Anda di halaman 1dari 4

[20/6 18.

45] Komandan: Pidato Penyerahan Pengantin Memakai Bahasa Jawa

Yanto Cungkup

Pidato Penyerahan Pengantin Memakai Bahasa Jawa. bagi sebagian kalangan, membuat naskah ceramah
bahasa jawa itu ibarat membalikan telapak tangan. tapi bagi pemula seperti penulis ini bisa pusing tujuh
keliling apalagi yang memakai bahasa jawa. untunglah admin punya kawan yang pandai berpidato
dengan bahasa jawa, dan kini wongcungkup mau membagikan pengalaman membuat naskah pidato
berbahasa jawa kepada sobat semua.

baca juga:contoh undangan walimatul ursy memakai bahasa jawa

ok langsung ke TKP:

Assalamu alaikum wr.wb.

bismillah hirohman nirrohim,Alhamdulillah hirobbil alamina wakhafa,wassolatu wassalamu ala sayidina


muhammadinil mustofa,waala alihi wa askhabihi ahli sidqi walwafa ama bakdu

Dumateng poro alim poro ulama ingkang tuhu kinakbetendumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi
sepuh ingkang tuhu kinormatan

kususon dumateng sohibul hajah ingkang kawulo hormati

wabil khusus dumateng temanten kekaleh ingkang berbahagia.

Sa’derengipun monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang
sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan panjenengan sami, sahingga kulo lan
panjenengan sami saget pepanggihan,saget bertatap muka wonten ing majlis puniko,kanti rahayu
wilujeng.saperlu angrawuhi undangan walimatul arus.mugi-mugi pepanggihan kulo lan panjenengan
sami saget mbeto manfaat,kususipun dateng temanten kekalih lan umumipun dateng kulo panjenengan
sami
Ingkang kaping kalihipun solawat soho salam ,allohuma soli ala sayidina Muhammad monggo tansah
kunjuk dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW nabi pungkasan ingkang kito antu-antu
syafaatipun benjang ing dinten Qiamat. Amiin

Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan !

saklajengipun kawulo ngaturaken agunging panuwun dumateng sederek pranoto acoro ingkang sampun
paring wekdal dumateng kulo, mugi-mugi wekdal meniko saget kulo gunaaken ingkang sa’sahe-
sahenipun.

Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil konco pengantin.ngaturaken agunge panuwun
dumateng Shohibul kajah ingkang sampun nampi kulo sakonco kanti lemahing penggalih,sampun
nyediaaken papan pinara’an, shoho dedaharan lan unjukan ingkang kados mekaten mewahipun, wonten
ing mriki kawulo atas nami konco pengantin, mboten saget mbales penghormatan meniko kejawi
namung saget dungaaken dateng Shohibul kajah sekeluarga Mugi-mugi penghormatan meniko andadoso
amal sholehipun ingkang ditrimo dening Allah, shoho dipun bales kanthi balesan ingkang sakkatah-
katahipun.

Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan

selajengipun, wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking walinipun pengantin putri inggih puniko
Bapak……. saking dusun ……… kawulo nampi Amanat saking Bapak ……., ingkang supadoso masrahaken
temanten putri ingkang Asma ………, dumateng bapak …….. mriki minongko tiyang sepuhipun temanten
kakung. Pramilo saking meniko kanthi ucapan “Bismilah” temanten putri meniko kulo pasrahaken
dumateng Bapak ….. mriki, kanti pasrah bongko’an tegesipun inggih kados mekaten meniko
kawontenanipun. Dene wonten kekirangipun sangking segi nopokemawon, , kawulo suwun Bapak
Shohibul hajah mriki kususipun, lan sedoyo keluarga soho masyarakat mriki umumipun kersoho paring
bimbingan soho tuntunan, kados pundi amrih saget sahenipun.

Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan !


Ingkang terakhir kawulo ugi atas nami wakil saking konco pengantin bilih acara mangke sampun
paripurno, kawulo sa’rombongan, ugi nyuwun pamit sepindah, soho nyuwun tambahipun do’a Mugi2
kulo sa’rombongan wangsul saking dalem mriki, tumuju dateng griyanipun piyambak, tansah dipun
paringi slamet, wilujeng, boten wonten alangan setunggal punopo. Amiin.

sa’derengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking konco temanten, kulo nyuwun agunging
pangapunten,mbokbilih wonten tingkah tanduk, trap susilo ingkang kirang nyocoki dateng
panggalehipun Shohibul kajah mriki sakeluarga. Shoho kangge kulo pribadi sedoyo kesalahan awal
ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun.

Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu ala

[20/6 18.49] Komandan: Pidato Bahasa Jawa Singkat : ATUR PASRAHAN PANGANTEN

April 6, 2013 – by admin 0

Bagi yang membutuhkan contoh pidato untuk bahasa jawa namun singkat, padat dan jelas, pidato
dengan judul ATUR PASRAHAN PANGANTEN bisa dijadikan rujukan…

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang kinurmatan.

Panjenenganipun Bapak………………………..(besan) ingkang dahat kula bekteni.

Kula minangka tetalanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bapak………………..(ingkang mengku


damel) kekalih. ingkang sepisan : ngaturaken salam taklimipun mugi kunjuk dhumateng
bapak…………………(besan) sekaliyan, kanthi pepuji mugi-mugi Bapak saha ibu…………….(besan)
sakaluwarga tansah

pinaringan berkah rahmating Pangeran saha suka rahayu ingkang sami pinanggih.
Kaping kalihipun : kula ugi tinanggenah masrahaken atmaja-nipun inggih Sri panganten kakung ingkang
peparap bagus Kanthi panyuwunan mugi kaparenga kadhaupaken kaliyan pun rara……………….putra
putrinipun Bapak………………….(besan).

Kaping tiganipun: saderengipun calon panganten kula pasra-haken wonten ing ngarsa panjenengan, kula
ngaturaken sesanti puja-

puji pudyastuti ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi,

mugi-mugi upacara …………………. sageda kalampahan kanthi

wilujeng kalis ing sambekala.

Ing samangke calon panganten kula pasrahaken ing panjene-ngan, selajengipun sadaya kula
sumanggakaken masa borong panjenengan.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur saha mbok bilih
wonten kirangi suba sita, tandhang-tandhuk tuwin tata krami, kula nyuwun pangaksama.

Akhirulkalam billahit taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun!

Anda mungkin juga menyukai