Anda di halaman 1dari 11

JURNALISTIK

A. Pangertosan Jurnalistik
Jurnalistik saking tembung jurnal saha istik.
Jurnal saking basa Prancis jounal tegesipun
catetan harian. Istik saking estetika tegesipun
kaendahan. Jurnalistik tegesipun seni saha
ketrampilan madosi, ngempalaken, ngolah,
ngronce, saha nyawisaken pawartos ngengingi
perkawis utawi kedadosan ingkang dumados
saben dintenipun kanthi seratan ingkang
endah.
B. Jinis-jinis Karya Jurnalistik

1. Pawartos
Pawartos inggih menika palaporan ngengingi
kadadosan arupi paparan fakta saha data
ngengingi kadadosan kasebut.
2. Opini
Opini menika panyaruh ingkang sipatipun
subjektif ngengingi salah setunggaling
perkawis ingkang dipunolah dados seratan.
Jinisipun opini: kolom, esai, tajuk rencana,
surat pembaca, karikatur, pojok.
3. Feature
Feature utawi karangan khas inggih menika palaporan
jurnalistik ingkang emper kaliyan sastra ingkang mbabar
perkawis utawi kedadosan. Wosipun nengenaken
perangan tartamtu ing salebeting perkawis menika
adatipun unsur ingkang ngandhut human interest inggih
menika fakta-fakta ingkang saged nggugah rasa utawi
emosi (trenyuh, simpati, remen, jengkel, utawi nesu.
4. Resensi
Resensi inggih menika ngrembag wosing buku. Wosipun
ngengingi kirang saha langkungipun wos buku kasebat,
wosipun buku narik kawigatosan utawi boten, kritik
dhateng buku ingkang dipun resensi, saha paring panyaruh
prelu botenipun tumbas buku.
STRUKTUR (SISTEMATIKA) RESENSI
1. Pambuka: identitas buku (irah2an, panyerat, penerbit,
warsa terbitipun, cacahing kaca, saha regi)
2. Wos: wujudipun (ulasan undering perkawis, wosing
buku, informasi ngengingi sebab musabab, saha
ancasipun buku dipunserat, gaya panyeratipun,
nandhingaken kaliyan buku sanes kanthi undering
perkawis ingkang sami utawi buku sanes ingkang
dipunanggit panyerta buku kasebat).
3. Panutup: wosipun (kuwalitas buku kasebat, langkung
saha kirangipun buku kasebat, paring kritik saha
panyaruh dhumateng sinten kemawon ngengingi prelu
botenipun tumbas utawi maos buku menika).
5. Kolom
Kolom inggih menikarubrik mligi para winasis ingkang
wujudipun seratan cekak ingkang wosipun pamanggih
subyektif panyerat ngengingi salah setunggaling perkawis.
6. Tajuk Rencana
Tajuk rencana /tajuk langkung/ induk karangan/ opini
redaksi inggih menika pambijining redaksisalah
setunggaling media massa ngengingi perkawis tertentu.
7. Esai
Esai inggih menika seratan cekak ingkang adatipun awujud
pamanggih panyerat ngengingi subyek tartamtu. Struktur
seratan esai: pambuka, subjek pirembagan saha
pengantar subjek seratan, wosing seratan, panutup.
8. Seratan Ilmiah
Seratan ilmiah langkung misuwur seratan akademis.
Mbetahaken ukara tesis, premis, hipotesis saha kerangka
berpikir supados dipunbabar malih kanthi detail ingkang
dipuperang wonten pinten-pinten bab kanthi riset ingkang
saestu. Jinisipun: skripsi, tesis, disertasi lsp.
9. Seratan Ilmiah Populer
Seratan ilmiah populer inggih menika seratan ilmiah ingkang
wujudipun artikel populer utawi jurnalistik ingkang nengenaken
unsur informasi, kaumuman, saha gampil dipunmangertosi.
Wujudipun kados artikel, namung menawi artikel ilmiah
populer menika wonten fakta utawi teori. Karakteristik
utamanipun: opini subjektif panyerat dipunparingi fakta-data
saha teori ingkang paring panjurung ngengingi perkawis.
C. Jinisipun Seratan Jurnalistik Miturut Fungsinipun
1. Cariyos (narasi)
Nyariyosaken satunggaling kawontenan, barang,
tatacara lan sanes-sanesipun. Tuladha: dongeng ,
fabel, mite, legenda, epos, sage, wiracarita.
2. Gegambaran (deskripsi)
Seratan ingkang wosipun nggambaraken kawontenan
barang, swasana, kedadosan lan sanes-sanesipun
satemah ingkang maos kados mriksani piyambak
kadosdene ingkang dipungambaraken. Tuladha
seratan bab papan wisata (Pantai Parangtritis, Guwa
Gong lsp).
3. Paparan (eksposisi)
Seratan ingkang wosipun ngandharaken utawi
maparaken satunggaling maksud, ancas utawi
samubarang sanesipun. Tuladhanipun: Caranipun Damel
Tempe, Bandeng Presto lsp.
4. Penggalihan (argumentasi)
Seratan ingkang wosipun ngandharaken gagasan-
gagasan ingkang dipunkantheni katrangan-katrangan,
dhedhasar, pawadan-pawadan kangge nyaruwe, nampik
menapa dene ngiyataken penggalihan utawi satunggaling
gagasan. Tuladhanipun: Pengaruh Limbah Industri,
Pengaruh Formalin ing Bakso lsp.
5. Ajakan (persuasi)
Seratan ingkang wosipun ajak-ajak dhateng tiyang
sanes supados tuwuh keyakinanipun satemah sarujuk
saha nyengkuyung gagasan ingkang nyerat. Tuladhanipun:
iklan-iklan, pengaosan agami lsp.

D. Caranipun Nyerat
Urutan menawi badhe damel seratan jurnalistik:
1. Nemtokaken jejer (tema)
2. Nemtokaken irah-irahan
3. Ngempalaken bahan-bahan
4. Damel cengkorongan (kerangka)
5. Mekaraken cengkorongan dados seratan
E. Jinising Paragraf
Miturut prenahing ukara baku, paragraf saged kaperang
dados 4 inggih menika:
1. Deduksi inggih menika paragraf ingkang ukara
bakunipun wonten wiwitanipun ukara.
2. Induksi inggih menika paragraf ingkang ukara
bakunipun wnten ing pungkasaning ukara.
3. Campuran inggih menika paragraf ingkang ukara
bakunipun wonten ing wiwitan saha wonten ing
pungkasaning ukara.
4. Deskripsi inggih menika paragraf ingkang boten
wonten ukara bakunipun amargi sampun sumebar ing
sedaya ukara.
GLADHEN
1. Menapa ingkang dipun wastani jurnalistik? Kasebutna jinising
karya jurnalistik sekedhikipun 5!
2. Menapa ingkang dipunwastani resensi?
3. Katerangna sistematika karya resensi!
4. Menapa bedanipun seratan ilmiah kaliyan seratan ilmiah
populer?
5. Menapa ingkang dipunwastani seratan paparan?
6. Menapa ingkang dipunwastani: seratan mite, legenda, epos,
fabel, wiracarita? Lan menapa tuladhanipun?
7. Menapa persamaan saha bedanipun argumentasi kaliyan
persuasi kajinggleng saking: ancas, alasan, bukti, data?
8. Kasebutna jinising paragraf adhedhasar prenahing ukara baku?
9. Kadamelna 1 paragraf deduksi lan induksi?
10. Kadamelna seratan gegambaran sekedhikipun 10 ukara!

Anda mungkin juga menyukai