Anda di halaman 1dari 18

WACANA DESKRIPSI BAB BUSANA

PENGANTEN ADAT JAWA


Wacana dibagi dadi 5 yaiku :
1. Deskripsi (penggambaran)
2. Eksposisi (pemaparan)
3. Argumentasi (pendapat)
4. Persuasi (ajakan)
5. Narasi (cerita)
Wacana deskripsi yaiku karangan utawa tulisan kang
nduweni ancas/ tujuwan nggambarna sawijining
barang/ objek kanthi jelas marang pamaca.

Topik-topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi


yaiku :
1. Kahanan ruang : ruang kelas, pos rondha, lsp
2. Kahanan barang : maneka warna kembang, prau-prau
ing pelabuhan, maneka warna busana adat penganten
Jawa lsp
3. Proses : proses nggawe klambi batik, reresik
lingkungan sekolah, lsp
Titikane (ciri-ciri) :
Ciri-ciri wacana deskripsi :
1. Menehi gegambaran sawijining barang, panggonan,
lan swasana
2. Anggone nggambarake dilakokna kanthi cetha,
tarwaca migunakaken panca indra
3. Duwe ancas/ tujuwan supaya pamaca kaya-kaya bisa
melu ngrungokna, weruh, lan ngrasakna apa kang
dideskripsikan dening panulis.
Jenis karangan Deskripsi dibagi 2 :

1. Deskripsi ekspositori : minangka karangan kang logis, biasane


babagan daftar rincian/ bab-bab penting kang disusun miturut
system lan urut-urutan logis objek kang diteliti
2. Deskripsi impresionatis : minangka karangan kang nggambarna
kesan penulise wektu nglakokaken observasi/ kanggo netralaken
pamaca.
Busana Penganten Solo Putri dumados
saking :
Cundhuk mentul cacah pitung iji
Penetep
Centhung cacah kalih (asesoris sisir)
Cundhuk jungkat
Suweng (giwang)
Kalung cekak
Roncen sekar
Kebaya sing digawe saka buludru ireng, ijo, biru, abang, ungu, utawa coklat
Bros serenteng utawa bros numpuk telu
Nyamping kain batik
Selop sing digawe saka bahan beludru kanthi werna sing cocog karo kebaya
Busana penganten tumrap kakung :
Beskap Langen Harjan, yaiku kemeja ingkang duweni kerah lan
duweni manset dikombinasikake karo motif sing padha karo
penganten putri
Jarit saking kain batik, sing digunakake sami kados pengantin putri
Kalung Karset utawi Kalung Ulur karo bros cilik ing tengah sing
disebut Singetan
Blangkon : penutup sirah
Sumping : kembang melati sing dipasang ing kuping tengen lan
kiwe
Dhuwung mawi oncen sekar
Epek lan timang
Selop
Busana Penganten Basahan (gerbong
kandem), dumados saking :
Kuluk warni klawu (klawu kethek(abu ireng), klawu geni
(rawis kuning abang)
Sumping sekar melathi cacah kalih iji
Kalung ulur (kalung panjang)
Dodot panjang sekawan setengah meter
Dhuwung mawi oncen sekar
Epek lan timang
Buntal (roncen kembang panjange 140cm, dipasang ing
pinggang penganten kakung)
Lancingan (clana) cindhe abrit
selop
Busana

penganten basahan putri :
Cundhuk mentul cacah pitung iji
Penetep
Centhung cacah kalih (asesoris sisir)
Suweng (giwang)
Kalung cekak
Roncen sekar
Cundhuk jungkat
Dodot (kampuh)panjang sekawan setengah meter
Nyamping cindhe abrit
Slepe/sabuk
Kelat bahu
Gelang
Buntal (roncen kembang panjange 140cm, dipasang ing pinggang penganten
estri)
selop
BUSANA PENGANTEN CORAK KANINGARAN
Busana penganten sikepan (kaningaran),
dumados saking :
Kuluk kaningaran(warni cemeng mawi seret jene)
Sumping sekar mlati cacah kalih iji
Rasukan pethak (hem) ngagem dhasi kupu-kupu
Sikep (jas)
Kalung ulur (kalung panjang)
Sabuk bara cinde abrit
Epek lan timang
Dhuwung/keris
Nyamping/tapih
selop
Busana penganten sikepan (kaningaran)
putri:
Cundhuk mentul cacah pitung iji
Penetep
Centhung cacah kalih
Cundhuk jungkat
Suweng (giwang)
Kalung cekak
Roncen sekar (gajah ngoling)
Kebaya bordir panjang
Gelang
Nyamping
selop
Beskap langen harjan
Busana penganten kakung langenharjan :
Kuluk kaningaran cemeng mawi seret jene/blangkon
Rasukan pethak(hem) mawi dhasi kupon
Rompi cemeng
Beskap langenharjan
Kalung ulur
Sabuk bara abrit
Dhuwung/keris
Epek lan timang
Nyamping
Selop
Busana penganten putri sami kaliyan busana sikepan putri.
Busana penganten kakung model kasatriyan
:
Blangkon
Sumping sekar melathi cacah kalih iji
Beskap/atela
Kalung ulur(panjang)
Sabuk bara cindhe abrit
Epek lan timang
Dhuwung mawi roncen sekar
Nyamping
Selop
Busana penganten putri sami kaliyan busana
penganten sikepan putri, namung kebaya
dipunangkah sami kaliyan beskap penganten kakung
Beskap Banyumasan, nggunakna model beskap kucing
anjlog. Cirine gunakna aksesoris hiasan rantai lan bandul
taring macan. Maknane wong lanang Banyumas duweni
sipat wani, utamane nalika dadi “raja”/kepala keluarga.
Sinebut kucing anjlog amarga bagian ngisor beskap
bentuke luwih mengisor.
Busana penganten Banyumas kalebu akulturasi solo-jogja:
1. Jarit kang digunakna kanggo gawe beskap/kebaya yaiku
beludru warna ireng/abang(penganten gaya solo)
nanging wiron(seni melipat jarit) kalebu gaya jogja,
plisire wiron keton ana ing njaba.
2. warangka/sarung keris kalebu gaya jogja, nduweni
pangkal kang bunder.
3. Blangkon banyumasan gabungan model blangkon
solo lan jogja. Bagian ngarep gaya jogja nanging
bagian mburine rata kaya model solo.

Anda mungkin juga menyukai