Anda di halaman 1dari 65

MODUL BAHASA DAERAH

SMKN 1 BAGOR
SEMESTER GANJIL
TAHUN 2022

Disusun Oleh:
TIM BAHASA DAERAH
BELLA BELLINDA, S.Pd.

KELAS XI
2022
KATA PENGANTAR

Alhamdulillah, segala puji bagi Allah, Tuhan semesta alam atas berkat dan karunia
yang diberikan modul pembelajaran bahasa daerah kelas XI dapat diselesaikan. Modul ini
memuat pembelajaran bahasa daerah kelas XI untuk satu tahun ajaran. Modul ini tidak akan
selesai dengan baik tanpa dukungan dan bantuan dari pihak-pihak yang terkait yang tidak
dapat saya sebutkan satu persatu. Akhir kata, semoga modul ini berguna bagi siapa pun yang
berkenan meluangkan waktu dan membuka pikiran untuk membacanya. Saya menghargai
segala masukan terhadap modul ini.
Satuan Pendidikan SMK : SMKN 1 BAGOR
Guru Mata pelajaran : Bahasa Daerah
Jenjang : SMK
Kelas : XI
Materi Ruang Lingkup : Geguritan
Alokasi Waktu : 12 JP

B. KOMPETENSI AWAL: Peserta didik sudah memahami dasar-


dasar bahasa daerah di SMP

C. PROFIL PELAJAR PANCASILA


- Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan YME dan berakhlak mulia
- Mandiri
- Bernalar Kritis
- Kreatif

D. SARANA DAN PRASARANA


Video, laptop, LCD proyektor
Papan Tulis

E. MODEL PEMBELAJARAN
(dilaksanakan secara blended learning)

II. KOMPONEN INTI


A. TUJUAN PEMBELAJARAN
Setelah mempelajari materi ini diharap siswa dapat :
- Menganalisis struktur teks geguritan
- Mengidntifikasi teks geguritan
- Mengidentiikasi pesan/ amanat dalam teks geguritan
- Memparafrase teks geguritan
- Membaca indah tks geuritan
- menanggapi pembaca teks geguritan

B. PEMAHAMAN BERMAKNA
Penerapan materi ini mampu menerapkan tentang mengapresiasi sebuah karangan teks
berbentuk geguritan

C. PERTANYAAN PEMANTIK
- Mengapa kita harus belajar geguritan?
- Apa pentingnya penerapan geguritan dalam kehidupan?
Kegiatan Pembelajaran

Pendahuluan
- Peserta didik berdoa.
- Peserta didik diberi kesempatan melakukan refleksi awal terkait pemahaman awal
materi yang akan dibahas, hal yang perlu dipersiapkanuntuk belajar dan hal yang
harus dikembangkan.
- Guru menyediakan daftar istilah penting dan pengertiannya pada bahan ajar untuk
membantu peserta didik yang belum
memiliki pengetahuan cukup terkait materi yang akan dibahas.
- Peserta didik membaca tujuan pembelajaran/ petunjuk hand out/petunjuk kegiatan.

Kegiatan Inti
- mengamati
- menanya
- mengumpulkan informasi
- mengomunikasikan

Penutup
- Melakukan refleksi pembelajaran.
- Menyimpulkan pembelajaran.
- Memberikan motivasi.
- Menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan
selanjutnya.
- Berdoa

D. ASESMEN
-Asesmen diagnostik non kognitif dan kognitif sebelum pembelajaran
- Asesmen Formatif tidak tertulis berupa laporan hasil kajian, observasi, jurnal anekdot serta
performa saat pembelajaran
- Asesmen sumatif tertulis pada akhir pembelajaran berupa soal pilihan ganda

E. PENGAYAAN DAN REMEDIAL


- Bagi peserta didik yang belum paham/belum terampil akan dilakukan pendampingan oleh
guru
- Bagi peserta didik yang sudah paham seutuhnya diberikan pengayaan dan melanjutkan ke
tujuan pembelajaran berikutnya
F. REFLEKSI PESERTA DIDIK DAN GURU
Bagi peserta didik:
- Kendala apa yang dialami dalam proses pembelajaran?
- Apa saja upaya yang kalian lakukan untuk mengatasi kendala tersebut?

Bagi Guru:
- Hal apa saja yang belum terlaksana dengan maksimal dalam
pembelajaran? faktor apakah yang menyebabkannya?
- Bagaimana upaya tindak lanjut untuk memaksimalkan pelaksanaan
pembelajaran tersebut
MATERI AJAR

GEGURITAN

PIWUCAL
Geguritan utawi guritan aslinipun saking tembung lingga gurit, tegesipun :
1.   Tulisan ingkang awujud tatahan
2.   Kidung utawi tembang

Nggurit tegesipun :
1.   Ngarang tembang utawi kidung, utawi rerepan
2.   Nglakokaken tembang utawi kidung

Miturut kamus utawi bausatra, geguritan menika uran-uran utawi karangan kang pinathok


kados tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun boten ajeg. Menawi
miturut Sadlidinata (1994:45), geguritan inggih menika iketaning basa ingkang memper syair
(syair jawi gagrag enggal). Wonten malih ingkang mastani tembung gegurit asalipun saking
tembung gerita. Tembung gerita lingganipun gita, tegesipun tembung utawi syair geguritan
jawi sakawit dipun panggihaken wonten ing tembang-tembang dolanan.
   Samenika wujud wohing kasusatran piisi warni-warni wujud dhapukanipun. Adhedasar
dhapukanipun ukara lan pangrakiting tembung, warni-warni araning geguritan kados wonten
ngandap menika:

1.     Syair kalih gatra sapadan aran gita dwigatra


2.     Syair  tigang gatra sapadan aran gita trigatra
3.     Syair sekawan gatra sapadan aran gita caturgatra
4.     Syair gangsal gatra sapadan aran gita pancagatra
5.     Syair enem gatra sapadan aran gita sadgatra
6.     Syair pitu gatra sapadan aran gita saptogatra
7.     Syair wolu gatra sapadan aran gita hastagatra
8.     Syair sanga gatra sapadan aran gita nawagatra
9.     Syair-syair dhapur sonata
10.   Syair bebas

JINISIPUN GEGURITAN
Geguritan jinisipun wonten kalih :
1. Geguritan gagrak lawas
Geguritan menika ngginakaken basa jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh
tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi kalebet
golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara.

Paugeranipun geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika:


a.   Cacahipun gatra mboten ajeg, nanging lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan gatra.
b.   Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami
c.   Dong-ding utawi guru lagunipun sedaya manggen wonten wekasipun gatra runtut inggih
punika ngangge purwakanti guru swara.
d.   Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun gegurit” nanging
mboten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun
gegurit” naming wonten nginggil piyambak.

Tuladha:
Sun gegurit,
Wateke wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakeh janji

2. Geguritan gagrak anyar


Geguritan gagrag anyar ngginakakén basa Jawa jaman samenika lan dipunserat ngangge
aksara latin, lan sampun ngginakakén kertas/ dluwang. Geguritan gagrag anyar mboten
kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan mboten ngangge tembung “sun gegurit”,
sampun mboten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, pramila jinising
geguritan gagrag anyar menika saged dipunwastani puisi Jawa bebas.
Titikane geguritan yaiku :
1. duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan
guru gatra
2. duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e
3. duweni bahasa ingkang endah lan mentes
4. Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang
geguritan

Unsur - unsur intrinsik 


Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur
intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
1. Tema
2. Bahasa kang endah
3. Judul Geguritan
4. Diksi
5. Citra
6. Purwakanthi
7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan

Jinising Geguritan
Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran

Syarat maca Geguritan


Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco
geguritan . Syarat syarate yaiku :
1. Wirama -->  Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
2. Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
3. Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
4. Wicara --> lancar orak e moco geguritan

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cara milih salah siji wangsulan kang
kokanggep bener!
1. Miturut wektu panulise, geguritan kaperang dadi apa wae? 
a. Gagrag surakarta lan gagrag anyar
b. Gagrag anyar lan gagrag moderen
c. Gagrag lawas lan gagrag anyar
d. Gagrag lawas lan gagrag surabaya 

2. Ing ngisor iki kang kalebu titikane geguritan gagrag lawas yaiku... 
a. Asipat mardika 
b. Ora kaiket paugeran 
c. Guru lagune bebas 
d. Nggunakake purwakanthi guru swara 

3. Geguritan kang panulise mardika utawa ora kaiket paugeran diarani geguritan... 
a. Gagrag surakarta 
b. Gagrag lawas 
c. Gagrag anyar 
d. Gagrag lawas lan anyar 

4. Geguritan gagrag lawas tansah kawiwitan kanthi ukara...., 


a. Sun amiwiti 
b. Sun blenjani 
c. Sun gegurit 
d. Sun ambabar 

5. Geguritan kang tansah nggunakake purwakanthi guru swara ing wanda pungkasane gatra
diarani geguritan... 
a. Geguritan prismatis 
b. Geguritan gagrag lawas 
c. Geguritan profan 
d. Geguritan gagrag anyar 

6. Ora kaiket paugeran, ora kudu nganggo sun gegutrit, asipat mardika. Kabeh mau mujudake
titikane... 
a. Geguritan 
b. Artikel 
c. Geguritan anyar 
d. Geguritan prismatis 

7. Tansah nggunakake basa saben dina, lan gampang dingerteni amerga maknane sinurat.
Kabeh mau mujudake titikane geguritan.. 
a. Geguritan profan 
b. Geguritan katresnan 
c. Geguritan prismatis 
d. Geguritan prafon 
8. Prelu pemahaman kang luwih jero, nganggo tembung-tembung kang angel dingerteni
mujudake titikane geguritan.... 
a. Profan 
b. Gagrag anyar 
c. Prismatis 
d. Gagrag lawas 

9. Basa rinengga kang kerep digunakake sajrone geguritan prismatis nduweni teges... 
a. Basa kang dipaesi supaya dadi endah 
b. Basa kang ndakik 
c. Basa kang alus 
d. Basa kang diganti tegese 

10. Geguritan gagarag anyar ana kang awujud pada lan ora awujud pada. 
Tegese “Pada” padha karo... 
a. Larik 
b. Bait 
c. Gatra 
d. Wanda 

11. Puisi Jawa modern uga diarani 


a. Geguritan 
b. Mburitan 
c. Ngguritan 
d. Gegurutan 

Anak Wedok Anak Lanang 


Dening : Sudi Yatmana 
Anak wedok 
Apa kowe bisa nglangi 
Ingih bapak kula cobi 
Nglangi ana ngendi 
Ing bebrayan ing sesami 
Anak lanang 
Apa kowe wani perang 
Inggih ibu kula rancang 
Perang ana ngendi 
Ing nepsu dhiri pribadhi 

12. Geguritan ing ndhuwur irah-irahane yaiku... 


a. Anak wedok sing tak tresnani 
b. Anak lanang sing dakgadhang 
c. Anak wedok anak lanang 
d. Anak wedok sing dakgadhang 

13. Geguritan ing ndhuwur dianggit dening... 


a. Yatmana Atmaja 
b. Sudi Yatmana 
c. Atmaja Suyatmana 
d. Atmaja Dirja 
14. Geguritan ing ndhuwur dumadi saka.... pada lan ... gatra 
a. 10 pada, 2 gatra 
b. 2 pada, 5 gatra 
c. 2 pada, 10 gatra 
d. 5 pada, 2 gatra 

15. Geguritan ing ndhuwur nggunakake rima... 


a. Aabb 
b. Aaaa 
c. Rima ora teratur/bebas 
d. Abab 

(Wacan kanggo soal no 16 – 19)


Bektiku Kagem Biyung 
(dening : Wiratno) 
Biyung.... 
Rikala aku kesandhung 
Biyung sing tetulung 
Rikala aku lagi mendhung 
Biyung bingung golek colok lan payung 
Rikala aku lara lapa 
Biyung mubeng golek tamba 
Rikala aku kena prakara 
Biyung melu kalunta – lunta 

Kapetik saka : Sumardi, LKS Medali 

16. Geguritan iku anggitane sapa.... 


a. Sumardi 
b. Biyung 
c. Aku 
d. Wiratno 

17. Geguritan ing ndhuwur kalebu geguritan... 


a. Profan 
b. Prismatis 
c. Bebas 
d. Kaiket 

18. Geguritan iku ana pirang gatra.... 


a. 6 gatra 
b. 7 gatra 
c. 8 gatra 
d. 9 gatra 

19. Tembung “Biyung” ing geguritan iku duwe teges pada karo tembung.... 
a. Embah 
b. Bapak 
c. Ibu 
d. Adik 

20. 1. Mangerteni isi 


2. gatekake pocapan 
3. meragakake kanthi nesu 
4. meragakake kanthi ekspresi 
5. diwaca kanthi bengok – bengok 
Sing kalebu carane maca geguritan sing bener yaiku.... 
a. 1, 2, 3 
b. 1, 2, 4 
c. 2, 4, 5 
d. 3, 4, 5 

(Kanggo soal no 21-24)


Lumunturing Budaya 
(dening : Ki Andanawarih) 
Pemudha pemudhi jaman saiki 
Unggah-ungguh basa wis dilirwakake 
Tata krama wis ditinggalake 
Tata wicara wis ninggalake subasita 
Apa sing salah sekolah? 
Apa sing salah ibu bapak? 
Apa kabeh salah? 
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake 
Wis arep luntur amarga pokale kita dhewe 

21. Apa irah-irahan geguritan kasebut? 


a. Ki Andanawarih 
b. lumunturing Budaya 
c. unggah-ungguh basa 
d. budaya bangsa ditinggalake 
 
22. geguritan ing nduwue kalebu geguritan... 
a. gagrag lawas, profan 
b. gagrag anyar, profan 
c. gagrag lawas, prismatis 
d. gagrag anyar, prismatis 

23. Anggitane sapa geguritan kasebut ? 


a. Ki Andanawarih 
b. Ki Noto negoro 
c. Ki Andana warih 
d. Ki Narto sabdo 

24.Saka geguritan kasebut,amanat kang bisa dijupuk kanggo pemudha pemudhi saiki
yaiku.... 
a. rumangsa wis maju ora perlu gawe budaya bangsa 
b. budaya bangsa ora perlu di gawe,sing digawe niru perilaku budaya negara liya. 
c. budaya bangsa ora bisa diterapake ing negara kita 
d. budaya bangsa kudu dijaga,diamalake lan dijaga kelestariane. 
25. Bedane geguritan gagrag lawas lan gagarag anyar yaiku... 
a. gagrag lawas kaiket paugeran, gagarag anyar mardika
b. gagrag lawas mardika. Gagrag anyar kaiket paugeran
c. gagrag lawas ora diwiwiti sun gegurit, gagrag anyar diwiwiti sun gegurit.
d. loro-lorone ora kaiket paugeran.
Satuan Pendidikan SMK : SMKN 1 BAGOR
Guru Mata pelajaran : Bahasa Daerah
Jenjang : SMK
Kelas : XI
Materi Ruang Lingkup : Upacara Adat Mantu
Alokasi Waktu : 12 JP

B. KOMPETENSI AWAL
Peserta didik sudah memahami dasar- dasar Bahasa Daerah di SMP,

C. PROFIL PELAJAR PANCASILA


- Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan YME dan berakhlak mulia
- Mandiri
- Bernalar Kritis
- Kreatif

D. SARANA DAN PRASARANA


Video, laptop, LCD proyektor
Papan tulis

E. MODEL PEMBELAJARAN
Dilaksanakan secara blended learning

II. KOMPONEN INTI


A. TUJUAN PEMBELAJARAN
Setelah mempelajari materi ini diharapkan siswa dapat :
- mengidentifikasi karakteristik salah satu egiatan upacara adat
- menjelaskan pesan moral dalam upacara adat
- memberi tanggapan dalam peristiwa budaya
- mengomentari kegiatan upacara adat
- mendemontrasikan salah satu kegiatan upacara adat
- mengunggah laporan kegiatan upacara adat ke internet

B. PEMAHAMAN BERMAKNA
Penerapan metode ilmiah tentang permasalahan pada obyek bahasa daerah yaitu wayang
dalam kehidupan sehari-hari.

C. PERTANYAAN PEMANTIK
- Mengapa kita harus belajar upacara adat mantu?
- Apa pentingnya penerapan upacara adat mantu dalam kehidupan?

Kegiatan Pembelajaran

Pendahuluan
- Peserta didik berdoa.
- Peserta didik diberi kesempatan melakukan refleksi awal terkait pemahaman awal
materi yang akan dibahas, hal yang perlu dipersiapkanuntuk belajar dan hal yang
harus dikembangkan.
- Guru menyediakan daftar istilah penting dan pengertiannya pada bahan ajar untuk
membantu peserta didik yang belum memiliki pengetahuan cukup terkait materi yang
akan dibahas.
- Peserta didik membaca tujuan pembelajaran/ petunjuk hand out/petunjuk kegiatan.

Kegiatan Inti
- mengamati
- menanya
- mengumpulkan informasi
- mengomunikasikan

Penutup
- Melakukan refleksi pembelajaran.
- Menyimpulkan pembelajaran.
- Memberikan motivasi.
- Menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan
selanjutnya.
- Berdoa

D. ASESMEN
-Asesmen diagnostik non kognitif dan kognitif sebelum pembelajaran
- Asesmen Formatif tidak tertulis berupa laporan hasil kajian, observasi, jurnal anekdot serta
performa saat pembelajaran
- Asesmen sumatif tertulis pada akhir pembelajaran berupa soal pilihan ganda
E. PENGAYAAN DAN REMEDIAL
- Bagi peserta didik yang belum paham/belum terampil akan dilakukan pendampingan oleh
guru
- Bagi peserta didik yang sudah paham seutuhnya diberikan pengayaan dan melanjutkan ke
tujuan pembelajaran berikutnya
F. REFLEKSI PESERTA DIDIK DAN GURU
Bagi peserta didik:
- Kendala apa yang dialami dalam proses pembelajaran?
- Apa saja upaya yang kalian lakukan untuk mengatasi kendala tersebut?

Bagi Guru:
- Hal apa saja yang belum terlaksana dengan maksimal dalam pembelajaran? faktor apakah
yang menyebabkannya?
- Bagaimana upaya tindak lanjut untuk memaksimalkan pelaksanaan pembelajaran tersebut?
MATERI AJAR

Upacara Penganten Adat Jawa

       Upacara penganten adat jawa iku sawijine Upacara sakral adat jawa kang duwe urut-
urutaning upacara lan tata cara kang wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangake
pertemuan antarane penganten putri lan penganten kakung ing swasana kang mligi lan di
lambangake dadi pasangan raja lan ratu.
       Rangkeyan inti upacara umume diselenggarakake ing daleme penganten putri, kang dadi
penyelenggaraan utawa tuwan omah yaiku wong tuwa utawa kulawarga penganten putri.
Nanging, tetep dibiyantu kulawarga penganten kakung. Rangkeyan upacara pengantenan adat
jawa iku seje – seje miturut dhaerah uga diselenggarakake salaras kahanan ekonomi sosial
kaluwargane.
Rerangkening upacara pengantenan nglimput 16 upacara, yaiku :
1.         LAMARAN
Upacara lamaran yaiku upacara kanggo nrima kulawarga calon penganten kakung ing daleme
calon penganten putri. Upacara iki dadi tandha menawa wong tuwa utawa kaluwarga manten
putri sarujuk yen putrine di dadekake pasangan kaleh manten kakung. Ing acara lamaran iki
biasane sekalian kanggo nentokake dino utawa tanggal penyelenggaraane rerangkeyan
upacara liyane.
2.         SIRAMAN

Acara Siraman yaiku upacara kang sejtine dadi pralambang kanggo ngresekake jiwane calon
penganten. Upacara iki diselenggarakake sedina sadurunge ijab kabul lan dilakokake ing
omah masing – masing calon manten.
3.         MIDADARENI

Tembung Midadareni asale saka basa jawa yaiku Widadari utawa Bidadari ing basa
Indonesia. Oleh menika Midadareni yaiku upacara kang ngandhung makna menawa bengi
sadurunge acara pengantenan iku, kabeh widadari mudhun saka suwarga aweh pangestu uga
penganten putri bakal dadi ayu kaya widodari. Ing acara iki penganten putri ora oleh metu
saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sadulur – sadulure
putrine.
4.         SRAH – SRAHAN

Srah-srahan iku diarani  uga “asok tukon” yaiku pehak kakung nyerahkake ubarampe lan
beaya kang bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan.
5.         IJAB KABUL

Ijab Kabul yaiku sawijine rerangkening pengantenan kang nuduhake menawa penganten
kakung kuwi ngucapkake janji ing ngendi kuwi didelok karo wong akeh kanggo saksi
menawa nikahipun sampun sah.
6.         UPACARA PANGGIH
Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan dilehkake ing prapatan cedhak
omah kang tujuwane kanggo gusir roh jahat. Upacara Panggih dhewe yaiku tetemune
penganten putri lan penganten kakung saperlu nerusakake upacara balng suruh, wiji dadi,
pupuk, sinduran, timbang, kacar kucur, dhahar klimah, mertui, lan sungkeman.
7.         UPACARA BALANGAN SURUH

Upacara balang suruh yaiuku upacara kang dadi pralambangan sih katresanan lan kasetiaan
ing antarane penganten kakung lan putri.
8.         UPACARA WIJI DADI

Upacara Wiji Dadi yaiku uapacara mingangka penganten kakung ngidak endhog pitik nganti
pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikile penganten kakung nganggo banyu
kembang. Upacara iki uga dadi pralambang sawijining kepala kulawarga sing tanggung
jawab mrig kulawarga.

9.         PUPUK
Upacara Pupuk yaiku upacara dene ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu
kakung lan menehi ngombe minangka tandha eklas nampa dadi bageane kulawarga.
10.     SINDURAN

Upacara Sinduran yaiku Lumampah alon-alon penganten kakung lan penganten putri kanthi
nyampirake kain sindur kang ditarik kalih bapake penganten putri minangka tandha
penganten sakloro wis di tinampa dadi kulawarga.
11.     TIMBANG

Upacara Timbang yaiku minangka penganten kakung lan putri lungguh ing pangkone bapake
penganten putri kang dadi pralambangan sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantune
saha besan.
12.     KACAR-KUCUR
Kacar-kucur yaiku Upacara kang migunakake awujud dhuwit receh, beras, lan ubarampe
liyane kang dikucurake ana pangkone penganten putri minangka pralambang aweh nafkah.
13.     DHAHAR KLIMAH

Dhahar Klimah yaiku upacara kang dilakoni kanti cara penganten kakung lan penganten putri
dhahar dulang dulangan minangka kang dadi pralambang penganten kakung lan putri bisa
urip seneng lan susah kanthi bebarengan.

14.     MERTUI
Mertui yaiku upacara kang dilakoni kanthi cara wong tuwane penganten putri methuk wong
tuwane penganten kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak ing acara resepsi.
15.     SUNGKEMAN

Sungkeman yaiku Penganten kakung lan penganten putri sungkem nyuwun pangestu marang
wong tuwa.

16.     KENDUREN/RESEPSI

Keduren utawa resepsi yaiku puncake acara pengantenan kang duweni makna upacara
slametan, slamet amarga acarane inti ijab kabul wis sampun diselenggarakake, lan biyasane
ing acara iki pasangan penganten nrima ucapan slamet saka kerabat, kanca, uaga kabeh sing
hadir ing acara pengantenan.
1. Upacara adat jawa kanggo nylameti ibu sing lagi ngandhut pitung sasi(ulan)....
A. tingkeban
B. sekaten
C. mantenan
D. undhuh-undhuh
E. ngideg antiga

2. Ing upacara mantenan ana kagiyatan kang diarani ngidak antiga. Ndhog kang digawe ing kono
yaiku...
A. Ndhog pitik jawa
B. Ndhog asin
C. Ndhog pitik potong
D. Ndhog banyak
E. Ndhog bebek

3. pacara adat sing dianakake dening agama kristen yaiku...


A. Undhuh-undhuh
B. Kebo-keboan
C. Tingkeban
D. Ngundhuh mantu
E. Sekaten

4.Upacara adat kanggo nylameti bocah sing umur 7 utawa 8 sasi...

A. Tedhak siten
B. Tingkeban
C. Mantenan
D. Ngunduh mantu
E. Larung saji

5. Salah siji uba rampe sing ana ing upacara adat tedhak siten...

A. Kurungan pitik
B. Apel abang
C. Ndhas wedhus
D. Apem
E. Sega rawon
Satuan Pendidikan SMK : SMKN 1 BAGOR
Guru Mata pelajaran : Bahasa Daerah
Jenjang : SMK
Kelas : XI
Materi Ruang Lingkup :Pranatacara
Alokasi Waktu : 12 JP

B. KOMPETENSI AWAL
Peserta didik sudah memahami dasar-
dasar Bahasa Inggris di SMP

C. PROFIL PELAJAR PANCASILA


- Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan YME dan berakhlak mulia
- Mandiri
- Bernalar Kritis
- Kreatif

D. SARANA DAN PRASARANA


Video, laptop, LCD proyektor
Papan tulis

E. MODEL PEMBELAJARAN
Dilaksanakan secara blended learning

II. KOMPONEN INTI


A. TUJUAN PEMBELAJARAN
Setelah mempelajari materi ini diharapkan siswa dapat :
- mengidentifiasi struktur teks pewara
- menganalisis struktur teks pewara
- mengidentifikasi teks pidato
- menganalisis struktur teks pidato
- menganalisis perbedaan kebahasaan dalam teks pewara dan pidato
- menjelaskan kriteria menjadi pewara yang baik
- menjelaskan kriteria orator yang baik

B. PEMAHAMAN BERMAKNA
Penerapan metode ilmiah tentang permasalahan pada obyek bahasa daerah yaitu sandiwara
dalam kehidupan sehari-hari

C. PERTANYAAN PEMANTIK
- Mengapa kita harus belajar pranatacara?
- Apa pentingnya penerapan pranatacara dalam kehidupan?

Kegiatan Pembelajaran
Pendahuluan
- Peserta didik berdoa.
- Peserta didik diberi kesempatan melakukan refleksi awal terkait pemahaman awal
materi yang akan dibahas, hal yang perlu dipersiapkan untuk belajar dan hal yang
harus dikembangkan.
- Guru menyediakan daftar istilah penting dan pengertiannya pada bahan ajar untuk
membantu peserta didik yang belum memiliki pengetahuan cukup terkait materi yang
akan dibahas.
- Peserta didik membaca tujuan pembelajaran/ petunjuk hand out/petunjuk kegiatan.

Kegiatan Inti
- mengamati
- menanya
- mengumpulkan informasi
- mengomunikasikan

Penutup
- Melakukan refleksi pembelajaran.
- Menyimpulkan pembelajaran.
- Memberikan motivasi.
- Menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan
selanjutnya.
- Berdoa

D. ASESMEN
- Asesmen diagnostik non kognitif dan kognitif sebelum pembelajaran
- Asesmen Formatif tidak tertulis berupa laporan hasil kajian, observasi, jurnal anekdot serta
performa saat pembelajaran
- Asesmen sumatif tertulis pada akhir pembelajaran berupa soal pilihan ganda

E. PENGAYAAN DAN REMEDIAL


- Bagi peserta didik yang belum paham/belum terampil akan dilakukan pendampingan oleh
guru
- Bagi peserta didik yang sudah paham seutuhnya diberikan pengayaan dan melanjutkan ke
tujuan pembelajaran
berikutnya
F. REFLEKSI PESERTA DIDIK DAN GURU
Bagi peserta didik:
- Kendala apa yang dialami dalam proses pembelajaran?
- Apa saja upaya yang kalian lakukan untuk mengatasi kendala tersebut?

Bagi Guru:
- Hal apa saja yang belum terlaksana dengan maksimal dalam
pembelajaran? faktor apakah yang menyebabkannya?
- Bagaimana upaya tindak lanjut untuk memaksimalkan pelaksanaan
pembelajaran tersebut
MATERI AJAR
.
Pranatacara
A.  Pemahaman Pranatacara
1.   Hakikat  Pranatacara
Nagari Indonesia kadadosan saking maewu-ewu pulo saha maneka warni kabudayan.
Kawontenan ingkang mekaten menika njalari tuwuhing tatacara ingkang mawarni-warni.
Tatacara mujudaken peranganing warisanipun para leluhur ingkang perlu dipunpepetri sarta
dipunlestantunaken. Kanthi nindakaken tatacara kados ingkang dipunlampahi dening para
sepuh ing jaman rumiyin ateges sampun tumut ngleluri kabudayaning bangsa. Kanthi punika
kapanggalih perlu wontenipun wewaton sawatawis minangka panglimbang saha ancer-ancer
amrih lampahing upacara saged tumata sae tuwin rancag. Ing adat sabenipun, masyarakat
Jawa ngresaya dhateng tiyang ingkang kaanggep nggadhahi kawasisan ing bab olah basa
tuwin sastra supados ndherekaken lampahing upacara ngantos paripurna ingkang asring
sinebat panata laksana, paniti laksana, utawi panatacara.
Pranatacara utawi pidhato limrah sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan,
pamanggih, utawi osiking manah sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah. Menawi
mekaten sawenehing tiyang ingkang kapatah dados panata titi laksana utawi paniti laksana
menika ugi kalebet ewoning tiyang Pranatacara, ananging beda jejibahan. Pidhato utawi
wicantenan ing sangajengipun tiyang kathah menika boten gampil, pramila kedah
dipunsamektakaken sangunipun saha asring dipungladhi utawi dipunlatih. Kanthi mekaten,
jinisipun pidhato utawi Pranatacara saged kabedakaken dados warni sekawan, inggih menika:
1.   Pranatacara kanthi cara apalan
Pranatacara menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato langkung rumiyin
lajeng  dipun-apalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks kala
wau. Dados, ayahanipun boten mawi pamanggih-pamanggih enggal amargi sampun kapurba
dening teks (cathetan). Adhakanipun, menawi apalanipun wonten ingkang supe, lajeng saged
ndadosaken supe sanesipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare
ingkang nembe gladhen utawi ajar.
2.   Pranatacara kanthi cara maos naskah utawi teks
Pranatacara kanthi maos naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu
mbekta naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipun-apalaken. Pranatacara
kanthi cara menika gadhah ancas supados boten mlenceng saking tujuwan sakawit, boten
klentu saha wekdalipun winates.
3.   Pranatacara kanthi cara dadakan utawi impromptu
Pranatacara cara dadakan menika cara pidhato ingkang boten kanyana-nyana
saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe dipun-aturi ngayahi pidhato kanthi
dadakan ing sawijining acara mila lajeng dipun-aturi pidhato ngaten kemawon. Mila,
piyantun ingkang kapiji kedah ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa medhar
sabda. Sangunipun cara Pranatacara dadakan menika kedah trampil ing pamicara saha kathah
pengalaman lan seserepan.
4.   Pranatacara kanthi cara ekstemporan
Pranatacara cara ekstemporan inggih menika juru pamedhar sabda ngasta cathetan alit
minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken.
Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng babagan ingkang badhe dipun-aturaken.
Ing salajengipun salebeting Pranatacara dipunrembakakaken kanthi pamanggih-pamanggih
enggal ingkang salaras kaliyan swasana utawi keperluan.
Pranatacara, miturut isi lan basanipun, gadhah sipat-sipat: ringkes lan prasaja,
basanipun rowa lan rinengga, populer, ilmiah, mligi utawi umum.
Kejawi punika, nalika nindakaken Pranatacara sawijining paraga kedah anggadhahi
sangu utawi syarat:
1.    Patrap utawi sikep
Patrap utawi sikep rikala Pranatacara kedah nedahaken tata krami utawi trapsila,
inggih menika solah bawa utawi tindak-tanduk ingkang prasaja, menapa wontenipun, boten
dipundamel-damel. Mimik utawi ewahing pasuryan katingal sumringah anengsemaken
amargi swasananipun swasana remen. Ebahing perangan badan ugi kaginakaken kangge
nambahi gesanging pangandikan, upaminipun: njlentrehaken kanthi raos semangat makantar-
kantar tamtu kemawon astanipun juru pamedhar sabda ngetingalaken raos semangat
upaminipun kanthi ngepel asta. Ing upacara pangrukti layon sasaged-saged ngetingalaken
raos sedhih utawi ndherek ngraosaken duhkita.
2.    Busana lan ngadi sarira
Nalika nindakaken ayahan Pranatacara, busananipun lan ngadi sariranipun pamedhar
sabda kedah dipunlarasaken kaliyan kawontenan. Menika jumbuh kaliyan paribasan “ajining
sarira saking busana”. Liripun, ing salebeting pasamuan sampun ngantos karana busana
ingkang boten trep (‘norak’) ndadosaken asor prabawanipun; uger saweg dados punjering
kawigatosan tumraping para rawuh.

3.    Basa lan sastra


Basa menika minangka pirantos utawi sarana lelantaran, sesambetan, utawi lung-
tinampen kaliyan para tamu ingkang mirengaken. Mila, basanipun boten basa dakik-dakik,
ingkang tetembunganipun boten dipunmangertosi ing akathah. Salajengipun, basa ingkang
gampil dipuntampi utawi basa komunikatif tuwin trep utawi pas ing panganggenipun kedah
migatosaken:
a.       sinten ingkang gineman
b.      sinten ingkang dipunajak gineman
c.       sinten ingkang dipunginemaken
d.      swasana nalikanipun gineman
e.       sami mangertosi ingkang dipunginem.

Dados, kirang trep menawi anggenipun nindakaken Pranatacara mligi ngginakaken


basa apalan, langkung sae mangertosi kabetahan saha swasana nalikanipun saweg
pangandikan, saged mulur mungkret ngengeti swasana, wekdal, lan kabetahanipun.

Sipat-Sipating Pranatacara miturut Ancas utawi Tujuan:


1.      Pranatacara pambagyaharja
2.      Pranatacara mamitaken jenazah
3.      Pranatacara ngarahaken sawijining bab ing pakempalan
4.      Pranatacara ngresmekaken (madegipun papan pangibadahan, tetenger, lsp.)
5.      Pranatacara pamedhar sabda
6.      Pranatacara palapuran (ing pakempalan, organisasi koperasi, lsp.)

Sipat-Sipating Pranatacara miturut Isi lan Basa:


1.      Pranatacara ringkes lan prasaja
2.      Pranatacara rowa lan rinengga
3.      Pranatacara popular
4.      Pranatacara ilmiah
5.      Pranatacara mligi utawi umum
Cengkorongan Medhar Sabda:
1.      Salam pambuka
2.      Atur puji syukur dhateng Gusti Allah
3.      Atur kasugengan, kairing atur panuwun
4.      Wedharing gati utawi wosing medhar sabdha (isining Pranatacara)
5.      Atur nyuwun pangapunten (tumrap ingkang kagungan karsa)
6.      Panutuping atur/ salam
         
Tuladha Teks Pranatacara:
PANATACARA ING ADICARA SYAWALAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Karaharjan, katentreman sarta kabagyan paring dalem Allah ingkang Maha Asih, mugi tansah
kajiwa kasarira dhumateng panjenenganipun para rawuh ingkang minulya.
Nuwun, para pepundhèn, para sesepuh saha para pinisepuh ingkang dahat kinabektèn. Para
pangembating  praja  ingkang  sinudarsana.  Bapak-bapak,  ibu-ibu,  para  kadang  sepuh 
anem,  para rawuh kakung miwah putri ingkang sinuba ing pakurmatan.
Keparenga  kula  mambeng  saha  nggempil  kamardikan  panjenengan  sadaya,  awit  kula 
piniji
saking panitya, kinèn ngaturaken urut reroncèning acara ing wekdal menika. Namung
sadèrèngipun kula ngaturaken  rantamaning acara menika, sumangga kula dhèrèkaken
ngonjukaken puji syukur wonten  ngarsa  dalem  Gusti   Ingkang   Maha  Agung,  karana  sih 
wilasa  miwah  barokah  ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya  dalasan  kula,
satemah ing kalenggahan menika saged makempal kanthi pinayungan karaharjan, tebih
saking rubéda nir ing sambékala. Amin.
Nun  inggih  para  lenggah  ingkang  sinuba  ing  pakurmatan,  keparenga  panatacara 
murwani lekasing sedya  ingkang menika énggal badhé binuka lampahing titilaksana acara
syawalan, kanthi ngaturaken reroncèning acara ingkang sampun karantam déning panitya,
nun inggih:
1.   (Acara ingkang angka sepisan) pambuka
2.   (Angka kalih) waosan kitab suci Al-Qur’an
 3.   (Déné ingkang angka tiga inggih menika) atur pambagyaharja
4.   (Acara angka sekawan) pratignya syawalan saking wiranèm
5.   (Ingkang angka gangsal) pratignya syawalan saking warga
6.   (Déné ingkang angka enem) pratignya syawalan saking pengurus
7.   (Acara ingkang angka pitu) inggih menika panampining pratignya syawalan
8.   (Acara ingkang angka wolu) inggih menika jawat asta
9.   (Acara ingkang angka sanga) inggih menika suméné sawetawis
10. (Tataran acara ingkang angka sedasa) katerangan bab syawalan utawi hikmah syawalan
11. (Ndungkap acara ingkang angka sewelas utawi ingkang pungkasan) inggih menika
panutup

Mekaten  para  rawuh  ingkang  minulya,  rantamaning  adicara   ing  kalenggahan  menika.
Minangka   pratandha pambukaning adicara, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan
manungku puja konjuk  wonten  ngarsa  dalem  Allah  ingkang  Maha  Agung,  miturut 
agami  saha  kapitadosanipun piyambak-piyambak. Sumangga kula dhèrèkaken.
................................................................................................................................................
Cekap, matur nuwun.
Para lenggah ingkang bagya mulya, acara ingkang angka kalih inggih menika waosan kitab
suci Al-Quran.  Pramila  dhumateng  paraga  ingkang  sampun  kapiji  nenggih 
sedhèrèk...................  kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Kaaturaken     aguning          panuwun                                              dhumateng      
sedhèrèk          .............           mugi-mugi       amal     saé
panjenengan pikantuk pituwas ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT. Mekaten ugi
tumrap ingkang midhangetaken, mugi-mugi Allah kepareng ngluberaken rahmatipun. Amin.
Bapak-bapak, ibu-ibu, tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap acara
ingkang angka   tiga   inggih   menika   atur   pambagyaharja   saking   pangarsaning  
panitya   ingkang   badhé dipunsalirani déning panjenenganipun bapak............. dhumateng
penjenganipun bapak ............ kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, mekaten atur pambagya saking pangarsaning panitya,
kanthi terang trewaca wijiling pangandika ngaturaken pambagya. Salajengipun, acara
ingkang angka sekawan inggih menika pratignya  syawalan saking para wiranem
kukuban ............. ingkang badhé dipunsalirani déning sedhèrèk ....... dhumateng
sedhèrèk ................................. kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Matur nuwun dhumateng          sedhèrèk                                                   ..........          
minangka         sulihipun          para     mudha
wewengkon........... Salajengipun, adicara ingkang angka gangsal inggih menika pratignya
syawalan saking  warga  kukuban  .............  ingkang  badhé  dipun  sarirani  dening 
panjenganipun  bapak  ....... minangka  wakiling  sedaya   warga.   dhumateng 
panjenganipun  bapak  .................................  kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Agunging panuwun katur dhumateng panjenenganipun bapak ....................... ingkang sampun
kepareng  nyulihi  sedaya  warga.  Pratignya  syawalan  salajengipun  inggih  menika  saking 
pengurus wewengkon  .........................,          ingkang                                                    
badhé           dipunsalirani    dening panjenenganipun         bapak
....................... dhumateng panjenganipun bapak ................................. kula sumanggakaken
....................................................................................................................................................
Sampun purna pangandikan saking panjenganipun Bapak ......... minangka sulihing sedaya
pengurus.
Para lenggah ingkang minulya, ndungkap acara ingkang angka pitu inggih menika
panampining pratignya  syawalan saking para wiranem, saking sedaya warga tuwin saking
para pengurus dening

sesepuh pangarsaning wewengkon ...................... ingkang badhé katindakaken déning


panjenganipun bapak........................                                      dhumateng       penjenganipun
bapak   ..............................      wekdal          kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Terang  trewaca  wijiling  pangandikan  saking  panjenganipun  bapak  ................  nampi 
saha
hananggapi pratignya syawalan ingkang sampun katur ing ngajeng. Dhumateng pajenganipun
bapak
................... kula aturaken agunging panuwun.
Para rawuh ingkang minulya, ndungkap acara ingkang angka wolu inggih menika jawat asta.
Dhumateng  panjenganipun  bapak  sesepuh pangarsaning  kampung  kasuwun kapareng 
jumeneng, nampi jawat asta kawiwitan   saking para pinisepuh, lajeng para pengurus,
kasambet dening sedaya warga, mekaten ngantos waradin. Wekdal sacekapipun kula
sumanggakaken.
.............................................................................................................................................
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, atur uninga bilih acara ing kalenggahan menika
dèrèng purna.  Tataran  adicara  ingkang angka sanga inggih menika suméné sawetawis.
Dhumateng para rawuh, sumangga kepareng lenggah kanthi mardikaning penggalih ngrahabi
dhaharan saha unjukan ingkang sampun kacawisaken déning panitya. Minangka panglipur
sawetawis, badhé katur pasugatan lumantar pita swara. Dhumateng kadang panata swara kula
sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Nuwun para lenggah  ingkang dahat kinurmatan, kepareng sumela atur, ndhèrèk nggempil
kamardikan panjenengan sami, awit badhé katur sambeting adicara.
Jumbuh  kaliyan  urut  reroncèning  acara  ingkang  sampun  katur  wonten  ngajeng,  tataran
adicara ingkang  angka sedasa inggih menika hikmah syawalan ingkang badhé dipunwedhar
déning panjenenganipun bapak .................. dhumateng panjenenganipun bapak ............
wekdal saha papan kula sumanggakaken.
................................................................................................................................................
Mekaten para rawuh,  katerangan bab syawalan saking panjenenganipun bapak ..................
mugi-mugi sageda  andayani  tambahan  seserepan  saha  kathah  gina  paedahipun tumrap 
kula  lan panjenengan sedaya. Dhumateng bapak ................................ kula aturaken agunging
panuwun.
Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap adicara ingkang pungkasan inggih menika
panutup.  Sumangga pepanggihan ing wekdal menika kapungkasi sesarengan kanthi atur
panuwun wonten ngarsaning dalem  Allah SWT ingkang Maha Agung, déné acara syawalan
ing kalenggahan menika  saking  purwa,  madya,  dumugi   wasana  saged  kaleksanan 
kanthi  raharja  tebih  saking sambékala. Donga puji syukur kula sumanggakaken miturut
agami saha kapitadosanipun piyambak- piyambak,
sumangga............................................................................................................ Cekap, matur
nuwun
Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang boten ndadosaken
renaning penggalih, amargi cupeting seserepan kula ing rèh subasita, basa tuwin sastra, kula
nyuwun rumentahing  agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Wasana sugeng
kondur, mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Gladhen siswa

1. Medhar pangandikan kang surasane macakake rut reroncening acara yaiku ….

a. wara-wara 

b. pranatacara

c. pambagyaharja

d. dhagelan

e. pasrah 
2. Nalika ngrungokake pasrah penganten, ana pratelan : 

Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi.

Para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.

Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana, kang diarani ….

a. pambuka

b. surasa

c. basa

d. panutup

e. ringkesan

3. Ngrungokake tanggap wacana pasrah penganten, kang makarya masrahake iku saka ….

a. penganten putri  

b. panata cara

c. penganten lanang

d. pambyawara

e. sesulih kang duwe gawe

4. Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng


panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani….

a. salam pambuka    

b. panutup

c. pambuka  

d. salam panutup

e. surasa    

5. Dudutan, pangarep-arep, lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap wacana kang
diarani ….

a. salam pambuka  

b. surasa

c. salam panutup
d. pambuka  

e. panutup

6. Gatosaken ukara-ukara ing ngandhap!

1. Wahyu digoleki kawit mau jebul nembe menek klapa ing mburi omah.


2. Pakdhe anggone golek dhuwit nganti direwangi adus kringet.
3. Kabeh pakaryan wis dirampungake para pemudha-pemudhi ing dhusun kene.
4. Wong kok ayune kaya ngono, apa merga alise nanggal sepisan.
5. Yawis pancen kaya ngono kuwi adhimu, lakune kaya macan luwe.

Ukara kang migunakake tembung rura basa yaiku....

A. 1

B. 2

C. 3

D. 4

E. 5

 7. Panyandra ing ngandhap punika kang boten trep yaiku....

 A. Idepe mblarak sempal

B. Mripate ndamar kanginan

C. Drijine mucuk eri

D. Rambute ngombak banyu

E. Godhege ngundhup turi

8. (1) swarane kudu cetha


(2) basa lan sastrane ora bener
(3) busana sing diagem pantes
(4) swarane alon-alon
(5) tata krama sing becik
(6) basa lan sastrane kudu trep
(7) busananen bolong-bolong
(8) basa lan sastrane sakpenake dhewe

Saking pranyatan ing nginggil, ingkang dados sarat panataraca ingkang becik yaiku....

A. 1, 3, 5, 2

B. 1, 3, 5, 6
C. 1, 3, 8, 6

D. 1, 4, 5, 6

E. 1, 4, 7, 8

9. Panyengkuyung kaprigelane panatacara inggih menika....

A. Pangrengga swara, papan, pawiyatan

B. Pangrengga swara, mic, papan

C. Mental, busana, sastra

D. Gladhen, mental, busana

E. Kasamaptan, mic, basa

10. Dhumateng bapa Slamet ingkang kula (1)...., saha para kadang ingkang kula tresnani, langkung
rumiyin sumangga kita sareng-sareng (2).... raos puji sukur dhumateng Gusti ingkang murbeng
dumadi ingkang sampun maringi (3).... satemah kita sedaya saged (4).... kanthi manunggal wonten
papan menika kanthi boten wonten (5).... satunggal punapa.

Teks rumpang ing nginggil supados saged jangkep kaisi....

A. (1) tresnani, (2) matur, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) alangan

B. (1) tresnani, (2) ngonjukaken, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) karaharjan

C. (1) kurmati, (2) ngonjukaken, (3) panuwun, (4) sowan, (5) alangan

D. (1) kurmati, (2) matur, (3) panuwun, (4) kempal, (5) alangan

E. (1) kurmati, (2) ngonjukaken, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) alangan

11. Sanggyaning para rawuh ingkang bagya mulya, kula Winarno ingkang tinanggenah saha kajibah
pangendhaliwara ing siyang menika. Kula badhe amaosken menggah reroncening titilaksana supitan
ing wekdal menika.

Tembung sanggya nggadhahi teges....

A. Kabeh

B. Wakil

C. Cilaka  

D.  Raharja

E. Slamet
12. Sugeng siyang. Panjenenganipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni.
Panjenenganipun para tamu kakung saha putri tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan. Kadang
werdha mudha ingkang tansah kula tresnani nuhoni saking keparenganipun ingkang mengkugati nun
inggih panjenenganipun bapa Sugito sekaliyan, kula ingkang piniji minangka panatacara, langkung
rumiyin saderengipun pahargyan prasaja ing kalenggahan menika tinarbuka, sumangga panjenengan
sedaya tansah kula dherekaken ngonjukaken puja miwah puji sukur wonten ngarsanipun Gusti
ingkang Maha Kuwaos, dene ngantos titi wanci menika panjenengan sedaya miwah kula taksih
pinaringan rahmat saha barokahipun.

Pethilan teks ing nginggil kalebu perangan teks panatacara kang diarani....

A. Salam pambuka

B. Panutup

C. Pambuka

D. Pangarep-arep

E. Surasa basa

 13. Para tamu saha para lenggah kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan, murih rancaging
adicara ing kalenggahan punika saderengipun tinarbuka langkung rumiyin badhe kula aturaken
menggah urut reroncening adicara ing siyang menika, nun inggih:

  Kapisan atur pambuka


  Kalajengaken waosan Ayat Suci Al-Qur’an
  Atur pambagyaharja
  Kasambet pengaosan
  Panutup

Pethilan teks ing nginggil kalebu perangan teks panatacara kang diarani....

A. Salam pambuka

B. Panutup

C. Pambuka

D. Pangarep-arep

E. Surasa basa

14. Panjenenganipun para tamu saha para lenggah, mekaten menggah urut reroncening tata adicara
ing siyang menika, murih rahayuning sedya sumangga kita tansah sami nyenyuwun dhumateng Gusti
Ingkang Maha agung, mugi-mugi lampahing adicara ing kalenggahan punika pinaringan karaharjan
lan tinebihaken saking rubeda.

Pethilan teks ing nginggil kalebu perangan teks panatacara kang diarani....
A. Salam pambuka

B. Panutup

C. Pambuka

D. Pangarep-arep

E. Isi  

15. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya, minangka adiacara ingkang
pungkasan nun inggih donga ingkang badhe kapandegani dening ingkang kinurmatan bapa Slamet.
Anaging saderengipun adicara donga kalaksanan, konjuk dhumateng bapa Mukidi keparenga
hanjengkaraken pinanganten kekalih kanthi tumuju wiwaraning sasana pawiwahan saperlu
nguntapaken konduring para rawuh saha nyuwun tambahing berkah pangestu, lan saking kula
minangka panatacara hambok bilih wiwitan dumugi pungkasan wonten kiranging subasita saha atur
kula ingkang boten nuju prana, kula nyuwun agunging.... nuwun, nuwun, maturnuwun.

Tembung ingkang trep kangge jangkepi teks panatacara ing nginggil yaiku....

A. pangaksami

B. maturnuwun

C. pangapura

D. sesulih

E. rantamaning
MODUL BAHASA DAERAH
SMKN 1 BAOR
SEMESTER GANJIL
TAHUN 2022

Disusun Oleh:
TIM BAHASA DAERAH
BELL BELLINDA, S.Pd.

KELAS XI
2022
Satuan Pendidikan SMK : SMKN 1 BAGOR
Guru Mata pelajaran : Bahasa Daerah
Jenjang : SMK
Kelas : XI
Materi Ruang Lingkup : Drama
Alokasi Waktu : 12 JP

B. KOMPETENSI AWAL: Peserta didik sudah memahami dasar-


dasar Bahasa Inggris di SMP

C. PROFIL PELAJAR PANCASILA


- Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan YME dan berakhlak mulia
- Mandiri
- Bernalar Kritis
- Kreatif

D. SARANA DAN PRASARANA


Video, laptop, LCD proyektor
Boardmarker, whiteboard, print out material

E. MODEL PEMBELAJARAN
Dilaksanakan secara blended learning

II. KOMPONEN INTI


A. TUJUAN PEMBELAJARAN
- mengidentifikasi struktur teks drama
- menganalisis struktur teks drama
- mnganalisis unsur kebahasaan teks drama
- menganalisis pesan moral teks drama
- menganalisis relevansi isi teks drama dengan kehidupan
- menjelaskan teknik penulisan teks drama
- mementaskan drama secara berkelompok

B. PEMAHAMAN BERMAKNA
Penerapan metode ilmiah tentang permasalahan pada obyek bahasa daerah yaitu drama dalam
kehidupan sehari-hari

C. PERTANYAAN PEMANTIK
- Mengapa kita harus belajar drama?
- Apa pentingnya penerapan drama dalam kehidupan?

Kegiatan Pembelajaran

Pendahuluan
- Peserta didik berdoa.
- Peserta didik diberi kesempatan melakukan refleksi awal terkait pemahaman awal
materi yang akan dibahas, hal yang perlu dipersiapkanuntuk belajar dan hal yang
harus
dikembangkan.
- Guru menyediakan daftar istilah penting dan pengertiannya pada bahan ajar untuk
membantu peserta didik yang belum
memiliki pengetahuan cukup terkait materi yang akan dibahas.
- Peserta didik membaca tujuan pembelajaran/ petunjuk hand out/petunjuk kegiatan.

Kegiatan Inti
- mengamati
- menanya
- mengumpulkan informasi
- mengomunikasikan

Penutup
- Melakukan refleksi pembelajaran.
- Menyimpulkan pembelajaran.
- Memberikan motivasi.
- Menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan selanjutnya.
- Berdoa

D. ASESMEN
-Asesmen diagnostik non kognitif dan kognitif sebelum pembelajaran
- Asesmen Formatif tidak tertulis berupa laporan hasil kajian, observasi, jurnal anekdot serta
performa saat pembelajaran
- Asesmen sumatif tertulis pada akhir pembelajaran berupa soal pilihan ganda

E. PENGAYAAN DAN REMEDIAL


- Bagi peserta didik yang belum paham/belum terampil akan dilakukan pendampingan oleh
guru
- Bagi peserta didik yang sudah paham seutuhnya diberikan pengayaan dan melanjutkan ke
tujuan pembelajaran
berikutnya

F. REFLEKSI PESERTA DIDIK DAN GURU


Bagi peserta didik:
- Kendala apa yang dialami dalam proses pembelajaran?
- Apa saja upaya yang kalian lakukan untuk mengatasi kendala tersebut?

Bagi Guru:
- Hal apa saja yang belum terlaksana dengan maksimal dalam
pembelajaran? faktor apakah yang menyebabkannya?
- Bagaimana upaya tindak lanjut untuk memaksimalkan pelaksanaan
pembelajaran tersebut
MATERI AJAR

Mangerteni Drama
Drama yaiku salah sawijning karya sastra kang nggambarake crita ngenani uripe manungsa
utamane saka konflik kang dialami kanthi pacelathon pacelathon lan tindak tanduk ing
dhuwur panggung.
Unsur intrinsik drama yaiku bab bab kang ana ing njero naskah drama, bisa digoleki kanthi
maca naskah drama kasebut.
Bab bab kang kalebu unsure intrinsik :
1. Tema
Saben karya sastra pasti nduweni tema, tema yaiku bab kang dadi dashare naskah drama
digawe Tema uga bisa diarani masalah utama kang dadi sumber cerita.
2. Alur
Alur utawa plot yaiku urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan
nganti babak terakhir. Alur diperangake :
 Ngenalake masalah, yaiku kedadeyan wiwitan kang ndandekake masalah maslaah
kang dilakoni paraga paragane.
 Mangerteni isi crita saka perkenalan paraga lan watake.
 Masalah utawa konflik, yaiku kedadean kang isine ngenani masalah masalah kang
wiwit diadhepi paraga paraga ing cerita kasebut.
 Klimaks/puncak konflik, yaiku masalah sing saling angel kang diadepi paraga
paraga ing crita, yaiku kedadean kang isine nyritakake kahanan para paraga ing pungkasaning
crita drama.

3. Pacelathon
Miturut jinise pacelathon diperangake dadi loro. Miturut panggonan (prolog lan epilog) lan
miturut cacahing paraga (monolog lan dialog)
- Miturut Panggonan :
 Prolog : pacelathon kang ana ing ngarep drama (sadurunge paraga omong omongan )
 Epilog : Pacelathon kang dadi panutupe pementasan drama. Sing nyritakake prolog
lan epilog diarani narator.
- Cacahing paraga :
 Dialog : Pacelathon kang diucapake sambung sinambung antarane salah sawijining
paraga klawan paraga liyane.
 Monolog : Pacelathon kang ditindakake mung dening siji paraga lan paraga liyane.

4. Paraga lan Watake (Tokoh dan penokohan)


a. Paraga ing drama diperangake dadi :
 Tokoh utama : Paraga kang dadi sumber crita
 Tokoh pembantu : Paraga kang ana nduweni dialog nanging ora dadi pusat
penceritaan.
 Tokoh figuran : Paraga kang dianakake supaya kahanane dadi kaya nyata, nanging
paraga iki ora ngucapake dialog lan mung lewat saklebetan.
b. Miturut wtake, ing drama ana :
 Tokoh Antagonis : yaiku paraga kang nduweni watak kang ala, saengga ora
disenengi penonton.
 Tokoh Protagonis : yaiku paraga kang nduweni watak kang apik lan disenengi
penonton.
 Tokoh Tritagonis : Yaiku paraga kang bisa dadi kancane tokoh protagonis utawa
antagonis, bisa duweni watak kang apik utawa ala (penengah).

5. Amanat
Amanat yaiku pesen moral kang disampekake penulis naskah drama kanggo para penonton.
6. Latar Utawa Setting
Latar utawa setting diperangake dadi telu, yaiku latar wektu, latar panggonan, lan latar
swasana.
 Latar wektu : yaiku wektu kang digambarake nalika paraga paraga ngalami
kedadean kedadeyan ing panggung.
 Latar panggonan : Yaiku panggonan kang digambarake ing panggung saben babake.
 Latar swasana : Latar swasana di perangake dadi loro yaiku :

- Swasana alam : kedadean ing sekitar paraga, tuladhane : udan gerimis , swara jangkrik lagi
ngerik (bengi)

- Swasana ati : apa bae kang dirasakake paraga, tuladha : murka, nesu, was was, seneng.

Tuladha 1 :

Wacanen pacelathon ing ngisor iki!

Shinta : eh… ngopo kok ketoke bingung banget ?

Tomy : Orapopo… iki lho Lisa crita, wingi dheweke didhawuhi ibune blanja

ananging dheweke lali

Lisa : iya Shin.

Shinta : Lha terus ngopo kok masalah kaya ngono wae gawe awakmu bingung

banget?

Lisa : ya mesthi Shin.. aku mesakne Ibu wis nunggu ing ngomah suwe,

nanging aku malah lali blanja sembako.

Tomy : Betul kuwi.. wis mesthine kowe aja nganti lali marang apa sing

dingendikakake Ibumu.

Shinta : Lah ngono wae dipikir.. nak lali ngono kuwi aku malah luwih sering
timbang awakmu.. gak usah dipikir Ibumu mesthi bisa blanja dhewe kok.

Tomy : kok kowe ngono to Shin? Yo wis lumrah to nek Lisa getun, dheweke iku

Iku ora nuruti ngendikane Ibune.

Shinta : Jenenge wae wong lali, lha piye maneh, mosok kabeh ngendikane wong

tuwa kudu dituruti..!

Lisa : Yo kudu to Shin.. nek wong tuwa wis paring dhawuh, awake dhewe

kudu nuruti, kuwi minangka baktine awake dhewe marang wong tuwa

sing wis nggulawenthah lan ngopeni awake dhewe saka cilik.

Shinta : Yo kuwi pancene wis dadi kewajibane wong tuwa..!

Aku yo ora njaluk dilahirne ing donya iki kok.

Lisa : Astaga Shin.. kowe kudu ngrubah lakumu, aja nganti dadi anak durhaka.

Kuwi kudu di rubah supaya uripmu ora susah ing tembe mburine.

Tomy : Bener kuwi.. ojo pisan-pisan wani mangsuli marang wong tuwamu,

Opo maneh ora nuruti dhawuhe.

Tuladha 2 :

NGGENDHAK BOJONE SETAN


Ketut :Ya Allah Bos, mosok kok ketemu kancane mosok kok gak gelem Assalamualaikum?
Trubus : Waalaikumsalam
Ketut : Kasep....,koen, yeopo wong kowe sing teko kok
Trubus : Yoopo aku?
Ketut : Yo kon muni Assalamualaikum
Trubus : Waalaikumsalam
Ketut : Koclok iki...kon iku teko kono munio Assalamualaikum
Trubus : Waalaikumsalam
Ketut : Haduh bos...yoopo rek..rek...
Trubus : Lha yoopo nek koen muni assalamualaikum aku muni assalamualaikum lak yo kliru
Ketut : Umpamane aq medayo na omahmu berarti aku sing ngucapno salam dhisik
Trubus : La yek opo??
Ketut : Assalamualaikum
Trubus : Waalaikumsalam warohmatullahi...wabarokaaa...tuh...alfa....tihah
Ketut : Woyyyyyy.....
Trubus : Cek selamet
Ketut : Iyo....tapi yo gak usah mok tambahi ngunu
Trubus : Hehhe....aku kepenok...kebenthok..ahhh
Ketut : Kesapluk..ahhh
Trubus : Kethothok ..aahhhh
Ketut : Kepethuk...ahhhh
Trubus : Aahh...hiyo.....bener kepethuk kok...kepethuk awakmu iki wes alhamdulillah
Ketut : Sebabe?
Trubus : sebabe wes suwe awakmu gak pethok aku, athek kepethuk dulur-dulur sakmene
kihe..seng duwe gawe iki wak lat hajate ulang taun. Koyok ngene konco-konco
termasuk dulur-dulur ning kene ngelumpuk kabeh. Iki mau aku iso dipeseni ambek
ketuwane karya budaya nek ngelumpuk rukun ngene muga-muga tanggal 20 ulan
ngarep pilpres, iku dijaluk kerukunane aja sampek geger gegeran
Ketut : La umpamane gak rukun lapo seh?
Trubus : la mangkane kuwi dihimbau setelah iki pemilihan pertama winginane wis apik aman
tertib dijaluk saiki yo ngunu amano maneh aja sampek benthengceleng permasalahan
sepele
Ketut : soal bedha pendhapat itu kan biyasa, namanya juga kita berdemokrasi tapi apapun
yang terjadi siapa saja yang jadi presiden itu adalah termasuk pimpinan kita.
Awakdewe harus menerima
Trubus : la mangkane iku kaya awakmu ajane tak paiduh tapi kok gak pantes
Ketut : lapo?
Trubus : la koen, maen nok kene..nok dhaerah kedamean kon ngidungmu sing Islam
agamaku....(nyanyi)
Ketut : lho, ancen agamaku Islam eh
Trubus : wis eruh mergo koen sunat
Ketut : tak sodhok ndlosor kon nko
Trubus : lha mangkane masi gak mok kandhani dulur-dulur kene yo wes weruh kabeh
Ketut : bukan karena aku sunat...memang agamaku Islam
Trubus : lha mangkane nek koen nok dhaerah kedamean aja ngomong ngunu
Ketut ; gak entuk a??
Trubus :lho...yo gak apa-apa tapi aja...kon eruh dhewe pembangunane kene, masjide ya apik-
apik
Ketut : berarti mayoritase masyarakat nek kene Islam
Trubus : ha....langgare ya apik-apik. Winginane kon lak ruh awak dhewe mari maen balai
desa kana liwat desa..liwat kene...subuh lak rencanaku melok jamaah seh..lak yaapa
seh buyaran...aja sampek nglalekna kuwajiban...oh...sing jamaahh....
Ketut : pira?
Trubus : papat!
Ketut : Lha...yaapa sih Bus..Bus...mok elem masjide apik langgare apik-apik mosok sing
jamah papat ikuluh?
Trubus : Lha ancene papat kok
Ketut : Papat iku sing barisan mburi...tapi sing shaf ngarep iku akeh
Trubus : Jare sapa kon? Wong aku sing runu...wong papat tok iku touwek..tuwek
Ketut : Omongamu (semu ora ngandel)
Trubus : Kandhani kok
Ketut : Kandhani...jal kepiye nek adzan
Trubus : Oh...nek adzane ya kaya iko...assolatukhoirum minannaumm (suwara wong tuwa)
suwarane gembret athek setengah-setengah karipan tithik-tithik (ekspresi ngelapi
mripat kaya wong karipan)
Ketut : Iku sing adzan arek apa wis wong?
Trubus : Wis tuwek...tak parek...laiyo rek iki sing enom-enom nandi.. assolatukhoirum
minannaumm
Ketut : laiyo sing enom-enom jek enak kemulan
Trubus : nek mangkane kaya koen kaya ngidung aja konok ngene...
Ketut : ah...la kenek apa?
Trubus : lhe...yo kisinan...aku sing mbendina sobo pondhok gak tau aku ngomong ngunuku
mau
Ketut : la lapo? Halah..Bos...pondhok apa kon iku?
Trubus : lha...iku omahku sepanjang pondhok jati ...iku soboku..pondhok jeku...maringunu
pondhok maritim ...mbuwendina na kunu aku
Ketut : iku perumahan goblok! Iku dudu pondhok
Trubus : lak ya pondhok ...pondhok jula-juli
Ketut : nguwawurr ae
Trubus : lha anggitmu pondhok apa?
Ketut : sing dimaksud pondhok iku pondhok pesantren
Trubus : masi pondhok pesantren cilikanku ya soboe kunu
Ketut : halah....halah.... (ekspresi ngece)
Trubus : halah halah apa? Elek elek ngene pecatane mandarosah.
Ketut : Bus...Trubus....ngomongmu thok ae wis kliru kok ya...
Trubus : lho...kliru ambek weke sapa?
Ketut : lho Mandarosah, ngarani MI...Madrasah Ibtidaiyah
Trubus : laiyo Maderasah
Ketut : la kok Mandarosah?
Trubus : lho....Kliruuuu (gaya khas Trubus)
Ketut : sing bener Madrasah, na lapo kon muni Mandarosah?
Trubus : ho....kliru...laiyo MI iku sekolahku
Ketut : tau sekolah?
Trubus : lho lho lho...ya wis katam rek
Ketut : kelas pira?
Trubus : pokoke nek diijir ngunu ya kelas sithuk
Ketut : kok ana sekolah kelase siji
Trubus : lho, ancene aku biyen diunggaha aku gak gelem kok ...wong aku wedi tibo
Ketut ; jare biyen iku kon sekolah SMP, saiki kok Madrasah
Trubus : lho masi Madrasah nek isuk aku sekolah SMP
Ketut : apa sih SMP iku?
Trubus : sekolah menengah pertama...wong aku nok tengah didhesek arek-arek minggir aku
Ketut : repot...musuh wong koclok iki
Trubus : koclok apa...koen ngelokna aku koclok sing koclok ya gak aku thok
Ketut : na sapa meneh?
Trubus : ya koen barang,
Ketut : lapo aku koclok?
Trubus : Na wis weruh aku koclok kok koen jak ngomong?
Ketut : oh...nek ngunu sing koclok yo ogak aku karo koen thok, panjak iku ya melu koclok
Trubus : na lapo panjak koclok?
Ketut : na wis eruh aku koclok lapo ditabuhi?
Trubus : oh...ya gak panjak tok..
Ketut : na sapa?
Trubus : sing nduwe gawe luh
Ketut : helelelele....disodhok uwong nyoro kon....lapo sing nduwe gawe mok lokno?
Trubus : lho sing ngelokna sapa jo....? jowo.....sore dikeki jajan uakeh, mangan-mangan.
Mangkane kowe nek ngomong-ngomong ngunu aja ana aku...kisinan.
Ketut : sing tak maksud ngene luh Bus...wong Islam karo wong Islam iku lak dulure. Sing
salah padha di elingna, sing lali padha dielingna. Na aku ngelingna na dulur-dulur
khususe awakku iki dhewe. Nek aku lali ya gelem dielingna
Trubus ; lha mangkane kon iki tak elingna, kliru, nuruta aku
Ketut : termasuk gak oleh ngunu-ngunu iku?
Trubus ; ya gak oleh
Ketut : Bus...nek kowe pinter ngungkuli aku ngunu ya aku gelem mok elingna
Trubus : lho..lho lho...
Ketut : wong atase koen sekolahmu Madrasah ae luh
Trubus : na masio lapo masi Madrasah?
Ketut ; wong kon aliyah durung.. sanawiyah durung kok ape nuturi aku.
Trubus : kon tak kandhani...anane ana universitas ana mahasiswa iku TK dhisek, nek gak ana
TK gak isa na SD
Ketut ; ya tapi kan ya tingkatane tetep dhukur aliyah
Trubus : ya tapi ngunua kan onok dhasarane
Ketut : tau sekolah? Madrasah? Tau?
Trubus : ya iyo
Ketut : umpama maca iqro’ kaya cah cilik-cilik iso?
Trubus : halah...lah...yo kisoen...apal ketepal ikuluh
Ketut :mosok? temenan?
Trubus : lhoh ya temenan
Ketut : sariat Islam apal?
Trubus : apal...kabeh apal....ngelonthok...
Ketut : hadist apal?
Trubus : halah...aja maneh hadist ...piro ae apal aku
Ketut : mosok Bus? Rumangsaku sing iso aku tok...rumangsaku..
Trubus : lho lho lho ...mulane aja GR
Ketut : GR iku apa?
Trubus : Gedhen Rumangsa
Ketut : berarti awakmu ya iso?
Trubus : lho..yaapa rek rek
Ketut : yo tapi nuwun sewu ya Bus...Kedhiri Kutane....sing dadi nyatane...umpamane aku
iki ngarani pinter aku ya durung ...ngarani pinter awakmu ya durung. Sing penting
ayo dibuktikna.
Trubus : lho sak karepmu. lha nek aku kalah mbek koen aku tak jungkir walik glundhung-
glundhung-glundhung kono
Ketut : lu...lu...lu.....temen a Bus? Omonganmu dhewe luh ya?
Trubus : ya temenen...iya
Ketut : disekseni arek-arek cilik ya?
Trubus : masi arek cilik masi arek gedhe aku wani
Ketut : tak takoni sing gampang-gampang. Perlune nek koen gak iso, kon disuraki para
penonton utamane arek cilik-cilik
Trubus : lho surakana.
Ketut : wocoen yo...alip fathah?
Trubus : aa
Ketut : alip kasroh?
Trubus : ii
Ketut :alip dhomah?
Trubus : uu
Ketut : nek diwaca?
Trubus : a..i..u..
Ketut : maksude?
Trubus : aku iki urip
Ketut ; nek urip kudu ndolek?
Trubus :gendhakan!
Ketut : minggato Bus...Ya Allah..Bus...Bus...mugo-mugo disepura
Trubus : na lapo minggat? Na lapo gak disepura?
Ketut : na lapo wong urip kok kudu nggolek gendhakan iku luh.
Trubus : na kate nggolek apa?
Ketut : sing bener iki kaya dhawuhe kanjeng Nabi Muhammad Tholabul ilmi faridhotun ala
kulli muslimin wamuslimat diwajibna nggolek ilmu cek selamet dunya akhirat.
Trubus : masi duwe ilmu jek clula clulu
Ketut : hussssttt!!! Anake wong edan
Trubus : urip pating clulu iku anggetmu gak nggolek gendhakan a?
Ketut : lapo wong urip kok nggolek gendhakan iku?
Trubus : na golek apa katene?
Ketut : ana tetembungan maneh, lak ngene seh dhawuhe wong pinter i’mal lidunyaka
ta’iisyu abadan, wa’mal liaakhirataka kaannaka yamuutu ghodan wong urip iku
nyambut gawea temen kaya-kaya bakal urip saklawase tapi ibadaha tenan kaya-kaya
bakal mati sesuk.
Trubus : halah...iku tambah iku wis apal...uapal ketepal
Ketut : halah omonganmu
Trubus :koen nek gak ngandel ya kon tak takoni ya. Masalah-masalah sepele ngunu wae. Nek
kon Ajining dhiri saka apa sih?
Ketut : saka lathi
Trubus : ajining raga?
Ketut :saka busana
Trubus ; nek oncate sukma?
Ketut : ninggakna raga
Trubus: wong urip nggone alam dunya iki sakmene kehe cilik gedhe tuwek anom mbesok nek
matek nandi parane? Ngelu...ngunu thok kon angel.
Ketut : wuruk-wuruk perbuatan. Perbuatane apik amale akeh insyaallah na suwarga tapi nek
akeh dusane nang neroko. Ana dhasar kang menguatkan iku..
Trubus ; jare sapa? Kon tau bongko a?
Ketut : Lho, kok tau bongko ikuluh, lha kon iku percaya ta gak?
Trubus : lha percaya percaya ae tapi kudu ana buktine
Ketut : ana buktine. Kudu yakin ya?
Trubus :buktine apa?
Ketut : ning Qur’an ana dhawuh faamma man tsaqulats mawaaziinuhuu fahuwa
fi’isyatirrodliyah wamma man khoffat mawaaziinuhu faummuhuu haawiyah. Nek
akeh apike nang suwarga nek akeh dusane nang neroko
Trubus : kemeruh kon kemeruh...tau bongko ta kon? Temuwek...temuwekkk..kakean apa??
Ngunu wae kon pamerna aku
Ketut : kon iso nyalahna?
Trubus : iso...iso mbenerna barang
Ketut : ajining dhiri?
Trubus : saka lathi
Ketut : ajing raga?
Trubus ; teko busana
Ketut ;oncating sukma
Trubus :ninggalna raga
Ketut ; wong sak dunya nek mati nandi parane Bus?
Trubus ; ndelok sing mikul ae sih. Bah digawa nang terminal, go nang pasar, wong wis
matekk..wekkkkkk
Ketut : srekalan kon iku...
Trubus :lapo..lapo...lapo...sing mok takokna sing mati kok, bah arwahe rana-rana yo gak eruh
Ketut : owalah Bus...bus...kebacut kon iku ancene
Trubus : kebacut apa? La mangkane talah kon iku aja sombong-sombong.
Ketut : lha mosok wong mati kok digawa nang gadhen, na pasar,
Trubus : lha...sing mikul kok....wis kene kon tak badeki maneh wis
Ketut : seng temenanan ngunu luh Bus
Trubus : temenanan maneh koen iso...njaluk sing temen a?? Wis... apa sebabe sih wong mati
kok dibuntel kain putih?
Ketut : cek suci
Trubus ; aaa suci apa wong ya kenek lemah
Ketut :cek ketok apik?
Trubus : nek kepengin apik pok tukokno lepis opo.o? apa kok apik...gak masuk akal
Ketut ; adate ya ngunuiku
Trubus :adat apa??? Winginane ana matek diglundhungna ya gak mbalek
Ketut : kon iso nyalahna?
Trubus : iso mbenerna
Ketut : sebabe apa wong mati kok dibuntel kain putih?
Trubus : nko nek dibuntel kain ijo kaya lontong
Ketut : whooo....srekalannnn
Trubus : lapo...lapo....kon dhewe ya srekalan kok
Ketut :mosok tumon wong mati dibuntel kain ijo koyok lontong iku?
Trubus : laiyo buktine kon kok gak ruh
Ketut : apane....takona sing temenan ngunuluh...sing menurut syariat ngunuluh
Trubus ; loalah kon ape sekarat ta kok gawa sariat-sariat...
Ketut : omonganmu... wis ngene wae, kon tak bedheki situk engkas ae, aku wis kapok
ambek koen. Isen-isene dunya ana pira?
Trubus :rong perkara
Ketut : nek ana awan?
Trubus :ana bengi
Ketut : nek ana ndhukur?
Trubus : ana nisor
Ketut : nek ana padhang?
Trubus : mesthi ana peteng
Ketut :ana seneng?
Trubus : ana susah
Ketut : ana susah termasuk ana gething
Trubus ; ana elek ana apik. Ana surga ana neraka.
Ketut : nek perbuatan elek sing seneng sapa?
Trubus : perbuatan elek sing seneng setan
Ketut :seng gak seneng?
Trubus : Gusti Allah
Ketut : nek perbuatan apik?
Trubus : nek perbuatan apik Gusti Allah seneng
Ketut : setan?
Trubus : gak seneng
Ketut: iku wis walikane
Trubus :saiki perbuatan apa setan gak seneng Gusti Allah gak seneng? Thing...thung!
iiukkk...iukkk (ngece Ketut) halah....ngelu. kasian dong lu
Ketut : Bus....Trubus...takokmu iki jan gak tepak blas
Trubus : gak tepak apa? Lha kon iso ta gak lak ngunu?
Ketut : wis cinorek lan kinodrat ing jagat mulai bapa adam sampek muhammad bahkan
sampek kiamat nek dunya iki isine rong perkara. Ana elek ana apik, ana suwarga ana
neraka. setiap sing digethingi setan Gusti Allah gak seneng, setiap sing dikarepna
Gusti Allah setan selalu mengganggu alias gak seneng. Lha wong mosok
Bus...mosok... Gusti Allah gething setan yo gething? Ikiluh perbuatan apa??
Trubus : lha ya embuh... lha kon iso ta gak ngunu? Kok takon aku...na nek gak iso takono tak
jupukna kitabe
Ketut : kon weruh a???
Trubus : yo jelas weruh sing mbedheki yo mesthi weruh
Ketut : Gusti Allah gething, setan ya gething! Eee....
Trubus : ngelu...ngelu...ndasmu
Ketut ; nggepuki anake wong?
Trubus ; nggepuki anake wong lak setan thok seng seneng Gusti Allah gak seneng blas.
Padha gak seneng padha gethinge kok.
Ketut : copet....copet???
Trubus : copet iku senengane setan, Gusti Allah gak geduga
Ketut : ee....tuku klambi nok pasar sithok tapi ngapek loro?
Trubus : oo....tambah iku kancamu thok
Ketut : katok Bus....
Trubus :katok a?
Ketut ; yoh,,,katok. Saiki ganti koen sing tak takoni perbuatan jelasna, cek dirungakna wong
sakmene akehe kabeh...penonton iki milu bingung loh Bus
Trubus : Lapo kok bingung, wong ana kitabe karek delujurrr
Ketut :penonton iki bapak-bapak wong pinter pinter, wong ngerti-ngerti. Dadi milu bingung
pitakonmu Gusti Allah gak seneng setan yo gak seneng, perbuatan apa? Wis saiki
perbuatan apa Gusti Allah gething setan ya gething?
Trubus : nggendhak bojone setan
Ketut :wooohhhh.... (ekspresi mentolo ndugang Trubus)
Trubus : lho...yaopo, gak bener seh? Wong setan nek bojone digendhak. Gusti Allah iku nek
ono wong nggendhak bojone wong gak seneng...guwething. lha padahal iku setan jane
seneng tapi bojone digendhak dadi guwething pisan. Padha gethinge.
Ketut :wes aja metu Bus...mundhak jengkel aku
Trubus : aja metu piye wong aku dikongkon sing nduwe gawe metu kok
Ketut ; mosok tumon ilo setan nduwe bojo. Ambekan sing ape nggendhak bojone setan luh
sapa?
Trubus : laiya pada gethinge mangkane kon aja wani wani mbek aq
Ketut : gak tepak kon iku..na lapo kok bojone setan digendhak iku
Trubus : na mulane kon cek weruh..hihihi

Gladhen siswa

1. Saka tuladha naskah drama ing dhuwur coba sebut lan jlentrehna analisis intrinsike!
Satuan Pendidikan SMK : SMKN 1 BAGOR
Guru Mata pelajaran : Bahasa Daerah
Jenjang : SMK
Kelas : XI
Materi Ruang Lingkup : Tembang macapat
Alokasi Waktu : 12 JP

B. KOMPETENSI AWAL: Peserta didik sudah memahami dasar-


dasar Bahasa Inggris di SMP

C. PROFIL PELAJAR PANCASILA


- Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan YME dan berakhlak mulia
- Mandiri
- Bernalar Kritis
- Kreatif

D. SARANA DAN PRASARANA


Video, laptop, LCD proyektor, speaker
Boardmarker, whiteboard, print out material

E. MODEL PEMBELAJARAN
Dilaksanakan secara blended learning

II. KOMPONEN INTI


A. TUJUAN PEMBELAJARAN
Setelah mempelajari materi ini, diharapkan siswa dapat :
- menjelaskan jenis tembang macapat
- menjelaskan ciri-ciri tembang macapat
- .menjelaskan isi tembang macapat
- Mem[publikasikan tembang macapat karya sendiri didepaan kelas
- Menceritakan isi tembang macapat

B. PEMAHAMAN BERMAKNA
Penerapan metode ilmiah tentang permasalahan pada obyek Bahasa daerah yaitu tembang
macapat dalam kehidupan sehari-hari

C. PERTANYAAN PEMANTIK
- Mengapa kita harus belajar tembang macapat?
- Apa pentingnya penerapan tembang macapat dalam kehidupan?

Kegiatan Pembelajaran

Pendahuluan
- Peserta didik berdoa.
- Peserta didik diberi kesempatan melakukan refleksi awal terkait pemahaman awal
materi yang akan dibahas, hal yang perlu dipersiapkanuntuk belajar dan hal yang
harus
dikembangkan.
- Guru menyediakan daftar istilah penting dan pengertiannya pada bahan ajar untuk
membantu peserta didik yang belum
memiliki pengetahuan cukup terkait materi yang akan dibahas.
- Peserta didik membaca tujuan pembelajaran/ petunjuk hand out/petunjuk kegiatan.

Kegiatan Inti
- mengamati
- menanya
- mengumpulkan informasi
- mengomunikasikan

Penutup
- Melakukan refleksi pembelajaran.
- Menyimpulkan pembelajaran.
- Memberikan motivasi.
- Menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan
selanjutnya.
- Berdoa

D. ASESMEN
-Asesmen diagnostik non kognitif dan kognitif sebelum pembelajaran
- Asesmen Formatif tidak tertulis berupa laporan hasil kajian, observasi, jurnal anekdot serta
performa saat pembelajaran
- Asesmen sumatif tertulis pada akhir pembelajaran berupa soal pilihan ganda

E. PENGAYAAN DAN REMEDIAL


- Bagi peserta didik yang belum paham/belum terampil akan dilakukan pendampingan oleh
guru
- Bagi peserta didik yang sudah paham seutuhnya diberikan pengayaan dan melanjutkan ke
tujuan pembelajaran
berikutnya

F. REFLEKSI PESERTA DIDIK DAN GURU


Bagi peserta didik:
- Kendala apa yang dialami dalam proses pembelajaran?
- Apa saja upaya yang kalian lakukan untuk mengatasi kendala tersebut?

Bagi Guru:
- Hal apa saja yang belum terlaksana dengan maksimal dalam
pembelajaran? faktor apakah yang menyebabkannya?
- Bagaimana upaya tindak lanjut untuk memaksimalkan pelaksanaan
pembelajaran tersebut
MATERI AJAR

KAWRUH TEMBANG MACAPAT

            Tembang/sekar  inggih  punika  reriptan  utawi dhapukaning  basa  mawi
paugeran  tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken nganggé kagunan
swanten (Padmosoekotjo,1960: 25). Macapat punika sekar tradhisional ing tlatah Jawa.
Macapat ugi mrathah wonten ing kabudayan  Bali,  Madura,
saha  Sunda.  Menawi  dipuntingali  saking  kérata  basa,  macapat  punika
tegesipun  maca  papat-papat.   Maosipun  sekar  macapat  pancèn  wonten  ingkang  rinakit  s
aben sekawan wanda (suku kata). Nanging boten sedaya gatra sekar macapat saged kawaos
papat-papat.
            Sekar  punika  kinten-kinten  tembé  kémawon  wonten  ing   pungkasaning  jaman  M
ajapahit  saha wiwitan  wali sanga  nyepeng  kuwasa.  Nanging punika  ugi
dèrèng  mesthi,  amargi boten  wonten
ingkang  gathuk  saged  mesthèkakén.  Macapat  kathah  dipunanggé  ing  sapérangan  Sastra  
 Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Énggal. Menawi dipunsandhingaken kaliyan Kakawin,
paugeran-paugeran utawi  metrum  ing sekar macapat langkung gampil. Kitab-kitab jaman
Mataram ènggal, kados déné
Wédhatama,  Wulangrèh,   Serat  Wirid  Hidayat  Jati,  Kalatidha,  saha  sanès-sanèsipun  dip
unrakit nganggé sekar macapat. Paugeran-paugeran punika wonten ing:
•   Guru gatra : cacahing wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
•   Guru wilangan : cacahing wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
•   Guru lagu : tibané swara ing pungkasaning saben gatra.
            Panyekaring tembang macapat punika temtunipun kedah kaselarasaken kaliyan
titilaras (notasi), laras, saha pathetipun gamelan. Déné urut-urutanipun sekar macapat punika
sami kaliyan lampahing manungsa saking jabang bayi  abang dumugi tumekaning pejah.

Saged ugi kababar kados mekaten:


            Manungsa lair ing ngalam donya medal saking guwa garba (Mijil), nalika taksih alit
kedah dipuntuntun utawi dipunkanthi (Kinanthi), bilih sampun mudha taruna (Sinom),
gadhah raos tresna
utawi  paring  katresnan   marang   tiyang  sanès  (Asmaradana).  Ingkang  saweg  nandhang  
asmara swasananipun ketingal éndah saha manis (Dhandhanggula). Sasampunipun mengku
kulawarga kedah mangertos (Gambuh) marang prakaraning gesang. Menawi  sampun sepuh
gesang bakal ngambang (Maskumambang) ménggalih donya saha akhérat. Tambah sansaya
mundur  (Durma) mungkur ing kadonyan  (Pangkur)  ngadhepi akhérat  mula  gentur
ngibadah.  Sasampunipun pejah  ateges  pegat ruhipun (Megatruh). Banjur dibuntel utawi
dipunpocong (Pocung).

Paugeran Tembang Macapat


No Tembang Guru gatra Guru wilangan Guru lagu
1 Maskumambang 4 12, 6, 8, 8 i,  a,  i, a

2 Pucung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a

3 Kinanthi 6 8, 8, 8,  8, 8, 8 u, i, a, i, a, i
4 Asmaradana 7 8, 8, 8,  8, 7, 8, 8 i, a, e, a, a, u, a

5 Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 a, i, u, a, u, a, i

6 Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7 a, i, a, a, i, a, i,

7 Mijil 6 10, 6, 10,10,6,6 i, o, e, i, i, u

8 Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o

9 Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u, a, i, a

10 Megatruh 5 12, 8, 8, 8, 8 u, i, u, i, o

11 Dhandhanggula 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

Gunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika:

1.    Mijil
2.    Kinanthi
3.    Sinom
4.    Asmarandana
5.    Dhandhanggula
6.    Gambuh
7.    Maskumambang
8.    Durma
9.    Pangkur
10.  Megatruh
11.  Pocung

Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang
nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor
iki:

1.        Maskumambang
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa
wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé
ngambang nyang kandhutané ibuné.

Apan kaya mangkono wewatek neki (12 i)


Sanadyan wong tuwa (6 a)
Yen duwe watek tan becik (8 i)
Miwah tindak tan prayoga (8 a)

2.        Mijil
Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.

Lan dimantep mring panggawe becik (10 i)


Lawan wekas ing  ngong (6 o)
Aja kurang, iya panrimané (10 é)
Yen wis tinitah marang Hyang widhi (10 i)
Ing badan puniki (6 i)
Wus pepancen ipun (6 u)

3.        Sinom
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya
bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.

Nulada laku utama (8 a)


Tumrap ing wong tanah Jawi (8 i)
Wong Agung ing Ngeksi Ganda (8 a)
Panembahan senapati (8 i)
Kepati amarsudi (7 i)
Sudaning hawa lan nepsu (8 u)
Pinesu tapa brata (7 a)
Tanapi ing siyang ratri (8 i)
Amemangun karye naktya sing sasama (12 a)

4.      Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah
panguripan ing alam ndonya.

Dadiya laku nireku (8 u)


Cegah dhahar lawan guling (8 i)
Lawan aja sukan sukan (8 a)
Anganggowa sawatawis (8 i)
Ala wateke wong suko(8 o)
Nyuda prayitna ning batin(8i)

5.      Asmarandana
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau
wis dadi kodrat Ilahi.

Aja turu soré kaki (8 i)


Ana Déwa nganglang jagad (8 a)
Nyangking bokor kencanané (8 é)
Isine donga tetulak (8 a)
Sandhang kelawan pangan (7 a)
Yaiku bagéyanipun (8 u)
wong melek sabar narima (8 a)

6.      Gambuh
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké
antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa
urip bebrayan.

Sekar gambuh ping catur (7 u)


Kang cinatur polah kang kalantur (10 u)
Tanpa tutur katula-tula katali (12 u)                     
Kadaluwarso katutur (8 u)
Kapatuh pan dadi awon (8 o)

7.      Dhandhanggula
Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan.
Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi
wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

Lamun sira anggeguru kaki (10 i)


Amiliha manungsa kang nyata (10 a)
Ingkang becik martabate (8 é)
Sarta kang wruh ing hukum (7 u)
Kang ngibadah lan kang wirangi (9 i)
Sokur oleh wong tapa (7 a)
Ingkang wus amungkur (6 u)
Tan mikir paweweh ing lyan (8 a)
Iku pantes sira guranana kaki (12 i)
Sartane kawruhana (7 a)

8.      Durma
Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa
welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh
rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka
piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.

Wusnya tibeng bentala prabu Rahwana (12 a)


Pancasonane dadi  (7 i)
Sirna tatu nira (6 a)
Tung tumpulih sedaya (7 a)
Nepak bau kradha angrik (8 i)
Ndedel ngawiyat (5 a)
Ngusir nanendra peksi (7 i)

9.      Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir
tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.

Sekar Pangkur kang winarna (8 a)                                


lelabuhan kang kanggo wong aurip (11 i)
ala lan becik puniku (8 u)
prayoga kawruhana  (7 a)
adat waton puniku dipun kadulu (12 u)                              
miwa ingkang tatakrama (8 a)
den kaesthi siyang ratri (8 i)

10.  Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan
marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
Na ra kena sinelak selak pineluk (12 u)                 
Mring kang ngadhang adhang sisip (8 i)
Yen loro anggepi reku (8 u)
Teman kether maring ngening (8 i)
Adoh kae let tan adoh (8 o)

11.  Pocung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé
dikubur.

Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12 u)


Lekase lawan kas (6 a)
Tegese kas nyantosani (8 i)
setya budya pangekesing dur angkara (12 a)

Watak lan Gunane Tembang Macapat


Nama Sekar :Watak Ginanipun
Mijil : asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe prihatin
Kinanthi : seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna, mulang
Sinom : ethes, prasaja piwulang, wewarah
Asmaradana : tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan, mulang, tresna
Dhandhanggula : luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang tresna,
mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok
Maskumambang : nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih mahyakaken raos panalangsa
Durma :keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu, perang
Pangkur : sereng, nepsu, gandrung pitutur radi srengen, gandrung
Pocung : sembrana, parikena, lucu cangkriman, crita lucu, guyon
Gambuh : sumanak, sumadulur mulang, pitutur
Megatruh : prihatin, getun, keduwung, sedhih cariyos ingkang sedhih, getun
Balabak : sembrana, saenake, lucu guyonan sakepenake, sembrana
Wirangwong
Wibawa :mahyakaken keagungan, kaendahan, piwulang
Girisa : gagah, wibawa, wanti-wanti piwulang, kasepuhan
Jurudemung : kenes (genit) mancing brahi
Gladhen siswa

I. Ing ngsior iki ana wangsulan sing bener, pilihen!

1.      Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben sapada yaiku

a.       guru sastra

b.      guru wilangan 

c.       guru basa

d.      guru gatra

e.       guru lagu

jawaban: B

2.      Dene kang ngemot pathokan tibaning swara pungkasan (dhong dhing) saben sagatra yaiku …
a.       guru sastra

b.      guru wilangan 

c.       guru basa

d.      guru gatra

e.       guru lagu

Jawaban: E

3.      Pathokan tembang Mijil yaiku …


a.       gatra : 6, wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, a, i, a, I,

b.      gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a  

c.       gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u

d.      gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o

e.       gatra : 6, wilangan : 10, 6, 10, 10, 6, 6, lagu : i, o, e, i, i, u

Jawaban: E

4.      Pathokan tembang Asmarandana yaiku …


a.       gatra : 6, wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, a, i, a, I,

b.      gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a  

c.       gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u

d.      gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o


e.       gatra : 6, wilangan : 10, 6, 10, 10, 6, 6, lagu : i, o, e, i, i, u

Jawaban: C

Nasihat lan pitutur

Kang bener terapna nggo uripmu

Kabeh eling–elingen ja nganthi lali

Aja lali pituturku

Merga sira isih enom

5.      Saka sasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani …


a.    dhandhanggula                

b.    sinom

c.     gambuh    

d.    maskumambang  

e.    mijil

Jawaban: C

Nadyan silih bapa biyung kaki nini,

sadulur myang sanak,

kalamun muruk tan becik,

nora pantes yen den nuta

6.      Saka sasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani …


a.    dhandhanggula                

b.    sinom

c.    gambuh

d.    maskumambang 

e.    mijil

Jawaban: D

7.      Tembang macapat kang ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné
wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé sinebut …
a.       dhandhanggula
b.      pangkur
c.       Sinom      
d.      maskumambang  
e.       mijil
Jawaban: C

8.      Tembang macapat kang asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu
angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha diarani ....
a.       dhandhanggula               

b.      pangkur

c.       Sinom      

d.      maskumambang  

e.       mijil

Jawaban: B

9.      Nalika nembang macapat, ing sawijining gatra ditembangake ora kaya titi laras  asline,
nanging bab iku ditindakake supaya nambah endahing tembang macapat. Kaprigelan iku kang
diarani ….
a.       cakepan

b.      cengkok

c.       laras

d.      pathet

e.       pedhotan

Jawaban: B

10.  Wos surasane tembang macapat iku isa dingreteni kanthi tenanan yen
anggone ndunungake pedhotan iku pas. Amarga yen ora pas makna tembung utawa ukarane
dadi slenca. Upamane tembang maskumambang gatra sepisan (12i) kudune anak pitik
kuthuk//anak bebek meri nanging dipedhot anak pitik//kuthuk anak bebek meri. Pedhotan
yaiku ….
a.       syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.

b.      lak – luking swara kanggo nglagokake tembang.

c.       rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.

d.      ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.


e.       pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.

Jawaban: E 

II.    Essay

 Wacan kanggo soal nomor 1-4

Dak krungu swarane kumbang

Ana ning kumlawung kali

Gegodhongan kuning surya

Kembange wus layu mati

Iki janjine bukti

Bumine kang arep gugur

Gugur kusuma bangsa

Ngrumat donya ora dadi

Mulane cah ayo padha suka donya

1.    Apa tema tembang ing duwur!


2.    Tuduhna tembung-tembung kang ngemot purwakanthi!
3.    Tulisen tembung-tembung kang ko anggep angel banjur golekana ing kamus Baoesastra!
4.    Coba parafrasekna/critakna nganggo basamu dhewe tegese tembang macapat kasebut!
Satuan Pendidikan SMK : SMKN 1 BAGOR
Guru Mata pelajaran : Bahasa Daerah
Jenjang : SMK
Kelas : XI
Materi Ruang Lingkup : Aksara Jawa
Alokasi Waktu : 12 JP

B. KOMPETENSI AWAL: Peserta didik sudah memahami dasar-


dasar Bahasa Inggris di SMP

C. PROFIL PELAJAR PANCASILA


- Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan YME dan berakhlak mulia
- Mandiri
- Bernalar Kritis
- Kreatif

D. SARANA DAN PRASARANA


Video, laptop, LCD proyektor
Boardmarker, whiteboard, print out material

E. MODEL PEMBELAJARAN
Dilaksanakan secara blended learning

II. KOMPONEN INTI


A. TUJUAN PEMBELAJARAN
- mengidentifikasi teks aksara Jawa yang memuat aksara angka
- menjelaskan tata cara penulisan aksra angka
- menjelaskan makna sangkalan dalam teks aksara Jawa
- menulis kalimat menggunakan aksara angka
- menyalin teks huruf latin ke aksara Jawa
- membaca cepat teks aksara Jawa minimal 15 kata per menit
- menceritakan isi atau pesan teks Jawa

B. PEMAHAMAN BERMAKNA
Penerapan metode ilmiah tentang permasalahan pada obyek bahasa daerah yaitu aksara angka
dalam kehidupan sehari-hari

C. PERTANYAAN PEMANTIK
- Mengapa kita harus belajar aksara angka?
- Apa pentingnya penerapan aksara angka dalam kehidupan?

Kegiatan Pembelajaran

Pendahuluan
- Peserta didik berdoa.
- Peserta didik diberi kesempatan melakukan refleksi awal terkait pemahaman awal
materi yang akan dibahas, hal yang perlu dipersiapkanuntuk belajar dan hal yang
harus
dikembangkan.
- Guru menyediakan daftar istilah penting dan pengertiannya pada bahan ajar untuk
membantu peserta didik yang belum
memiliki pengetahuan cukup terkait materi yang akan dibahas.
- Peserta didik membaca tujuan pembelajaran/ petunjuk hand out/petunjuk kegiatan.

Kegiatan Inti
- mengamati
- menanya
- mengumpulkan informasi
- mengomunikasikan

Penutup
- Melakukan refleksi pembelajaran.
- Menyimpulkan pembelajaran.
- Memberikan motivasi.
- Menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan selanjutnya.
- Berdoa

D. ASESMEN
-Asesmen diagnostik non kognitif dan kognitif sebelum pembelajaran
- Asesmen Formatif tidak tertulis berupa laporan hasil kajian, observasi, jurnal anekdot serta
performa saat pembelajaran
- Asesmen sumatif tertulis pada akhir pembelajaran berupa soal pilihan ganda

E. PENGAYAAN DAN REMEDIAL


- Bagi peserta didik yang belum paham/belum terampil akan dilakukan pendampingan oleh
guru
- Bagi peserta didik yang sudah paham seutuhnya diberikan pengayaan dan melanjutkan ke
tujuan pembelajaran
berikutnya

F. REFLEKSI PESERTA DIDIK DAN GURU


Bagi peserta didik:
- Kendala apa yang dialami dalam proses pembelajaran?
- Apa saja upaya yang kalian lakukan untuk mengatasi kendala tersebut?

Bagi Guru:
- Hal apa saja yang belum terlaksana dengan maksimal dalam
pembelajaran? faktor apakah yang menyebabkannya?
- Bagaimana upaya tindak lanjut untuk memaksimalkan pelaksanaan
pembelajaran tersebut
MATERI AJAR
AKSARA ANGKA
Aksara Angka Jawa iku wujude ana sing padha karo aksara Jawa (aksara legena).
Supaya ora mbingungake, kanggo nulis angka Jawa dipisahake kanthi pada pangkat (:).
Perkara kang kudu digatekake nalika nulis aksara angka Jawa tumrap angka Jawa kang
manggon ing tengahe ukara diapit nganggo pada pangkat, dene yen sawise angka Jawa ana
tandha koma (,) utawa titik (.), pada pangkat cukup dadi pamisah wae.

Wujude angka Jawa, yaiku:

Tuladhane :

Gladhen siswa
Salinen nganggo aksara Jawa!
1. Pak Kalduna kagungan sapi 21, menda 34, lan bebekipun 65
2. Dhuwitku ana 26.500 rupiah kanggo tuku buku
3. Umurku saiki 20 taun, yen adhiku umure 15 taun
DAFTAR PUSTAKA

Anda mungkin juga menyukai