njlentrehake sakwijining bab/perkara. Deskripsi uga duwe teges perincian utawa gambaran.
Mrinci tegese gambarake perkara tartamtu. Carane nulis deskripsi, siswa ngamati (ngemati
kanthi premati) objek kang didadekake sumber tulisan. Objek sing dirinci/digambarake bisa
samubarang; prastawa,pawongan, kawanan, tanduran, lingkungan, alam, lsp.
Gambaran kasunyatan iki mratelakake yen pawongan, panggonan, kewan, prastawa, barang,
lsp. Bisa digambarake/dirinci kanthi trep kaya kahanan sing saknyatane.
Tuladha;
Wacan deskripsi tumrap barang bisa ditulis kanthi landhesan ngamati utawa ngrungokake.
Saka ngrungokake siaran langsung pertandhingan bal-balan lewat radhio siswa bias nulis
wacan deskripsi kang nggambarake kahanane pertandhingan. (Kapethik saka LKS Prasasti
kaca 38)
Bab-bab kang prelu ditindakake supaya bisa nulis karangan deskripsi yaiku,
Nulis kasile njingglengi mau kanthi urut, cetha, urip,lan nggunakake tembung-
tembung kang trep.
Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa ndeleng dhewe, ngrasa dhewe,krungu
dhewe,ngambu/ngganda dhewe,lan ngecap dhewe. (Kapethik saka Buku Ajar Basa
Jawa Pemerintah Kota Semarang kaca 77)
Tuladha,
(1)
Omah iku manggon ing pucuk gunung. Saka panggonan iku sesawangan bisa katujokake
marang kriwikan banyu kali kang endah, sakiwa tengene tinandur tetanduran kang ijo royo-
royo sansaya nengsemake ati.
(2)
Gedhongkang katone endah iku sejatine mung kebak lamis. Gedhek kang katone rosa
satemene digawe saka piranti kang gampang kobong. Sakane cacah papat tur gedhe-gedhe
katon mrebawani. Gendhenge digawe saka kayu sirap kang wus garing dipoles gandarukem
yen sinawang saka kadohan katon sumunar nanging datan mblerengi. Kabeh mau dibudidaya
supaya gampang diobong. Omah gedhong magrong-magrong iku digawe mung kanggo
numpes para Pandhawa.