Anda di halaman 1dari 2

Materi Geguritan

Author: Unknown |  13:55 |  2 Comments | 

Pengertian Geguritan (Puisi Jawa):


Miturut bausastra Jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang, ananging guru gatra,
guru wilangan lan guru lagune ora ajeg. Geguritan kagolong karya sastra tulis. Tembung geguritan
asale saka tembung "gurit". Gurit tegese kidung utawa tembang tulisan awujud tatahan kanthi paugeran
tartamtu. Nggurit tegese ngarang tembang, kidung utawa rerepen.
Sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku:
1. Wicara: pocapan
2. Wirama: irama/lagu
3. Wiraga: solahe raga, pasemon
4. Wirasa: pangrasa    

Geguritan saiki wis ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis ana pangaribawaning jaman, saengga
geguritan saiki wis beda karo giritan jaman biyen, tegese wis mardika. Titikane guritan yaiku ora
kawengku ing pathokan, migunakake tembung-tembung kang pinilih, cacahe larik ora katemtokake,
sajak pungkasane bebas mardika, ora nggunakake basa padinan, arng-arang nggunakake tembung
pangiket, migunakake tembung kawi, isine mentes, lan migunakake purwakanthi basa, swara lan
sastra. 

Pituduh carane gawe geguritan:      


1. nemtokake tema
2. milih tetembungan kang mentes, endah lan cekak, 
3. paramasatra
4. menehi irah-irahan kang jumbuh karo isine geguritan,

Guritan iku dibedakake dadi 2, yaiku :


1. Geguritan Gagrag Kuna/Lawas
Titikane/pathokane:
1. cacahing gatrane ora ajeg, nanging sethitike papat
2. cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe
3. tibaning swara (guru lagune) kudu runtut
4. sangarepe geguritan, diwiwiti nganggo tembung "sun nggegurit" 

Tuladha:
sun nggegurit:
Kahanan zaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi zaman nguni
Srawunge sarwa ngati-ati
Yen manut wasiting kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusanane tibeng bapa. 
 2. Geguritan Gagrag Anyar

Dene geguritan utawa guritan anyar nduweni pathokan :


1. Tembung-tembunge pilihan
2. Isine mentes 
3. Cacahe gatra/larikan ora katemtokake
4. Arang nganggo tembung salugune/denotasi
5. Akeh nganggo tembung kiasan/konotasi
6. Ora nganggo tembung sun gegurit
Tuladha:
RA MOKAL
Ra mokal yen bocah-bocah takon aku
Pak, angka jawa nggo ngetung apa
Apa bisa dak nggo bakulan ula
Apa bisa dak nggo tamba lara
Lha yen pasar wis nganggo kalkulator
pak dhokter wis sarwa komputer
Dititul thet dadi mesin jet
Diuntir-untir dadine nuklir
Nganti ambune kiyamat wis krasa cedhak
Katon tombole ing pangkalan-pangkalan
Lan aku isih kok pleter carakaan
Apa aku bisa balapan
Le, thole
Basa Jawa ra bisa dienggo golek bojo
Angka Jawa ateges etung-etungan
Ngeleluri satra Jawa ora ateges dodolan kewan
Kuwi sawijining kabudayan
Yen copot ateges awakmu ora kathokaan.
Latihan soal:
1. Apa irah-irahan geguritan ing dhuwur?
2. Apa temane geguritan kasebut?
3. Nggunakake ragam basa apa ing geguritan iku?
4. Tulisna amanat kang kinandhut ing geguritan kasebut?
5. Terangna isine geguritan iku nganngo basamu dhewe sing penting cetha!

Anda mungkin juga menyukai