Anda di halaman 1dari 1

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

ُ‫ َوَأ ْشهَ ُد َأ َّن ُم َح َّمدًا َع ْب ُده‬،‫اح ُد ْالقَهَّاُر‬


ِ ‫ َأ ْشهَ ُد َأ ْن الَ ِإلَهَ ِإالَّ هللاُ اَ ْل َو‬.‫ فَا ْنتَهُوْ ا َع َّما نَهَى َع ْنهُ َو َح َّذ َر‬،‫اَ ْل َح ْم ُد هَّلِل ِ َح ْمدًا َكثِ ْيرًا َك َما َأ َم َر‬
‫ َأ َّما بَ ْعدُ؛‬.‫ث َوالنُّ ُشوْ ِر‬ ِ ‫صحْ بِ ِه َو َم ْن تَبِ َع هُدَاهُ ِإلَى يَوْ ِم ْالبَ ْع‬ َ ‫ات هللاِ َو َسالَ ُمهُ َعلَ ْي ِه َو َعلَى آلِ ِه َو‬ ُ ‫صلَ َو‬َ َ‫ ف‬.‫ار‬ ِ ‫َو َرسُوْ لُهُ َسيِّ ُد اَْأل ْب َر‬

Hadirin ingkang kinurmatan

Wonten kesempatan meniko, monggolah sesarengan ngunjukaken syukur maring Allah


SWT ingkang sampun maringi katah kenikmatan sehinggo kito saget makempal ing acara
peringatan tahun baru Hijriyah wonten aula puniko kanti sae. Sholawat lan salam monggo
kito aturaken dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW ingkang kawulo lan panjenengan
sami ajeng-ajeng syafatipun benjang wonten dinten kiyamat. Amin.

Bapak soho Ibu ingkang kawulo hormati

Sekedap malih kito bade kedatengan tahun ingkang enggal, inggih puniko tahun 1445
Hijriyah. Tahun hijriyah sak meniko sampun mendekati akhir tahun. Lan dilanjutaken
tahun enggal ingkang permulaanipun tanggal 1 Muharram.

Tambahipun tahun meniko sanes tambahing umur kito, ananging sakbalike umur kito sang
soyo berkurang. Mulo kito kedah ngginaaken sisa umur kito meniko kangge kabecikan.
Lan kito kedah syukur maring gusti Allah ingkang sampun maringi kito umur ngantos sak
meniko. Sebab kado dawuhipun kanjeng nabi bilih sak bagus-bagusipun manungso inggih
puniko tiyang ingkang umuripun dowo ananging kangge kabecikan, sak elek-elekipun
manungso inggih puniko tiyang ingkang umuripun dowo ananging kanggo kaolonan.

Hadirin ingkang dirahmati Allah ta'ala

Kelawan peringatan meniko, mugiyo saget ningkataken keimanan lan ketaqwaan kito
dumateng Allah SWT. Lan kito kedah saget instrospeksi dumateng pribadi masing-masing
menopo ingkang sampun dilampahi wonten ing tahun sak derengipun supados tahun
ingkang enggal puniko urip kito saget luwih apik.

Menikolah ingkang saget kawulo aturaken, mugi manfaat.

Wassalamu’aalaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai