RINGKESAN MATERI
Cerkak utawa crita cekak kalebu kasusastran Jawa anyar. Ngrembakane cerkak
watara taun 1950-1970-an. Pangripta cerkak bisa kaperang dadi:
a. Jaman sadurunge perang kamardikan, kayata: Tjoethil, Mas Krendhadigjaja, Moelat, Sri
Melati, Zilvervos, lan liya-liyane.
b. Jaman kamardikan Indonesia, ana: St. Ismaniasita, Any Asmara, Esmiet, Suparto Broto,
Sudharma KD, lan liya-liyane.
c. Tahun 1960-1970an, kayata: Widi Widayat, Tamsir As, Jayus Pete, Ariesta Widya, lan
liya-liyane.
TAMBAHAN KAWRUH
Gaya Bahasa (Majas)
Gaya bahasa (majas) tegese cara-carane manungsa migunakake basa amrih gampang ditampa,
endah lan kepenak dirasa lan dirungu. Kang kalebu gaya bahasa umpamane:
1. Metafora
Unen-unen pepindhan (diumpamakake)
Tuladha:
Bocahe pancen ayu, mula ora kleru yen dadi kembang desa.
Adit lagi dadi kembang lambene wong sasekolahan.
2. Personifikasi
Araning barang mati diumpamakake bisa polah kaya manungsa.
Tuladha:
Gunung Kelud yen wis gelem watuk nggegirisi tenan.
Sumpahe disekseni langit lan bumi.
3. Hiperbola
Pepindhan sing kliwat/keladuk.
Tuladha:
Lakune kaya kilat.
Swarane kaya mbelah-mbelaha bumi.
4. Ironi
Unen-unen sing nyritakake kosok balene.
Tuladha:
Bocah kok sregep temen, jam 9 esuk lagi tangi.
Kowe pancen resikan, arep mapan turu ora nate wisuh.
5. Pleonasme
Pratelan penegas, kang sejatine ora kudu kasebut rangkep.
Tuladha:
Bal bunder mak bleng mlebu gawang.
Aku tulung jupukna kothak persegi kae.
6. Antitese
Unen-unen kang mawa tembung kosok balen.
Tuladha:
Rina wengi anggonku ndonga supaya kowe bisa lulus ujian.
Gedhe cilik, enom tuwa, lanang wadon padha emoh keri ngramekake pengetan
pitulasan.
7. Retoris
Pratelan pitakonan kang ora prelu wangsulan.
Tuladha:
Apa ana wong kang gelem nolak rejeki?
Apa kowe gelem yen nganti ora lulus ujian?
8. Repetisi
Pratelan kang bola-bali sinebut ing ukara.
Tuladha:
Saya suwe, saya alum, saya garing, wusana banjur mati.
9. Paradoks
Pratelan kang kosok balen karo kahanane.
Tuladha:
Uripe mono rekasa, nanging putrane dadi kabeh.
10. Litotes
Pratelan kanggo ngalusake kahanan.
Tuladha:
Mangga kula aturi pinarak wonten gubug kula.
Tembung Panggandheng (konjungsi)
Tembung panggandheng yaiku tembung kang dadi panggandheng antarane tembung
lan tembung, frasa lan frasa, klausa lan klausa utawa ukara lan ukara.
Tuladha: lan, nuli, banjur, amarga, nanging, lsp.
Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih kang padha utawa meh padha tegese dienggo
bebarengan nduweni teges mbangetake.
Tuladha:
1. Muga-muga sliramu tansah pinaringan bagas waras.
Tembung bagas padha tegese karo tembung waras, yaiku sehat utawa sehat temenan.
2. Cilik gedhe, enom tuwa padha jejel riyel ngebaki dalan.
Tembung jejel padha tegese karo tembung riyel, yaiku ngesuk utawa suk-sukan.
Wacanen cerkak ing ngisor iki!
Sumilaking Mendung
Dening: Sukarni
Swasana wengi iku pancen sepi. Tan ana swara sato kewan wengi kang ngumandhangake kidung
kaendahan. Sepining wengi tambah sansaya sepi kanthi tumibaning udan riwis-riwis kang wiwit sore ora
mandheg-mandheg. Hawane sansaya kekes. Ora maido yen sato kewan wengi sarta janma manungsa
luwih seneng ana wismane dhewe-dhewe ngumbar pangangen-angen. Tan prabedha karo Ningrum. Kenya
lencir kuning iku lungguh ijen ana ruwang tamu. Atine Ningrum lagi kasaput mendhung. Pikirane
ngulandara mecak lelakon sing wis kawuri. Lelakon kang nyebabake dheweke kudu ninggalake wong
tuwane sing wis ngukir jiwa ragane.
“Nyuwun pangapunten, Bu, kula mboten saged nglampahi”, ngono wangsulane Ningrum nalika
ibune ngandhakake yen dheweke kudu omah-omah karo Darsono. Ora mung lagi sepisan iku ibune njaluk
supaya dheweke gelem omah-omah karo Darsono, priya sing dadi pilihane ibune.
“Ora bisa piye? Kowe kudu gelem dadi bojone Nak Darsono! Dheweke iku sugih! Kowe
kepengin apa wae bakal keturutan! Uripmu bakal mulya!”
“Nanging Bu, kula mboten tresna kalih piyambakipun, punapa malih Mas Darsono punika
kawentar remen mabuk-mabukan.”
“Kowe ora usah ngelek-elek Mas Darsono.”
“Nyatanipun nggih mekaten. Kejawi punika kula taksih kepengin sanget nglajengaken sekolah.
Kula kepengin nyambut damel rumiyin, pados pengalaman nembe mbangun bebrayan,” wangsulane
Ningrum kanthi sareh.
“Pokoke kowe kudu nurut karo ibu! Ora usah sekolah dhuwur-dhuwur! SMA wae wis cukup!
Coba delengen kanca-kancamu kae ora ana sing sekolah nganti SMA lan saiki wis padha nggendhong
anak!”
Ningrum bingung. Judheg. Kepriye carane aweh pangerten marang ibune? Jaman wis owah
gingsir. Wis ora jamane maneh yen wanita kudu maren ana ing mburi wae lan ora kena sekolah dhuwur.
“Sepisan malih kula nyuwun pangapunten, Bu! Kula kepeksa mboten saged nuruti kersanipun
Ibu. Saestu Bu, kula suwun Ibu kersa menggalih malih babagan punika,” pangrimuke Ningrum.
“Wis, saiki ngene wae. Kowe pilih dadi bojone Darsono apa lunga saka omah kene! Ibu ora apa-
apa kelangan endhog siji,” ngendika ngono karo ninggalake Ningrum.
“Nanging, Bu,” Ningrum bingung. Dheleg-dheleg. Dheweke ora ngerti apa sing kudu
ditindakake. Tekade atine pranyata luwih gedhe. Kathi lon-lonan lan nggawa ati remuk, Ningrum
ninggalake omah lan wong tuwane. Lakune kesandhung-sandhung. Luh kang dleweran ing pipine ora
digape. Mlaku terus, mlaku nasak petenging wengi lan deresing udan. Ing pangangen-angen mung siji,
nyuwun pangayoman marang budhene ing Semarang.
*****
“Budhe, Ningrum bidhal kuliah rumiyin,” pamite Ningrum marang budhene.
“Iya, sing ngati-ati! Lha mengko mulihe numpak angkutan apa dipapag Gun?”
“Numpak angkutan kemawon Budhe, mesakke Mas Gun taksih sayah.”
“Assalamu’alaikum.”
“Wa’alaikumsalam.”
Ningrum ninggalake budhene sing nguntabake lakune tekan emperan omah. Ningrum rumangsa
begja banget awit salungane saka omahe, dheweke ora ketula-tula. Budhene wis kersa paring pitulungan
ngentasake panandhange, malah pangruktine marang dheweke kaya dene marang putrane dhewe. Ora
emban cindhe emban siladan marang Ningrum apadene Gunawan sing dadi putrane dhewe. Kabegjan mau
tambah dirasa Ningrum nalika dheweke diidini nerusake kuliyah. Dheweke kuliyah ana sawijining
Perguruan Tinggi Negri ing Semarang sinambi nyambut gawe ana sawijining toko kanggo ngragati
kuliyahe. Saiki kuliyahe wis meh rampung, kari skripsi.
Ningrum sejatine ora bisa ngilangake wewayangane ibune, bapake lan sedulur-sedulure.
Dheweke wis nyoba bali menyang Solo, sowan wong tuwane. Nanging dukane ibune pranyata durung
sirna. Tangkepe ibune durung bisa nampa Ningrum. Ibune ora gelem nemoni. Wis dicoba bola-bali lan
ngrimuk nanging upayane ora kasil. Ningrum mung iso ndonga rina wengi enggala bisa lumer penggalihe.
Wulan Juli Ningrum nampa SK CPNS. Dheweke ditugasake ana SLTP ing wewengkon
Pekalongan. Bungahe Ningrum tan bisa ginambarake. Dheweke rumangsa nemu cepaka sewakul, kadya
kajugrugan gunung menyan. Ningrum tansah ngaturake puji syukur.
Wiwit nampa SK iku, dheweke kudu pisah karo budhene lan Gunawan kanggo ngayahi tugas
luhure, dadi guru sing bisa digugu lan ditiru temenan. Sanadyan mangkono, yen ana wektu lodhang
dheweke mesthi sowan budhene.
Theng-theng, jam ing tembok nuduhake tabuh loro tengah wengi. Ningrum njenggirat. Angen-
angene buyar. Dheweke enggal-enggal mapan turu golek endahing pangimpen supaya sesuke ora telat
menyang sekolahan.
*****
“Bu Ningrum,”
Ningrum ngendhegake lakune. Katon Pak Asrofi gupuh-gupuh marani Bu Ningrum karo nggawa
layang.
“Ana apa, Pak?”
“Punika wonten serat kagem Ibu,” sambi ngelungake layang.
Ningrum nampani layang banjur diiling-ilingi. Ningrum kaget. Pranyata saka Solo.
“Matur nuwun, Pak.”
“Saking rakanipun nggih, Bu?” godhane Pak Asrofi karo mesam-mesem.
“Dudu kok Pak. Saka Bapakku ing Solo.
“Bapak punapa Bapak?”
Ningrum mung mesem digodha kaya ngono iku. Pak Asrofi banjur pamit bakal mbacutake resik-
resik taman.
Ing ruwang guru, Ningrum mbukak layang sing lagi wae ditampa. Diwaca alon-alon isine
layang. Ningrum dijaluk enggal bali menyang Solo amarga ibune gerah lan opname ing rumah Sakit Oen.
Ningrum tekan Solo nalika srengenge wis angslup, langsung njujug Rumah Sakit Oen. Awit
pitulungane perawat, Ningrum kanthi gampang nemokake kamare ibune. Alon-alon lawang dibukak.
Ibune lagi sare. Pasuryane katon pucet abang dluwang lan kari lunglit. Alon-alon ibune dicedhaki.
“Ibu, kula Ningrum.”
“Oh, Ngger, anakku.”
Wong loro padha rangkulan lan tetangisan. Ningrum diarasi, dirangkul kenceng kaya-kaya aja
nganti ucul maneh.
“Ibu, kula nyuwun pangapunten, awit ...”
“Ora ndhuk, ora. Ibu sing luput dudu kowe. Ibu sing kudune njaluk pangapura. Kowe bener
ndhuk. Ibu ketutupan bandha donya nganti netrane ibu ora ngerti sapa sejatine Darsono iku!” pamunggele
ibune.
“Sampun Bu, sampun dipunpenggalih babagan punika, ingkang wigatos Ibu enggala dhangan.”
Wong loro padha ngesokake rasa kangen sing wis suwe sumimpen ing njero ati. Tekane
Ningrum pranyata dadi obat kang mujarab. Ora gantalan wektu ibune wis waras.
Saka bapake Ningrum lagi ngerti yen Darsono sing dadi pilihane ibune, saiki ndhekem ana sel
amarga kasangkut prakara narkoba.
“Matur nuwun Gusti. Panjenengan midhangetaken donga kawula,” pamuji syukure Ningrum
lirih. Mendhung kang tansah ngetutake lakune Ningrum saiki wis sumilak. Padhang njingglang.