Definisi wangsalan
= unen-unen ingkang saemper kaliyan
cangkriman, ananging batanganipun
sampun sinandi wonten ing tebusan,
sanajan namung sami satunggal wanda
utawi langkung.
Jinis Wangsalan
1. Wangsalan Lamba
( isi batanganipun namung satunggal)
2. Wangsalan Rangkep
(isi batanganipun langkung saking satunggal)
3. Wangsalan Memet
(caranipun nyuraos batangan ambal kaping kalih)
4. Wangsalan Edi Peni
(migunakaken purwakanthi basa/pengulangan kata)
5. Wangsalan Padintenan
(limrah kaginakaken wonten ing pacelathon/dialog padintenan)
6. Wangsalan ingkang sinawung ing geguritan
(kangge nambah estetika/kaendahan)
7. Wangsalan ingkang sinawung ing tembang
(kangge nambah estetika/kaendahan)
TULADHA WANGSALAN
Wangsalan lamba
Inggih menika wangsalan ingkang isi batanganipun naming satunggl
Tuladha :
Isi sawo, ayo padha tumindak becik tetulung mring sesama.
Isi sawo : perangan ingkang kedah dipun batang
becik : tebusan (isi petunjuk/clue) kangge madosi wangsulan
batangan : kecik
TULADHA WANGSALAN RANGKEP
Wangsalan rangkep inggih menika wangsalan ingkang isi batanganipun langkung saking
satunggal
Tuladha wangsalan rangkep
Jenang sela, wader kalen sesondheran
Apuranta yen wonten lepat kawula
Katrangan :
Jenang sela
Tebusan : apuranta; batanganipun : apu
wader kalen : iwak sepat, batanganipun : lepat
Tuladha wangsalan Memet
Tuladha :
Nguler kambang yen trima alon-alonan
Nguler kambang : batanganipun lintah
Tebusanipun satitahe = alon-alonan.
Wangsalan edi peni
Tuladha :
Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra
Nora gampang wong urip ing ngalam donya.
Carang wreksa
batangan : pang
tebusan : gampang
wreksa wilis tanpa patra :
batangan : wit kayu urip
tebusan : urip
Tuladha wangsalan ing tembang
Sarung jagung, abote kebacut tresna tak rewangi korban jiwa raga, mlaku adoh tang
ngresula, lsp.
sarung jagung = kulit jagung
Batangan : klobot
Tebusan : abot
Tuladha wangsalan ing geguritan
anak cacing :
batangan : lur
tebusan : sadulur
Perangan Wangsalan
1. Wangsalan
2. Tebusan
3. Batangan
Tuladha :
wangsalan tebusan
batangan = sinuwun
wangsalan tebusan
batangan = seneng
wangsalan tebusan
batangan = manggar
wangsalan tebusan
batangan = celung
Caranipun damel wangsalan
1. Nemtokaken wangsalanipun, upaminipun migunakaken aranipun kembang, godhong, wit, isi, lsp.
Tuladha
1. kembang jambe = mayang
2. godhong kacang lanjaran = lembayung
3. wit pring enom = bung
4. Isi sawo = kecik
2. Damel, ukara ingkang jumbuh/cocok antawisipun wangsalan, tebusan, lan batangan.
Tuladha
1. Kembang jambe, dadi anak kudu sayang marang wong tuwa. (B = mayang)
2. Godhong kacang lanjaran, ing mangsa udan kudu siyaga payung. (B= lembayung)
3. Wit pring enom, ayo padha sregep nabung. (B = bung)
4. Isi sawo, wong urip ing donya kudu tansah tumindak sing becik. (B= kecik)