Anda di halaman 1dari 2

Atur pasrah pengantin putri Assalamualaikum wr wb.

Mukadimmah Nuwun dhumateng poro pepunden ingkang tansah kinakbeten , para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah kinurmatan para Alim, para 'Ulama, ingkang tansah maestuti dhumateng darmaning kautamen Panjenenganipun para pangemban pangembating praja ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Soho para rawuh, kakung miwah putri, ingkang minulyo

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana rohmat, barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumonggo dipun ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu humateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin

Inngkang sepisan, kula sarombongan saking .......................................... sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .........(pemangku gati)..............sagung kulawarga,kanthi niat silaturrahmi. Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ........................................ sakulawarga, katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangkugati)......... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing .......(kampung)............ ngriki, saha sedoyo para rawuh , dipun ikroraken kanthi atur Assalamu'alaikum wr.wb.

Kaping tiganipun, Bp/Ibu .................................... ndherek bingah dhumateng panjenenganipun Bp .......(pemangkugati)........sagung kulawarga kepareng mahargya ngundhuh mantu kanthi dipun lajengaken nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang agung, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken agunging panuwun. Dhumateng Panjenenganipun Bp/Ibu ........(pemangkugati).........sakulawarga Bp/Ibu ............................. lumantar kula masrahaken putra temanten kekalih, inggih Mas Bagus ......................... kaliyan Rara ayu ........................ ingkang sampun kaakid-nikahaken dhuk kala~wau/wingi/emben, dinten ........................, surya kaping ........................., wonten ing ................................ , kanthi ra os suka lila legawaning manah, kula pasrahaken sakwetahipun, mugi kepareng katampi, pangajab mugi karengkuha kados putra piyambak, kagulawenthah , sahengga ........(penganten putri).............. menika sagedta netepi jejering wanita ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale griyonipun, Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten keparenga ugi paring pitedah-pitedah, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, nuwun keparenga sabar pamomongipun, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, Allahumma amin. Panjenenganipun para rawuh kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, Dene saparipurnaning pahargyan ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-ing-sambekala dumugi griyo malih. Ingkang pungkasam minangka talanging atur, mbokbilih anggenipun matur saha sowan andadosaken kirang renaning penggalih, estu keparenga dipun apunten. Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai