Anda di halaman 1dari 1

ARTIKEL

1. Pangertosan Artikel
Artikel inggih menika satunggaling karya jurnalistik ingkang wosipun gudhari
satunggaling prekawis ing masarakat. Karya menika kaserat dening para ahli, para freelance
(tiyang ingkang asring nyerat ing medhia nanging boten kaiket medhianipun), saged ugi para
wartawan. Anggenipun mahyakaken gagasan langkung kathah subjektifitas utawi seserepan
saha pengalaman panyeratipun piyambak. Karya jurnalistik jenis menika ing ariwarti
lumrahipun mlebet wonten kolom artikel /opini. Umpaminipun artikel bab: pralambang
kabudayan, upacara adat, kesenian, lsp.
2. Jinising seratan
a. Cariyos (narasi)
nyariosaken satunggaling kawontenan, barang, tatacara, lan sanes-sanesipun.
Tuladhanipun: dongeng, fabel, legenda, mite, lsp.
b. Gegambaran (deskripsi)
nggambaraken kawontenaning barang, swasana, kedadosan, lsp. Tuladha: seratan bab
papan wisata Goa Kiskenda, Pantai Glagah.
c. Paparan (Eksposisi)
Ngandharaken utawi maparaken satunggaling maksud ancas utawi samubarang
sanesipun. Tuladhanipun: caranipun damel tempe, gula aren, gula semut, lsp
d. Penggalihan (Argumentasi)
nggandharaken gagasan-gagasan ingkang dipunkantehni katrangan-katrangan,
dhedhasar pawadan-pawadan kangge nyaruwe, nampik menapa nggiyataken
penggalihan. Tuladhanipun: Pangaribawanipun formalin ing Bakso, Nglestantunaken
budaya Jawi, lsp.
e. Ajakan (Persuasi)
seratan ingkang wosipun ngajak-ajak tiyang sanes supados tuwuh kayakinanipun
satemah sarujuk saha nyengkuyung gagasanipun ingkang nyerat. Tuladha: Iklan,
pengaosan agami, lsp.
3. Caranipun nyerat artikel:
1) Nemtokaken tema utawi topik ingkang badhe kaserat (prayoginipun topik ingkang
enggal)
2) Nemtokaken medhia menapa lan pundi ingkang badhe mahyakaken karya menika
(awit saben medhia gadhah paugeran piyambak-piyambak)
3) Nemtokaken irah-irahan
4) Pados bahan-bahan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan tema, langkung sae
dipunkantheni gambar utawi foto.
5) Damel cengkorongan artikel, saben cengkorongan dipunracik wosipun
6) Mekaraken cengkorongan dados seratan ingkang wetah
7) Basa ingkang dipunginakaken ringkes lan mentes.
8) Ukaranipun prasaja, nanging runtut supados pamaos boten bingung.
9) Antawisipun tema, irah-irahan, lan isi kedah sambung.
10) Boten ajrih, lingsem, mutung menawi seratan ingkang dipunkintun ing medhia boten
saged kapacak.

Anda mungkin juga menyukai