Anda di halaman 1dari 5

PEMERINTAH KABUPATEN JOMBANG

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SMP NEGERI 2 JOMBANG
Jalan Bupati Raa Soeroadiningrat Np.10,Jombatan (0321) 861519 Jombang
kode pos 61419

PENILAIAN SUMATIF TENGAH SEMESTER (PTS)


SMPN 2 JOMBANG TAHUN PELAJARAN 2022 / 2023
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari / tanggal : Maret 2023
Kelas : VII (TUJUH) Waktu : 60 menit

A. Pilihen siji wangsulan kang bener lan pener!

1. Karya sastra Jawa kang ora kaiket ing aturan: guru gatra, guru wilangan, guru lagu, utawa wujude
bebas lan ngutamakake pilihan tembung kang mentes, arane apa?

a. Tembang macapat c. Geguritan

b. Tembang dolanan d. Gancaran

2. Wigatekna pranyatan iki!


(1). Apike ukara cocog karo isine karangan,
(2). Pilihane tembung kang mentes lan mantesi.
(3). Nggunakake wirama lan basa rinengga.
(4). Wujude bebas.
Pranyatan (1), (2), (3), lan (4) iku ngandharake apa?

a. Endahe geguritan c. Tembang dolanan.


b. Maca endah geguritan d. Tembang macapat.

3. Pilihane tembung kang mentes,lan mantesi ing sajrone geguritan, arane apa?

a. Lelewaning basa / Basa rinengga c. Dhiksi


b. Rima, d. Tema.

4. - Wong temen bakal tinemu, ndhuk!


Ngono simbah aweh sesorah
Ora mung manungsa buruh
Nanging tanduran uga tinitah
Butuh tresna
Butuh asih

Ing pethilan geguritan iku mau ana ngambali tembung butuh: butuh tresna, butuh asih. awujud basa
rinengga, arane apa?

a. Purwakanthi guru basa c. Purwakanthi guru sastra.


b. Purwakanthi guru swara d. Purwakanthi guru lumaksita.

5. Tembang macapat iku kaiket ing wewaton apa bae?

a. Guru gatra, guru basa, guru lagu c. Guru swara, guru basa, guru sastra
b. Guru gatra, guru wilangan, guru lagu d. Guru swara, guru lagu, guru wilangan.

6. Wacanen cakepan tembang Pangkur ing ngisor iki kanthi permati!

PANGKUR
Mingkar-mingkuring angkara,
akarana karenan mardisiwi,

1
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih kertarta pakartining ngelmu luhung,
kang tumrap neng tanah Jawa,
agama ageming aji.

Endi wewatone tembang Pangkur ing ngisor iki; guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu kang bener?

a. I8a, II11i, III8u, IV7a, V12u, VI8a, VII8i c. I8a, II11i, III8u, IV7a, V12u, VI8a, VII7i.
b. I8a, II11i, III8u, IV7a, V11u, VI8a, VII8i. d. I8a, II11i, III8u, IV7a, V12u, VI7a, VII8i.

7. Tembung-tembung: mardisiwi, kidung, luhung ing tembang macapat Pangkur iku kalebu basa
rinengga arupa tembung apa?

a. Tembung padinan, c. Tembung krama inggil,


b. Tembung kawi d. Tembung ngoko.

8. Wacanen cakepan tembang Asmaradana ing ngisor iki kanthi permati!

ASMARADANA

Anjasmara arimami,
masmirah kulaka warta,
dasihmu tan wurung layon,
aneng kutha Probolingga,
prang tandhing wuru Bisma,
karya mukti wong ayu,
pun kakang pamit palastra.

Endi kang tembung garba saka cakepan tembang Asmaradana ing dhuwur?

a. Arimami, c. Aneng,
b. Masmirah, d. Palastra

9.
Tembung iku mau nganggo pasangan apa bae?

a. ba lan ta c. ca lan ka
b. ba lan ka d. ca lan ta

10. Endi tulisane tembung: kopyah putih nganggo aksara Jawa kang bener?
a. c.

b. d.

11 Endi panulise tembung: mbarengi lenggah nganggo aksara Jawa kang bener?

a. c.

b. d.

12 Endi panulise tembung: jangan terong nganggo aksara Jawa kang bener?
a. c.

b. d.

2
13. ”He Raja kang wengis, aku Dewi Limaran sing wis koksotake dadi kidang. Sawise dadi kidang
saiki isih kopanah nganti teka ing pati. Saiki wis titiwancine ngundhuh wohing pakartimu, udan angin
lan langit peteng dhedhet iki minangka piwalesku sing bakal ngintirake anggamu”. Lerene swara
mau ana bledheg nyamber Sang Prabu, sanalika Sang Prabu malih dadi naga.
Pada (paragraf) ing ndhuwur katitik saka struktur teks kalebu perangan apa?

a. orientasi c. Klimaks
b. kompilkasi d. Resolusi

14. Wiwit dina iku Jaka Lintang manehi wewaler marang warga Ngrayudan supaya aja pisan-pisan
mateni kidang, Yen nganti ana sing mateni kidang Ngrayudan lan sakupenge bakal ana banjir
bandhang.

Katitik saka struktur teks pethikan crita sapada ing dhuwur kalebu perangan apa?

a. Orientasi. c. Resolusi.
b. Komplikasi d. Kodha.

15. Kidang wadon ngulandara ninggalake negara Gagarmayang nganti tumeka ing satengahe alas
Ngrayudan sawetane gunung Lawu.
Ukara kasebut kalebu ukara apa?

a. Ukara lamba, c. Ukara camboran sajajar,


b. Ukara camboran, d. Ukara camboran tundha/susun.

.16 “He, bocah bagus, ana apa kowe nangis kelara-lara?” Sang Prabu ndangu Jaka Lintang.

Ukara ing ndhuwur katitik saka tandha pada pangkate kalebu ukara apa?

a. Ukara lamba, c. Ukara ora langsung


b. Ukara camboran. d. Ukara langsung.

B. Isenana ceceg-ceceg (titik-titik) ing ukarane soal-soal ing ngisor iki kanthi bener lan pener!

17. ...., dhiksi, musikalisasi, lan amanat ing geguritan iku kalebu unsur intrinsik geguritan.

18. Sawise direwangi pindha adus kringet


Anggone ngupaya tanduran iki
Wis samesthine ing pungkasane mangsa
bakal panen.

Tembung adus kringet saka pethikan geguritan ing dhuwur iku kalebu basa ..... awujud tembung
entar.

19 Supaya bisa mangerteni isine geguritan wong kang maca geguritan iku kudu luwih dhisik
mangerteni ....

20. Titi Larase gamelan: 1 – 2 – 3 – 4 - 5 – 6 - 7, arane titi laras ....

21. Unen-unen utawa tetembungan kang dilagokake ing tembang macapat, arane ....

22. Asmaradana
Aja turu sore kaki,
ana dewa nganglang jagad,

3
nyangking bokor kencanane,
isine donga tetulak,
sandhang kalawan pangan,
yaiku bageyanipun,
wong melek sabar narima.

Piweling (pesan moral, amanat) saka tembang Asmaradana iku mau ngelingake supaya .....

23. Panulise ukara nganggo aksara Jawa kawiwitan pada ....

24. Cakra, keret, lan pengkal iku jenenge sandhangan ....

25. Panulise aksara kang mapane saburine aksara sigeg/paten migunakake aksara ....

26. Ing padhukuhan Tarub ana sawijining randha kang aran Mbok RandhaTarub. Dheweke urip ijenan
jalaran bojone tilar donya, Ki Ageng Tarub, tanpa anak, kang njalari nelangsane.

Struktur teks carita ing pethikan crita ing dhuwur kalebu perangan ....

27. Kidang wadon ngulandara ninggalake negara Gagarmayang nganti tumeka ing satengahe alas
Ngrayudan sawetane gunung Lawu.
Katitik saka perangane ukara kalebu ukara ....,

28. Kula nyuwun pangapunten Gusti Prabu, kula mulari ibukula ingkang sampun panjenengan-sedani.
Ukara iku mau awujud basa .....

C. Gathukna soal lan pilihan jawaban kanthi pener!

No. Soal Jawaban


29. Tembung entar, tembung saroja, tembung mangerteni isine
garba, tembung kawi, purwakanthi ing geguritan.
geguritan
30. Wong kang bisa maca geguritan kanthi becik. Carane nembang macapat
31. Angka-angka sadhuwure cakepan teks tembang Titi laras
32. Nguwasani tembang, mangerteni: watake Basa rinengga
tembang, guru wilangan lan guru lagu, tegese
tembung, andhegan, wates tebane swara, endhek
dhuwure swara/ tempo.
33. Wulu, suku, pepet, taling, taling tarung Sandhangan panyigeg
wanda
34. Wignyan, layar, cecak, lan pangkon Unggah-ungguh basa
35. Tata pranatan panganggone basa Jawa ing Struktur teks crita.
pasrawungan manut tata krama.
36. (1). orientasi, (2). komplikasi, (3). klimak, (4). sandhangan swara
resolusi, (5). reorientasi, (6). koda/ panutup.

D. Garapen soal-soal ing ngisor iki kanthi jangkep, bener, lan pener!

37. Tulisen piweling (pesan moral/ amanat) saka geguritan Bumiku iki!

BUMIKU
Dening: Ibu Sunami

Bumi iki aku sing nduweni


Sapa Bapa Adam lan Ibu Hawa
Ora tuku ora nyewa
Daksedhot hawane daksesep sari banyune
Rumasuk ing balung nembus sungsum
Mili saranduning badan tumekan jantung

4
Bumi iki aku sing nduweni
Warisan saka bapa biyung
Wujud kali lan gunung
Dakpundhi daksengkuyung ing dhadha lan mustaka
Dadia jimat sangune agesang
Run tumurun anak putu
Kowe sapa lan saka ngendi pinangkamu
Kok wani gawe dredah ngaru biru
Sadumuk bathuk, sanyari bumi
Daklabuhi, nganti kowe ngerti
Yen bumi warisan iki kowe ora nduweni
Kowe sapa lan arep apa
Kok wani ngesatake kali, nggundhuli alas jati
Mung arep njupuk sari tanpa ngopeni
Bumi iki aku sing nduweni
Run tumurun anak putu
Lan mung aku lan anak putu sing kudu njaga lan ngopeni.

(Panjebar Semangat No. 25-22 Juni 2013, kaca: 40 ing Kirtya Basa kanggo SMP/MTs Kelas VII
kaca: 91)

38. Gawea tuladha sapada tembang Pucung kanthi migatekake guru wilangan lan guru lagune tembang
Pucung: 12u, 6a, 8i, 12a.

39.

Tulisen nganggo aksara latin!

40. Tulisen undha usuk basa kanthi urut lan wenehana tuladhane !

Anda mungkin juga menyukai