Anda di halaman 1dari 13

TEKS GEGURITAN

KELAS XII
SEMESTER GASAL
GEGURITAN
Saka 2 tembung
1. Gurit (tulisan lan tembang/ kidung)
2. Nggurit (ngawe/ ngarang lan nembang)

Tegese geguritan
Widada Suwadji, geguritan yakuwe karangan
kang pinathok kaya tembang nanging guru gatra,
guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg.
Subalidinata, geguritan yakuwe minangka
iketaning basa kang memper syair
Titikane/Ciri-ciri Geguritan:
1. Ora kawengku ing pathokan
2. Migunakna tembung-tembung kang pinilih
3. Migunakna purwakanthi sastra, swara, lan basa
4. Isine mentes(ndhuwe makna kang jero)
Geguritan iku dibedakna dadi 2, yakuwe :
1. Geguritan kuna utawi lawas, pathokane:
 Diwiwiti tembung sun gegurit
 Cacahe gatra saben sapada padha
 Tibane swara ing pungkasane gatra runtut
Tuladha geguritan lawas : kakawin, kidung, tembang, parikan, wangsalan)
2. Geguritan anyar, pathokane:
 Cacahe gatra/larik bebas
 Cacahe wanda saben sagatra uga bebas
 Tibane swara uga ora digatekna
 Ora nganggo tembung sun gegurit
 Mentingake pemilihane tembung kang mentes
Tuladha geguritan anyar : sonata)
WERNA-WERNANING ARAN
GEGURITAN

 Syair KALIH gatra sapada diarani DWI GATRA


 Syair TIGA gatra sapada diarani TRI GATRA
 Syair SEKAWAN gatra sapada diarani CATUR GATRA
 Syair GANGSAL gatra sapada diarani PANCA GATRA
 Syair NEM gatra sapada diarani SAD GATRA
 Syair PITU gatra sapada diarani SAPTA GATRA
 Syair WOLU gatra sapada diarani HASTA GATRA
 Syair SANGA gatra sapada diarani NAWA GATRA
 Syair SEPULUH gatra sapada diarani DASAGATRA
 Syair BEBAS
Adhedasar surasa/isi kang kamot,
geguritan jaman saiki bisa kaperang dadi:
1. Ode (geguritan kang isine ngemot pangalembana/pujian marang wong
liya, negara apadene kang dianggep luhur)
2. Himne (isine pangalembana marang Gusti kang Maha kuwasa)
3. Elegi (isine panalangsa/ sawijining bab kang nelangsa lan ngrujit ati)
4. Epigram (piwulangan-piwulangan moral, nilai hidup kang becik lan
bener)
5. Satire (surasane ngeyek kanthi kasar/sarkasme kang landhep/sinis
tumrap sawijining bab kang ora adil kang ana ing madyaning bebrayan)
6. Romansa (Surasane babagan katresnan)
7. Balada (Surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa mung
lamunane/imajinasi pujangga)
Kang kagolong unsur intrinsik ing
geguritan
 Tema
 Citraan (amanat)
 Diksi (pemilihan kata)
 Gaya bahasa (perumpamaan)
 Latar (wektu, swasana, papan)
 Alur (maju, mundur, campuran)
Tuladha Geguritan

 Geguritan kuna
Tuladha :
Sun gegurit
Kahanan jaman saiki
Akeh barang edi peni
Ing kutha lan desa ugi
Radio lan TVRI
Disetel ora mboseni
Ning sinau aja lali
Tuladha geguritan

 Geguritan Anyar
Tuladha :
Pamit
Aku sida mangkat saiki, biyung
Ninggal pangkonmu
Kanggo ngranggeh gegayuhanku
Senajan owel lan trenyuh
Aku ora nangis, biyung
Jarene tangis kuwi pepalange laku
Dak jaluk puji pangestumu
Isi geguritan

 Kaluwarga
 Bab alam
 Lingkungan
 Katresnan
 pitutur
 Tradhisi
 Kahananing urip
Carane gawe geguritan

 Nemtokake tema
 Nemtokake irah-irahan (judul)
 Milih tembung sing trep
 Nggunakake tembung sing ora salugune (kiasan)
 Anggone nulis geguritan gumantung swasana
Teknik Maos geguritan

Kegiatan maca endah geguritan keperang dadi 2


 Deklamasi, (ora nganggo teks)
 Poerty reading (maca nganggo teks)
Bab- bab kang kudu digatekake
wektu maca geguritan:

1. Interpretasi 3. Penampilan
2. Vocal a. gerak
a. artikulasi b. komunikasi
b. diksi c. ekspresi
c. intonasi d. konsentrasi
d. tempo
e. jeda
f. modulasi
g. dinamika
h. pernafasan

Anda mungkin juga menyukai