Anda di halaman 1dari 3

Geguritan utawa dicekok guritan yaiku sawijine karya sastra kang basane cekak metes lan enda

geguritan asale saka tembung gurit kang tegese kidung utawa tulisan kango diwujud tatahan.
Geguritan kaperang dadi loro yaiku
1. Geguritan gagrag lawas
2. Geguritan gagrag anyar(puisi hawa modern)
Titikane geguritan gagrah ;awas:
1. Diwiwiti kanthi ukara sin gegurit
2. Lumrahe sapadane dumah saka patunggatra
3. Guru lagu (rima utawa pola persajakan) pinathok
Dene geguritan gagrag anyar ora kaiket paugeran kaya ing adhuwur geguritan gagrag anyar ora
nduweni cacahing padane(jumlah bait)
Struktur teks geguritan:
1. Struktur fisik
a. Tipograsi(bentuk geguritan) yaiku wangon geguritan kang tu\inulis ora ngebaki larik ten
ora kudu kawiwitan aksara gedee(kapital) serta ora di pangkoni tandha titik (.) utawa
tanda pawakan liyane.
b. Diksi(pilihane tembung) yaiku pamilihane tetembung kang makna menter kang bisa
negesi pirang pirang kekarepan kanthi nggatekake larasing unine tembung
c. Imaji(pengungkapanpengalaman indrawi) yaiku nerangken tetembungan ing geguritan
bisa madharate pengalaman lan pangsara, saengga pamdos bisa kagawa ing swasana
kaya kang dialami panggurit imaji kaperang dadi 3
a. Imaji swara(auditif)
b. Imaji panin(visual)
c. Imaji raba/sentuh(taktil
d. Tembung konkret yaiku tembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa
nuwuhake imaji. Tembung konkret ing kene bisa arupa pepindahan(klasah). Utawa
pralambang
e. Busananing basa(gaya bahasa) yaiku panggagone basa kang do iso ngurupake swara yen
nuwuhake anggepan(konotasi) tertamtu serta bisa nuwuhake rasa kaendahan
f. Wirama(rima) yaiku runtuting swara9uru) ing geguritan kang bisa ing wiwitan tengah
utawa ing plingkasan ing gat m(larik)
2. Struktur batin
a. Tema/makna(sense)
Yaiku kekareoan utawa maksud tetamtu kang kinadhut ung saben tembungm gatra,oada,lan
sakabene pada ing geguritan
b. Rasa(feeling)
Yaiku pandungkape rasa(sikap) panggurit tumprap balune pirembungan kang kinandhut ung
geguritan kang ditulis
c. Nada (tone)
Yaiku kekarepane panggurit marang pamaos salaras karo isine geguritan.

d. Amanat
Yaiku pesan kang kinandhut ung geguritan diandharake panggurit marang pamaos.

Geguritan saka tembung lingga gurita (owah-owahan). Adhedasar dhapukaning ukara lan
pangrakiting tembung, werna-warna araning geguritan, kaya ing ngisor iki

GEGURITAN
Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag
anyar. Tembung geguritan asale saka tembung gurita , tembung gurita owah-owahan saka
tembung gerita. Tembung gerita linggan Gita, tegese tembang utawa syair. Geguritan Jawa
sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang warnawarna wujuding dhapukane (Subalidinata, 1994 : 45) Adhedhasar dhapukaning ukara lan
pangrakiting tembung, werna-werna araning geguritan, kaya ing ngisor iki:
Syair rong gatra sapada = gita dwigatra
Syair telung gatra sapada = gita trigatra
Syair patang gatra sapada = gita catur gatra
Syair limang gatra sapada = gita panca gatra
Syair nem gatra sapada = gita sadgatra
Syair pitung gatra sapada = gita sapta gatra
Syair wolung gatra sapada = gita hastha gatra
Syair sangang gatra sapada = gita nawa gatra
Syair dhapur sonata
Syair bebas
Kapirid saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag
lawas utawa geguritan tradhisional lan geguritan gagrag anyar utawa geguritan modern.
a.

Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional) iku darbe paugeran mangkene:


Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.
Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda.
Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara
(kaya syair ing Kasusastram Indinesia.
Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit.
Geguritan gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane bab tatakrama
Tuladha Geguritan Gagrag Lawas
Sun Gegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kuna


Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wasanane tibeng papa
b. Geguritan gagrag anyar
Dene geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan
gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya
paugerane geguritan gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing
kasusastran Indonesia , mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani puisi bebas. Ananging
owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses.
Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R.Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning
Sastra.Mula yen dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren
nduweni titikan:
a. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.
b. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
c. Sajak pungkasan mardika/bebas
d. Isine mentes.
e. Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa .
Babagan kang abot saka geguritan, yakuwi: tema, pamilihe tembung utawa diksi, sarana
retorika, lan amanat utawa pesen kanggo pepeling marang wong kang maca. Tema yaiku idhe
baku utawa pikiran baku kang dadi dhasare geguritan iku. Diksi iku dudu mung pamilihe
tembung kang dianggo ing geguritan iku, nanging uga perkara frasaologi lan gaya bahasa.
Frasaologi nyakup perkara tembung-tembung ana ing tatanane. Dene gaya bahasa iku bagean
saka diksi kang duwe nilai artistik. Gaya bahasa iku perkara kepriye nulis lan nggunakake
tembung-tembung kanthi endah lan merkaraake cocok orane tembung, frasa, lan klausa kanggo
nggambarake kaanan tartamtu. Dene sarana retorika yaiku alat kanggo ngungkapake kanga
arep diandharake ana ing geguritan iku..
Geguritan akeh kang ngemot surasa luhur, kanthi mangkono bisa diarani sastra
adiluhung. Ing ngelmu kasusastran Yunani, bab iki bisa nduweni fungsi dulce (kaendahan) lan
fungsi utile (kagunan/paedah). Salah sawijining wohing kasusastran kasebut endah lan becik
yen fungsi kekarone mau bisa nyawiji, yaiku endah yen diwaca lan migunani tumrap budi
pekertining wong kang maca utawa ngrungokake.

Anda mungkin juga menyukai