1. Struktur
Struktur Geguritan yaiku kahanan kang bisa ditemokake/dideleng langsung saka wujude geguritan,
kayata: tembung, pada, gatra, rima, lsp.
Struktur geguritan iki bisa langsung ditemokake sajroning geguritan tanpa kudu ngerti maknane
dhisik.
2. Unsur
Unsur Geguritan yaiku kahanan kang ora bisa ditemokake/dideleng langsung saka wujude
geguritan, nanging kudu digoleki maknandhisik, kayata: tema, amanat, rasa pangrasa, lsp.
Unsur geguritan iki ora bisa langsung ditemokake sajroning geguritan kanthi kudu ngerti maknane
dhisik.
4. Tipografi
Yaiku wujude larik/gatra lan pada ing sajroning wujud geguritan.
2. Rasa pangrasa
Rasa pangrasa ing geguritan bisa ditemokake saka makna sajroning tembung kang digunakake. Rasa pangrasa iki bisa uga
awujud gaya bahasa. Tuladhane rasa pangrasa kayata, sedhih, seneng, kangen, gumun, simpati, lsp.
4. Swasana.
Swasana yaiku kahanan batin kang tuwuh utawa kabangun sawise maca geguritan. Apa tanggapan kang banjur bakal
dilakokake utawa dening pamaca bisa tuwuh amarga swasana iki.
Purwakanthi : Tembung kang dibaleni utawa runtut, bisa runtut unine, runtut tulisane, utawa
dibaleni utuh wujude. Ana 3 jinis, yaiku kaya ing ngisor.
Layangmu Analisis:
Dening : Andang Jaka - Geguritan iku bisa kalebu geguritan modheren,
amarga kaiket aturan : cacahing gatra saben
Semendhe ing satengahing ratri
pada, lan rima
Tanpa nyuwara, amung angrasa - Basane luwih lugas lan mentes
Dheg...
Sanalika atiku trataban
Nyatane layangmu dibarengi denah gedhong
resepsi