Anda di halaman 1dari 7

DINAS PENDIDIKAN

SMK NEGERI 1 SIDOARJO


JL. MONGINSIDI, TELP / FAX. 031-8965636

SOAL UAS GENAP


TAHUN PELAJARAN 2015 / 2016
SMK NEGERI 1 SIDOARJO

MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA


PROG. STUDI : Seluruh Bidang Keahlian
KELAS / SEMESTER : X / Genap
ALOKASI WAKTU : 90 Menit

PETUNJUK :

1. Berdo’a lah sebelum memulai mengerjakan


2. Bacalah soal dengan teliti.
3. Pilihlah jawaban yang anda anggap benar pada lembar jawaban
computer yang telah disediakan

1. Basa kang dipacaki, dipaesi, kabeh mau nduweni perlu supaya dadi endah, bregas,
lan ngresepake diarani…..
A. Basa krama
B. Basa gancaran
C. Basa rinengga
D. Basa padinan
E. Basa isyarat

2. Ing ngisor iki sebutane basa rinengga, kajaba…..


A. Basa pajangan
B. Basa endah
C. Basa pacakan
D. Basa bregasan
E. Basa ngoko andhap

3. Ukara ing ngisor iki migunakake basa rinengga, yaiku…..


A. Bapa sekaliyan ibu tindak Surabaya
B. Simbah sampun gadhah wayah
C. Dadi siswa kudu sregep sinau
D. Tatas, titis, tetes, mentes, putus pangandikanipun bapak Suryatmaja
E. Mangsa rendheng wis meh rampung

4. Tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese dienggo
bebarengan kanggo mbangetake diarani…..
A. Pituduh
B. Tembung garba
C. Tembung saroja
Hal .1
BAHASA JAWA – X – UAS GENAP TAHUN PELAJARAN 2015-2016
D. Kerata basa
E. Tembung entar

5. Unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartamtu diarani…..
A. Tembung garba
B. Tembung entar
C. Paribasan
D. Dasanama
E. Geguritan

6. Tembung kang nduweni teges kang meh padha antarane tembung siji lan sijine
diarani…..
A. Dasanama
B. Geguritan
C. Tembung saroja
D. Tembung garba
E. Tembung entar

7. Ing ngisor iki contone paribasan, kajaba…..


A. Dadi manungsa aja sombong, sok adigang, adigung, adiguna
B. Nasibe Heri kaya ancik-ancik pucuke eri
C. Saben manungsa kudu tansah eling marang sing Kuwasa
D. Olehe maringi dhuwit wis ora kurang-kurang, kaya dene diwenehi ati isih
ngrogoh rempela
E. Rudi iku bocah sing ala bebudene, awit gampang sok emoh pulute gelem
nangkane

8. Kang tegese kena diapusi kanthi gampang yaiku…..


A. Becik ketitik ala ketara
B. Iwak kecemplung wuwu
C. Jalma tan kena ingina
D. Kriwikan dadi grojogan
E. Anak polah bapa kepradah

9. Ing ngisor iki contone pepindhan, yaiku…..


A. Ayune kaya Dewi Ratih
B. Kriwikan dadi grojogan
C. Busuk ketekuk pinter keblinger
D. Bun-bun enjing ajejawah sonten
E. Cebol nggayuh lintang

10. Wacanen sing ana sajrone kothak!

1. Anak: putra, siwi, yoga


2. Diwenehi ati ngrogoh rempela
3. Ancik-ancik pucuking eri
4. Lakune kaya macan luwe
5. Tandange cukat kadya jangkrik mambu kili

Sajrone kothakan kasebut, kang kagolong paribasan yaiku…..


A. 1 lan 2
B. 2 lan 3
C. 3 lan 4
D. 4 lan 5
E. 5 lan 1
11. Tulisan latine saka aksara jawa iki [m[pt[pcchlim .....

Hal .2
BAHASA JAWA – X – UAS GENAP TAHUN PELAJARAN 2015-2016
A. Mepe tape ana lima
B. Mepe tape cacah lima
C. Meme tape cacah lima
D. Mepe tape kabeh lima
E. Mepe tapi kabeh lima
12. zemut\kÓ|=su tulisane latin.....
A. ngemut klepon
B. ngemut kalung
C. mapan turu
D. ngemut klungsu
E. ngemut kangkung

Gatekna aksara Jawa ing ngisor iki!


1. remB|lLn\

2. remBulan\
3. xmB|lLn\
4. xmBln\
5. xmBAln\
13. Aksara ing ndhuwur sing katulis “rembulan” yaiku…..
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
E. 5

14. Tembung iki ora mbutuhake aksara murda yen ditulis mawa aksara Jawa…..
A. Lasmiyah
B. Darmiyanti
C. Nabilah
D. Susilowati
E. Siti Mukaromah

1) Aku lan Adhik 4). Ing Omahku


2) Wulan Oktober 5). Organe Awak
3) Ayah lan Ibu 6). Awak lan Aku

15. Tembung ing ndhuwur sing mbutuhake aksara swara yaiku…..


A. 1) lan 2)
B. 3) lan 4)
C. 1) lan 6)
D. 2) lan 5)
E. 1) lan 5)

16. Tuku buku neng pasar. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku.......
A. tukubuku[n=ps/
B. tkubku[nps/
C. tkbkn=ps/
D. [to[kobukun=ps/
E. [to[kobuku[n=ps/
17. budlMev=[aomh[a@/f aksara Jawa iku yen katulis aksara latine unine…..
A. budal menyang omahe Kardi
B. budal menyang omah Kardi
C. budhal menyang omahe Kardi
D. budhal menyang omah Karsi
E. budal menyang omahe Karsi
Hal .3
BAHASA JAWA – X – UAS GENAP TAHUN PELAJARAN 2015-2016
18. Parikan iku unen-unen kang dumadi saka rong ukara lan nduweni purwakanthi ab-
ab. Tuladhane kupat jamure klapa, menawi lepat.....
A. Nyuwun pangapunten
B. Nyuwun pangapura
C. Nyuwun pangaksami
D. Nyuwun sewu
E. Matur nuwun

19. Panyandra iku biyasane digunakake ing adicara mantenan. Kang dicandra dening
pranatacara kaya ing ngisor iki kajaba.....
A. Penganten putri
B. Penganten kakung
C. Putri dhomas
D. Suba manggala
E. Sound sistem

Gatekna geguritan ing ngisor iki!


Eklasna

Eklasna aku lunga biyung


Sanadyan ing ndhuwur langite katon mendhung
Eklasna aku lunga bapa
Lungaku sangu ati tapis waja
Ora perlu panjenengan galih
Ing paran aku ora bakal mati amarga ngelih
.......
(kapetik saka lintas jatim bahasa Jawa kelas XII)
20. Maksude geguritan ing ndhuwur yaiku.....
A. Pamit lunga
B. Nyuwun pangestu
C. Nenangake pikiran
D. Nerangake urip kang bakal mulya
E. Semangat anggone lunga adoh

21. Ing baris kalima katulis “ora perlu panjenengan galih”. Tembung galih nduweni
dasanama.....
A. Pikir
B. Ati
C. Angen-angen
D. Omongan
E. Caturan

22. Sri Wahyuni kuwi wis ayu tur empuk rembuge. Tembung sing kacithak kandel
mujudake tembung entar kang tegese.......
A. Alus bebudene
B. Guneme enak dirungokake
C. Ayu rupane
D. alon omongan
E. Alus rambute

Wacanen paragraf ing ngisor iki!


Wis kondhang kaloka menawa wong Jawa kerep dialembana dening bangsa manca. Dialembana
menawa wong Jawa nduwe tata krama kang luhur. Ora mung iku wae wong Jawa uga nduwe
tutur kang alus lan becik. Mula akeh warga manca kang seneng teka menyang Indonesia.
23. Tembung kondhang kaloka ing paragraf kasebut bisa diganti…..
Hal .4
BAHASA JAWA – X – UAS GENAP TAHUN PELAJARAN 2015-2016
A. Sumanak
B. Kumepyar
C. Sumeleh
D. Kawentar
E. Sumebar

24. Tembung tata krama ing nduwur iku kalebu ing tembung…..
A. Entar
B. Saloka
C. Saroja
D. Dasanama
E. wangsalan

Coba gatekna tembang ing ngisor iki!


Bapak pucung dawa ireng mlayu-mlayu
Saba mrana-mrana
Saben jalma den untali
Samangkono si pucungku migunani

25. Tembang ing ndhuwur diarani tembang.....


A. Dhandhanggula
B. Pangkur
C. Pocung
D. Asmarandana
E. Durma

26. Tembang ing ndhuwur mengku cangkriman. Apa batangane.....


A. Sabuk (Ikat pinggang)
B. Baya
C. Ula
D. Welut
E. Kadhal

27. Ing gatra katelu ana tembung “jalma”, tegese.....


A. Dewa
B. Wong
C. Narendra
D. Rajapati
E. Raja

Gatekna tembang-tembang ing ngisor iki!


1. Durma
2. Dhandhanggula
3. Kinanthi
4. Gundhul-gundhul pacul
5. Kupu kuwi
6. Gajah-gajah
28. Tembang-tembang kang wis cumepak ing ndhuwur kasebut kang kalebu tembang
macapat yaiku…..
A. 1, 3, 5
B. 1, 2, 3
C. 4, 5, 6
D. 1, 2, 6
E. 2, 4, 5

Hal .5
BAHASA JAWA – X – UAS GENAP TAHUN PELAJARAN 2015-2016
29. Tembang-tembang kang wis cumepak ing ndhuwur kasebut kang ora kalebu
tembang macapat yaiku…..
A. 1, 3, 5
B. 1, 2, 3
C. 4, 5, 6
D. 1, 2, 6
E. 2, 4, 5

Gatekna cakepan tembang ing ngisor iki!


Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan néndra
Kaprawiran dèn kaèsthi
Pesunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling

30. Tembang ing ndhuwur nduweni guru gatra…..


A. 5
B. 6
C. 8, 8, 8, 8, 8, 8
D. u, i, a, i, a, i
E. 8 u, 8 i, 8 a, 8 i, 8 a, 8 i

31. Tembang ing ndhuwur nduweni guru lagu…..


A. 5
B. 6
C. 8, 8, 8, 8, 8, 8
D. u, i, a, i, a, i
E. 8 u, 8 i, 8 a, 8 i, 8 a, 8 i

32. Tembang ing ndhuwur nduweni guru wilangan…..


A. 5
B. 6
C. 8, 8, 8, 8, 8, 8
D. u, i, a, i, a, i
E. 8 u, 8 i, 8 a, 8 i, 8 a, 8 i

33. Adhedhasar tembang kasebut diarani tembang…..


A. Pocung
B. Mijil
C. Pocung
D. Kinanthi
E. Asmaradana

34. Tembang kang kaiket anane guru lagu, guru wilangan lan guru gatra diarani
tembang.........
A. Gedhe
B. Macapat
C. Cilik
D. Dolanan
E. Campursari
35. Cacahe tembang Macapat yaiku ana…..
A. 12
B. 10
C. 11
D. 13
E. 14
Hal .6
BAHASA JAWA – X – UAS GENAP TAHUN PELAJARAN 2015-2016
36. mugi Allah ingkang dhahat Maha Asih
tumunten paringa
pepenget kang padha lali
elinga mring kautaman

tembang maskumambang ing ndhuwur nduweni guru wilangan, guru lagu, lan guru
gatra......
A. 6i, 6a, 6i, 8a ; 4 gatra
B. 4 gatra; 12i, 6a, 8i, 8a
C. 12i, 6a, 8i, 8a ; 6 gatra
D. 12i, 6a, 8i, 8a ; 4 gatra
E. 4 gatra; 6i, 6a, 6i, 8a
37. “elinga mring kautaman” tegese cuplikan tembang Maskumambang yaiku….
A. Kudu pinter
B. Tansah eling marang kabecikan
C. Tansah sinau
D. Nindakake bab kang ala
E. Tansah cedhak marang kang Kuwasa

38. Watake tembang maskumambang yaiku.....


A. Susah utawa sedhih
B. Guyonan
C. Tresna asih
D. Luwes, ndudut ati
E. Pepeling/ pitutur/ nasehat

Gatekna tulisan aksara Jawa ing ngisor iki!


1. Ari!
2. $urby
3. si[foa/[jo
4. @e/j
5. mzn\
39. Panulisan kang sesuai kaidah/ aturan panulisan aksara Jawa yaiku…..
A. 1, 2, 3
B. 1, 3, 4
C. 1, 4, 5
D. 1, 3, 5
E. 1, 2, 5
40. Panulisan kang ora manut marang kaidah panulisan aksara Jawa yaiku…..
A. 1, 2
B. 1, 3
C. 2, 3
D. 3, 4
E. 4, 5

suge=mk/y

Hal .7
BAHASA JAWA – X – UAS GENAP TAHUN PELAJARAN 2015-2016

Anda mungkin juga menyukai