Anda di halaman 1dari 2

Sambutan Panita Haflah

 Hadratul Muhtaromin Poro ‘Alim ‘Ulama ingkang tnsah kito thaati


khususipun keluarga besar Gus Muhammad Nahrawi Suja’i.
 Wabil khusus panjenenganipun Gus Imran Yusuf ingkang kita tengga
mauidhoh hasanahipun.
 Lan dumateng bapak Pejabat Pemerintah, sipil, lan militer. Para bapak lan
ibu wali santri lant amu undangan, poro sederk ingkang kinurmatan.
Sepindah manga kita tansah muji syukur wonten ngerso dalem ALLAH
SWT. Biqauli :Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, ingkang sampun paring pinten-
pinten kenikmatan dumateng kita sedaya sehingga saget mujasah kanthi
wilujeng sehat wal’afiat. Amiin ya rabbal ‘alamin.
Selajengipun Shalawat saha Salam mugiyo tansah kunjuk dhumateng
junjungan kita Nabi Agung MUHAMMAD SAW. Biqauli: Allahumma Sholli
‘ala Saiyyidina MUHAMMAD Wa’ala saiyiidina MUHAMMAD. Khanti
penyadong mugi-mugi kita sedaya dados umatipun ingkang angsal syafa’at
benjang wonten dinten kiamat. Amiin
Para rawuh, para hadirin rahimakumullah, dhatwng mriki kulo minangka
wakil saking panitia Haflah Akhirussanah, sepindah ngaturaken, sugeng rawuh
sugeng pinanggih. Mugi-mugi rawuh pnajenengan sedaya dipun catet dening
ALLAH SWT. Dados amal soleh maslahah fiddunya wal akhirah. Amiin
Kaping kaleh atas nama panitia, kulo ngaturaken matur nuwun dhumateng
sedaya pihak ingkang sampun paring biwantu damel kesuksesan acara Haflah
Akhirussanah menika. Sami ugi bantuan arupi dana, tenaga, lan pikiran,
khususipun dhumateng generasi muda lan remaja ingkang sampun guyub lan
kompak damel kelancaran acara punika. Saking panitia namung saged
ngunjukaken do’a. Jazakumullah Ahsanal Jaza. Mugi-mugi ALLA SWT paring
piwales ingkang langkung katah. Amiin.
Mboten kesupen kula nyuwun agungipun pangeksami, dhumateng para
hadirin lan tamu undangan sedaya, senaosa acara Haflah Akhirussanah punika
sampun digagas saking wekdal ingkang tebih. Ananging dhateng mriki takseh
kathah kekiranganipun. Saking papan panggenan, papan pinaringan, pasugatan
lan lintu-lintunipun. Sepindah maleh kula atas nama panitia nyuwun agungipun
syekh Samudra pangeksami.
Saking kulo pribadi menawi wonten kirang langkungipun anggen kawula
matur awal hingga akhir, mugi-mugi kita sedaya tansah dipun Rahmati kalian
ALLAH SWT. Amiin. Saking kula akhirul kalam Wassalamu’alaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai