Anda di halaman 1dari 4

GEGURITAN

Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugerahan tertamtu. Bebas jumlah larik
larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang
nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake purwakhanti. Geguritan kang migunakake
purwakanthi yen dirunngokake luwih kepenak(luwih nges). Supaya luwih cetha wacanen paugerane
geguritan.

Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar.
Tembung geguritan asale saka tembung gurita , tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita.
Tembung gerita linggan Gita, tegese tembang utawa syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu
dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang warna-warna wujuding dhapukane (Subalidinata,
1994 : 45) Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangrakiting tembung, werna-werna araning geguritan,
kaya ing ngisor iki:

Syair rong gatra sapada = gita dwigatra

Syair telung gatra sapada = gita trigatra

Syair patang gatra sapada = gita catur gatra

Syair limang gatra sapada = gita panca gatra

Syair nem gatra sapada = gita sadgatra

Syair pitung gatra sapada = gita sapta gatra

Syair wolung gatra sapada = gita hastha gatra

Syair sangang gatra sapada = gita nawa gatra

Syair dhapur sonata

Syair bebas

Kapirid saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas utawa
geguritan tradhisional lan geguritan gagrag anyar utawa geguritan modern.

a. Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional) iku darbe paugeran mangkene:

· Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.

· Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda.

· Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara (kaya syair
ing Kasusastram Indinesia.

· Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit.


· Geguritan gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane bab tatakrama

Tuladha Geguritan Gagrag Lawas

Sun Gegurit

Kaanan jaman saiki

Sipat pemudha-pemudhi

Srawunge saya ndadi

Raket wewekane sepi

Tan kadi duk jaman nguni

Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kuna

Priya srawung lan wanita

Gampang ketaman panggodha

Nerak ing laku susila

Temah darbe jeneng ala

Wasanane tibeng papa

b. Geguritan gagrag anyar

Dene geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan gagrag
lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerane geguritan
gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran Indonesia , mula
geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”. Ananging owah-owahan saka geguritan gagrag
lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag
anyar iku R.Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra.Mula yen dititi kanthi premati geguritan gagrag
anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan:

a. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.

b. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.

c. Sajak pungkasan mardika/bebas

d. Isine mentes.

e. Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa .


Paugerane geguritan:

1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.

3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.

4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.

Langkah Langkah kanggo mahami sawijining geguritan:

1. Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan baleni.

2. Gatekna hubungan larik ukara, banjur wewehana tandha kanggo munggel (jeda), upamane punggel
sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo sigeg wewehana tanda (//).

3. Golekna teges tembung tembung kang kok anggep angel, kanthi terus dieling eling, menawa tembung
tembung sajarone geguritan bisa duwe teges lugu, entar, bisa uga lambang utawa gegambaran.

4. Perlu digatekaku menawa saben karangan mesthi duwe pesen utawa amanat kang kepingin
disampekake marang pamaca.

5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane dadi sedherhana lan gampang dimangerteni.

Sawijining geguritan duwe struktur batin utawa hakekat sing dumadi saka: tema, suasana, nada lan
amanat, kang mujudake jiwaning geguritan kang ora bisa dipisahake.

Rangkuman Geguritan:

1. Nada

Nada ing geguritan yaiku sikap batin panganggit, sing arep diekspresiake marang pamaca. Ana nada
nuturi, panyaruwe, nyindhir, berontak, meri, drengki, sedhih, kuciwa, benci, bungah, lan
sapanunggalane.

2. Suasana

Suasana batin pamaca, akibat sawise maca geguritan.

3. Irama

Irama uga diarani ritme, yaiku salah sijine unsure kang ana gandheng cenenge karo bab bab kang sarwa
teratur

4. Pilihan Tembung

Pilihan tembung uga diarani diksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep, pangaggit mesthi mikirake
pilihan tembung kang mathuk. Dene tembung tembung kang digunakake ana kang duwe teges lugu
utawa apa anane (Denotatif), Tembung kang duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif),
gambaran utawa pralambang.

5. Tembung entar

Mujudake tembung kang tegese wis owah saka teges kang baku.

6. Pralambang

Pralambang iku kena dianggep kaya dene pasemon. Tembange liya pralampita, wujuding pralambang
warna warna, ana kang wujudake gegambaran utawa pepethan, solah bawa barang utawa basa.

Anda mungkin juga menyukai