Anda di halaman 1dari 34

TEMBANG MACAPAT

Dening: Dewi Intan Nur Q.,S.Pd


ASSALAMMUALAIKUM WR .WB.

WONTEN NGRIKI IBU NYUWUN KAWIGATENIPUN PANJENENGAN


SEDAYA NGGIH KANTHI MANAH INGKANG BUNGAH LAN IKHLAS,
SAENGGA SAGED NDADOSAKEN BAROKAH KANGGE KITA SEDAYA
AMIIINNN

DI SINI IBU MEMINTA PERHATIAN KALIAN SEMUA DENGAN HATI


YANG SENANG DAN IKHLAS, SEHINGGA MENJADI BAROKAH UNTUK
KITA SEMUA
AMIIINNN
KD LAN INDIKATOR

KD 3.6 INDIKATOR
3.6.1 Menjelaskan jenis tembang macapat/ mamaca macopat
Mengidentifikasi, memahami,
3.6.2 Menjelaskan ciri-ciri tembang macapat/ mamaca
dan menganalisis puisi
macopat
tradisional atau modern
3.6.3 Menjelaskan isi tembang macapat/ mamaca macopat.
sesuai dengan karakteristik.

INDIKATOR
4.6.1 Mengarang tembang macapat/ mamaca macopat.
KD 4.6 4.6.2 Mempublikasikan tembang macapat/ mamaca macopat hasil karya
sendiri.
Membaca, mencipta, dan 4.6.3 Melagukan tembang macapat/mamaca macopat karya sendiri di
mempublikasikan puisi depan kelas.
tradisional atau modern. 4.6.4 Menceritakan isi tembang macapat/mamaca macopat karya
sendiri
Sadurunge mlebu materi, coba dieling-eling malih 

Apa kowe nate krungu jeneng “tembang macapat” ?


Pasinaon bab tembang macapat iki nate kowe sinaoni nalika
sd, smp, lan saiki bakal disinaoni ing sma kayadene ing
dina iki 
Ancas (tujuan) pasinaone tembang macapat, yaiku:

1. Bisa mangerteni pangerten (pengertian), paugeran (aturan), watak lan urutane tembang macapat
2. Bisa ngrakit/nggawe (membuat) tembang macapat
3. Bisa mangerteni tembung-tembung (kata-kata) sing angel (susah)
AYO SAIKI PASINAONE DIWIWITI !! 
BAB KANG DISINAONI

PAUGERAN LAN
01 PANGERTEN
03 WATEKE TEMBANG

JINIS-JINIS
02 TEMBANG LAN
FILOSOFI
04 ISI TEMBANG
BAB KANG DISINAONI

05 RASANING
BASA TEMBANG 06 RASANING SWARA
TEMBANG MACAPAT
MACAPAT

02 04
01
PANGERTEN
Pengertian
PANGERTEN

Tembang Macapat yaiku reriptan (karangan) utawa dapukaning


(kumpulan) basa mawa paugeran tartamtu sing diwaca kanthi
cara dilagokake nganggo kagunan swara.

Tembang macapat yaitu suatu karangan atau kumpulan bahasa dengan syarat/aturan
tertentu yang cara membacanya harus dengan dinyanyikan menggunakan suara yang
sudah ada.
02
JINIS-JINIS TEMBANG
LAN
FILOSOFI TEMBANG
Jenis dan filosofi tembang macapat
1. Tembang Gedhe, yaiku
tembang sing nganggo basa
Jawa Kuna. Jinise tembang
JENIS-JENIS
gedhe mung ana siji, yaiku
Girisa. Upama dideleng saka
TEMBANG
angele, tembang gedhe
kayadene kakawin ing jaman 2. Tembang Tengahan, jinise 4. Tembang Dolanan, yaiku jinis
kuna. Kang kalebu tembang tembang iki kayadene kidung tembang reripta gagrag anyar
gedhe yaiku: Citramengeng, kang asring dienggo rikala ding ora nganggo paugeran
Kusumastuti, Mintajiwa, lan jaman Majapahit. Kang kalebu kayadene tembang macapat.
Pamularsih. tembang tengahan yaiku: Juru Ditembangake dening bocah-
Demung, Wirangrong, lab bocah cilik, utamane ing
Balabak. padesan, sinambi bebarengan
dolan karo kanca-kancane lan
3. Tembang Cilik, uga diarani sekar alit, uga bisa dibarengi wirama gendhing.
sinebut tembang macapat. Tembang cilik kaiket Lumantar tembang dolanan
karo paugeran yaiku guru gatra, guru lagu, lan bocah bisa sinau bab sato
guru wilangan. Kang kalebu sekar alit yaiku: kewan, sato iwen, thethukulan,
Maskumambang, Mijil, Kinanthi, Sinom, tetanduran, bebrayan, lsp./
Asmarandhana, Gambuh, Dhandhanggula, Tu: Cublak-cublak suweng
Durma, Pangkur, Megatruh, Pocung.
JENIS-JENIS TEMBANG MACAPAT
Tembang macapat nyritakake ngenani kauripane manungsa wiwit isih ana ing kandhutan nganti tumekaning
pati. Tembang macapat kaperang dadi:

sinom
kinanthi
Maskumabang mijil
asmarandhana

gambuh dhandhanggula durma


pangkur

megatruh pocung
FILOSOFI TEMBANG MACAPAT
1. MASKUMAMBANG
Nggambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibune, sing durung
kawruhan lanang utawa wadhon, Emas/Mas ateges durung weruh lanang
utawa wadhone, kumambang ateges uripe ngambang menyang kandhutane
ibune.

2. MIJIL
Asale saka wiji kang ateges biji utawa ateges wijil, wiyos, raras, medal,
sulastri kang ateges metu utawa keluar. Nggambarake bayi kang wis lair lan
jelas priya utawa wadhon.

3. KINANTHI
Asale saka tembung dikanthi-kanthi (diarahkan, dibimbing, atau didampingi )
utawa saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa
mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
FILOSOFI TEMBANG MACAPAT
4. Sinom
Asale saka tembung sinom kang ateges asem sing enom utawa isih enom
kang ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggone
wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.

5. Asmarandhana
Asale saka asmara lan dahana kang ateges api asmara. Tembang kasebut
nggambarake rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baline)
kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi. Nyritakake bab susah senenge nalika
kasmaran.

6. Gambuh
Asale saka Gambuh kang ateges kulina (sudah terbiasa), wis lantih (sudah terlatih),
nanging uga saka tembung jumbuh (cocok/kecocokan) utawa sarujuk kang ateges yen
wis jumbuh / sarujuk banjur digathukake antarane priya lan wanita sing padha
nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisa urip bebrayan.
FILOSOFI TEMBANG MACAPAT

7. Dhandhanggula
Asale saka tembung dhandhang ateges wadah utawa dandang ateges manuk
gagak/duka utawa uga bisa diarani gegadhangan kang ateges pangarep-arep. Dene
gula yaiku sari tebu kang ateges legi/manis. Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-
senenge, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwe sisihan / kulawarga, duwe
anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong
atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

8. Durma
Asale saka tembung darma/weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur
tuwuh rasa welas asih marang kadang liyane kang lagi nandhang kacingkrangan, mula
banjur tuwuh rasa kepengin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau
disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
FILOSOFI TEMBANG MACAPAT
9. Pangkur
Asale saka tembung mungkur (mundur/mengundurkan diri) kang ateges
nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin
weweh/shodaqoh marang sapadha - padha. Mundur saka kauripan ing donya
lan tumuju ing bab jiwa utawa bab spiritual.

5. Megatruh
Asale saka tembung megat lan ruh/roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi
wancine (sudah waktunya) katimbalan (kembali) marak sowan mring Sing Maha
Kuwasa.

6. Pocung
Kauripane manungsa sabanjure yaiku ana ing kauripan ghaib. Yen wis dadi layon /
mayit banjur dibungkus kain mori putih utawa dipocongi sadurunge dikubur. Utawa
proses memandikan jasad.
03
PAUGERAN TEMBANG
MACAPAT
LAN
WATEK TEMBANG MACAPAT
Aturan dan watak tembang macapat
PAUGERANE TEMBANG MACAPAT

Yen dibandhingake karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi beda lan luwih
gampang dipatrapake jroning basa Jawa amarga beda karo kakawin sing didhasarake
marang basa Sanskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak
dilirwakake. Paugerane tembang macapat yaiku ana:

a.Guru gatra : wilangan larik/cacahe gatra saben sapada


b.Guru wilangan : cacahe wanda saben sagatra.
c.Guru lagu: tibane swara ing pungkasaning gatra.
PAUGERANE TEMBANG MACAPAT
tuladhane

Gegaraning wong akrami


Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane Ayo nintingi tembang ing
Luput pisan kena pisan sisih kasebut bebarengan!
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angel, angel kelangkung
Tan kena tinumbas arta
tuladhane

Poma poma wekas ingsun


Mring kang maca layang iki
Lair batin den estokna
Saunine layang iki Ayo nintingi tembang ing
Lan den bekti mring wong tuwa sisih kasebut bebarengan!
Ing lair prapta ing bathin

PB IV, Wulangreh, Pupuh 2


WEWATEKE TEMBANG MACAPAT

1. Maskumambang : nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih mahyakaken raos panalangsa


2. Mijil : asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe prihatin
3. Kinanthi : seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna, mulang
4. Sinom : ethes, prasaja piwulang, wewarah
5. Asmaradhana : tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan, mulang, tresna
6. Gambuh : sumanak, sumadulur mulang, pitutur
7. Dhandhanggula : luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang
tresna,
mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok
8. Durma :keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu, perang
9. Pangkur : sereng, nepsu, gandrung pitutur radi srengen, gandrung
10. Megatruh : prihatin, getun, keduwung, sedhih cariyos ingkang sedhih, getun
11. Pocung : sembrana, parikena, lucu cangkriman, crita lucu, guyon
04

Isi tembang macapat

Aturan dan watak tembang macapat


MBABAR ISINE TEMBANG MACAPAT
Kanthi cara umume:

Tembang kalebu
Tembang nduweni nilai
kasenian sing ana rekreatif lan utilataris.
sajrone
kabudayan Rekreatif yaiku bisa dadi Utilataris tembang
Masyarakat Jawa Tembang nduweni nilai sarana panglipur (hiburan) nduweni piguna kanggo
etis utawa kasusilaan masyarakat Jawa./ bisa
Tembang nduweni sarana praktik ritual
awujud piwulangan bab nyenengake pikiran.
nilai estetis sing ing masyarakat. Kayata
tata krama, unggah
ateges endah amarga macapatan,
ungguh, budi pekerti,
kalsebu salah sijine panembrama
wejangan
karya sastra
05

Rasaning basa tembang macapat

Perbahasaan didalam tembang macapat


RASANING BASA ING TEMBANG
MACAPAT

 Nalika nembang macapat kudu ngutamakake basa utawa sastrane, amarga


kanthi ora langsung kita uga lagi aweh pitutur kanthi cara nembangake. Mula
basa sing ditembangake kudu cetha.
 Supaya cetha, nalika nalika nembangake macapat ana istilah pedhotan
kendho lan pedhotan kenceng.
 Pedhotan Kendho yaiku pedhotan sing manggon ing pungkasane tembung.
Dene pedhotan kenceng yaiku pedhotan sing manggon ing tengah-tengah
tembung, saengga melu medhot suku katane tembung kasebut.
tuladhane
06

Rasaning swara tembang macapat

Rasa suara didalam tembang macapat


RASANING SWARA ING TEMBANG
MACAPAT

 Rasane swara ing tembang macapat dikenal kanthi aran Titilaras (tangga nada)
yaiku Titilaras Slendro lan Titilaras Pelog.
 Titilaras Slendro iku ana telung pathet yaiku slendro pathet nem, slendro
pathet sanga, lan slendro pathet manyura.
 Titilaras Pelog uga ana telung pathet, yaiku pelog pathet nem, pelog pathet
lima, lan peloh pathet barang.
Gambar Titilaras Tembang Macapat
kanthi wujud tatanan nada gamelan

Pelog Barang Titilaras Pelog nem lan pelog barang


meh padha ananging sing mbedakake
yaiku angka 1 lan 7

Pelog Nem
MATUR
NUWUN
Alternative Resources

Anda mungkin juga menyukai