Anda di halaman 1dari 10

GEGURITAN

Andang Jaka Patrianta, S.Pd.


Kelas XII / Ganjil
SMK TELKOM PURWOKERTO
CRITA
Apa? RAKYAT

Geguritan yaiku salah sawijining karya sastra Jawa


kang diripta/digawe minangka wujud saka
wedharan utawa gagasan lan rasa pangrasane
panyerat.
Basa kang digunakake ing geguritan migunakake
basa rinengga lan nduweni makna konotatif,
simbolis, lan pralambang.

Andang Jaka Patrianta, S.Pd.


Geguritan
SMK TELKOM PURWOKERTO
Jinis

1. Tradhisional (gagrag lawas) :


Ciri : - Kaiket paugeran (gatra, wilangan, lagu/rima, lsp)
- Ing sangarepe geguritan biasane nganggo bebuka “Sun Nggegurit”
Conto : Tembang macapat

2. Modheren (gagrag anyar) :


Ciri : - Ora kaiket paugeran (gatra, wilangan, lagu/rima, lsp)
- Basane luwih ringkes
- Mentingake isine kang mentes (padat berisi)

Andang Jaka Patrianta, S.Pd.


Geguritan
SMK TELKOM PURWOKERTO
Unsur Intrinsik

Unsur Intrinsik yaiku unsur kang ditemokake ing sajroning geguritan lan
ambangun geguritan kasebut.
Isine : 1.Tema, 2. Pangindran (rasa pangrasa, nada lagu, majas), 3. Dhiksi (konotatif
denotatif), 4. Persajakan (rima, purwakanthi, tipografi), 5. Amanat.

Unsur Intrinsik iki disa dijabarake dadi 2 bageyan:

1. Struktur
Struktur Geguritan yaiku kahanan kang bisa ditemokake/dideleng langsung saka wujude geguritan,
kayata: tembung, pada, gatra, rima, lsp.
Struktur geguritan iki bisa langsung ditemokake sajroning geguritan tanpa kudu ngerti maknane
dhisik (sipate fisik).
2. Unsur
Unsur Geguritan yaiku kahanan kang bisa ditemokake/dideleng langsung saka wujude geguritan,
kayata: tema, rasa pangrasa, nada lagu, swasana lsp.
Unsur geguritan iki bisa langsung ditemokake sajroning geguritan kanthi kudu ngerti maknane
dhisik.

Andang Jaka Patrianta, S.Pd.


Geguritan
SMK TELKOM PURWOKERTO
Struktur
Struktur Geguritan yaiku kahanan kang bisa ditemokake/dideleng langsung
saka wujude geguritan, kayata: tembung, pada, gatra, rima, lsp.
Struktur geguritan iki bisa langsung ditemokake sajroning geguritan tanpa kudu
ngerti maknane dhisik.
1. Pinilihing tembung (diksi).
Ing geguritan kang diwaca, bisa langsung dideleng pilihaning tembunge, umpamane ngandhut
konotatif denotatif, entar, lsp.

2. Majas (lelewaning basa).


Ing geguritan kang diwaca, bisa langsung dingerteni utawa ditemokake, geguritan kuwi migunakake
majas utawa ora.

3. Rima (sajak/guru lagu)


Ana lan orane sajak utawa rima iki bisa langsung ditemokake ing geguritan, kanthi nggatekake
tibaning swara ing pungkasan gatra.

4. Tipografi
Yaiku wujude larik/gatra lan pada ing sajroning wujud geguritan.

Andang Jaka Patrianta, S.Pd.


Geguritan
SMK TELKOM PURWOKERTO
Unsur
Unsur Geguritan yaiku kahanan kang bisa ditemokake/dideleng langsung saka wujude geguritan, kayata:
tema, rasa pangrasa, nada lagu, swasana lsp.
Unsur geguritan iki bisa langsung ditemokake sajroning geguritan kanthi kudu ngerti maknane dhisik.

1. Underane perkara (tema)


Underane perkara utawa tema yaiku gagasan pokok kang dikarepake penulis ing isining geguritan.

2. Rasa pangrasa
Rasa pangrasa ing geguritan bisa ditemokake saka makna sajroning tembung kang digunakake. Rasa pangrasa iki bisa uga
awujud gaya bahasa. Tuladhane rasa pangrasa kayata, sedhih, seneng, kangen, gumun, simpati, lsp.

3. Nada utawa lagu.


Nada utawa lagu kang dikarepake ing kene yaiku patrap (sifat) kang digunakake ing geguritan. Nada utawa lagu iku
contone: nuturi, ngguroni, memuji, ngece, nyemoni, lsp.

4. Swasana.
Swasana yaiku kahanan batin kang tuwuh utawa kabangun sawise maca geguritan. Apa tanggapan kang banjur bakal
dilakokake utawa dening pamaca bisa tuwuh amarga swasana iki.

5. Amanat utawa pesen.


Amanat yaiku apa kang arep diwedharake (disampaikan) saka panulis marang pamaca.

Andang Jaka Patrianta, S.Pd.


Geguritan
SMK TELKOM PURWOKERTO
Kawruh Basa
Dhiksi

1. Basa Rinengga (basa kang digawe endah)


Biasane tembung kang digunakake digawe luwih alus lan endah kanthi menehi imbuhan.
Conto: jangkah  jumangkah, krasa  hangrasa, lsp.

2. Plutan (tembung siji kang diringkes)


Conto: amrih  mrih, weruh  wruh, maring  mring

3. Garba (tembung loro diringkes dadi siji)


Conto: prawira utama  prawirotama, sarwa endah  sarwendah, siti hinggil  sitinggil, lsp

4. Wancahan (tembung kang disuda/dipotong)


Conto: awit  wit, aja  ja

5. Dasanama (sinonim/padhanan kata)


Nganggo tembung liya kang dianggep luwih endah.
Conto: angin  bayu, samirana, maruta
ati  kalbu, galih,manah, nala, tyas

Andang Jaka Patrianta, S.Pd.


Geguritan
SMK TELKOM PURWOKERTO
Kawruh Basa
Purwakanthi

Purwakanthi : Tembung kang dibaleni utawa runtut, bisa runtut unine, runtut tulisane, utawa
dibaleni utuh wujude. Ana 3 jinis, yaiku kaya ing ngisor.

1. Purwakanthi guru swara


Purwakanthi kang dibaleni unine vokal.
Conto: - sapa obah bakal mamah
- cipta rasa karsa

2. Purwakanthi guru sastra


Purwakanthi kang dibaleni tulisane utawa runtut tulisane (biasane konsonan)
Conto: - bibit bebet, bobot
- tata titi tentrem
- sluman slumun slamet

3. Purwakanthi guru basa / lumaksita


Purwakanthi kang dibaleni utuh tembung ing ukara sadurunge.
Conto: - ngelmu iku luwih pangaji, ajine tanpa tandhing
- kolik priya, priyagung Anjani putra

Andang Jaka Patrianta, S.Pd.


Geguritan
SMK TELKOM PURWOKERTO
Tuladha Geguritan
Tradhisional

Desaku, Baturraden-ku
Kinanthi Wedhatama Dening : Andang Jaka

Marma den taberi kulup, Lungguh slonjoran barang sedhela


Angulah lantiping ati, Dipayungi godhong wit kang amba
Rina wengi den anedya, Gemricik banyu kali ing kana
Pandak panduking pambudi, Gawe ayem lan tentrem ing dhadha
Bengkas kahardaning driya,
Supaya dadya utami Sumilir angin selaras napasku
Iki desaku, Baturraden-ku
Amung rasa sukur jroning atiku
Analisis: Bakal tak jaga kaendahanmu
- Ing ndhuwur kalebu geguritan tradhisional,
amarga tembang Macapat kuwi ana paugerane Analisis:
dhewe: guru gatra, guru wilangan, lan guru - Sanajan ora diwiwti tembung “Sun Nggegurit)
lagu. Ing ndhuwur bisa kalebu geguritan lawas
amarga ana aturan : gatra kang padha caccahe
saben pada/bait.
- Anane rima

Andang Jaka Patrianta, S.Pd.


Geguritan
SMK TELKOM PURWOKERTO
Tuladha Geguritan
Modheren

Layangmu Analisis:
Dening : Andang Jaka
- Geguritan iku bisa kalebu geguritan modheren,
amarga ora kaiket aturan : cacahing gatra saben
Semendhe ing satengahing ratri
pada, lan rima
Tanpa nyuwara, amung angrasa - Basane luwih lugas lan mentes
Ora krasa lara, nanging nuwuhake gela
Yen wengi iki tak gawa turu, mesthi wae dadi
impen
Layangmu kudune gawe bungah atiku

Dheg...
Sanalika atiku trataban
Nyatane layangmu dibarengi denah gedhong
resepsi

Nanging pancen iki kudu dadi layang bebungah


Dene sliramu saiki wis nemu sampurnaning ati
Saiki tekan wanciku ndedonga kanggo awakmu
Mugia sliramu sakloron tansah manggih rahayu

Andang Jaka Patrianta, S.Pd.


Geguritan
SMK TELKOM PURWOKERTO

Anda mungkin juga menyukai