Anda di halaman 1dari 3

Tembung Entar

Tembung Entar utawa Tembung Kiasan yaiku tembung ingkang ora kena ditegese sawantahe.
Tuladhane Tembung Entar, antarane

Tuladha:
1. Dawa Ususe, tegese sabar.
Tuladha = Wong kuwi wis bola bali diece tetep wae dawa ususe.
2. Adus Keringet, tegese kerja keras/nyambot gawe tenanan.
Tuladha = Bapakku sing makarya kanthi adus keringet.
3. Dawa Tangane, tegese seneng nyolong/nyolongan.
Tuladha = Dadi bocah aja dawa tangane.
4. Landep Nalare, tegese pinter.
Tuladha = Amarga sregep sinau, bocah kuwi dadi landep nalare.
5. Gedhe Endhase, tegese sombong, angkuh.
Tuladha = Dadi manungsa aja gedhe endhase, nanging gede pambudine.
6. Lunyu Ilate, tegese mencla mencle / ora bisa dipercaya
Tuladha = Aja percaya karo omongane, dheweke iku kalebu wong sing lunyu
ilate
7. Cepak jodhone, tegese gelis oleh jodho
Tuladha = Susan cepak jodhone mergo ayu
8. Ngemut Driji, tegese ora oleh opo opo
Tuladha = Yen nyambut gawe ora tenanan, mesti akhire ngemut driji
9. Abang Kupinge, tegese nesu banget / ngamok banget
Tuladha = Amarga kerep diece kanca-kancane Nardi dadi gampang abang kupinge.
10. Rupak Atine, tegese cugetan / ora gampang ngapura
Tuladha = Ojo Rupak Atine mengko gk duwe konco.
Tembung Garba
Tembung Garba = tembung 2 sing digandeng, nanging suda wandane. ( 2 kata yang disambung )
Tuladha tembung Garba :

Dupi + arsa : Dupyarsa

Duhkita + ing : Duhkiteng

Dhemen + anyar : Dhemenyar

Iya + iku : Yeku

Jaler + estri : Jalwestri

Karya + enak : Karyenak

Kapi + endra : Kapindra

Lagi + antuk : Lagyantuk

Mulya + ing : Mulyeng

Malbu + ing : Malbeng

Murba + ing : Murbeng

Mara + ing : Mring

Nara + endra : Narendra

Nara + pati : Narpati

Padha + obah : Padhobah

Prapta + ing : Prapteng

Parama + iswari : Prameswari

Prawira + ing : Prawireng

Parimirma + ing : Parimarmeng

Sura + ing : Sureng


Sarwi + anjoget : Sarwyanjoget

Sesotya + abyor : Sesotyabor

Siti + inggil : Sitinggil

Wanodya + ayu : Wanodyayu

Wanita + utama : Wanitatama

Tuladha Ukara Tembung Garba

Gusti ingkang murbeng dumadi.

Raden Panji Kudawanengpati.

Pati sureng laga.

Mbok perawan sanggawang duhkiteng kalbu.

Wanodyayu kuru aking.

Anoman malumpat sampun prapteng witing nagasari.

Wani malbeng jroning tamansari.

Adil parimarmeng dasih.

Amamangun karyenak tyasing sasami.

Dipa jayeng rananggana.

Anda mungkin juga menyukai