Anda di halaman 1dari 2

Katur kadang panuntuning acoro, maturnuwun paringipun wekdal.

Assalamualaikum wrwb.

Puji pangalembono syukur kunjuk wonten ngarso dalem Gusti, nenggih sangyang pratiwi, mugi
rahmad tansah mulat memayungi yuananing sangyo poro umat kang taat manembah mring kiblat,
miwah hanetepi syareat kang wus sinerat dening gusti kang murbeing jagat. mugi sih wilasaning
Gusti gung ,sumber Agung, ingkang nyumberi sumbering agesang, tansah kajiwo kasariro wonten
ngarso jengandiko, kaluberno dhateng pribadi kulo.nuwun kulo nuwun.

Ametsewu katur poro kasepuhan sedoyo, Bpk ibu pamong pemerintah, lan poro tamu ingkang
mboten saget kapiji piji, ingkang tansah kulo hormati.

Mligi katur dhateng imgkang winantu ing pakurmatan Bpk Drs Afendy Hidayat miwah ibu, lan
sedoyo Bpk ibu baroyogung pangombyong temanten kakung saking padhukuhan … wewengkon
kapanewon Karangmojo.

Kepareng tanggap atur, sabdo gati pasrahipun temanten kakung dening Ibu LARAS SUGESTI
pinongko duto saroyo keluargo ageng Bpk Drs Afendy Hidayat saerimbit Garwo.

Sepisan : Salam taklim ingkang katur dhateng brayat Bpk YUSUF WIBOWO minggahipun dhateng
poro kasepuhan, tinampi kanthi lumahing asto katetepno ing jojo dhawaho sami sami, kairing lafal
kawilujengan WASALAMUALAIKUM WR WB.

PANGAYUBAYO, lan pamuji donga pangestu keluargo ageng Bpk Drs AFENDY HIDAYAT sarimbit
lumantar duto saroyo piniji, inggih ibu LARAS SUGESTI awit dhaupipun putro temanten, saestu
mujudaken pakurmatan ingkang agung dhateng brayat, ndadosaken bombong birawaning
Galih ,mugi hanambahi doyo kekiyatan ugi kangge putro temanten anggenipun miwiti baitaning
patembayatan.

Poro tamu minulyo, .. prasrahipun bagus RESTU WISANGGENI dhateng brayat saestu katampi
kanthi suko bingah,badhe kawengku kados dene anak kulo piyambak. Sampun dados kwajiban
kulo , putro kekalih sak saget” kagulowenthah sesarengan mrih tinuntun reh ing kautaman.
Satemah sembodo mbangun brayan enggal ingkang guyub rukun kebak ing kabingahan lan
katentreman. Ugi sumrambah dhateng keluargo, kanthi pangajab ugi lumantar dhaupipun
sriadmojo temanten, sarimbit ndadosno rumaketing kekadangan antawisipun kekalih keluarga.
Aamiin.

Poro kadang pangombyong besan sutrisno … mbokbilih samangke pahargyan sampun paripurno,
dene ibu LARAS SUGESTI pinongko cundhakaning atur keluargo ageng Bpk Drs AFENDY HIDAYAT
kepareng nyuwun pamit, saestu tebih saking raos panundhung keluarga namung saget
ngaturaken maturnuwun awit rawuhipun, langkung” paringipun berkah pangestu lan donga
pamuji tumuju dhateng temanten sarimbit , sak kunduripun saking papan meniko dumugi dalem
mugiyo tinebihno saking pringgobayaning margi, pinanggih keluarga ing dalem kanthi kebak ing
kawilujengan. Amiin.

Kathah kalepatan atur, lan kirang nujuprono nyuwun pangapunten. Wekdal katur kundur.
Wasalamualaikum wr wb.

Anda mungkin juga menyukai