Anda di halaman 1dari 1

AssalamualaikumWr.

Wb
Alhamdulillahi adhab ‘anal hazan Ina robbana laghofurunsyakur
Asyhadualla illa haillallah wa asy hadu anna muhammdarrosullullahAma ba’du
Wonten pangarsanipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo hormati
Panjenenganipun Bapak …(OT putri) ingkang kulo bekteni.
Kawulo minangka wakil saking keluarga Kebumen Ibu Xxxxxxxx
Ingkang sepindah ngaturaken sewu syukur Alkhamdulillah dumateng gusti ingkang adamel
gesang,saking pinten-pinten nikmatipun,saenggo kawulo sak rombongan saged marak sowan ing
dalemipun Bapak …………(OT putri) kanti mboten manggih alangan satunggalpunapa.
Ingkang Kaping kalihipunIbu Xxxxxxxx ngaturaken salam taklimipunkonjuk dumatengBapak
………(OT putri) sakeluarga,kanti puja puji mugi bapak ……..……sekeluargotansah
pinaringanberkah rahmating gusti,sukorahayu ingkangsami pinanggih.
Kaping tiganipun kawulo ingkang tinanggenah ngaturaken lamaran,bade anglamar putra
putrinipun Bapak ………..…ingkang peparap ………….…….,sagedo sakmangke keparengo
badhe kadhaupaken kaliyan adik kawulo ………….ingkang peparap …………….Minangka
kagem kekancingan lamaran punika Ibu Xxxxxxxx ngaturaken talining katresnan,sinaosa mboten
wonten ajinipun,mugio saged katampi kanti renaning penggalih
Menggah mekaten ingkang saget kawulo aturaken,Ibu Xxxxxxxx sakulowargo saestu estu
nenuwun mugi-mugi lamaran punika saget katampi ing keluarga Bapak …… kanti suko renaning
penggalih,ngengeti pun lare kekalih sampun sakwetawis wekdal anggenipun sesambungan.
Ing wasana mbok bilih anggen kawulo matur ing ngarsa jengandika kirang trapsila,kirang
subasita,kirang runtutipun atur,amargi kawulo tiyang jawa saestu-estu sampun ilang jawanipun
kawulo nyuwun agungingsamodrapangaksama.
Wss.Wr.Wb.j

Anda mungkin juga menyukai