Anda di halaman 1dari 14

GLADHEN CBT

UJI KOMPETENSI
WULANGAN 6

KD 6 – 8

3.5. Memahami struktur teks, unsur kebahasaan, dan pesan moral tembang macapat secara lisan dan
tulis.

3.5.1. Menjelaskan struktur teks tembang macapat Dhandhanggula

3.5.1.1. Menjelaskan guru gatra tembang macapat Dhandhanggula.

1. Wigatekna pranyatan iki!


(1) nganggo wewaton: guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
(2) bisa ditembangake tanpa iringan gamelan,
(3) bisa nganggo laras gamelan pelog, lan slendro

Pranyatan (1, 2, lan 3) iku mau kena kanggo apa?

A. Nitik tembang macapat


B. Ngarang/ nulis tembang macapat
C. Nembang tembang macapat
D. Nggancarake tembang macapat.

2. Wigatekna pranyatan iki!


Tembang macapat nganggo wewaton kaya ing pranyatan iki:
(1) guru gatrane ana 10 ,
(2) guru wilangane: 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7; lan
(3) guru lagu. i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.

Pranyatan (1, 2, lan 3) iku mau titikane tembang apa?

A. Gambuh
B. Asmaradana
C. Pucung
D. Dhandhanggula

3. Cacahe gatra tembang Dhandhanggula ana pira?


A. 9
B. 10
C. 11
D. 12
3.5.1.2. Menjelaskan guru wilangan tembang macapat Dhandhanggula.

4. Apa maknane tembung: guru wilangan?

A. Cacahe gatra ing saben sapada tembang.


B. Cacahe wanda saben gatra.
C. Tibaning swara / dhongdhinge saben pungkasane gatra.
D. Cacahing wanda saben sapada.

5. Endi guru wilangane tembang Dhandhanggula kang bener?


A. 10, 10, 7, 8, 7, 8, 8, 8, 10, 7.
B. 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7.
C. 10, 9, 7, 8, 7, 8, 8, 8, 11, 8.
D. 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8.

6. Wewaton guru wilangan ing gatrane tembang macapat kena diugemi kanthi cara nyuda
cacahe wanda iku nganggo tembung apa?
A. Tembung saroja
B. Tembung garba.
C. Tembung entar
D. Tembung kawi

3.5.1.3. Menjelaskan guru lagu tembang macapat Dhandhanggula.

7. Apa maknane tembung: guru lagu?


A. Cacahe gatra ing saben padane tembang.
B. Cacahe wanda saben sagatra.
C. Tibaning swara / dhongdhinge saben pungkasane gatra.
D. Cacahing wanda saben sapada.

8. Pigunane tembung baliswara iku ing tembang macapat kanggo netepi wewaton apa?
A. Guru gatra,
B. Guru wilangan,
C. Guru lagu,
D. Guru basa

9. Wacanen cakepan tembang iki!

Dhandhanggula

Sasmitane ngaurip puniki,

nyekti ewuh yen ora weruha,

tan jumeneng ing uripe,


akeh kang aku-aku,

pangrasane sampun udani,

tur durung wruh ing rasa,

rasa kang satuhu,

rasane rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi,

ing kauripanira.

Guru lagune cakepan tembang Dhandhanggula gatra kang kawitan iku apa?

A. i,
B. a,
C. e,
D. o.

10. Endi wewatone tembang Dhandhanggula ing ngisor iki kang bener?
A. I 10i, II 10a, III 7e, IV 8u, V 7i, VI 8a, VII 8u, VIII 8a, IX 10i, X 7a.
B. I 10i, II 10a, III 8e, IV 7u, V 9i, VI 7a, VII 6u, VIII 8a, IX 12i, X 7a.
C. I 10i, II 9a, III 7e, IV 8u, V 7i, VI 8a, VII 8u, VIII.8a, IX 11i, X 8a.
D. I 8u, II 8i, III 8a, IV 8i, V 8a, VI 8i, VII 8a.

11. Wewatone tembang macapat, yaiku ….

A. Guru basa, guru wilangan, guru lagu.

B. Guru gatra, guru wilangan, guru lagu.

C. Guru sastra, guru wilangan, guru lagu.

D Guru basa, guru wilangan, guru swara.

12. Unen-unen utawa tetembungan utawa ukara ing rumpakan tembang macapat kang
ditembangake iku arane apa?
A. Cengkok
B. Cakepan
C. Guritan
D. Titi laras
13. Kepriye watake tembang Dhandhanggula?

A. Grapyak sumanak,
B. Welas asih,
C. Luwes, lan manis,
D. Sakepenake dhewe.

3.5.2. Menjelaskan unsur kebahasaan tembang macapat Dhandhanggula

14. “lanang wadon pan samya anambut kardi”


Tembung lanang wadon ing pethikan cakepan tembang Dhandhanggula iku basa
rinengga awujud tembung apa?
A. Tembung garba,
B. Tembung entar,
C. Tembung saroja,
D. Tembung kosokbalen.

15. “aneng kuloning gunung,”


Tembung aneng ing pethikan cakepan tembang Dhandhanggula iku basa rinengga
awujud tembung apa?
A. Tembung garba,
B. Tembung saroja,
C. Tembung entar,
D. Tembung dasanama.

16. “Sun tuturi kabeh putra-putri,”


Apa tegese tembung sun?
A. Aku,
B. Kowe
C. Dheweke
D. Slirane

17. “Sun tuturi kabeh putra-putri,”


Tembung: putra-putri ing pethikan cakepan tembang Dhandhanggula iku basa rinengga
awujud tembung apa?
A. Tembung garba,
B. Tembung saroja,
C. Tembung entar,
D. Tembung Yogyaswara.

18. “Lamun sira anggeguru kaki,”


Apa tegese tembung kaki saka gatrane cakepan tembang Dhandhanggula?
A. Wong kang wis tuwa,
B. Wong enom kang diasihi,
C. Wong lanang tuwa umure,
D. Sebutane guru ngaji
19. Basa kang ditata kanthi iketan kang apik lan runtut, sarta endah, arane basa apa?
A. Basa janturan
B. Basa rinengga
C. Basa krama alus
D. Basane panatacara.

20. Wacanen cakepan tembang iki!

DHANDHANGGULA

Sasmitane ngaurip puniki,

mapan ewuh yen ora weruha,

tan jumeneng ing uripe,

akeh kang ngaku-aku,

pangrasane sampun udani,

tur durung wruh ing rasa,

rasa kang satuhu,

rasane rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi,

ing kauripanira.

Tuladhane basa rinengga kang awujud purwakanthi guru basa saka


cakepane tembang dhandhanggula iku mau ana ing tembung apa bae?

A. Sasmitane.
B. Jumeneng,
C. Rasa,
D. Upayanen.

21. Wacanen cakepan tembang iki!

DHANDHANGGULA

Sasmitane ngaurip puniki,

mapan ewuh yen ora weruha,

tan jumeneng ing uripe,

akeh kang ngaku-aku,


pangrasane sampun udani,

tur durung wruh ing rasa,

rasa kang satuhu,

rasane rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi,

ing kauripanira.

Tuladhane basa rinengga kang awujud tembung kawi ing cakepane tembang
dhandhanggula iku mau ana ing tembung apa bae?
A. Sasmitane, tan, udani, darapon.
B. Jumeneng, pangrasane, punika.
C. Ngaurip, rasa, satuhu,
D. Upayanen, sampurna, kauripanira.

Menjelaskan pesan moral tembang macapat Dhandhanggula.

22. Wacanen cakepan tembang iki!

DHANDHANGGULA

Jago kluruk rame kapiyarsi,


lawa kalong luru pandhelikan,
jrih kawanen ing semune,
wetan bang sulakipun,
mratandhani wus bangun enjing,
rembulan wus gumlewang,
ing pucuking gunung,
ing padesan wiwit obah,
lanang wadon pan samya anambut kardi,
netepi kuwajiban.

Apa piwelinge tembang Dhandhanggula ing dhuwur iku mau?

A. Tangi esuk, lan nyambutgawe miturut kawajibane.


B. Pitik , lawa, rembulan, gunung, lan wong duwe kawajiban dhewe-dhewe.
C. Sembarang kang urip iku tangi esuk, lan nglakoni kawajibane dhewe-dhewe.
D. Saben wong mesthi tangi esuk nglakoni kawajibane dhewe-dhewe.

23. Wacanen cakepan tembang iki!


DHANDHANGGULA

Jago kluruk rame kapiyarsi,


lawa kalong luru pandhelikan,
jrih kawanen ing semune
wetan bang sulakipun,
mratandhani wus bangun enjing,
rembulan wus gumlewang,
ing pucuking gunung,
ing padesan wiwit obah,
lanang wadon pan samya anambut kardi,
netepi kuwajiban.

Apa sambung rapete (relevansi) isine cakepan tembang Dhandhanggula ing dhuwur
karo kanyatane wong urip saben dina ing jaman saiki?
A. Ing wayah esuk jago padha kluruk dhewe-dhewe.
B. Ing wayah esuk lawang kalong padha golek pangan.
C. Ing wayah esuk wong-wong miwiti nglakoni kuwajiban.
D. Ing wayah esuk wong-wong padha mapan turu.

DHANDHANGGULA

Jago kluruk rame kapiyarsi,


lawa kalong luru pandhelikan,
jrih kawanen ing semune
wetan bang sulakipun,
mratandhani wus bangun enjing,
rembulan wus gumlewang,
ing pucuking gunung,
ing padesan wiwit obah,
lanang wadon pan samya anambut kardi,
netepi kuwajiban.

24. Isine tembang Dhandhanggula iki, yaiku:


A. nyaritakake wayah esuk ing padesan wong lanang lan wadon padha sregep
nyambut gawe netepi kawajiban.,

B. nyaritakake wayah tangi esuk wong lanang padha nyambut gawe miturut kawajiban
dhewe-dhewe.

C. nyaritakake nalika wayah tangi esuk ing padesan wong wadon miwit nyambut gawe
kanggo nglakoni kawajiban,
D. nyaritakake wayah tangi esuk ing padesan wonge padha miwiti nyambut gawe
nglakoni kawajibane dhewe-dhewe.

4.5 Mengubah teks tembang macapat menjadi teks prosa

4.5.1. Melagukan tembang macapat Dhandhanggula.

25. Nembang macapat kuwi bisa kepenak dirungokake manawa pener titilarase.
Apa tegese titilaras?

A. Cakepan
B. Pedhotan
C. Cengkok
D. Wirama/notasi.

26. Lak-luke swara nalika nembang macapat, arane apa?

A. Titi laras
B. Pedhotan
C. Cakepan
D. Cengkok.

27. Titi Larase gamelan: 1 – 2 – 3 – 5 – 6, arane titilaras apa?

A. Titi laras Pelog


B. Titi laras Sampak
C. Titi laras Slendro
D. Titi laras Sekaran.

28. Titi Larase gamelan: 1 – 2 – 3 – 4 - 5 – 6 - 7, arane titi laras apa?


A. Titi laras Sekaran
B. Titi laras Sampak
C. Titi laras Slendro
D. Titi laras Pelog

29. Kapan wong kudu mangerteni watake tembang macapat, cetha pocapane tembung,
pedhotane cakepan tembang macapat, lan titi larase tembang macapat?

A. Nalika nulis cakepan tembang macapat,


B. Nalika maca cakepan tembang macapat,
C. Nalika nembang tembang macapat,
D. Nalika nyemak tembang macapat,

30. Endi pedhotane cakepan tembang Dhandhanggula ing ngisor iki kang bener lan pener,
yaiku:
A. Jago / kluruk / rame / kapi / yarsi,
B. Jago / kluruk / rame/ kapiyarsi,
C. Jago kluruk / rame / kapiyarsi,
D. Jago kluruk / rame kapiyarsi.

4.5.2. Memparafrasekan/ mengubah tembang macapat Dhandhanggula menjadi teks prosa.

31. Wigatekna pranyatan iki!

(1). negesi tembung angel ing tembang kanthi mbukak ing bausastra (Kamus Basa Jawa),
(2). ngrakit tembung-tembung mau dadi ukara kanthi netepi paugeran panulise
karangan gancaran (prosa) kanthi cara bisa nambahi tembung katrangan, tembung
panggandheng.
(3) panulise kudu ngugemi tata tulis lan tandha wacan (ejaan) kang bener lan pener.

Pranyatan (1, 2, lan 3) iku mau kena kanggo apa?


A. Nembang tembang macapat,
B. Nulis cakepan tembang macapat,
C. Nggancarake tembang macapat,
D. Nemokake isine tembang macapat.

32. Wacanen cakepan tembang iki!

DHANDHANGGULA

Jago kluruk rame kapiyarsi,


lawa kalong luru pandhelikan,
jrih kawanen ing semune,
wetan bang sulakipun,
mratandhani wus bangun enjing,
rembulan wus gumlewang,
aneng kuloning gunung,
ing padesan wiwit obah,
lanang wadon pan samya anambut kardi,
netepi kuwajiban.

Ngendi gancarane tembang Dhandhanggula ing dhuwur mau kang becik lan pener?

A. Jago kluruk kaprungu rame, lawa lan kalong padha nggolek panggonan ndhelik kaya
wedi kawanen. Ing langit sisih kulon katon mega nyulak abang menehi tandha
wayahe tangi turu, lan rembulan katon ana ing sisih kulone gunung. Ing padesan
wong-wong miwiti nyambut gawe, para wong tani padha nandangi panggaweyane
dhewe-dhewe.
B. Jago kluruk kaprungu rame banget, lawa lan kalong padha bali menyang susuhe
amarga wedi kawanen. Ing langit sisih wetan katon mega nyorot abang menehi
tandha wayah tangi esuk, lan rembulan mengkleng ngulon ing kulone gunung. Ing
padesan wong-wong miwiti nyambutgawe, wong lanang lan wadon padha nyambut
gawe kanggo nglakoni kawajibane dhewe-dhewe.

C. Jago kluruk rame, lawa lan kalong padha nggolek panggonan ndhelik kaya wedi
kawanen. Ing langit sisih kulon katon mega nyulak ireng menehi tandha wayahe
tangi esuk, lan rembulan katon ana ing kulone gunung. Ing padesan wong-wong
miwiti nyambutgawe, para wong tani padha turu sawise nyambut gawe dhewe-
dhewe.

D. Jago kluruk kaprungu rame, lawa lan kalong padha nggolek panggonan ndhelik kaya
wedi kawanen. Ing langit sisih wetan katon mega nyulak abang menehi tandha
wayahe turu nalika rembulan ana ing kulone gunung. Ing padesan wong-wong
ngrampungi tandang gawe, para wong lanang padha turu sawise nyambut gawe
nandangi kawajibane dhewe-dhewe.

33. Wacanen cakepan tembang ing ngisor iki!

Dhandhanggula
Sasmitane ngaurip puniki,
nyekti ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang aku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuhu,
rasane rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.

Kepriye gancarane cakepan tembang Dhandhanggula iku mau?

A. Tandhane wong urip iki bakal sangsara manawa ora weruh, lan ora tau nglakoni apa-
apa. Malah wong iku mung ngaku-aku, kaya-kaya wis bisa meruhi lan wis nglakoni.
Kang nyatane durung weruh, lan durung tau ngrasakake ngalami kang nyata. Mula
saka iku wong urip iku kudu digoleki ing sajrone nglakoni urip, supaya bisa jangkep
(sampurna) ing lair lan batine.

B. Lelakone wong urip iki bakal sangsara manawa ora weruh, lan ora tau nglakoni.
Banjur wong iku mlaku -mlaku supaya bisa meruhi. Nanging nyatane abot, lan
ngrasakake nglakoni urip kang satemene. Rasa pangrasa (elmu batin) iku ora
digoleki, lan ora bisa ganep (sampurna) warna-warnane wong uripe.
C. Kahanane wong urip iku seneng, manawa ora weruh, lan ora nglakoni uripe. Wong
iku seneng ngaku-aku, sanajan ora bisa meruhi, lan ora ngrasakake nglakoni urip
kang satemene. Rasa pangrasa (elmu batin) iku ora perlu digoleki.

D. Prekara wong nglakoni urip iki dadi seneng manawa weruh, lan tansah duwe dhuwit.
Wong iku bisa seneng, sanajan durung weruh, lan durung ngalami urip kang
satemene. Rasa pangrasa (elmu batin) iku ora tau digoleki.

34. Wacanen cakepane tembang iki!

DHANDHANGGULA

Sun tuturi kabeh putra-putri,


lamun sira becik ing pangolah,
budipikir lan ngelmune,
aja sira gumunggung,
kebat kliwat datan pamikir,
trunyak-trunyuk tindaknya,
bilahi ing pungkur,
singkirana tindak nistha,
kang pranyata ora gawe urip mukti,
estokna tuturika.

Kepriye gancarane cakepan tembang Dhandhanggula ing dhuwur mau kang becik lan
pener?

A. Pituture wong tuwa marang anak-anake kang seneng nggunakake akal pikir lan
kawruhe supaya: ora duwe rasa seneng digunggung banjur grusah grusu tanpa mikir
lan ora nganggo tata krama. Kang ndadekake cilaka ing tembe buri. Mula kudu
nglakoni apa-apa kang cilaka amarga wis nyata nggawe wong urip dadi sangsara.

B. Pituture wong tuwa marang kabeh anake kang pinter lan ngerti supaya: ora seneng
dipuji-puji, ora grusah-grusu ora mikir, solah bawa ora nganggo tata krama iku
ndadeke cilaka, lan ora nglakoni prakara cilaka kang pancen nyata ora ndadekake
urip kepenak.

C. Pituture wong tuwa marang anak putune kang ora seneng nggunakake akal pikir lan
kawruhe supaya: duwe rasa seneng digunggung banjur grusah grusu tanpa mikir lan
ora nganggo tata krama. Kang ndadekake kepenak ing tembe buri. Mula kudu
nglakoni apa-apa kang cilaka amarga wis nyata nggawe wong urip dadi sangsara.

D. Pituture wong tuwa marang kabeh anak putune kang pinter lan ngerti supaya: ora
seneng dipuji-puji, grusah-grusu ora mikir, solah bawa ora nganggo tata krama iku
ndadeke cilaka, lan ora nglakoni prakara cilaka kang pancen nyata ndadekake urip
kepenak.
4.5.3. Menceritakan isi tembang macapat Dhandhanggula.

35. Wacanen cakepan tembang iki!

DHANDHANGGULA

Sun tuturi kabeh putra-putri,

lamun sira becik ing pangolah,

budipikir lan ngelmune,

aja sira gumunggung,

kebat kliwat datan pamikir,

trunyak-trunyuk tindaknya,

bilahi ing pungkur,

singkirana tindak nistha,

kang pranyata ora gawe urip mukti,

estokna tuturika.

Apa isine tembang Dhandhanggula ing dhuwur?

A. Pituture wong tuwa marang anak-anake supaya: ora seneng digunggung banjur
grusah grusu tanpa mikir lan ora duwe tata krama sing nyebabake urip cilaka; lan
nyegah nglakoni apa-apa kang cilaka amarga wis nyata ora nggawe wong urip
seneng.

B. Pituture wong tuwa marang anake kabeh supaya: ora seneng dipuji-puji, ora grusah-
grusu, lan gelem mikir, polah nganggo tata krama supaya ora cilaka; lan supaya ora
nglakoni ala/ cilaka kang wis nyata ora ndadekake urip kepenak.

C. Pituture wong tuwa marang anak-anake supaya: seneng digunggung, grusah grusu
tanpa mikir lan ora duwe tata krama sing nyebabake urip cilaka; lan nyegah nglakoni
apa-apa kang gawe cilaka amarga wis nyata nggawe wong urip seneng.

D. Pituture wong tuwa marang anake kabeh supaya: ora seneng dipuji-puji, ora grusah-
grusu, lan ora gelem mikir, ora nganggo tata krama, lan gawe cilaka supaya nglakoni
ala wis nyata ndadekake urip kepenak.
36. Wacanen cakepane tembang iki!
DHANDHANGGULA

Damar ingkang paring tuduh janmi,


iki ana jrone Pancasila,
ing kono pepak isine,
wis benere ditanggung,
tumrap kadang wajib angudi,
ngerti lawan isinya,
lair batinipun,
tanpa iki janma rusak,
bubrah babreh angel banget den dandosi,
donya bakal kiyamat.

Apa isine tembang Dhandhanggula ing dhuwur iku mau?.


A. Lair batin diudi bisa dadi damar,
B. Pancasila pepak iku isine lan ditanggung bener,
C. Jaman saiki wis rusak lan angel banget didandani,
D. Kahanan saiki wis bubrah babreh.

37. Wacanen cakepane tembang iki!

DHANDHANGGULA

Jago kluruk rame kapiyarsi,


lawa kalong luru pandhelikan,
jrih kawanen ing semune
wetan bang sulakipun,
mratandhani wus bangun enjing,
rembulan wus gumlewang,
ing pucuking gunung,
ing padesan wiwit obah,
lanang wadon pan samya anambut kardi,
netepi kuwajiban.

Apa isine tembang DHANDHANGGULA ing dhuwur?


A. Isine nyaritakake wayah ejago kluruk ing kutha wong lanang lan wadon padha
nyambut gawe kanggo nglakoni kuwajibane.
B. Isine nyaritakake wayah lawa kalong ndhelik ing padesan wong lanang wadon padha
nglalekake kuwajibane.
C. Isine nyaritakake wayah esuk ing padesan wong lanang wadon wis padha tandang awe
kanggo nglakoni kuwajibane.
D. Isine nyaritakake wayah nyambut gawe ing padesan wong lanang lan wong wadon
nyambut gawe kanggo nglakoni kuwajibane.
38. Wacanen cakepane tembang iki!

DHANDHANGGULA

Sasmitane ngaurip puniki,


mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuhu,
rasane rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.

Apa isine tembang DHANDHANGGULA ing dhuwur?


A. Isine nyaritakake wong urip iku nandhang ribet
B. Isine nyaritakake wong urip iku rumangsa seneng.
C. Isine nyaritakake wong urip iku ora sampurna.
D. Isine nyaritakake wong urip iku kudu nyambut gawe.

39. Wacanen cakepane tembang iki!

DHANDHANGGULA

Lamun sira anggeguru kaki,


amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta weruh ing ukum,
kang ngibadah lan kang ngirangi,
sokur oleh wong tapa,
ingkang sampun amungkur,
tan mikir pawewehing lyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.

Isine tembang Dhandhanggula ing dhuwur, yaiku:


A. carane milih guru
B. carane ora diukum
C. carane duwe martabat
D. carane diajeni wong liya.

Anda mungkin juga menyukai