Anda di halaman 1dari 3

Assalamualaikum wr wb

Bismillahir rohman nirrohim


Alhamdulillah hi robbil ‘alamin assholatu wa salamu ala as
sro fil anbiyai wal mursalin sayyidina wa maulana
muhamadin wa ala alihi wa soq bihi aj’main amaba’du
Ingkang kawulo hormati bapak Agus Suryono dalah Ibu
sumrambah sedoyo keluarga agung ing dusun mukti sari
mriki.
Ingkang kawulo tak zimmaken poro sepuh pini sepuh poro
alim lan sedoyo poro rawuh ingkang minulyo.
Ngaturaken kulon nuwun.
Kepareng kawulo matur anepangaken bileh kawulo sak
rombongan minongko keluargo agung ibu Ismiyati saking
Kebon Sari Jember marak sowan wonten dalem nipun bapak
Agus Suryono dalah Ibu lan keluargo agung ing Mukti Sari
mriki.
Sakderengipun kawulo matur langkung rumiyen monggo kito
sesarengan muji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT
ingkang sampun paring nikmat, barokah, hidayah lan inayah
dumateng kito sedoyo mugi kito sedoyo tansah pinaringan
wilujeng rahayu, sehat bagas waras lahir tumusing bathin.
Ugi solawat lan salam kito aturaken dumateng junjungan kito
sedoyo gih meniko Nabi besar Muhammad SAW mugi kito
sedoyo tansah pikantuk syafaattipun ngantos benjang ing
dinten yaumil akhir allahuma Amin...
Bapak Agus Suryono dalah ibu lan poro rawuh sedoyo
ingkang kinurmatan, ingkang sepindah kawula lan keluargo
ibu Ismiyati ngaturaken salam taklim dumateang Bapak Agus
Suryono dalah ibu sumrambah keluarga agung ing Muktisari
mriki mugio sedaya tansah pikantuk kawilujengan, kesehatan
lan kebahagiaan. Amin yra.
Saklajengipun kepareng kawulo agempil kamardikan
panjenengan sedoyo gih awit saking darmaning tiyang sepuh
angiringaken panyuwunipun anak kawulo jaler ingkang nami
anakmas Dion Indarto marak sowan dumateng keluargo
agung bapak Agus Suryono dalah ibu, gih amargi saking
bombonge manah lan remening penggalih kulo sedoyo
keluargo ibu Ismiyati saking Kebon Sari , kumowantun matur
piyambak dumateng bapak Agus Suryono dalah
ibu,nglajengaken pirembagan lan matur maksud lan tujuan
kawulo sakeluargo sowan ing muktisari mriki.
Kados ingkang sampun dados pirembakan kito sesarengan,
ingkang magepokan kalian dinten adicoro akad nikah, ijab
qobul sampun katetepaken tanggal 6 mei 2018.
Pramilo saking meniko kawulo sak keluargo hangaturaken
ubo rampe lan paningset kagem jangkepi adicoro lamaran
akad nikah lan ijab qobul soho wisudanipun daub polokromo
anak kulo Dion Indarto ingkang bade pikantuk putro
putrinipun bapak Agus Suryono dalah ibu ingkang nami
nimas Ayu Fitri .....
Mugio panjenengan sekalian saget hanampi kanti suko
renaning penggalih.lan sageto angraketaken tali bebesanan
antawis keluargo agung mukti sari kalian keluargo agung
kebun sari, lan mugio saget lumeber dateng tali katresnanipun
calon penganten kekalih ingkang bade mujudtaken keluarga
ingkang sakinah, mawadah warahmah allahuma amiin.
Kawulo sak keluarga sampun pasrah purbo waseso dumateng
bapak agus suryono dalah ibu ngengingi wisudo akad nikah
ijab qobul lan daub polo kromonipun anak kulo Dion Indarto
lan nimas ayu Fitri ......
Cekaping atur Kawulo sak keluarga menawi wonten
kekirangan ing babagan menopo kemawon, langkung
langkung anggen kawulo matur dumateng panjenengan
sedoyo, wonten lepatipun boso lan subo sito ingkang mboten
ngrenani penggalih, nyuwun agunging samudro pangaksami
ingkang katah lan sak ageng agengipun.
Mekaten atur kawulo wassalamualaikum wr wb.

Anda mungkin juga menyukai