punika kepareng kula nepangaken diri kula Izaz ... lan
rencang kula Jeflina pinangka pranata acara ing wekdal punika.
Acara Pengmas saking Mahasiswa Kimia UB punika naminipun PENGMAS MEGANTARA. Punapa
pengmas megantara punika? Pengmas megantara punika saking kata pengmas ingkang nggadahi
artos wadah pengabdian masyarakat saking mahasiswa kimia Ub kagem masyarakat ing dusun Karang
Ploso. Dene Megantra singkatan saking “Mewujudkan Gerak Nyata Masyarakat Sejahtera” dados
mahasiswa ingkang nglaksanakaaken pengabdian segeta ngaturaken ilmu saha bantuan mugi mugi
saget bermanfaat kagem masyarakat.
Pengmas Megantara punika kagungan jargon “Berbakti Padamu Negri Berjuang Meraih Mimpi”
kados pundi menawi dipun cobi malih dados menawi kita ngaturaken Pengmas Megantara 2020
jawabanipun “Berbakti Padamu Negri Berjuang Meraih Mimpi”
Amargi wekdal sampun sakwetawis sumonggo mawon kita wiwiti acara punika kanthi susunan
acara
1 Doa
2 Sambutan
3 penampilan saking panitia
4 nobar
5 Pembagian doorprize
Pramila para rawuh kula aturi mersani ngantos bibar amargi wonten doorprize ingkang diundi saking
nomer ingkang panjenengan betha

Kagem mbukak acara punika monggo sesarengan dednga miturur agama masing-masing,
disumanggakanken. ,... dudungo dicukupaken.

Acara saklajengipn sambutan saking.... Katur panjenenganipun .... wekdal kula aturaken

Matur nuwun ..... acara saklajengipun nggih punika saking panitia mas mas lan mbak ingkang bagus
ayu lan ganteng sumonggo sareng-sareng kita mersani penampilan panitia pengmas megantara 2020

Suaranipun mbak ... sampun sami kaliyan suara kula dereng mbak merdu nggih ? manut mawon kula .
Wonten napa malih mbak bibar niki ? kan sambutan sampun, penampilan suara mbak lan mas mas
kalawau nggih sampun, wonten napa malih bibar niki? La acara bibar niki yaiku puncak dalu punika
pemutaran film Keluarga Cemara mbak. Film nopo niku ? dados keluarga cemara menika kagungan
cerita keluarga ingkang menehi pitutur luhu lan saget ditiru sampun monggo sareng-sareng kita
persani mawon FILM KELUARGA CEMARA

Pripun filme mbak? Sae banget mbak kula mawon cepak-cepak tisu eluh sampun netes mawon
prpun kaliyan bapak-bapak lan ibu ibu punapa sami kalih kula? Monggo langsung kita undi mawon
doorprize lan kesan film saking nomor.....

Dumugi acara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Mangga acara acara menika katutup
sesarengan kanthi ndedonga muji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang Maha Kuwasa. Mugi-
mugi saget bermanfaat lan sampun kesupen benjing wonten pemeriksaan kesehtaan gratis lan
penyuluhan , dados sampun kesupen nggih. mekaten anggen kula nderekaken lampahing acara ing
wekdal punika
Sadean kupat nang pasar Blora Menawi wonten lepat Kita nyuwun ngapura
WASSALAMUALAIKUM WR WB

Anda mungkin juga menyukai