Anda di halaman 1dari 2

Assalamuala’kum Wr.Wb.

Alhamdulillahi robbil’alamin, washo-latu wassa lamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal


mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in.
Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna
muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah.
Allohumma sholi’ala mukhammad, wa’ala ali mukhammad, amma ba’du.
Dumateng pangarsanipun Para ulama, sesepuh, pinisepuh, poro pangembateng
projo ing RT 03 RW04 lan poro hadirin hadirot sedoyo ingkang kawulo hormati.
Sumangga langkung rumiyen tansah ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsa
dalem Alloh SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng
kita sedaya, sahingga  ing wekdal meniko, dinten Senin Manis suryo 12 September
2022 kula panjenengan sami saged lenggah makempal, manunggal ngrawuhi
menapa ingkang dados hajatepun bapak Moh Djoemaedi sakaluwarga wonten
menika panggenan kanthi wilujeng tanpa satunggal alangan menapa.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dumateng nabi junjungan kita Nabi
Agung Muhammad SAW, para kaluwarga sak keturunanipun, para sahabatipun,
saha penderekipun dumugi yaumil akhir mugi sumrambah dumatheng kula
panjenengan sedaya. Aamiin
Nuwun   sewu dumateng  para rawuh wabil khusus Bapa Alikin dalah keluarga
agengipun. Kula ing mriki minangka sesulih/ wakil saking Bopo Moh Djoemaedi
sekaliyan, kepareng matur wonten ngarsa panjenengan sedoyo, saderengipun
kawulo nyuwun pangapunten ingkah kathah mbok bilih anggen kawulo matur kathah
galap gangsuling atur saha subo seta ingkang mboten trapsilo sepindah malih kulo
nyuwun pangapunten ingkah kathah.
Keparenga matur Ingkang Sepindah
Panjenganipun Bapa saha Ibu Moh Djoemaedi. ngaturaken pambagya wilujeng,
mliginipun dhumateng Bp/Ibu Alikin miwah keluargi agengipun  wonten ing dalem
mriki   perum griya kalisalak asri gg anggrek rt 3 rw 04 kanthi wilujeng nir  ing
sambekala. Mugi-mugi lumantar kerawuhan Panjenengan saget nambahi
kebahagian ,keberkahan lan ugi nambah tali silaturahmi pasederekan engkang luwih
kiyat antawispun keluargi ageng saking wonokerto wetan kabupaten Pekalongan
kelurga ageng ing mriki.  Aamiin YRA. 
 
Kaping kalih
Bapa Moh Djoemaedi saha Ibu Moh Djoemaedi ngrumaosi bilih anggenipun nampi
panjenengan kathah kelepatan, anggenipun nyaosi papan palenggahan, pasugatan 
dalah samubarangipun kathah  kekirangan, sedaya kalawau nyuwun agungeng
samudra pangaksami. 

Kaping tiganipun
menggah salam taklim Bapa Alikin sekalian , Bopo Moh Djoemaedi saha Ibu
sampun katampi, dhawah sami-sami, kanthi atur  “wa'alaikumussalam wr.wb” 
Wondene menggah keplasing sedya panjenengan hamasrahaken utawi
hanglarapaken temanten sarimbit nun inggih Mbak Farochaun Nisa, ingkang
sampun kaleksanan  Ijab Qabul daup kalian Mas Andre Dian Sanubari, kala dinten
Jum”at Pon, suryo 9 September 2022
Bp-Ibu Moh Djoemaedi,  sakulawarga hanampi kanthi suka gumbiraning
manah.
 
Panyuwunipun Bp-Ibu Moh Djoemaedi  dalasan kulawarga, mugi panjenengan
sedaya kepareng paring donga pangestu dhumateng putra temanten kekalih. Kanthi
pangajab mugi temanten kekalih ingkang badhe nggebyur-lelumban wonten
madyaning bebrayan agung, tansah manggih bagyo mulya, dados kulowargo
ingkang Sakinah, ma waddah, wa rohmah, sumrambah ing samudayanipun.
Aamiin ya Robbal ‘aalamiin.
 
Ing wasana, mbok-bilih anggen kula matur, saha hanampi, saha hanglenggahaken
panjenengan sedaya mboten ngrenani ing penggalih, kula mawantu-wantu nyuwun
agenging samodra pangaksami.
Pungkasanipun , sumonggo kita adedongo mugi-mugi  menopo-menopo ingkang
dipun cita-citakan khususnya temanten  sarimbet  lan ugi kito sedoyo dipun
kabulaken deneng  Allah SWT, monggo kita kito lantari kanthi waosan suroh 
Alfaatehah....
.......................................................................................................................................
..............................................................................................................................
Billahi Taufiq wal hidayah wa Ridho wal Inayah wal afwu minkum
Wassalamu'alaikum Wr Wb.

Anda mungkin juga menyukai