Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bacaan Shalawat dalam pembukaan bisa kita ambil dari Sambutan Panitia Nuzulul Qur’an.

Para sesepuh, pinisepuh, dalah pangemban pangembating praja ingkang kinabekten,

Para alim ulama’ah almaghfirroh KH. Fuziruddin

Para tamu takziah ingkang dahat kinurmatan.

Raos puji syukur wonten ngaersa Alloh SWT sumanggaa tansah kita aturaken awit saking rahmat
, hidayah, saha inayah-Ipun satemah kula panjenengan sedaya saget nderek takziah awit sampun
tilar donya Bapa paman kawulo injih puniko H Sumaryo.

Selajengipun, kula awit naminipun Keluarga Ageng Almarhum Bapa H Sumaryo sagotrah ngatura
ken sugeng rawuh kairing atur panuwun awit saking rawuh panjenengan saperlu takziah awit se
danipun almarhum kasebat.

Kejawi saking menika, keluarga Agung Alm ngaturaken agenging panuwun awit paringipun sih p
ambiyantu panjenengan sedoyo ingkang arupi menapa kemawon, inggih banda prabeya, tenaga
tuwin penggalihah minangka ngentengaken bot-repotipun para ahli waris anggenipun nampi cobi
ning Pangeran amargi kapundhutipun almarhum Bpk. Cipto Wiyono. Saestu Bpk. Marsudi saha s
edaya ahli waris boten saged caos piwales menapa-menapa kejawi namung tansah nyenyuwun w
onten ngarsa dalem Alloh SWT mugi sedaya amal kesaenan panjenengan sedaya pikantuk piwale
s ingkang sak katah-katahipun. Amin

Saklajengipun menawi adicara layon pamiting jenazah almarhum Bpk. Cipto Wiyono samangkih s
ampun paripurna kersaa para rawuh sedaya ndugekaken jenazah dumugi makam ing sebelah kil
en kirang lakung limangatus meter saking griya duhkita. Ewo semanten mbok menawi para takzi
ah anggadahi acara utawi pandamelan sanes, mboten langkung kula makili sedaya ahli waris ng
aturakean sugeng kundur mugi rahayu dumugi griya piyambak-piyambak.

Mekaten ingkang kula aturaken, kirang langkungipun nyuwun katah pangapunten.


Wabilahitaufiq wal hidayah

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai