Anda di halaman 1dari 18

GEGURITAN

PANGERTEN

Geguritan mujudake tembung dwipurwa , asale saka tembung “gurit”


Guritan tegese kidung/tulisan
Guritan tegese: asil karya sastra kang basane cekak, mentes, lan
endah.
Geguritan yaiku salah sijining sastra Jawa kang asale saka rasa ing
ati, banjur diungkapake penyair nganggo basa kang nduweni irama,
rima, mitra, lan tatanan larik kang nduweni arti.
CIRI-CIRINE GURITAN:

 Basane cekak
 Isine mentes
 Nganggo basa kang endah
 Panulise bebas
Jenise guritan:

 Guritan gagrag lawas:


nganggo basa Jawa kuna lan duweni aturan lan ciri-ciri kanggo nyusun
geguritan lawas/ kuna.
CIRINE:
a. Diwiwiti tembung "sun gegurit". (Diawali kata "sun gegurit")
b. Cacahe gatra (larik) ora ajeg nanging paling sithik 4 gatra/larik
c. Cacahe wanda saben gatra kudu padha
d. Migunakake purwakanthi guru swara (a,i,u,e,o)
Jenise guritan:

 Guritan gagrag anyar:


yaiku guritan kang bebas ora kaiket apa-apa.
Duweni sifat bebas merdeka utawa ora kaiket dening guru gatra, guru lagu, guru
wilangan, lan guru swara
CIRINE:
a. Ora kaiket dening baris ( bebas)
b. Nganggo basa kang gampang dimangerteni
c. Minangka isine ati/rasa pangrasa
Cara maca guritan

Supaya pamacane luwih ekspresif mula kudu migatekake


prekara :
 Cendhek dhuwure swara ( intonasi)
 Dawa cendheke swara ( ritme)
 Tumanuntun lan mandhege ukara / tetembungan ( jeda)
 Owah gingsire pasuryan lan obahe awak ( mimik lan
pantomimik/gestur)
Tuladhane guritan gagrag lawas

Sun nggegurit:
1. "Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati".
Tuladhane guritan gagrag lawas

Sun Nggegurit
(2) "Lelakon jaman saiki,
Kabeh pemudha-pemudhi,
Kutha desa gunung sami,
Mung sinau kang den esthi".
Tuladhane guritan gagrag anyar
Sulingku

"Cumengkling swara angganyut


Suwe tan saya anglangut
Agawe karantaning ati
Mundhak nalangsa ing wengi sepi

Aja, aja kanca


Lagumu aywa katerusna
Ginantia lagu gembira
Aja nuruti trenyuhing nala
Kang bakal angrusak raga
Satemah mungkasi nyawa.
Tuladhane guritan gagrag anyar

Kanca,
Wengi iki sansaya mamring,
Wis .........
Wis punggelen nggonmu nyuling.
Tan kuwat rasaning tyasku
Tumetes Iuhku angrungu.“

Cat: tyas : ati, nala : ati


mamring: sepi
karanta : sedih
STRUKTUR TEKS
GURITAN

 STRUKTUR LAHIR
/FISIK
 STRUKTUR BATIN
STRUKTUR LAHIR / FISIK

 Diksi : pamilihe tembung


 Majas : gaya bahasa ( tembung kang endah)
 Purwakanthi ( rima) : mbaleni swara , tembung, frase,
utawa ukara
 Tipografi : tatanane larik, pada, ukara
wigati antarane guritan klawan gancaran sarta drama
STRUKTUR BATIN

 Bakuning gagasan (tema)


 Pangrasane pangripta
 Nada / sikap pangripta marang pamaca
 Amanat
 Wasana ( kahanan batin sawise maca)
UNSUR KEBAHASAAN GURITAN
1. TEMBUNG RANGKEP
a. Dwilingga : tembung linggane ditilis kaping pindho
Tuladha: tuku-tuku, ibu-ibu
dwilingga salin swara: bola-bali, wira-wiri, corat-coret
b. Dwipurwa : purwaning lingga ditulis ping pindho
Tuladha : tetuku, leluhur
c. Dwiwasana : pungkasan linggane ditulis ping pindho
Tuladha: cekukruk, celuluk
UNSUR KEBAHASAAN GURITAN

2. PURWAKANTHI
yaiku: runtuting swara ing ukara, tembung, utawa wanda kang kapisan nggandheng
tembung samburine.

Jinise ana 3:
1. Purwakanthi guru swara ( sing runtut swarane / vokale)
tuladha: - kanca-kanca padha mara ing kana ( swara a)
- ing kali bengi iki Siti lagi nglangi ( swara i)
- adhiku lucu, untune mung telu ( swara u)
UNSUR KEBAHASAAN GURITAN

2. Purwakanthi guru sastra ( sing runtut sastrane / konsonane )

Tuladha: - kala kula kelas kaleh ( sastra k)


- sapa sing seneng sepatu sandhal ( sastra s )
- gulige gedhe gawe gepuk-gepukan ( sastra g)
UNSUR KEBAHASAAN GURITAN

3. Purwakanthi guru basa / lumaksita/ wewiletan ( sing runtut wanda,


tembung, gatra pungkasan karo wiwitan candhake )

Tuladha:
• Suta mangan nganti wareg ( wanda ngan-)
• Bocah pinter, pintere jan kaya dhokter ( tembung pinter)
• Tuku kupang, kupange regane larang( tembung kupang)
MATUR NUWUN

Anda mungkin juga menyukai