Anda di halaman 1dari 27

Basa Rinengga

Dening:
Caecilia Pramudita Kusumaningrum
18020114032
2018 B
Kompetensi Dasar, Indikator, dan
Tujuan Pembelajaran
1 Kompetensi Dasar

Mengidentifikasi, Memahami struktur teks, dan


menganalisis penggunaan bahasa dalam teks sastra dan
nonsastra secara lisan dan tulis
2 Indikator
a. Mengidentifikasi karakteristik bahasa dalam teks
sastra.
b. Mengidentifikasi karakteristik bahasa dalam teks
nonsastra.
c. Mengklasifikasikan jenis basa rinengga/lalonget
dalam teks.
d. Menjelaskan makna basa rinengga/lalonget dalam
teks.
e. Menganalisis basa rinengga/lalonget dalam teks
f. Menganalisis panyandra/oca’ pangalem dalam

3 Tujuan Pembelajaran

1. Mengklasifikasikan jenis basa rinengga/lalonget.


2. Mengidentifikasikan makna basa rinengga/lalonget.
3. Mengidentifikasikan panyandra.
BASA RINENGGA

Basa Rinengga yaiku basa kang


endah, endah amarga basane mau wus
rinengga/dihias/dipacaki, utawa
dipaesi nganggo tembung-tembung
kang endah.
JINISE BASA RINENGGA
Tembung Saroja

Tembung Entar

Purwakanthi Paribasan

Bebasan

Saloka

Cangkriman

Wangsalan

Sengkalan
TEMBUNG SAROJA
1 TEGESE

TEMBUNG SAROJA YAIKU TEMBUNG LORO SING PADHA TEGESE


UTAWA MEH PADHA TEGESE SING DIANGGO BEBARENGAN
2 TULADHA

1. WONG JAWA PRANYATA NDUWENI KABUDAYAN KANG ADI


LUHUNG.
2. PEGAWEYANE MUNG ANGKAT JUNJUNG, APA BISA NYUKUPI
KABUTUHANE KALUWARGANE.
3. DIREWANGI NJUNGKIR NJEMPALIK MEKSA ORA BISA CUKUP
KANGGO MANGAN SABEN DINANE.
4. DEDEG PIADEGE GEDHE DHUWUR TUR GAGAH PRAKASA.
TEMBUNG ENTAR
1 TEGESE

TEMBUNG ENTAR YAIKU TEMBUNG KANG NDUWENI TEGES ORA


SALUGUNE/ORA WANTAHE (NDUWENI MAKNA KIAS).
2 TULADHA

1. BOCAH IKU WUS ORA BISA DIPERCAYA, AMARGA DHEWEKE


IKU KALEBU BOCAH KANG LUNYU ILATE.
2. BOCAH LANANG IKU KUDUNE SING KENDEL AJA WEDINAN,
BOCAH NGONO IKU ARANE LANANG KEMANGI.
3. DADI WONG IKU AJA SENENG NJUPUK LIYAN, ORA APIK,
NGONO IKU SING DIARANI DAWA TANGANE.
PURWAKANTHI
1 TEGESE

PURWAKANTHI YAIKU RUNTUTE SWARA ING UKARA, WANDA


UTAWA TEMBUNG KANG KAPISAN NGGANDHENG WANDA UTAWA
TEMBUNG ING SAMBURINE
2 JINISE PURWAKANTHI

1. PURWAKANTHI GURU SWARA YAIKU PURWAKANTHI KANG


RUNTUT SWARANE.
2. PURWAKANTHI GURU SASTRA YAIKU PURWAKANTHI KANG
RUNTUT SASTRANE UTAWA TULISANE.
3. PURWAKANTHI GURU BASA UTAWA PURWAKANTHI LUMAKSITA
YAIKU PURWAKANTHI SING TEMBUNGE ING UKARA SADURUNGE
DIBALENI MANEH ING UKARA CANDAKE
PARIBASAN
1 TEGESE

PARIBASAN YAIKU UNEN-UNEN SING DUWE TEGES WANTAH/APA


ANANE, TANPA PEPINDHAN/IRIH-IRIHAN.
2 TULADHA

1. BUSUK KETEKUK PINTER KEBLINGER, TEGESE WONG BODHO


LAN WONG PINTER PADHA-PADHA GAMPANG KABUJUK
PADHA-PADHA CILAKA.
2. ADIGANG ADIGUNG ADIGUNA, TEGESE NGEDEL-ENDELAKE
KAKUWATAN, KALUHURAN, LAN KAPINTERAN
BEBASAN
1 TEGESE

BEBASAN YAIKU UNEN-UNEN SING NGEMU RASA PEPINDHAN, SING


DIPEPINDHANAKE SOLAH BAWANE.
2 TULADHA

1. NABOK NYILIH TANGAN, TEGESE NGGAWE PILARA KANTHI


KONGKONAN WONG LIYA.
2. IDU DIDILAT MANEH, TEGESE NJABEL OMONGAN KANG WUS
DIUCAPAKE.
SALOKA
1 TEGESE

SALOKA YAIKU UNEN-UNEN SING NGEMU RASA PEPINDHAN, SING


DIPEPINDHANAKE IKU WONGE.
2 TULADHA

1. KEBO NUSU GUDEL, TEGESE WONG TUWA NJALUK WURUK


MARANG WONG ENOM.
2. KUTHUK MARANI SUNDUK, TEGESE WONG KANG SENGAJA
MARANI BEBAYA/BILAHI.
CANGKRIMAN
1 TEGESE

CANGKRIMAN YAIKU TETEMBUNGAN UTAWA UNEN-UNEN KANG


KUDU DIBATANG
2 JINISE CANGKRIMAN
1. CANGKRIMAN WANCAHAN YAIKU CANGKRIMAN KANG KEDADEYAN SAKA
TEMBUNG-TEMBUNG KANG DIWANCAH UTAWA DICEKAK
2. CANGKRIMAN PEPINDHAN YAIKU CANGKRIMAN KANG KEDADEYAN SAKA
PEPINDHAN UTAWA IRIH-IRIHAN BARANG.
3. CANGKRIMAN BLENDRAN YAIKU CANGKRIMAN KANG NGEMU SWARA
BLENDRAN, PAMBATANGE KUDU LUWIH NGATI-NGATI, JALARAN YEN
KURANG PANGATI-ATI BAKAL KEBLENDHER TEMENAN.
4. CANGKRIMAN KANG SINAWUNG ING TEMBUNG YAIKU CANGKRIMAN
KANG MAPAN ANA ING TEMBUNG.
WANGSALAN
1 TEGESE

WANGSALAN YAIKU UNEN-UNEN KAYA CANGKRIMAN NANGING


DIBATANG DHEWE
2 JINISE

1. WANGSALAN LAMBA 5. WANGSALAN MAWA


2. WANGSALAN RANGKEP PAUGERAN TARTAMTU
3. WANGSALAN MEMET 6. WANGSALAN EDI-PEDI
4. WANGSALAN PADINAN 7. WANGSALAN KANG
SINAWUNG ING TEMBANG
JINISE WANGSALAN
1 Wangsalan lamba

Wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji.


2 Wangsalan rangkep

Wangsalan sing isine batangane luwih saka siji


3 Wangsalan memet

Wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngonceki maksuding


tetembungane ambal ping pindho
4 Wangsalan padinan

Ana sing nganggo nyebutake batangane, lan ana sing tanpa nyebut
batangane, amarga wong-wong sing padha krungu dianggep wus ngerti
maksude
JINISE WANGSALAN
5 Wangsalan mawa paugeran tartamtu

A. Mawa paugeran 4 wanda + 8 wanda


Unen-unen mung saukara kang kedadeyan saka rong gatra. Wangsalan
sing nganggo paugeran iki yaiku wangsalan lamba. Gatra ngarep 4
wanda, isi wangsalan; gatra mburi 8 wanda, isi batangan.

B. Mawa paugeran (4 wanda + 8 wanda) × 2 = 24 wanda

Unen-unen rong ukara, saben ukara kedadeyan saka rong gatra.


Wangsalan sing nganggo paugeran iki yaiku wangsalan rangkep. Ukara
kapisan isi wangsalan; ukara kapindho isi batangane.
JINISE WANGSALAN

6 Wangsalan edi-peni

Wangsalan sing mawa paugeran


a. Unen-unene kedadeyan saka 2 ukara
b. Saben saukara kedadeyan saka 2 gatra
c. Ukara kang kapisan mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa
utawa purwakanthi lumaksita
7 Wangsalan kang sinawung ing tembang

Cacahe wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartamtu,
sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang.

8 Wangsalan kang sinawung ing tembang

Cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerung, lan senggakan, kerep


kanggo wangsalan (dilagokake dening pesndhen, niyaga, utawa bocah-
bocah sing padha manembrama.
SENGKALAN
1 TEGESE

SENGKALAN YAIKU TETENGERING ANGKA TAUN INGKANG SINANDI


SARANA TETEMBUNGAN, GAMBAR UTAWI PEPETHAN (TIRUAN)
2 INGKANG DIPUNSENGKALI

ADEGING KRATON, SIRNANING RERESAH UTAWI KRAMAN,


SUDANING PAMOR KRATON, RATU SEDA, UTAWI PANGRIPTANING
SERAT-SERAT KAPUJANGGAN LAN SANES-SANESIPUN. UPAMI
SANESING KRATON INGGIH ADEGING GRIYA, LAIRING PUTRA,
PALAKRAMI, LAIRING WAYAH, DINTEN SEDANIPUN SESEPUH,
NGARANG BUKU, LAN SANES-SANESIPUN.
3 WUJUD SENGKALAN

1 Sengkalan Lamba

Sengkalan ingkang awujud tetembungan


2 Sengkalan Memet

Sengkalan ingkang awujud gambar

4 WEWATONING TAUN

1 Candra Sengkala

Sengkalan ingkang manut lampahing rembulan


2 Surya Sengkala

Sengkalan ingkang manut lampahing srengenge


SENGKALAN

5 Suraosipun Sengkalan

Saged selaras kaliyan bab ingkang dipun sengkalani. Sampun ngantos ukara
sengkalan namung awujud tembung ingkang dipun jejer-jejer. Saged ugi ngemu
suraos: kekudangan, pangajeng-ajeng, pangalembana, pamuji, panyeda,
panalangsaning manah, lsp. Mawa-mawa ingkang dipunsengkalani. Pokokipun
ingkang mranani
6 Cara Panganggitipun

Jalaran sapunika ingkang kaprah kaangge taun Masehi mila langkung


prayogi menawi adhedhasar taun Masehi kemawon. Ateges wewaton surya
sengkala. Tembung-tembungipun tetep sami namung dhasaripun mendhet
taun ingkang beda.
PANYANDRA

Panyandra yaiku unen-unen saemper


pepindhan kang surasane mawa
tetandingan sarta ngemu teges mirip
utawa memper
JINISE PANYANDRA
Candrane Perangane Awak

Candrane Solah Bawa

Candrane Wong Nesu

Candraning Mangsa
Candrane Perangane Awak
01 Alise : Nanggal Sepisan

02 Astane : nggandewa gadhing


03 Athi-athine : ngundhup turi

04 Bangkekane : nawon kemit


Candrane Solah Bawa
01 Lakune kaya macan luwe

02 Pangamuke kaya bantheng ketaton


03 Swarane kaya mbelah-mbelaha bumi

04 Lambeyane mblarak sempal


Candrane Wong Nesu
01 Eka padmi sari

02 Dwi amartani
03 Tri kawula busana

04 Catur wanara rukem

05 Nawa gra lupa

06 Panca sura panggah

07 Dasa yaksa wangke


Candraning Mangsa
01 Satya murca ing embanan = candrane mangsa kasiji
Tegese: Wiwit wit-witan padha brindhil
02 Bantala rengka = candrane manga kaloro
Tegese: lemah-lemah padha nela (mlethek)
03 Suta manut bapa = candrane mangsa katelu
Tegese: wit gembili (gadhung) padha mrambat
04 Waspa kumembeng jroning kalbu = candrane mangsa kapapat
Tegese: tuk-tuk (sumber) padha ora bisa mili (buntet)
05 Pancuran mas semawur ing jagat = candrane mangsa kalima
Tegese: wiwit akeh udan
06 Rasa mulya kasucen = candrane mangsa kanem
Tegese: ungsum woh-wohan mirasa
07 Wusa kentar ing maruta = candrane mangsa kapitu
Tegese: akeh lelara
08 Ajrah jroning kayun = candrane mangsa kawolu
Tegese: mangsane kucing gandhik
09 Wedharing wacana mulya = candrane mangsa kasanga
Tegese: mangsane gareng muni, gangsir ngenthir
10 Gedhong minep jroning kalbu = candrane mangsa sepuluh
Tegese: akeh kewan meteng, manuk ngendhok
11 Sotya sinara wedi = candrane mangsa kasewelas
Tegese: mangsane manuk ngloloh
12 Tirta sah saking sasana = candrane mangsa karolas
Tegese: mangsa mbedhidhing utawa adhem
Kanggo nambah pamahamanmu
ngenani basa, ayo bebarengan maca
teks kang bakal diandumake.
MATUR NUWUN

Anda mungkin juga menyukai