Anda di halaman 1dari 12

TEGES ENTAR SAJRONE RUMPAKA

Ah. Syahrul Rahmat


12020114047
2012 B
A. Purwaka
Akeh sing durung ngerti yen rumpaka minangka jinise panyandra. Jinise panyandra
saliyane nyandra manungsa, uga ana sing nyandra danawa, nyandra alam (rumpaka), lan
nyandra samubarang. Panyandrane manungsa, danawa, lan samubarang bisa diperang
adedhasar rupa lan panindake utawa kalungguhane. Dene panyandra tumrape alam bisa
diperang adhedhasar sipat lan wektune.
Panyandra sajrone lelewane basa bisa diperang dadi loro adhedhasar wujude yaiku
candrane manungsa lan rumpaka (candrane alam). Rumpaka utawa panyandrane alam
minangka jinise lelewane basa kanggo mindhanake kahanane alam. Sajrone rumpaka iku
ana sing ngandhut teges entar lan ana sing ngandhut teges wantah. Panliten ngenani
lelewane basa mligine ngenani cecandran lan makna entar ing bidhang semantik sajrone
basa Jawa wis kerep ditindakake, nanging sing mligi ngenani rumpaka durung ditemokake
dening panliti.
Rumpaka (panyandrane alam) dipilih dening panliti minangka topik sajrone nulis
makalah iki merga nduweni perangan sing beda karo panyandra liyane. Saliyane iku merga
panliten sing mligi ngenani panyandrane alam durung ditemokake panliti. Anane mung mligi
ngenani candrane manungsa lan anggone njlentrehake kurang jembar. Panliten ngenani
panyandrane alam dirasa perlu dijlentrehake luwih rowa lan rinci ngenani bab tata rakite,
pamerangane, lan cara negesine.
Sasuwene iki makna entar sajrone rumpaka (panyandrane alam) durung tau ditliti.
Panulis durung nemokake panliten ngenani teges entar sajrone rumpaka. Dene teges entar
sajrone lelewane basa liyane sing ngandhut makna entar kayadene sanepa, bebasan, lan
saloka wis tau ditliti. Mula saka iku sajrone makalah iki panliti bakal njlentrehake kanthi
nggoleki lan nggolongake teges sajrone rumpaka, mligine teges entare. Panulis njlentrehake
teges entar sajrone rumpaka iki nggunakake metodhe dheskriptif

kualitatif. Cara kang

digunakake yaiku kanthi analisis komponen lan analisis makna simbolik. Analisis komponen
bakal ngidhentifikasi ngenani pamangune utawa tata rakite rumpaka saengga nuwuhake
makna entar. Dene analisis makna simbolik bakal dicakake ing rumpakan kang ngandhut
makna entar arupa simbol utawa pralambang.
Panliten iki nduweni tujuwan supaya bisa menehi kawruh marang pamaca ngenani
rumpaka. Kanggone pamaca supaya bisa ngerteni, ngonceki, lan njlentrehake teges entar
sajrone rumpaka (panyandrane alam) adhedhasar wektu lan sipate. Saliyane iku panliten iki
nduweni ancas supaya bisa ngrembakake ilmu semantik Jawa ing bab jinise teges mligine
ngenani topik teges entar sajrone rumpaka.
1

B. Andharan
1.

Makna Entar
Makna entar minangka teges sing nuduhake utawa nggambarake sing ora salugune.

Negesi tetembungan, frasa, utawa ukara sing ngandhut teges entar kudu nggunakake
pangrasa merga basane sing ora lumrah yen ditegesi sawantahe. Poerwadarminta
(1939:114) ngandharake menawa entar nduweni rong teges yaiku bablas tumrap sesurupan
lan dudu teges sing baku utawa silihan tumrape tetembungan. Makna entar yaiku teges kang
ora mung sawantahe, ora mung salugune. Padmosoekotjo (1953:35) ngandharake yen
makna entar yaiku teges kang ora mung sawantahe, ora mung salugune. Kosok baline yaiku
makna wantah, makna sing manut teges sing baku, sing salugu, sing sawantahe.
Tembung entar asale saka tembung basa Kawi ili. Tegese pindah saka papan siji
menyang papan liyane tumrape samubarang kang mbanyu. Miturut Hadiwidjana (1967:57),
entar tegese ili, etut, lunga. Mula, entar tumrape bidhang linguistik nduweni teges makna
sing ora sabenere, makna pepindhan, sing ora salumrahe. Tuladhane kaya tembung kethul
atine. Iki ora ateges atine kethul, ora landhep, nanging tegese durung pinter (bodho).
2.

Makna Entar Arupa Rumpaka


Makna entar sajrone lelewane basa Jawa kinandhut sajrone bebasan, saloka,

sanepa, isbat, lan cecandran (utawa rumpakan). Kalebu golongane sing nduweni makna
entar merga nduweni titikan ngandhut teges pepindhan utawa irib-iriban, dudu teges sing
ngandharake (teges baku, sing salugu). Salah sijine lelewane basa sing ngandhut teges
entar yaiku cecandra. Nyandra nggambarake utawa memindhanake kaya kahanane
samubarang. Candra miturut Padmosoekotjo (1953:113), yaiku salah siji lelewaning basa
kang tegese nggambar utawa amarna kaendahan utawa kaanan kanthi sarana pepindhan.
Wondene kang lumrah dicandra kayata: a) manungsa lan bab kang gegandhengan karo
manungsa, b) danawa lan bab kang gegandhengan karo danawa, c) panyandrane alam
(rumpaka), lan d) samubarang liya-liyane.
Salah sijine jinise cecandran yaiku rumpaka. Rumpaka asale saka tembung lingga
rupa, oleh seselan {-um-} lan panambang {-an}, rumpakan, yaiku ngrupakake kahanane
alam. Dene tumrape manungsa diarani candra. Sing dicandra yaiku sipat utawa rupa lan
kahanane alam. Miturut Hadiwidjana (1967:68), candra gegambaran endah-endahing alam
kodrate pangeran dijenengake rumpaka. Rumpaka akeh cacahe, kaya ta rumpakane alam
ing padesan, gunung, sagara, wayah esuk, wayah sore, wayah bengi, lan sapanunggale
(Padmosoekotjo, 1953:75). Panyandra kang gegayutan karo alam bisa diperang dadi loro,
adhedhasar sipat utawa rupane lan wektu utawa kahanane.
Titikane rumpaka yaiku a) ngemu teges pepindhan, b) mindhanake utawa
nggambarake kaya samubarang. Kanggo negesi maknane panyandra saliyane saka wujud
kabasane uga nganggo pangrasa. Miturut Kridalaksana (sajrone Pateda, 1989:62), makna
2

sawijine utawa sakumpulane tembung dhasare saka rasa utawa pamikir sing tuwuh saka
pamicara (utawa panulis) lan pangrungu (utawa pamaca).
3.

Titikane Rumpaka
Dhasar pamerange rumpaka bisa digolongake dadi telu, yaiku adhedhasar wujude,

tegese, lan sintaksise. Adhedhasar wujude bisa awujud tembung, frasa, ukara frasa, lan
ukara. Wujud tembung sing nduweni teges entar yaiku tembung kriya utawa tembung aran.
Tembung-tembung iku umume nganggo ater-ater anuswara {na-}, {ma-}, {nga-}, lan {nya-}.
Teges entar bisa arupa frasa yaiku frasa kriya lan frasa aran. Teges entar yen ing ukara bisa
awujud ukara camboran.
Adhedhasar teges sajrone rakitane nuduhake makna sing salugune utawa ora.
Tembung, frasa, lan ukarane ngandhut teges entar mesthi ngandhut pepindhan. Umume
ngandhut tembung utawa pangiket kang mratelakake pepindhan yaiku kaya, kaya-kaya,
lir, kadya, lan pindha. Suwalike, menawa ora ngandhut teges entar mangka kalebu makna
wantah. Makna wantah yaiku makna sing salugune, apa anane, lan wujude ngandharake.
Adhedhasar sintaksise yaiku tata rakit lan panggonane sajrone ukara. Umpamane
sajrone ukara camboran. Miturut Subagyo (2011:142), rakitan pratelan pepadhan sajrone
ukara camboran kang ukara frasa pange mratelakake pepindhan, saemper, utawa pilihan
antarane apa kang diandharake ing ukara frasa deleg karo kang diandharake ing ukara
ganta pange. Pangiket sing dianggo yaiku kaya, kaya-kaya, lir, lan pindha.
4.

Teges Entar sajrone Rumpaka


Titikane makna entar sajrone rumpaka, kaya kang diandharake ing ndhuwur, bisa

diperang dadi loro, yaiku miturut sipat utawa rupane lan wektu utawa kahanane. Miturut sipat
utawa rupane yaiku ngrumpakake wujud kaendahane. Miturut wektu utawa kahanane yaiku
ngrumpakake miturut panganggone.
Candrane alam adhedhasar wujud lan sipate bisa dideleng saka samubarang sing
dicandra. Samubarang mau awujud tembung aran sing cundhuk karo alam. Candrane alam
dicandra kanthi nuduhake wujud utawa sipate.
Rumpaka adhedhasar kahanane bisa dideleng saka kahanane samubarang sing
dirupa. Samubarang mau awujud tembung kahanan sing gegayutan karo alam. Titikane
rumpaka miturut kahanane yaiku ngemu teges pepindhan lan nggambarake kaya kahanane
samubarang. Kanggo negesi maknane panyandra saliyane saka wujud kabasane uga
nganggo pangrasa.
Jinis-jinis makna sajrone bidhang semantik yaiku afektif, asosiatif, ciyut, dheskriptif,
ekstensi, emotif, entar, gereflekter, gramatikal, idheasional, idhiomatikal, intense, jembar,
kognitif, kolokatif, konseptual, kontekstual, konstruksi, leksikal, piktoral, proposisional, pusat,
referensial, stilitika, tematis, lan wantah. Rumpaka minangka jinise lelewane basa sing
3

ngandhut makna entar uga nduweni teges sing gegayutan karo jinise makna ing basa Jawa
iku. Makna-makna sing kinandhut sajrone rumpaka andharane kaya ing ngisor iki.
a.

Makna Afektif
Makna afektif yaiku makna sing sesambungan karo rasane pamicara sacara pribadhi

tumrape wong sing dijak cecaturan utawa tumrape perkara utawa samubarang sing dadi
topik cecaturan. Makna afektif luwih krasa menawa diaturake tinimbang ditulisake (Chaer,
2009:73). Makna afektif yaiku makna sawijine tembung kang nggambarake rasa pribadhi
panutur, kalebu tumindake tumrap mitrawicarane utawa ngenani apa wae sing diandharake
(Leech, 1997:20).
Makna afektif cundhuk karo rasa pangrasa kang tuwuh sawise panampa
ngrungokake utawa maca (Leech, 1976:33). Pangripta karya sastra milih tembung kang
nduweni makna afektif saengga pamaca bisa ngrasakake bungah, seneng, susah, sungkawa
anggone maca karya kuwi.
Salah sawijine ahli basa kang ngandharake ngenani makna afektif yaiku Pateda.
Makna afektif (Inggris: affective meaning, Belanda: afektif betekenis) miturut Pateda (1996:
97) yaiku

makna kang tuwuh merga anane panangkepe mitrawicara

utawa pamaca

ngenani makna sawijine tembung utawa ukara. Mula saka kuwi, makna afektif nduweni
sesambungan karo panampane pangrungu utawa pamaca mligine ing babagan pangrasane.
Mula kanthi langsung makna afektif gegayutan karo lelewaning basa.
Makna afektif kalebu entar, karana makna ora bisa ditegesi lumantar makna kamus.
Ateges makna afektif iku kalebu makna konotatif kang surasane dudu makna asline. Makna
afektif kalebu makna gramatikal, ateges makna afektif iku gumantung karo konteks ukara
utawa konteks kaanan. Mula makna afektif kalebu makna kontekstual utawa makna
situasional.
Gegayutan karo makna afektif, tetembungan utawa ukara kang diandharake dening
panutur iku bisa saka maksud, kahanan, lan tujuwan. Dene tetembungan utawa ukara
kasebut uga bisa nuwuhake maneka warna tuwuhe rasa saka mitra wicara. Saben tembung
kang diandharake panutur sejatine bisa ditegesi maneka warna dening mitrawicara,
gumantung karo konteks lan kahanane. Rumpaka kang ngandhut makna afektif kang arupa
tembung tuladhane kaya mangkene:
(1) ndhadhari
(2) gumelar
Dhata (1) minangka rumpakan yaiku tembung aran dhadhar oleh ater-ater
anuswara {n-}. Ater-atere {n-} merga tembung linggane diwiwiti aksara /dh/. Mbulan sing
kahanane bunder wayah purnamasidhi dirumpakakake karo bundere ndhog dhadhar.
Rumpakane mbulan iki ngandhut teges afektif. Yen ngarani ndhadhari, pangrasa kita bakal
nuju marang rembulan. Mula ndhadhari kalebu makna afektif.
4

Tembung gumelar sajrone dhata (2) ora bisa ditegesi sawantahe. Pamikiran kita
yen ngarani gumelar mesthi nggayutake karo kahanane jagad. Ora mungguh menawa jagad
sing kaya ngene digelar. Wis digelar tegese wis ditata. Sing dikarepake yaiku tatanan jagad
sing wis diripta dening pengeran iki wis tumata kanthi becik. Makna sing kinandhut sajrone
dhata iki yaiku makna afektif, merga nuwuhake asosiasi utawa pamikiran ngenani wujude
jagad sing dipepindhanake wis ginelar.
Dene makna afektif sing kinandhut sajrone rumpaka kang arupa frasa tuladhane kaya
mangkene:
(3) lingsir wengi
(4) melteke srengenge,
Frasa ing dhata (3) lingsir wengi nduweni teges wektu sawise jam 12 dalu. Lingsir
minangka tembung kriya, lan wengi saka tembung kahanan. Lingsir wengi ngandhut makna
asosiatif. Kanggo negesi makna iku kudu nggunakake rasa lan nalar. Lingsir wengi ora bisa
ditegesi sawantahe wengine wis lingsir, nanging wektu sing ngliwati wengi nuju esuk. Lingsir
wengi kalebu makna afektif merga yen nyebut lingsir wengi pamikir lan rasa kita menyang
wayah dalu menyang esuk.
Dhata (4) melteke srengenge minangka rumpakan wektu esuk nuju awan. Melteke
saka tembung peltek, ngalami proses morfologis ole ater-ater anuswara {m-} lan panambang
{-e}. Ater-ater {ma-} nduweni teges nandhang pakaryan, lan panambang {-e} tegese duweke
jejere utawa panandange, srengenge minangka tembung aran. Meltheke srengenge
ngandhut teges entar kang kalebu makna asosiatif. Frasa meltheke srengenge tegese dudu
srengenge sing melthek (pecah) nanging wektu esuk nuju awan wiwit srengenge sing rada
abang wektu metune menyang padhang lan nuwuhake panase. Meltheke srengenge kalebu
makna afektif merga nuwuhake rasa kita menyang wektu srengenge wiwit esuk manjing
awan.
Rumpaka kang arupa ukara kang ngandhut makna afektif tuwuh merga rasa kita
kang gegayutan karo kahanane alam. Tuladhane kaya mangkene.
(5) Bumi kapetak, ciyut!
(6) Langite nangis, udan.
Dhata (5) minangka rumpaka kang madhakake kahanane lemah sing ciyut.
Kahanane lemah sing ciyut iku dipepindhanake kaya bumi sing kapetak. Bumi kapetak
kalebu makna afektif merga nuwuhake pangrasa lan nalar yen kapetak kahanane sarwa
winates, yaiku ciyut.
Dhata

(6)

minangka

rumpaka

kang

madhakake

kahanane

udan.

Udan

dirumpakakake kaya lakune manungsa sing nangis. Langite nangis tegese langite netesake
banyu. Makna afektif langite nangis tegese yaiku langite netesake udan kerana mendhung.

b.

Makna Asosiatif
5

Makna asosiatif yaiku makna kang didhasarake marang proses kognisi. Proses
kognisi bisa tuwuh saka pangrasa utawa pikirane saben manungsa. Pangrasa utawa
pamikire manungsa siji lan sijine iku beda-beda. Mula saka iku makna asosiatif uga diarani
makna kang kurang stabil lan maneka werna miturut pengalamane saben pawongan. Makna
asosiatif iki satemene padha karo pralambang-pralambang

kang digunakake dening

masyarakat basa kanggo nyatakake sawijining konsep liya kang nduweni pepadhan karo
sipat, kahanan utawa tandha kang ana ing konsep asale tembung utawa leksem kasebut
(Leech sajrone Chaer (1995:73). Makna asosiatif minangka asosiasi kang tuwuh ing pikirane
manungsa yen krungu tembung tartamtu. Asosiasi iki dipangaribawani dening kahanan jiwa
utawa psikis, kawruh lan pengalamane manungsa kasebut. Miturut Blanke sajrone Kaswanti
(2000:156) makna asosiatif dipangribawani dening kahanan jiwa uawa psikis kang asifat
indhividual, nanging sajrone lingkungan budaya kang padha makna asosiatif nduweni
pepadhan antarane pawongan siji marang pawongan sijine.
Makna asosiatif kalebu teges entar. Miturut Tarigan (1990:59), konotasi yaiku apa
sing kita pikirake menawa kita ndeleng tetembungan kasebut, sing mungkin lan uga ora
mungkin trep karo makna asline. Konotasi miturut Tarigan adhedhasar asipate, yaiku
konotasi individual lan konotasi kolektif.
Makna asosiatif minangka makna gramatikal kang asipat konotatif. Chaer (2009:60)
ngandharake yen makna gramatikal yaiku makna kang kadadeyan saka proses gramatika,
yaiku proses muwuhi ater-ater, proses ngrangkep, lan proses nyambor (komposisi). Makna
gramatikal bisa dingerteni tanpa weruh makna leksikal unsur-unsure. Makna gramatikal uga
bisa diarani makna kontekstual utawa makna situasional merga makna saben tembung,
lingga utawa andhahan, gumantung karo konteks ukarane utawa konteks kahanane.
Rumpaka kang ngandhut makna asosiatif kang arupa tembung tuladhane kaya
mangkene:
(7) ireng
(8) surub,
(9) padhang
Dhata (7), ireng minangka rumpaka kang ngandhut teges asosiatif. Ireng minangka
tembung sipat. Tembung ireng ngandhut teges peteng, medeni, lan ala. Ireng minangka
rumpaka kang ngrupa kahanane bengi sing peteng lan medeni. Semono uga dhata (8) lan
(9), surub minangka tembung kriya. Tembung surub minangka rumpaka kang nggambarake
wektu surube surya bisa owah dadi tembung kahanan. Dene tembung padhang
nggambarake utawa ngandhut makna asosiasi tumrape kahanane rina sing sarwa padhang.
Makna asosiasi kang kinandhut sajrone rumpaka kang arupa frasa tuladhane kaya
dhata ing ngisor iki.
(10) gemah ripah loh jinawi

Dhata (10), nggambarake kahanane lemah Indonesia. Sing dirupa yaiku lemahe
Indonesia, sing dadi rumpakan yaiku kaanane yaiku gemah ripah loh jinawi utawa reja tur
subur. Rumpaka ing kene bisa dingerteni utawa dijlentrehake saka tegese. Gemah ripah loh
jinawi minangka frasa aran lan minangka tuladhane makna asosiatif. Pamikir kita menyang
frasa iku yaiku ngenani gegambarane lemah Indonesia sing sarwa subur lan reja.
Rumpaka kang ngandhut makna asosiatif kang arupa ukara umume awujud ukara
camboran. Titiakane yaiku nduweni pangiket kaya, kayakaya, pindha, lan lir.
Tuladhane kaya mangkene.
(11) Ana tlaga banyune bening, katon maya-maya biru kaya langit.
(12) Tentreme dalu wis kepara mungkasi. Ireng petenge jagad dadi padhang.
(13) Srengengene mleruk kaya wong lagi susah.
Dhata (11) minanka ukara kang ngrupakake alam. Sing dirupakake yaiku tlaga, sing
dadi rumpakan yaiku langit. Ukara iku ngandhut teges entar merga nduweni teges
pepindhan, yaiku ngrupakake tlaga karo langit. Saka tata rakite, ukara iku dumadi saka rong
ukara frasa. Ukara frasa sepisan yaiku ana tlaga banyune bening minangka sing
dirupakake, dene sing dadi rupakan yaiku ukara garta katon maya-maya biru kaya langit.
Rong ukara frasa iku diiket karo tembung kaya, mula ukara iku minangka ukara camboran
sungsun sing nduweni rakitan pratelan pepadhan. Ukara iki ngandhut makna asosiatif merga
nggambarake birune banyu kaya birune langit.
Dhata (12) ing ndhuwur ngrupa kahanane dalu. Sing dadi rumpakane yaiku
mungkasi. Saka wujud tembunge, mungkasi saka tembung pungkas oleh ater-ater {m-} lan
panambang {-i}. Mungkasi tegese nindakake pakaryan ngrampungake pakaryane. Menawa
ditegesi sawantahe, tentreme dalu ora bisa mungkasi dheweke. Tentreme dalu wis kepara
mungkasi tegese wis meh rina. Dijelasake ing ukara sabanjure Ireng petenge jagad bakal
dadi padhang. Ireng petenge jagad uga kalebu makna entar, minangka gegambarane
wayah dalu. Makna asosiatif kang kinandhut sajrone ukara iki nggambarake kahanane dalu
sing ireng lan peteng.
Dhata (13) ing ndhuwur ngrupa kahanane srengenge sing ora padhang, mleruk kaya
polatane manungsa. Sing dirupa yaiku kahanane srengenge lan sing dadi rumpakan yaiku
mleruk. Dhata iki kalebu makna asosiatif merga mleruk ing kono nggambarake kahanane
srengene sing surem ora padhang.

c.

Makna Emotif
Teges emotif miturut Shipley, (sajrone Pateda, 2010:101) yaiku teges sing tuwuh

merga tanggepane pamicara utawa sikape pamicara ngenani apa sing dipikirake utawa
dirasakake. Teges iki beda karo teges kognitif. Mula makna emotif kalebu makna gramatikal.
Teges emotif luwih nengenake sesambungan antarane konsep karo kasunyatan.
Samubarang sing liya, ora sawutuhe padha karo apa sing ana ing kasunyatan. Makna emotif
7

uga kinandhut sarone rumpaka. Wujude ana sing awujud tembung, frasa, lan ukara. Makna
emotif sing kinandhut sajrone rumpaka kang awujud tembung tuladhane kaya mangkene.
Makna emotif sing kinandhut sajrone rumpaka kang arupa frasa tuladhane kaya
dhata ing ngisor iki.
(14) godhonge ngawe-awe
(15) gununge sundhul langit
Dhata (14) ing ndhuwur kalebu makna entar lan minangka rumpaka. Sing dirupa
yaiku godhong, lan sing dadi rumpakan yaiku ngawe-awe. Kalebu makna entar merga
dipindhanake karo tumindake manungsa, godhong diibaratake bisa ngawe-awe kayadene
manungsa. Anggone memindhanake nganggo ater-ater anuswara. Ngawe-awe asale saka
tembung awe kang ngalami reduplikasi banjur kawuwuhan ater-ater anuswara {nga-}. {Nga-}
ing kene tegese nglakoni pakaryan, ngalami reduplikasi tegese pakaryan iku dibolan-baleni.
Ngawe-awe teges sawantahe yaiku nindakake pakaryan nyeluk kanthi ngobhake epek-epek
tangan mangisor mandhuwur kanthi dibolan-baleni. Teges entare arupa makna emotif yaiku
ngrupakake obahe godhong keterak angin sing kaya wong ngawe-awe.
Dhata (15) ngrumpakake dhuwure gunung karo langit. Gunung panggone neng bumi
(ngisor), dene langit ing ndhuwur. Kaanane gunung sing dhuwur diumpamakake nganti
sundhul tekan langit. Ukara iki ora ngandhut pangiket utawa titikan wujud sing nuduhake
teges entar. Nanging katiti saka tegese sing ngrupa dhuwure gunung karo dhuwure langit
bisa dingerteni menawa ukara iki ngandhut teges entar, mligine makna emotif.
Makna emotif sing kinandhut sajrone rumpaka kang arupa ukara tuladhane kaya
dhata ing ngisor iki.
(16) Dalan kaya ampyang, aspalan ilang aspale.
(17) Jejering jati pindha jejere wayang, dhuwur nggayuh langit.
Dhata (16) ing ndhuwur minangka rumpakake dalan sing ora enek. Dalan sing ora
enak iku dipadhakake karo ampyang. Jinise panganan saka kacang lan gula sing wujude ora
alus. Pepindhan iki minangka makna afektif. Kalebu makna entar merga nduweni pangiket
kaya.
Dhata (17) ing ndhuwur minangka rumpakan awujud ukara camboran. Pangikete
ukara iku yaiku pindha. Jejere jati minangka sing dirupa, lan jejere wayang minangka
rumpakane. Ukara iki minangka rumpaka kang ngandhut tege emotif, yaiku ngrupa jejere jati
sing dhuwur kaya-kaya madhani dhuwure langit.
d.

Makna Gereflekter
Makna gereflekter yaiku teges sing tuwuh merga ana samubarang sing ora bisa

dipocapake, merga samubarang iku ngandhut sipat saru lan nduweni sipat-sipat mistik utawa
ngenani aspek etik lan estetika tartamtu. Makna Gereflekter tuwuh merga pananggep kita
tumrap makna liyane utawa makna konseptual sing akeh. Tuladhane yaiku tembung perek.
8

Tembung iki kasar lan ora sopan yen dipocapake. Tembung iki luwih becik diganti karo
tembung planyahan, padha tegese nanging luwih prayoga. Makna gereflekter ora
ditemokake dening panliti sajrone rumpaka. Merga makna gereflekter umume umume
tembung-tembung sing saru. Sesipatan lan kaendahane alam

kaya kang diandharake

dening Hadiwidjana (1967:68) yen ta rumpaka minangka candra ngenani gegambaran


endah-endahing alam kodrate pengeran, ora mungguh menawa ngandhut wujud sing saru
utawa ala. Mula saka iku makna gereflekter ora ditemokake sajrone rumpaka.
e.

Makna Stilistik
Makna stisistik yaiku makna kang tuwuh merga panganggone basa. Panganggone

basa ana werna-werna kayata dialek, basa resmi, basa ing pasar, lan basa ing karya sastra.
Mula makna stilistik ana gandheng cenenge karo daya, utamane pamaca. Dayane gandheng
karo emosi lan rasa. Stilistik umume diarani lelewane basa (gaya basa), yaiku carane
pangripta medhar pesen utawa informasi marang pamaca. Makna stilistik kang kinandhut
sajrone rumpaka umume ana sajrone karya sastra. Wujude frasa lan ukara. Sing awujud
frasa tuladhane kaya mangkene.
(18) wite dha jejogedan
(19) kaya-kaya mbulane lelayaran ing segara pedhut
Dhata (18) minangka ukara kang ngrupakake alam. Sing dirupakake yaiku wit, sing
dadi rumpakan yaiku joged. Ukara iku ngandhut teges entar merga nduweni teges
pepindhan, yaiku ngrupakake kahanane wit sing joged. Sing dirupa yaiku wit, lan sing dadi
rumpakan yaiku wong joged.
Dhata (19) minangka rumpakan sing uga awujud ukara camboran lan kalebu teges
entar. Pangikete ukara iku yaiku kaya-kaya. Rembulan minangka sing dirupa, lan leleyaran
minangka rumpakane ora ateges rembulane lelayaran temen, kalebu jinise makna asosiatif.
Tegese yaiku lakune rembulane dipindhanake kaya prau nerjang ombak ing segara.
(20) Angine midid ing wit kenari

Ngawe-awe mendhung ing langit Dhesember


Sansaya nggamang sansaya ireng
(21) Mangsa rendheng wis nyapa bumi

Durung-durung wis branyak kabar sengsara


Ana banjir tanpa wara-wara
Ana gunung kirim pratandha
Ana lemah jugrug ora aba ora rembug
(22) Gara-gara, kagiri-giri, gara gumita, lindhu prakempa, udan barat salah mangsa,
galudhung guntur ketug, gelap mangampar-ampar. Samodra pindha kinebur sumamkur
mandana kaya yayah ngalem dharatan.

Guritan (20) ing ndhuwur ndhuwur ngrumpakake kahanane mendhung sing bakal
dadi udan. Katiti saka tegese, sing dirupa yaiku kahanan mendhung arepe udan. Anggone
ngrumpakna kanthi nyandra liyane. Angine midi ding wit kenari ngrupa kahanane angin
sing sumilir ajeg kang nggobahake wit kenari. Dene wit kenarine kaya-kaya ngawe-awe
merga katerak angin. Dene langit Dhesember memindhanake wektu rendheng sing lumrahe
wiwit sasi November nganti Maret, lan sasi Dhesember lan Januari minangka wose wektu
udan. Mendhung ing kono digambarake saya suwe saya ireng lan bakal nuwuhake udan.
Angine midid ing wit kenari ngawe-awe. Ngawe-awe asale saka tembung awe kang
ngalami reduplikasi banjur kawuwuhan ater-ater anuswara {nga-}. {Nga-} ing kene tegese
nglakoni penggawean, lan ngalami reduplikasi tegese penggawean iku dibolan-baleni.
Ngawe-awe teges sawantahe yaiku nindakake pakaryan nyeluk kanthi ngobhake epek-epek
tangan mangisor mandhuwur kanthi dibolan-baleni. Teges entare yaiku ngrupakake obahe
godhong katerak angin sing kaya wong ngawe-awe.
Mendhung ing langit Dhesember sansaya nggamang sansaya ireng. Baris iki
minangka rumpakan kahanane mendhung. Sing dirupa yaiku mendhung ing langit, dene sing
dadi rumpakan yaiku Dhesember. Frasa langit Dhesember tegese wayah nalika mangsa
rendheng ing sasi Dhesember.
Guritan (21) ing ndhuwur minangka rumpaka kang nggambarake kahanan utawa
memindhanake musibah sing ana ing mangsa rendheng. Dhata iki kanggo ngerteni isine
kudu nganggo rasa. Merga wujud pepindhane ora katulis kanthi langsung utawa ora
nganggo pangiket utawa ater-ater anuswara. Carane negesi yaiku kanthi nganalisis isine
ngandhut pepindhan apa minangka nggambarake (wantah).
Mangsa rendheng wis nyapa bumi nduweni teges menawa mangsa rendheng wis
teka. Sing dirupa yaiku mangsa rendheng lan sing dadi rumpakan yaiku nyapa bumi. Nyapa
bumi ngandhut teges entar yaiku makna asosiatif lan ora bisa ditegesi sawantahe. Asale
saka tembung sapa oleh ater-ater anuswara {ny-} kang tegese nglakoni pakaryan. Nyapa
bumi tegese wis teka utawa wis wiwit ing bumi lan bakal terus.
Ana banjir tanpa wara-wara. Sing dirupa yaiku banjir, sing dadi rumpakan yaiku
wara-wara. Katiti saka tegese, menawa ditegesi sawantahe banjir ora bisa menehi warawara. Wara-wara minangka pakaryane manungsa. Kanggo negesi ukara frasa iku kudu
nggunakake rasa lan nalar. Adhedhasar tegese bisa ditegesi menawa tekane banjir ing
mangsa rendheng ora bisa dikira-kira, mara-mara teka wae nalika udane deres lan gote wis
kebak.
Ana gunung kirim pratandha . Sing dirupa yaiku gunung, sing dadi rumpakane yaiku
kirim pratandha. Menawa ditegesi sawantahe, gunung ora bisa ngirim. Ngirim iku kalebu
jinise pakaryane manungsa. Makna entar sing kinandhut ing rumpaka iki tegese yaiku
gunung bisa menehi pratandha menawa bakal ana musibah.

10

Ana lemah jugrug ora aba ora rembug. Lemah sajrone dhata iki minangka sing
dirupa. Sing dadi rumpakan yaiku aba lan rembug. Aba lan rembug minangka tumindake
manungsa lumantar indriya pangucap, dene alam ora bisa. Kahanane alam arupa lemah
jugrug sing mara-mara teka dipadhakake ora ngabani lan ora rembug dhisik kaya manungsa.
Kanggo negesi makna asosiatif sajrone rumpaka ing guritan iki kudu nggunakake rasa lan
nalar kita.
Dhata (22) ing ndhuwur nggambarake kahanan bencana alam. Dhata ing ndhuwur
nggambarake kahanan lindhu gedhe, tsunami, udhan deres, kaya-kaya kiyamat.Samora
pindha kinebur sumamkur mandana kaya yayah ngalem dharatan. Ukara iki kalebu ukara
camboran sungsun sing ngemu teges pepindhan. Pangiket sing digawe yaiku pindha lan
kaya. Ukara iki ngambarake bencana tsunami, yaiku banyu segara sing munggah menyang
dharatan lan ngrusak sembarange. Dhata iku kalebu makna stilistik. Merga angone
memindhanake nggunaake basa sing endah.
C. Dudutan
Candra kang gegayutan karo kahanane alam diarani rumpaka. Jinise akeh, kayata
candrane alam ing padesan, segara, wayah esuk, wayah sore, wayah bengi, lan
sapanunggale. Titikane rumpaka yaiku ngemu teges pepindhan lan memindhanake utawa
nggambarake kaya samubarang. Kanggo negesi maknane panyandra minangka jinis
lelewane basa sing ngandhut makna entar saliyane saka wujud kabasane uga nganggo
pangrasa. Makna entar minangka teges sing nuduhake utawa nggambarake sing ora
salugune. Negesi tetembungan, frasa, utawa ukara sing ngandhut teges entar kudu
nggunakake pangrasa merga basane sing ora lumrah yen ditegesi sawantahe. Makna entar
sing kinandhut sajrone rumpaka yaiku makna asosiatif, makna emotif, makna stilistik, lan
makna afektif. Makna gereflekter ora ditemokake dening panliti sajrone rumpaka merga
rumpaka minangka gegambaran endah-endahe alam kodrete pengeran. Panliti ngangep yen
kodrate pengeran iku ora ana sing saru. Kabeh mau cinipta kanthi sampurna.

Kapustakan
Chaer, Abdul. 1990. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta.
Dwidjahaspara, Mas Sumardji. 2001. Kasusastran Jawi. Malang: LPPBJ Jawa Timur.
Hadiwidjana, RDS. 1967. Tata Sastra. Yogyakarta: UP Indonesia.
Karsana, Adi.

. Kumpulaning Kawruh Basa Jawi Pepak. Surabaya: Cahaya Pelangi.

Leech, Geoffrey. 2003. Semantik. Yogjakarta: Pustaka Pelajar.


Padmosoekotjo, S.1955. Ngengrengan Kasusastran Djawa I. Yogyakarta: Hien Hoo Sing.
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawi. Batavia: N.V. Groningen.
11

Subagyo, Rahmad. 2011. Titi Ukara Basa Jawa. Surabaya: CV Bintang


Tarigan, Henry Guntur. 1985. Pengajaran Semantik. Bandung: Angkasa Bandung

12

Anda mungkin juga menyukai