Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr.

Wb

Alhamdulillahi adhab ‘anal hazan Inarobbana laghofurunsyakur


Asyhadualla illa haillallah wa asy hadu anna muhammdarrosullullahAma ba’du
Wonten pangarsanipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo hormati
Panjenenganipun Bapak Atmaja ingkang kulo bekteni.
Kawulo minangka wakil saking keluarga Purwokerto,Bapak widyasto
Ingkang sepindah ngaturaken sewu syukur Alkhamdulillah dumateng gusti ingkang adamel
gesang,saking pinten-pinten nikmatipun,saenggo kawulo sak rombongan saged marak sowan ing
dalemipun Bapak Atmaja kanti mboten manggih alangan satunggalpunapa.
Ingkang Kaping kalihipun Bapak widyasto ngaturaken salam taklimipun konjuk dumateng
Bapak Atmaja sakeluarga,kanti puja puji mugi Bapak Atmaja sekeluargo tansah pinaringanberkah
rahmating gusti,sukorahayu ingkangsami pinanggih.
Sakterasipun kawulo ingkang kadapuk dados talang atur Bapak Widyasto keparengo matur
punopa ingkang dados intinipun kawulo marak sowan ,ingkang sepindah inggih puniko
silaturahim ,mugio lantaran silaturahim saged ndadosaken raketing paseduluran antar kalih
keluargo wonten mriki punopo sakterasipun ,kaping kalihipun,mengingat adik kawulo inggih
Priyanto,ketingalipun sampun radi dangu anggenipun sesrawungan kaliyan putro putrinipun
Bapak Atmaja, ingkang asma Vitania, padahal tiyang kekalih insya alloh sampun sami
dewasa,supados saged melangkah langkung sampurno menurut babagan agama, kawulo minngka
talang atur keparengo bade ngaturaken lamaran, anglamar putrinipun Bapak Atmaja ingkang
peparap Bungsu,sagedo sakmangke keparengo badhe kadhaupaken kaliyan adik kawulo
puniko.Dene minangka kagem kekancingan lamaran punika Bapak Widyasto ngaturaken sekedar
talining katresnan,sinaosa mboten wonten ajinipun,mugio saged katampi kanti renaning penggalih
Menggah mekaten ingkang saget kawulo aturaken,Bapak Widyasto sakulowargo saestu estu
nenuwun mugi-mugi lamaran punika saget katampi ing keluarga Bapak Atmaja kanti suko
renaning penggalih,ngengeti pun lare kekalih sampun sakwetawis wekdal anggenipun
sesambungan.
Ing wasana mbok bilih anggen kawulo matur ing ngarsa jengandika kirang trapsila,kirang
subasita,kirang runtutipun atur,amargi kawulo tiyang jawa saestu-estu sampun ilang jawanipun
kawulo nyuwun agunging samodra pangaksama.

Wassalamualaikum Wr.Wb
TUGAS BAHASA JAWA

Membuat Sambutan Acara Penganten Jawa


"Lamaran"

Nama : Laelan Farih Aoladi


Kelas : XII TKR B
No : 28

SMK MA' ARIF NU 1 AJIBARANG

Anda mungkin juga menyukai