Anda di halaman 1dari 1

Bahasa Jawa 09/01/2023

- Michelle De Haan/XI IPS/12


- Natalie Gracia P/XI IPS/14
Wangsulan :
1. Menapa ingkang dipunwastani tembang menika?
Tembang/sekar inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran
tartamtu (gumanthok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunan
swanten.
2. Kaandharma menapa ingkang dipunwastani tembang macapat menika?
Macapat menika tegesipun maca papat-papat.
3. Kasebatna paugeraning tembang macapat!
a. Guru Gatra
b. Guru Wilangan
c. Guru Lagu
4. Kaandharma menapa ingkang dipunwastani guru gatra?
Guru gatra inggih menika cacahing wilangan larik/gatra saben pada (bahasa Indonesia
:bait)
5. Menapa ingkang dipunwastani guru wilangan menika?
Guru wilangan inggih menika cacahing wilangan wanda (bahasa Indonesia :suku
kata) saben gatra.
6. Menapa ingkang dipunwastani guru lagu menika?
Guru lagu inggih meika tibane swara ing pungkasaning saben gatra.
7. Kasebatna jisining tembang macapat!
a. Tembang macapat maskumambang
b. Tembang macapat mijil
c. Tembang macapat sinom
d. Tembang macapat kinanthi
e. Tembang macapat asmarandana
f. Tembang macapat gambuh
g. Tembang macapat dhandanggula
h. Tembang macapat durma
i. Tembang macapat pangkur
j. Tembang macapat megatruh
k. Tembang pucung
8. Kadospundi panyekaring tembang macapat menika?
Panyekaring tembang macapat menika temtunipun kedah kaselarasaken kaliyan
titilaras (notasi), laras, saha pathetipun gamelan.

Anda mungkin juga menyukai