NIM : 19010644214
Kelas : PGSD 2019-F
Mata Kuliah : Bahasa Jawa
Dosen : Drs. H. Heru Subrata, M.Si
1. Unen-unen yaiku peribahasan Bahasa Jawa ingkang awujud tembung (kata) utawa
ukara (kalimat). Tuladha :
Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawana, tegese mempeng
nyambut gawe/ngewangi karo tanpa pangarah, ngingu alam semesta
/mengendalikan nafsu.
Manungsa sadrema nglakoni, kadya wayang umpamane, tegese manungsa mung
ndalani apa anane, seumpama wayang.
Ati suci marganing rahayu, tegese ati sing suci dadi ratan menuju kaslametan jiwa
lan raga.
Ngelmu kang nyata, karya reseping ati, tegese elmu sing sejati, nggae tenteram
neng ati.
Ngudi laku utama kanthi sentosa ing budi, tegese hayati panggawe mulia karo
budi pekerti luhur.
3. Parikan iku unen-unen rong gatra. Wanda pungkasan pedhotaning gatra kapisan
kecape padha karo wanda pungkasan pedhotaning gatra kang kapindho. Gatra kapisan
minangka purwaka dene karepe ana ing gatra kapindho. Tuladha:
Tawon madu ngisep sekar,
Golek ngelmu kudu sabar
Jemek-jemek gula jawa,
Aja ngenyek padha konco
Wajik klethik gula jawa,
Kalah dhisik, ora papa
Iwak bandeng, durung wayu,
Pria ganteng, sugeh ngelmu
Dawet ayu, dawet ireng,
Kowe ngguyu aku seneng
4. Jarwa dhosok yaiku tembung sing diothak-athik supaya mathuk, mujudake cekakan
saka rong tembung utawa luwih kang dadi ukara. Tuladha :
Kodhok = teka teka ndhodok
Cangkem = yen ora dicancang ora mingkem
Maling = njupuk amale wong sing ora eling
Sepuh = sabdane ampuh
Wanita = wani ditata
5. Tembung saroja yaiku tembung loro padha tegese digandheng dadi siji, ngemu surasa
akeh utawa mbangetake. Tuladha:
Sayuk rukun, tegese rukun banget
Welas asih, tegese welas banget
Ajur mumur, tegese ajur banget
Ayem tentrem, tegese damai sejahtera
Gemah ripah, tegese subur makmur
6. Yogyaswara yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji (sing meh pada
pangucapane), mung bedo wanda pungkasan (sing ngarep tiba swara 'a' sing mburi
tiba swara 'i'), nduweni teges lanang wadon. Tuladha :
Mahasiswa- mahasiswi
Dewa- dewi
Putra- putri
Pemudha- pemudhi
Siswa- siswi
7. Tembung garba yaiku tembung loro kang digandheng nanging wandane disuda.
Tuladha:
Aneng = ana + ing
Narendra = nara + endra
Dhemenyar = dhemen + anyar
Kadya = kadi + kaya
Kalyan = kalih + lan
8. Têmbung plutan yaiku tembung kang dirangkep wandane, supaya suda akehing
(cacahe) wandane. Tuladha :
Suwara dipluta dadi swara
Weruh dipluta dadi wruh
Sarana dipluta dadi srana
Sari dipluta dadi sri
Awit dipluta dadi wit
9. Têmbung sing mingsêd pakêcapane, têgêse têmbung sing owah sathithik pakêcapane
(lan uga panulise). Tuladha :
Kentas, asale saka: kêntas. Saka têmbung lingga: êntas, olèh atêr-atêr: ka.
Mbaguguk ngutha-waton, asale saka: Mbaguguk ngutha-watu.
Dlanggung, asale saka: dalan + agung (= dalan gêdhe).
Tahan-tahan tuman, mingsêd dadi: tan-tan tuman.
Madu balung tanpa isi, sok mingsêd (dilanturake): madu balung kêpesing.
10. Rurabasa yaiku rakitaning tembung kang luput nanging wis umum utawa wis lumrah.
Tuladha:
12. Tembung entar yaiku tembung sing tegese dudu teges salugune. Tuladha:
Adus kringet, tegese nyambut gawe mempeng banget
Dawa ususe, tegese sabar
Weteng kadut, tegese ora tampikan
Tipis lambene, tegese seneng rerasan
Rupak atine (segarane), tegese ora gampang ngapura
13. Paribasan yaiku unen-unen gumathok, ajeg panganggone, tegese wantah. Tuladha:
Tulung menthung, tegese menehi pitulungan nanging malah gawe rekasane sing
ditulungi
Becik ketitik ala ketara, tegese kabeh pagaweyan kang becik lan kang ala bakal
katon dhewe
Ngubak ubak banyu bening, tegese membuat keonaran di tempat yang damai.
Ora mambu enthong irus, tegese tidak kelihatan kalau bersaudara.
Adol lenga kari busike, tegese yang membagi justru tidak kebagian jatah.
14. Bebabasan yaiku unen-unen gumathok, ajeg panganggone, ngemu rasa pepindhan
sing dipindhakake pakarti utawa kaanane uwong. Tuladha:
Nabok nyilih tangan, tegese tumindak ala sarana kongkonan wong liya
Kejugrugan gunung menyan, tegese oleh begja gedhe
Wastra bêdhah, kayu pokah ‘pakaian/kain sobek, kayu patah’, tegese wong sing
tatu parah nganti menyang balung-balunge
Adhang-adhang tetese embun, tegese njagakake barang mung sak oleh-olehe
Asu gedhe menang kerahe, tegese wong kang dhuwur pangkate mesti bae gede
panguwasane
15. Saloka yaiku unen-unen kang gumathok, ngemu surasa pepindhan. dene pepindhane
mau tumrap uwong lan kaanan utawa pakartine. Tuladha:
Ula marani gebug, tegese wong kang njarag marang kacilakan
Kebo kabotan sungu, tegese wong kang uripe rekasa jalaran kakehan sanggan.
Asu bêlang kalung wang ‘anjing belang berkalung uang’, tegese wong sing
cendhek derajatnya nanging sugih raya
Beras wutah arang bali marang takere, tegese barang yen wis rusak angel pulih
kaya maune.
Idu didilat maneh, tegese wong kang menehi dijaluk bali maneh utawa murungake
janji kang wis diucapake.
16. Cangkriman yaiku unen-unen kang njaluk dibatang. ana kang asale mung saka
anggone nggathuk-nggathukke wandane tembung sawetara, nanging ana kang awujud
irib-iriban. Tuladha:
Gowang pelot = jagone ana ing lawang, cempene mencolot
Pitik walik saba kebon, tegese nanas
Burnas kopen, tegese bubur panas kokopen.
Suru bregitu yaiku asu turu dibregi watu.
Surles penen yaiku susur teles pepenen
17. Dasanama yaiku jeneng pirang-pirang kang tegese padha utawa meh padha (jenenge
liya). Tuladha :
Alêm =astawa, alêmbana.
Ambêkan =napas, huswa, swasa, huswasa.
Beda =pae, wanèh, bènèh.
Ngrintih =ngrêngik, ringing-ringih, ngrêngih.
Tamèng =puksur, paris, jêbêng, kantar.
18. Pêpindhan yaiku tuturan sing ngandung jarwa saben padhan, kemiripan. Tuladha :
Brengose, kaya nguler keket.
Adheme, kaya es.
Swarane, kaya mbelah-mbelahna bumi
Putíh memplak, tegese kaya kapuk diwusoni
Nyengite, kaya dhemít
19. Candra yaiku gambaran kebecikan utawa enek karo nggunakne piranti pêpindhan.
Tuladha:
Lambéné nggula sathêmlik, tegese lambe seseorang (prawan) sing bentuke cilik
lan abang dadine kedelok legi.
Alise nanggal sepisan, tegese alise njlarit memper rembulan nuju tanggal siji
Idepe mangada-ada, tegese idepe ngjegrak
Kempole ngembang pudhak, tegese sikile putih banget
Drijine mucuk eri tegese drijine lancip-lancip kaya pucuk ri
21. Purwakanthi yaiku alunan bunyi yang sama pada beberapa kata dalam sastra Jawa dan
Sunda. Tuladha :
Jaman saiki golek jodho ora bisa ngawur, kudu didheleng babat, bibit, bobot,
bebete.
Anggonmu golek rejeki aja brangasan, sing penting sluman, slumun, slamet.
Budi iku pancen ndablek ditimbali biyunge inggah-inggih nanging ora kepanggih.
Kepingin tuku buku, bukune wis entek.
Laras, lurus, leres, laris.