Anda di halaman 1dari 9

GEGURITAN

PENDIDIKAN BAHASA/ BUDAYA JAWA

KELOMPOK 9
1. Monica Aprilia Kintan Rarassani (171143037)
2. Vincensia Kartika Cahyaningsih (171134044)
3. Yohanes Agung Pangestu (171134055)
4. Mia Aamania (171134157)
1. Geguritan saking tembung lingga ‘gurita’ yaiku
owah-owahan saka tembung ‘gerita’. Dene tembung
‘gerita’ iku saka tembung lingga ‘gita’ kang nduweni
teges tembang utawa syair.
2. Geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa anyar
awujud syair kang tanpa nganggo paugeran/pathokan
tartamtu.
1. Struktur Fisik
 Pamilihe tembung (diksi)
 Pengimajinasian
 Lelewaning basa (Majas)
 Purwakanthi (Rima/ritma)
2. Struktur Batin
 Bakuning gagasan/ tema (sense).
 Pangrasane penyair
 Nada utawa sikap penyair marang “pembaca”
 Amanat/ pesen
 Ora kawengku ing pathokan
 Dudu basa padinan
 Migunakake tembung-tembung kang pinilih
 Cacahe larikan ora katemtokake
 Isine mentes
 Arang-arang nggunakake tembung-tembung pangiket
1. Geguritan Kuna
Geguritan Kuna nduweni pathokan/paugeran:
 Cacahe gatra (larikan) ora ajeg, nanging sithik-sithike papat.
 Cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra utawa larik kudu
padha akehe.
 Tibaing swara (guru lagu) kudu runtut.
 Sangarepe guritan diwiwiti tembung “Sun nggurit”, utawa
“Sun Ngegurit”
2. Geguritan Anyar
Guritan anyar (geguritan) tegese rumpakan kang ora kaiket ing
paugeran dene edi penine rumpakan ngendelake tembung kang
mentes lan pilihan.
1. Urut-urutanipun damel gegurutan, yaiku:
 Nemtoake tema
Contonipun tema ingkang saged di damel geguritan, yaiku:
 Kabudayan utawi kesenian
 Kaendahan alam
 Katresnan
 perjuwangan
 Milih irah-irahan (judul) ingkang sae.
 Milih tembung ikang sae.
 Antawisipun irah-irahan lan isinipun, kedah wonten sambungipun.
 Saged migunakaken purwakanthi, basa, lan sastra.
Topik “dosa manungsa” A.S Yasman (PS 33: 16/8/2014:40)
Kabeh ana wektune
A.S Yasman
Aja mbungahi yen lagi lungguh kursi
sakwayah wayah nampa fee
yen mlaku langak-langak
ora bisa mlengak
senengane ndhilat nduwuran
ngidak ngisoran
mengko yen kalepyan
aja kumalungkung adol gendhung
yen lagi diugung
banjur ngempakake aji mumpung
lali petung
mengko yen lengser keprabon
mundhak takon?!
kabeh ana wektune
ana wektune ditinggal lunga
ana wektune ngumbar esem
ana wektune nyepaplem
ana wektune ongkang-ongkang
ana wektune hengkang
ana wektune lakak-lakak
ana wektune diseplak
mula sing eling lawan waspada
supaya ora gela!
ora percaya?
entanan titi kalamangsa!!!

Anda mungkin juga menyukai