Anda di halaman 1dari 12

MAPEL

BAHASA JAWA

Kompetensi Dasar
Maca Cerita Cekak
Indikator :
1. Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan
anugerah Tuhan berupa bahasa Jawa dalam bentuk petikan teks
crita cekak.
2. Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli
(gotong royong, kerjasama, toleran, damai), santun, responsif,
dan proaktif dalam menggunakan bahasa Jawa melalui petikan
teks crita cekak.
3. Memahami isi teks crita cekak yang telah dibaca.
4. Mencari unsur-unsur instrinsik cerita cekak yang sudah dibaca.
5. Menyebutkan nilai-nilai yang terkandung di dalam cerita cekak
yang telah dibaca.
6. Menjelaskan amanat yang terkandung dalam crita cekak yang
telah dibaca.
7. Menulis sinopsis teks cerita cekak yang telah dibaca dan
8. Menyajikan sinopsis teks cerita cekak yang telah dibaca.
MAOS CERKAK
Cerita cekak yakuwe tulisan/karangan sing
ngandhut pitutur, dhuweni sipat fiktif sing
nyeritakaken sawijining kedadeyan neng sajroning
uripe tokoeh, ceritane relatif cekak nanging padhet.
Cerkak dibangun sekang rong unsur, yakuwe
unsur ekstrinsik lan unsur intrinsik. Unsur ekstrinsik
yakuwe unsur sing mbangun sekang njaba, kayata
alesaning digawene cerita, sejarah, biografine si
pengarang lan liya-liyane. Menawa unsur intrinsik,
yakuwe unsur-unsur sing mbangun sekang njero.
Unsur-unsur instrinsik cerkak, kabeberaken kaya neng
ngisor kiye :
1. Tema
Tema yakuwe inti utawa dhasare cerita. Umpamane
bab kemiskinan, sosial, katresnan, keagamaan lan liya-
liyane.
2. Alur (plot)
Alur arupa perangan sekang instrinsik karya sastra.
Alur yakuwe kedadeyan sing ndadekaken sawijining
cerita. Alur kuwe wujude pola pangembangan sing
kabentuk sekang hubungan sebab akibat.
Alur bisa diperang dadi telu, yakuwe :
a. Alur maju
b. Alur mundur
c. Alur campuran
Alur bisa kaperang dadi lima bagiyan,
yakuwe :
a. Pengenalan bab situasi utawa kahanan
cerita (exposition)
b. Panjlentrehan perkara/kedadeyan
(complication)
c. Tinuju ana neng konflik (rising action)
d. Puncak utawa pucuk neng konflik (turning
point)
e. Rerampungan (ending)
1) Ending tertutup

2) Ending terbuka
3. Latar
Latar yakuwe papan panggonan, wektu lan lingkungan
sosial nalika kedadeyan-kedadeyan sing ana neng cerita
diceritakaken.
Latar ana telung jenis, yakuwe :
a. Latar panggonan
Yakuwe latar sing dadi papan panggonan nalika
kedadeyan-kedadeyan sing ana neng cerita diceritakaken.
b. Latar wektu
Yakuwe wektu nalika kedadeyan-kedadeyan sing ana
neng cerita diceritakaken.
c. Latar suasana
yakuwe lingkungan sosial nalika kedadeyan-kedadeyan
sing ana neng cerita diceritakaken.
4. Penokohan
Yakuwe pengarang nggambaraken lan jlentrehaken
karakter tokoh-tokoh sing ana neng cerita. Kanggo
nggambaraken karakter salah sawijining tokoh, si pengarang
bisa nggunakaken rong teknik, yakuwe :
a. Teknik analitik
Karakter utawa watak tokoeh dijlentrehaken kanthi
langsung dening si pengarang, tuladha :
Jenenge Ketty Ng Wong, sing liya-liya mau ana Detty,
Marsam, akeh sing ora tekapali, ana sing ora genah
tekkrungu. Nanging sing siji iki, menyok, nyebut jenenge
jelas. Klambine kuning sumringah, rambute ireng
ngrembyak sapundhak, raine lonjong, kulite resik,
lambene nalika ngomong cetha umak-umike. Ayu. Ya
merga kuwe bisa uga aku apal lan gampang ngucapaken
jenenge.
Kekejora Kaya Branjangan, Suparto Brata
b. Teknik dramatik
Diarani teknik dramatik amarga tokoh-tokoeh
digambaraken maring sin maca kaya neng sajroning
drama. Neng kene tokoh-tokoeh nggambaraken watake
lumantar tembung-tembung, tindhak-tandhuk lan
pegaweyan sing dilakoni. Karakter utawa watak tokoh
bisa digambaraken kanthi :
1) Panggambaran bab fisik lan tindak tanduke tokoh;

2) Panggambaran lingkungan kahuripane tokoh;

3) Panggambaran tata basane tokoh;

4) Panggambaran dalan pikirane tokoh;

5) Penggambaran dening tokoh liyane.


Tuladha pethikan cerita sing nggambaraken watak
tokoeh nganggo teknik dramatik.
“Wid, aku karo Rita ayu sapa?”
“Kok, omong ngono?”
“Pokoke aku takon, ayu sapa?”
“Ya ayu kowe, sayang”
“Ning, kowe tansah akrab ngono karo cah anyar kuwi.
Gek kuwi wong Indonesia, bangsamu. Aku gak seneng
karo Rita. Rambute rak njepris-njepris akeh
ketombene. Hih! Kowe sesuk aja ngomong-ngomong
karo Rita maneh, ah!”
Kekejora Kaya Branjangan, Suparto Brata
5. Sudut Pandang (point of view)
Yakuwe posisine si pengarang nalika nyritakaken cerita.
Posisine pengarang kuwe ana loro, yakuwe :
a. Dadi wong kapisan (orang pertama)
Panganggit dadi tokoh lan dadi lakon ana neng
sajroning cerita.
Tuladhane pethikan cerita sing nuduhaken posisine
pengarang dadi wong kapisan (sudut pandang orang
pertama) :
Layang saka Ani mentas wae tak waca, layang sing
gumlethak ana meja sinauku. Layang iku bisa ngurangi
rasa lungkarahku. Sawengi muput ana dalan,
Bandung-Blitar lumayan nggawe lencune awak.
Kembang Suket, Ari Ani.
b. Dadi wong ketelu (orang ketiga)
Pengarang dadi pengamat neng ceritane. Tuladhane
pethikan cerita siing nuduhaken posisine pengarang
dadi wong ketelu (sudut pandang orang ketiga) :
Bubar kepilih dadi ketua RT kuwi, Pak Hamidan
terus ngadani syukuran cilik-cilikan.Nadyan jenenge
syukuran cilik-cilikan ragade tetep ora sethithik. Kabeh
kang wis tau nyengkuyung Pak Hamidan padha nampa
bebungah mirunggan. Tangga teparo sing ndhukung
Pak Hamidan uga nampa sembulih sing murwat.
Minggu candhake Pak Hamidan kawisuda dadi ketua
RT ana bale desa. Pak Lurah sing maosake surat
kekancingan ing pangarepe pamong lan punggawa
desa liyane.
Ngrebut Gelar Ketua RT, Sudadi 
6. Amanat/ pesen
Amanat yakuwe ajaran/piwucalan moral utawa
pesen didaktis sing arep diparingaken utawa
dijlentrehaken pengarang maring wong sing maca.
Supaya bisa nggoleti amanat neng sajroning cerita, kita
kudhu rampung/ purna anggone maca cerita ora kena
mung separo utawa tanggung.

7. Gaya Bahasa
Basa neng sajroning cerita dhuweni fungsi utawi
kagunaan kanggo nyiptakaken nada utawa kahanan
persuasif uga ngrumusaken pacelathon/ dialog sing
bisa ngetokaken/ ngasilaken hubungan lan interaksi
tokoh siji karo tokoh liyane.

Anda mungkin juga menyukai