Anda di halaman 1dari 3

Alief/Fuzail *(coret yang tidak perlu

Pranadya 1 (kedatangan pengantin putra)


Geteeeer pater kaya ana teja kang manter, horek sanjawineng sasana pahargya bebasan
sorak hambata rubuh swarane. awit kena pangaribawane risang temanten kakung
ingkang ketingal agung, ageng lan wibawa. Temanten kakung lamun cinandra bebasan
kurang candra luwih warna, dasar pekik ing warna, dedek pidheksa pangawak pradata.
langkun-langkung sinasaban busana kang tinaretes benang kencana, sumunar agilar-
gilar nanging datan hambelerengi. Saya malih hangagem dhestar hangemba nata tan ana
kan kuciwa.Dampyak-dampyak para kadang kaliyan warga wandana alur selur ndalidir
tan ana pedhote ingkang samya kangayap hambayangkara tindakipun temanten priya.
Wus ndungkap unggyan kang tinuju, gya lumadi laksitaning adicara pasrah tampa.
(kedatangan pengantin putri)
Binarung swaraning pradangga munya hangrangin, Hambabar Ketawang
sekarteja/Puspawarna. Kaya ganda hangambar arum katiuping samirana manda.
Kawistingal jengkaring temanten putri mijil saking panti busana. Panti ateges papan
busana ageman, mijil saking panti busana ateges miyos saking papan ageman nedya
sumarak wonten ngarsanipun para tamu manjing ing salebeting sasana pahargya.
penganten putri hangagem busana kang sarwaretna hangemba busananing garwa nata.
Katon pating galebyar pating pancurat, lamun rinumpaka ing ukara yayah stleh prenah
Hangagem puspita rinonco ingkang ukeltra kasamptraken ing pamidhangan kanan,
lamun katiyuping samirana kongas gandane hangegi sajroning sasana pahargya. Endaah
edining busana hangimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamun cinandra ical sipating
jalma sawantah pan yayah Bathari Ratih ngeja wantah.
(panggih/temon)
Reeep tidhem premanem, datan ana sabawane walang salisik, bebasan gegodhongan tan
ebah awit samiran tan lumampah, kang kapyarsa amung swaranya pradangga lokananta
ingkang munya ing sasana wiwaha, senadyan hamung lumantar swaraning pita swara.
Awit sedaya kalawau kena pangaribawane kang samya binoja krama. Tuhu wes pinesti
ana titahing Gusti ingkang asipat jalu lan wanita ingkang nedya ngancik ing ngalam
madya hanenggih sambut stlaning akramanulya kumlawe astane temanten putri sarwi
hambalang gantal mring temanten priya kang winastan Gondhang Kasih Datan saranta
temanten kakung gya amales hambalang gantalmring temanten putri kang winastan
Gondhang tutur.
Panyandra 2 (gantalan )
Dene kula panjenengan sampun sumadya maring pangandikan, bilih suminten
kanginipun wus uwong adi lan wus ngerti, sakumaha kanginipun manah dening
pangandikan. Ing jagad kang alit iki, samodra kula panjenengan ngrasakaké pengetan
kang lumrah, kang kekuwa lan kantyep. Lan ing jagad kang adigang, manah
panyenengane ing alam dunya. Kula lan pangandikan, samodra lan sagara, pancén
ngaturaken pamujyanku kang ratu, kangginipun kersaning Gusti Allah. Mugi Gusti
Alief/Fuzail *(coret yang tidak perlu

Allah murbèk pangandikan kanggé sagunging kantyep lan kekuwa. Mugi Gusti Allah
murbèk, mugi sakderengé kanginipun dhuhur ing sagara lan samodra. Amiin.
Panyandra 3 (midhak tigan)
Kawistara kanang antiga tiapak padha pecah sanalika deningtemanten kakung, bpunika
asung pralampita bilih temanten kakung calon dados lantaraning tuwuh/wiji ingkang
suci, pratima bangkit tata jalma, putra kinarya tetalining akrama
Panyandra 4 (Ngumbah Suku)
Tanggap temanten putri gita-gita hanjengku mring pepadhaning keng raka, sarwt
sumembah sarta hamiji pepadhaning ingkang garwa
Panyandra 5 (Sinduran )
Titipurna adicara panggih, tumuli lumadi adicara sinduran, kawistara temanten kekalih
sinengepan sindur Ingkang kaaturaken dening ingkang Ibu.tanggapin sasmita ingkang
Bapa gita-gita angasta poncoting sindur tumuli hanganthi putra temanten kekalth
tumuju ing kurst palakramt. Kawuryaaan alon-alon tindhake lan banget pangati-atine
ingkang Bapa tuwin Ibu hanganthi putra temanten sekaliyan tumuju unggyan kang
tinuju. Punika asung pralampita dhumateng kang binoja krama, mugi-mugi anggenipun
nepust jangkaning agesang mangun brayat anyar, tansah kebak ing pangati-ati, datan
grusa-grusu mundhak kesluru, tan milik barang kang elok jalaran keselak muluk.
Panyandra 6 (dulangan lan ngunjuk tirta)
Sarta, ing panyandra iki, kula lan pangandikan bakal njunjukaken tirta saka telung
prasaja, ing silih tunggil telung sajroning dhalangan kang mugi-mugi dadi pangatepen
kasedhengan lan kemakmuran kanggo sami. Panyandra iki dumugi ingkang arupi
dhalangan kersaning Gusti Allah, sarta mugi-mugi wuwuseng kaslametan dumateng
sami.
Panyandra 7 (Kacar Kucur)
Kacariyos dupi wus ngancik ing titi laksono, penganten kakung daya daya jumeneng
ngasto tilam lampus, ingkang isi wos kapuroto jowo kethos polowijo sekar ponco warno
miwah arto receh, kasuntak ing pangkoning kang garwo, katadahan katampi mawi
sindur ingkang awarni rekto Guno tompo koyo kyai ambarsejati nenggih risang
pinanganten kakung paring guna koyo mring nyai ambarsejati nenggih risang
pinanganten putri, guno tompo koyo pralambang tanggel jawabing priyo dumateng
wanita. Minongko tetunggaling kulawargo darbe tanggel jawab nyekapi sandang, baga
ing kulawarga, tanpa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, won jenar, arto
pralambanging boga, wastra, miwah hartaka, mugi risang panganten ing tembe
kacekapan sandang baga. Syukur bage pinaringan kesugihan, lamun pinaringan
kesugihan sageda lumeber mring para kadang sentana tangga tepalih. Asiling tonpo
koyo laju katitipaken mring wanodyo kang pinitados rumekso kawidagdaning tanpo
Alief/Fuzail *(coret yang tidak perlu

koyo nun inggih ingkang ibu. Purna nitipaken tonpo koyo, pinanganten sarimbit
wangsul ing sasana sakawit, nenggih sasana palengahanira nenggih dampar rinengga.
Panyandra 8 (Bobot Timbang)
Jangkeping adicoro panggihing risang putro tinemanten sarimbit kalajengaken adicoro
bobot timbang. Penganten kekalih kapangku dening kang romo kanthi astho kekelih,
karangkulaken ing pamidhanganipun tementen sekaliyan,Sineksenan dening ingkang
ibu miwah poro- poro ingkang humiyat, punopo malih poro sepuh ingkang mahambeg
dharmo, prasemonipun bilih romo ibu kekalih sampun satraju mengestoni, lan
jumurung puji hastawanipun dhateng dhaupipun temanten sekaliyan, kanthi sampun
mboten badhe emban cindhe emban siladan, anggenipun angrengkuh dhumateng putro
temanten sekaliyan, putro kekalih karengkuh kados yugo piyambak, mboten wonten
pundi ingkang sinebat putro mantu sadoyo kaanggep sami
Panyandra 9 (Sungkeman)
Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang garwa
sumarak wonten ing ngarsanipun ingkang Bapa tuwin Ibu,tumuli sumungkem lan
ngabekti nyuwun idi pangestu anggenipun palakrama mugi tansah manggih bagya
mulya,saget langgeng dumugi salami-laminya. Bekti dhumateng ingkang Rama labet
enget bilih ingkang rama wus sembada ngfukir jiwaraga dadya lantaraning tuwuh.
Parandene sumungkem dumateng ingkang ibu labet enget bilih ingkang Ibu wus kinarya
papanig yoga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta hanglelithing wiwit alit
dumugi akir dewasa,bebasan cilik digedhek.ke,bodho kapinterake. Brool kanang waspa
ingkang mijil saking anggenira temanten kekalih,tumibeng ing pangkone ingkang rama
lan ibu kadya mutiara kang rinonce. kaladuk.e kang ngrumpaka basa bebasan banjir luh
sarah waspa sajroning sasana rinengga.

Anda mungkin juga menyukai