Anda di halaman 1dari 2

IKRAR SYAWALAN /UTAWI HALAL BI HALAL

Asyhadu anlaa ilaaha illallah * Wa Asyhadu Anna Muhammadar Rosuulullah* Allaahumma sholli
‘alaa Muhammad Wa ‘alaa Aali Muhammad. Bismillaahirrohmaanirrohiim

KULA SEDAYA WARGA BANI HASAN ABDULLAH INGKANG WONTEN TLATAH JAGADING NEGARI
SAHA SEDAYA INGKANG LENGGAH WONTEN ING PAPAN PALENGGAHAN MENIKA, KANTI
IKHLASING MANAH KAPARANGA NGATURAKEN IKRAR SYAWALAN UTAWI HALAL BI HALAL:

1. ATUR INGKANG SEPINDAH


 DUMATENG INGKANG KALERES SEPUH, AJI SEPUH, SAHA INGKANG KASEPUHAN.
Kula ngaturaken sungkem pangabukti.
 DUMATENG INGKANG KALERES SAK SAMI SAMI. Kula ngaturaken salam ta’lim.
 DUMATENG INGKANG KALERES ENEM. Kula ngaturaken sih katresnan saha do’a
pangestu.
 DUMATENG ALMARHUM – ALMARHUMAH SIMBAH HASAN ABDULAAH SAHA PARA
SEPSEPUH INGKANG SAMPUN KATIMBALAN WONTEN NGARSANIPUN ALLAH UTAWI
SAMPUN WAFAT:
Kula ngaturaken do’a : ALLAAHUMMAGHFIRLAHUM, WARHAMHUM, WA ‘AAFIHIM,
WA’FU ‘ANHUM. ALLAAHUMMA LAA TAHRIMNAA AJRAHUM, WALAA TAFTINNA
BA’DAHUM, WAGHFIRLANAA WA LAHUM. Mugio gusti Allah tansah paring
pangapunten dateng simbah Hasan Abdullah, lan para ahli keluarga ingkang sampun
wafat, mugio tansah paring rahmat, saha paring maaf saking pinten-pinten
kekhilafanipun. Mugio gusti Allah tansah nampi sedaya amal kesaenanipun, mboten
ndadosaken fitnah sak bibaripun katimbalan/seda, lan mugio tansah paring
ampunan maghfirah dateng panjenenganipun almarhum almarhumah simbah Hasan
Abdullah saha anak keturunanipun ingkang sampun seda utawi wafat.
2. ATUR INGKANG KAPING KALIH
KULA PRIBADI LAN SAK KLUARGA NGATURAKEN SUGENG RIYADI ‘IDUL FITRI 1438
H.Kairingan matur “Taqobbalallaahu minnaa wa minkum taqobbal yaa kariim, minal
‘aaidiina wal faa idziin (mugio gusti Allah ingkang maha mulya saget nampi amal kula
saha amal panjengan sedaya, lan mugio andadosaken kita ing ndalem golonganipun
tiang ingkang beja ndonya-beja akherat.
3. ATUR INGKANG KAPING TIGA
Kula lan sedaya keluarga kula, ngaturaken sedaya kalepatan, lampah satindak, wiraos
sak klimah, obah sak klebat, tutur atur pangucap utawi kabar ingkang kirang nuju prana,
ingkang kasengaja saha ingkang taksih kabatin, ingkang sedaya wau mboten pikantuk
idzining agami Islam. Mugi-mugi panjenengan sedaya kersa paring pangapunten
dumateng kula pribadi lan kula sak kluarga.
Kosok wangsulipun bilih panjenengan kagungan kalepatan dumateng kula lan keluarga
kula, kanti ngucap bismillaahirrohmaanirrohiim kula saha keluarga kula kanti lega lila
caos pangapunten sedaya kalepatan panjenengan ingkang tumanduk dumateng kula lan
keluarga kula. Sepindah malih kula lan keluarga kula lega lila caos pangapunten sedaya
kalepatan panjenengan ingkang kasengaja saha ingkang taksih kabatin ingkang
tumanduk dateng kula lan keluarga kula.
4. ATUR KAPING SEKAWAN
Kula ngajak dateng badan kula pribadi lan keluarga saha sedoyo ingkang sami rawuh
wonten ing pepanggihan menika kanti pangajab do’a:
MUGI MUGI GUSTI ALLAH NAMPI AMAL IBADAH KITA, SHIYAM KITA, SHOLAT GANGSAL
WEKDAL SOHO TAROWEH KITA, I’TIKAF KITA, INFAK-SHODAQOH-ZAKAT-WAKAF ,
SILATURROHIIM KITA & SEDAYA KEGIATAN BANI HASAN ABDULLAH DALAH INGKANG
RAWUH WONTEN MAJLIS PUNIKA UTAWI MBOTEN SAGET RAWUH WONTEN ING
KESEMPATAN ADICARA PUNIKA. MUGI MUGI LAMPAH KELUARGA BANI HASAN
ABDULLAH NGANTOS ANAK – PUTU- BUYUT SAHA BRAYAT AGUNG WONTEN TLATAH
PUNDI KEMAWON SAGETO NINDAKAKEN LAN NGRUNGKEPI IMAN-ISLAM-IHSAN LAN
ENGKANG BADE DATENG MUGI MUGI SAGET LANGKUNG SAE KATIMBANG ENGKANG
SAMPUN KALAMPAHAN. MUGI SEDAYA LAMPAH AMAL IBADAH BANI HASAN ABDULLAH
LAN SEDAYA PUTRA WAYAH TERMASUK ENGKANG DERENG KASEBAT WONTEN PUNDI
KE MAWON TANSAH PIKANTUK RIDHANIPUN Allah SWT.
Aamiin Yaa Robbal Aa lamiin.

Ngunut , 29 Juni 2017


05 SYAWAL 1438

Anda mungkin juga menyukai