Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum wr.

wb
Bapak2 ibu2 lan sederek2 takjiin sedaya ingkang kawula hormati, sepindah mangga
kita ngunjukaken rasa syukur dumateng ngarsanipun gusti ingkang maha agung
Allah SWT kanthi ucapan Alhamdulillah hirabil alamin. dene menapa ngantos sak
menika kita tesih pinaringan sehat wal afiat lan pinten2 kanikmatan sanesipun
saengga kita saged ngrawuhi caos pakurmatan dumateng almarhum eyang rangga
warsita. Ing pangajab kanthi rasa syukur menika Allah SWT tansah nambah2
kanikmatan dumateng kita sedaya.
Kaping kalihipun inggih menika mangga kita atur salawat lan salam, kunjuk
dumatheng Nabi Agung Muhammad SAW sak garwa putra, sahabat-sahabat lan
para pendherekipun ingkang tansah mituhu. Kanthi pangajab mugi ing yaumil
kiamah kita pikantuk syafaatipun.
Bapak Ibu lan takjiin sedaya, ing mriki kula minangka sesuluhipun bapak suratman
sakbrayat sepindah ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindan atas
karawuhan takjiin sedaya. Mugi2 amal kesaenan penjenengan sedaya menika dipun
catet deneng Allah SWT minangka amal ibadah.
Bapak ibu lan takjiin sedaya eyang rangga warsita sampun sawetawis medal
nandang gerah, kulawarga sejatosipun sampun ngupaya tamba nanging gusti Allah
ngersaaken, eyang rangga warsita tinimbalan kala wau dalu dinten senin tanggal 1
agustus taubn 2013 jangkep yuswa 81 taun. Kanthi nilar garwa 1 putra 3 wayah 7.
Bapak ibu lan takjiin sedaya kula nyuwun paseksen panjenengan rikala sugengipun
eyang rangga warsita meningka ngrungkepi agama islam napa sanes?...
(ISLAM!!!!!). saklajengipun rikala segengipun tabiyatipun sae menapa awon?....
(SAE!!!)
Bapak ibu lan takjiin sedaya mbok bilih rikala sugengipun eyang rangga warsita
kagungan kalepatan dumateng bapak ibu keluarga nyuwunaken gunging samudra
pangaksami, lan mbok bilih kagungan sesambetan arupi utang piutang lan sak
pinunggalanipun dumateng bapak ibu sedaya, mbok bilih wonten renaning
penggalih sageta dipun ikhlasaken. Nanging menawi mboten saged, bapak ibu
sedaya dipun aturi sesambetan kaliyan keluarga. Supados mboten dados reribet
arwahipun eyang rangga warsita anggenipun marak sowan wonten ngersanipun
gusti Allah SWT.
Bapak ibu lan takjiin sedaya ing mriki bapak suratman sekeluarga nyuwun gunging
pangapunten mbok bilih wonten kekirangan-kekirangan arupi menapa kemawon
dumateng bapak ibu sedaya.
Bapak ibu lan takjiin sedaya jenasahipun eyang rangga warsita badhe kasarekaken
dumateng pemakaman umum dusun lirbaya, dumateng bapak ibu ingkang

mirunggan ing wekdal sageda nderekaken ngantos dumugi makam, dene ingkang
mboten pihak keluarga naming saged maturaken gunging panuwun dumateng
bapak ibu.
Wasana cekap semanten atur kula mbok bilih wonten kekiranganipun kula
minangka pribadi nyuwun gunging samudra pangaksami dumateng bapak ibu
sedaya.
Cekap semanten
Wassalamualaikum wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai