Anda di halaman 1dari 3

Piwulang 6

I. Wangsalan
Yaiku unen-unen memper cangkriman, nanging batangane wis disebutake sanajan
mung sakwanda (tebakan mirip cangkriman, tapi jawabannya sudah disebutkan
walau hanya satu suku kata).

Tuladha=
1. Roning mlinjo, sampun sayah kula nyuwun ngaso.
Cangkriman = roning mlinjo
Tebusan = ngaso
Batangan = godhong so

2. Ora usah nempe legi, isih cilik kok polahe macem-macem.


Cangkriman = nempe legi
Tebusan = macem-macem
Batangan = bacem

3. Bantal dawa, manungsa kudu tansah eling marang sing kuwasa.


Cangkriman = bantal dawa
Tebusan = eling
Batangan = guling

4. Wah ... wader bungkuk tenan, dhuwitmu pirang-pirang.


Cangkriman = wader bungkuk
Tebusan = pirang-pirang
Batangan = urang

5. Jenang gula, aja lali marang aku, lho.


Cangkriman = jenang gula
Tebusan = lali
Batangan = glali

Garapen gladhi 7 ana LKS kaca 42!

Cathetan lan tugas arep dipriksa pas PTM.

II. Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi


Serat Wulangerh dikarang dening Sri Susuhanan Pakubuwana IV. Wulangreh
asale saka tembung “wulang” kang tegese piwulang/pitutur lan tembung “reh” kang
tegese aturan/tuntunan. Serat Wulangreh yaiku serat sing isine aturan lan piwulang
kanggo nggayuh urip kang sempurna.
Serat Wulangreh kasusun saka 13 pada tembang, yaiku 10 pada tembang Macapat
lan 3 tembang Tengahan. Pupuh Kinanthi ing Serat Wulangreh ana ing urutan nomer loro
lan kasusun saka 16 pada/bait. Tembang Kinanthi nduweni watak seneng, sedhih, tresna,
lan kangen.
Paugerane tembang Kinanthi:
a. Guru gatra = ana 6 gatra
b. Guru wilangan/guru lagu = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Terjemahan Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi (kaca/halaman 26-30
01
Biasakna nglatih ati
Ben pikiranmu lantip/peka
Aja mung mangan turu
Usahakna watak satria
Latihen awakmu kanthi cara
Ngurangi mangan lan turu

02
Dadikna kebiasaan
Ngurangi mangan lan turu
Aja seneng pesta pora
Nyandang sakanane
Elek wong sing seneng pesta pora
Ngurangi rasaning ati

03
Nek kowe dadi panguwasa
Aja nyombongakr awakmu
Aja mereki wong jahat
Wong sing tumindake ala
Mesthi bakal ngajak-ajak
Bakal nulari awakmu

04
Nadyan keturunan wong ora duwe
Yen kelakuane apik
Apa sugih pengalaman
Kang migunani
Dheweke pantes dikancani
Merga marahi tumindakmu apik

05
Yen bocah enom biasane
Kegawa lingkungan
Yen sakupengmu akeh tumindak durjana/jahat
Awakmu bisa kegawa
Yen sing diadhepi wong ala
Malah bisa dadi maling

06
Nadyan ora melu maling
Ning paham carane nyolong
Ngono iku cirine tumindak ala
Kejahatan iku
Yen sering weruh akhire bisa
Ya kuwi bujuk rayune iblis

07
Tumindak apik iku
Gampang yen wis dibiasakna
Angel yen durung dilakoni
Males nglakoni
Ning yen wis dalakoni
Aweh manfaat kanggo awake dhewe

08
Wong enom iku
Ing jaman saiki
Sopan santun ditinggalake
Ngumbar kesombongan
Mamerake kesombongan
Sombong lan sok-sokan

09
Ora kenal sapepadha
Kurang ajar lan congkak
Iku cirine wong ala
Para mudha adoh saka wong apik
Emoh ngrungokake carita
Sing ala lan apik

10
Carita sing wis kedadean
Tumindak ala lan becik
Tumindak ala lan ora
Kalebu jinising carita
Mulane sing diarani carita
Kabeh kudu dingerteni

Anda mungkin juga menyukai