Anda di halaman 1dari 2

PAMBAGYO

Katur kadang pambiworo, Matrurnuwun awit paringipun wekdal .

Assalamualaikum wr wb.

Salam kawilujengan awit sih wiloso dalem Gusti, mugi tansah kajiwo kasariro dhateng sagung
tamu minulyo, kaluberno dhateng jasad kulo. kulo nuwun.

Poro pepunden sepuh, pinisepuh, lan kasepuhan ingkang kulo bekteni.

Poro pamong pamengku wilayah ingkang dhahad kinurmatan. Poro tamu kakung putri, Langkung
langkung katur dateng Bpk Drs Afendy Hidayat sarimbit garwo sagotrah kulowongsoo ingang
sinubagyo sagunging pakurmatan.

Puji pangalembono,miwah raos syukur kunjuk ing ngarso dalem Allah SWT, awit sedoyo
peparingipun arupi nikmat sehat lan kebagaswarasan, satemah kulo lan penjenengan saget
kempal manunggal ing PAWIWAHAN PRASOJO DHAUPING SRI TEMANTEN SARIMBIT RORO
KIDUNG KINANTHI WIBOWO LAN MAS BAGUS RESTU WISANGGENI, ari kalenggahan puniko.

. Kanthi andhap asoring manah, kulo ingkang tinuding dening keluargo ageng Bpk YUSUF
WIBOWO tyang sekalian, mugi wonten kepareng kulo ngadeg sajejer kinaryo matur minangkani
dhawuhipun, ngaturaken wosing gati kalenggahan siang puniko ngaturi rawuh poro tamu
minulyo.

Sepisan : Sinaoso sawetawis randat keporo kasep, brayat ngaturaken pambagyo kawilujengan
SUGENG rawuh, miwah sugeng lenggah kanthi mardiko.

Jangkep ongko kalih : Ngaturaken genging panuwun ing tanpo pepindhan awit sampun
kapatedhan ningsih kasedu minangkani pamundhutipun brayat, satemah kepareng hanjenengi
pahargyan prasojo ari kalenggahan siang puniko.

Kulowargo Bpk YUSUF WIBOWO hanglenggono budidayaning manungso kirang sampurno, awit
ceweting ARUH, LUNGGUH, SARTO RENGKUH menopodene GUPUH, kirang nujuprono miwah
kirang jumbuh kaliyan kalenggahan jengandiko, mboten ateges ngirangi pakurmatan miwah
kaluhuran rawuhipun. Sedoyo kapurbo dening winatesing kawontenan.

Ewuh semanten KULO BRAYAT mawantu wantu mugi kasekecakno lenggah ngantos
paripurnaning pahargyan SAMANGKE.

Sagung poro tamu ingkang dhahat kinurmatran..

.. wosing gati pahargyan prasojo kalenggahan siang puniko, Bpk YUSUF WIBOWO sekaliyan ibu
caos syukur wonten ngarso dalem Allah SWT awit anggenipun hanetepi darmaning sepuh
dhaupaken putri kinasih pun KIDUNG KINANTHI S H kaliyan putro jalu Bpk Drs Afendy Hidayat
sekaliyan ingkang nomo pun bagus RESTU WISANGGENI S H, sampun kalampah kanthi lestantun,
MBOTEN WONTEN ALANGAN SETUNGGAL PUNOPO. KEKALIHIPUN SAMPUN SEMBODO
HANAPAK ASMANI PUSTOKO PIKUKUHING POLOKRAMI ing dinten puniko …..2022 wanci tabuh
8. Ing KUA KAPANEWON KARANGMOJO. SAK LAJENGIPUN Bpk Yusuf wibowo sekaliyan nyuwun
tambahing donga pamuji mugi anak kulo sekaliyan saget JUMBUH INGKANG GINAYUH, SEMBODO
INGKANG SINEDYO,BASUKI INGKANG KAESTI, SATEMAH SAGET mbangun brayat enggal ingkang
SAMAWA. Allahuma Aamiin..

Awit sedoyo PAMUJI DONGA UGI kesaenan panjenengan kaaturaken genging panuwun,
KELUARGO MBOTEN SAGET CAOS PIWALES MENOPO” mugiyo pikantuk lelintu ingkang satraju
saking ngarso dalem Allah SWT. AAMIN YA ROBBAL ALAMIN. ING SAKMADYANING PASAMUAAN
MBOKBILIH SAMANGKE KADANG MUDHO INGKANG PINIJI HAMAKARYO LELADOS LUMADOSING
PASUGATAN PRASOJO KUNJUK, KASUMABNGGAAKEN HANGRAHAPI KANTHI MARDDIKO,
NGICALAKEN RAOS EWET PERKEWET. KEPARENG BRAYAT DEREAKEN SAKING SANES PAPAN.

Sagung poro tamu minulyo, mekaten lan semanten atur kulo minangkani dhawuh Bpk Yusuf
wibowo sagotrah kulowongso. Ing wusono kasekecakno lenggah kanthi mardiko, nderekaken
lampahing adicoro ngantos paripurno.

Kirang subo sito anggen kulo ngaturaken ingkang singlar ing reh totokrami miwah kasusilan , mugi
kepareng mbedhah tangguling samodro pangabsami.

Wekdal katur kundur, wasalamualaikum wr wb.

Anda mungkin juga menyukai