Anda di halaman 1dari 1

Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa :

Rapat Desa
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Poro bapak, ibu lan LKMD lan poro sederek sedoyo ingkang kulo hormati.
Langkung rumiyen monggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah raos syukur dumateng
ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun sehinggo wakdal
niki saget kempal lan ngerawuhi rapat niki kanthi mboten wonten alangan setunggalin
punopo-punopo. Mugiyo kekempalan dinten niki wonten gino lan manfaatipun. Amiin yaa
Rabbal Aalamiin.
Kados ingkang sampun kito sedoyo sumerapi wakdal niki negari kito ngeleksanaken
pembangunan ngantos sedoyo lapisan masyarakat. Pinten-pinten program pembangunan
saking peme-rintah niku ingkang dipun rencanakaken, antawisipun arupi ; KUD (Koperasi
Unit Desa), Abri Masuk desa, lan koperasi, ugi lintu-lintunipun.
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Lan selajengipun inggih meniko wakdal parek niki deso kito bade angsal sumbangan saking
pemerintah. Milo saking niku kelawan sumbangan kolo wahu manah kito sedoyo raos
bingah, keranten sakderenge ugi dipun paringi sumbangan. Lan kelawan sumbangan niki
berartos deso kito langkung maju malih ing dalem pembangunanipun. Sehinggo penduduk
saget gesang kanthi makmur keranten ingkang dipun perlokaken ing antawisipun arupi
puskesmas ugi bade rampung pembangunanipun. Lan keranten wontenipun pembangunan
puskesmaas wonten ing deso kito niki berartos kito sedoyo selaku penduduk deso meriki
mboten tebih-tebih malih meriksakaken kesehatan nyogoh-nyogoh kito lan ugi kesehatan
kito kiyambak. Lan kito sedoyo selaku penduduk deso mriki, monggo kito sareng-sareng
ngucapaken matur nuwun dumateng pemerintah pusat ingkang purun memperhatosaken
lan nyumbang kito. Lan akhiripun kulo selaku ingkang dados pimpinan deso mriki, nerami
saran ugi masukan ingkang saget maringi pitedah lan lintu-lintunipun.
Poro rawu sedoyo ingkang kulo hormati.
Kulo kinten cekap sambutan kulo ing wakdal rapat dinten niki mugiyo kito sedoyo
mangartosi nopo ingkang sampun kulo sampekaken. Lan beleh wonten kelepatanipun ing
dalem sambutan kulo, milo saking niku kulo pribadi nyuwun agunge pangapunten dumateng
panjenengan sedoyo. Akhirul Kalaam.

Anda mungkin juga menyukai