Anda di halaman 1dari 3

Tembung Saroja, yaiku tembung kang kadiri saking loro tembung, banjur digabung

lan saged nuwuhake pangerten ingkang luwih teges.


Pembahasan
Conto-contone Tembung Saroja, Tegese, lan Tuladhane :
1. Abang Mbranang, nduweni teges yaiku Abang Banget utawa abang nemen.
Tuladha : Bocah iku nesu ngasi raine abang mbranang.
2. Adhem Ayem, nduweni teges yaiku uripe tansah kepenak, tentrem, ugi makmur.
Tuladha : Urip ing ndeso pancen nggarai urip adhem ayem.
3. Peteng Ndedet, nduweni teges yaiku peteng banget utawa gelap gulita.
Tuladha : Sakiki jam 5 sore suasanane wis peteng ndedet.
4. Gemah Ripah, nduweni teges yaiku subur.
Tuladha : Sawahe bapakku gemah ripah loh jinawi.
5. Bapa Biyung, nduweni teges yaiku Wong tua, bapak, ibu, orangtua
Tuladha : Dadi anak kudu ngurmati bapa biyung.
6. Dowo Tangane, nduweni teges yaiku seneng maling.
Tuladha : Dadi wong sing becik, ojo dadi wong sing dowo tangane.
7. Padhang Jingglang, nduweni teges yaiku terang banget ora ono peteng-petenge blas.
Tuladha : Tangi-tangi wis padhang jingglang.
8. Ngalap Berkah, nduweni teges yaiku ngarepake berkah
Tuladha : Ora becik ngalap berkah ing kuburan.
9. Raja Kaya, nduweni teges yaiku kewan ingon ingon kaya sapi, kebo, jaran, lsp
Tuladha : Pakdheku sakiki ingon-ingon raja kaya.
10. Tahu tempe, nduweni teges yaiku tahu dan tempe.
Tuladha : Kasenenganku namung mangan tahu tempe.

Paribasan
yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa tembung entar, ora ngandut surasa
pepindhan

Tuladha :
durung pecus keselak besus = durung sembada nanging pengene ora-ora
welas tanpa alis = mesakke tok ora isa ngopo-ngopo
ciriwanci ginawa mati = watak ora isa mari sakdurunge mati

Bebasan
yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa tembung entar, ngemu surasa
pepindhan

Tuladha:
lahan karoban manis = dasar bocahe ayu kelakuane yo becik
ngudang siunge bethara kala = nyedaki bebaya
oleh itunge luput sunduke = ora jumbuh antarane itungan lan kenyataan

Saloka
yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa tembung entar ngemu surasa
pepindhan, nanging kang dipepindhan uwonge, banjur tembung kanggo pepindhane
kewan utawa tanduran

Tuladha:
gajah ngidak rapah = nerak guneme dhewe
gong lumaku tinabuh = wong kang kemudu dijaluki wuruk

Anda mungkin juga menyukai