Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh

ِ ِ
َ ‫ﳏﻤ ٍﺪ‬
ّ ‫وﻋﻠَﻰ ال ﺳﻴِّﺪ‬
‫ﳏﻤﺪ‬ ِ
َ ‫ﳏﻤ ًﺪا ﱠرﺳﻮل ﷲ اﻟﱠﻠﻬﻢ‬
ّ ‫ﺻ ِّﻞ َﻋﻠَﻰ َﺳﻴِّﺪ‬ ّ ‫اَ ْﺷ َﻬ ُﺪ اَ ْن َﻻ اﻟﻪَ ا ﱠﻻ ﷲ واَ ْﺷ َﻬ ُﺪ ا ّن‬

Lumintuning pudyastowo saking kamirahaning Gusti ingkang moho


agung, hambabar doyo pangaribowo, ingkang tumedhak soho tumaduk
dhumateng poro kawulo dasih kaswasih.
Nuwun, Kulo nuwun…….
Kunjuk dhumateng poro sepuh pinisepuh, poro alim ulama’ ingkang
satuhu pono ing pamawas, soho lebdo sakathahing pitutur luhur, ingkang
dhahat kinabekten
Dumateng poro pangemban-pangembating projo satrianing negari,
minongko pandam-pandoming kawulo dasih ingkang satuhu bagyo mulyo.
Poro tamu soho poro lenggah kakung miwah putri ingkang sinubo ing
pakurmatan.
kulo ingkang kapatah sinaroyo hambuko, wiwaranging suko,
wewenanging wicoro, ngaturaken urut reroncengning toto upocoro
ingkang sampun rinakit kanthi permati.
Adicoro pahargyan haflah haul Almaghfurlah Kyai Tamyiz Kasnawi
ingkang kaping sekawan doso songo soho khataman Alfiyah Ibnu Malik
lan Uqudul Juman, Khotmil Qur’an lan Akhir Sanah, warso setunggal ewu
sekawan atus sekawan doso gangsal hijriyah utawi kaleh ewu sekawan
likur Masehi. Mapan ing Pondok Pesantren Miftahul Ulum Jogoloyo
Demak Bintoro Jawa tengah kawiwitan.
Poro rawuh sedanten, sumonggo adicoro dalu meniko, kabuko
sesarengan kanthi maos Alfatihah, mugi pikantuk lumintuning pudyastowo
saking gusti Allah SWT. lan mugi purwo, madyo, wasananing gati,
kalampahan nirboyo nir wikoro.
Bibarokati, wabisirri Alfatihah...
(WASONO)

PENUTUP

Laksitaning adicoro pahargyan haflah Haul Almaghfurlah Kyai Tamyiz


Kasnawi ingkang Kaping Sekawan Doso songo, soho Khataman Alfiyyah
Ibnu Malik lan Uqudul Juman, Khotmil Qur’an lan Akhir Sanah Pondok
Pesantren Miftahul ‘Ulum Jogoloyo Demak Bintoro Jawa Tengah, sampun
lumampah lulus raharjo nir ing sambikolo.
Dhumateng sedoyo ingkang sami nyengkuyung adicoro meniko. Kulo
ngaturaken gungeng panuwun tanpo pepindhan. Rahayu ingkang sami
pinanggih.

Wabillahi Taufik Wal Hidayah


Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.

Anda mungkin juga menyukai