Anda di halaman 1dari 2

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Salam katur dhumateng sedoyo ingkang sami rawuh


Wabil khusus ingkang satuhu Kawulo hormati ugi takdzhimi ibu kepala sekolah SDI Nurul
Qur'an.
Sedoyo poro guru Ugi staf SDI Nurul Qur'an ugi mboten katalumpen sedoyo rencang - rencang
Kinasih

Pujo puji syukur sumonggo Kito aturaken wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun
lumeberaken sedoyo Rahmat Taufik hidyah inayahipun kagem kito sedoyo , sahinggo wonten
ing dinten puniko Kito saget manunggal sesarengan kapurih mangeti perpisahan ingkang Endah
sanget, pramilo sedoyo kenikmatan meniko sumonggo Kito kalairaken Kanti maqolah
alhamdulillahirobbil Alamin

Sholawat Saha salam mugio tansah katetepno dhumateng Bendoro Kito Kanjeng rosul nabi
Muhammad Saw inggih panjenenganipun ingkang tansah kita antu antu syafaatipun benjang ing
yaumil akhir amin

Sedoyo poro rawuh ingkang minulyo , tanpo ngirangi Raos hurmat Saha tata Trapsilo Kawulo,
kaperenga Kulo kumowantun matur wonten ngarsa panjenengan sedoyo

Ingkang Kaping sepindah , Kito sedoyo ngaturaken matur sembah nuwun tanpo upami kagem
sedoyo poro pandhito utawi guru pendidik ingkang sampun sabar kelawan ati ingkang jembar
kerso ndidik ugi telaten anggene ngajaraken ngelmu dhumateng Kito sedoyo , mboten mikir
jawah mboten mikir seneng mboten mikir susah Kanti Raos ikhlas ngupayaken supadoso sedoyo
Murid dadoso lare ingkang faham cerdas kelawan tujuan supadoso sageto migunani kagem
tiyang sepah Saha negari ,
Mugio Gusti Allah kang maha Kinasih tansah Parung piwales sedoyo keringet tenaga fikiran
bapak ibu Kanti balesan ingkang linangkung sae aamiin

Wonten kasempatan meniko ugi kito sedoyo Saestu pesten kathah luput kekhilafan sedoyo Toto
Trapsilo Tata Bohoso ingkang kirang nengsemaken wonten penggalih bapak ibu guru Saestu
Kito nyuwun sagunging pangaksumo ingkang mawantu wantu , Kito anamung ngarepaken
mugio takseh wonten jembaring manah bapak ibu guru kagem tansah Paring pangaksumo

Kagem adik adik Kito ingkang taksih berjuang sami bibinahu wonten ing SDI Nurul Qur'an, Kito
kakang mbakyu sampean sedoyo , namung badhe nitipaken pesen / wejangan teruso semangato
anggene ngluru ngelmu, Sinau ingkang sregep, ugi mboten kasupen tansah hurmat dhumateng
Bapak ibu guru , hurmat Kanti tumandak i punopo ingkang dados wejangan - wjanganipun
pitutur pituturipun ingkang Saestu Kulo yakin meniko mboten sanes kagem kesaenan Kito
sedoyo
Pungkasan, kagem sedoyo bapak ibu Kito ingkang satuhu Kawulo bekteni Kawulo tresnani ugi
Kawulo banggaaken, matur sembah nuwun .. matur sembah nuwun .. matur sembah nuwun tanpo
upami kelawan sedoyo Raos asih perhatosanipun ugi dhumateng Kito sedoyo , matur sembah
nuwun sampun kerso gulowentah lare Wiwit alit dumugi sakmeniko, sampun kerso andidik
kelawan sedoyo perhatosan ugi pitutur pitutur ingkang Sae sahinggo mercadosaken wonten ing
SDI Nurul Qur'an meniko kagem ngluru ngelmu ingkang Mugi Mugi sageto migunani kagem
kito sedoyo.
Saestu bapak ibu Kito sedoyo mboten saget Paring piwales punopo punopo atas sedoyo
kesaenan - kesaenan panjenengan Mugio Gusti kang maha kuwoso tansah Paring kesihatan
kasempatan kagem kito damel panjenengan sedoyo bangga kelawan kasuksesan aamiin

Purwo madyo Dugi wasono hambok menawi wonten cewet cacating boso Sarto kiranging Toto
trapsilo Saestu Kawulo nyuwun lumunturing sih Samudro pangaksumo

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai