Anda di halaman 1dari 12

UKB_TEKS CERITA WAYANG BJ 01-02-02

UNIT KEGIATAN BELAJAR


UKB BJ 1-02-02

1. IDENTITAS

a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


b. Semester :1
c. Kompetensi Dasar
3.2 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis unsur intrinsik maupun ekstrinsik teks
sastra klasik dan modern secara lisan dan tulis.
4.2 Menginterpretasi, menanggapi dan mengekspresikan teks sastra modern dan klasik
(wayang / topѐng ḍhâlâng) sesuai isi secara lisan dan tulis.

d. Materi Pokok : Teks Cerita Wayang


e. Alokasi Waktu : 4 pertemuan ( 4 x 90 menit)
f. Pertemuan ke : 1-4
g. Tujuan Pembelajaran :

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, peserta didik
dapat menganalisis unsur intrinsik dan ekstrinsik teks cerita wayang serta dapat
menanggapi dan mengekspresikan teks cerita wayang sesuai isinya, sehingga
peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya,
mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab, serta dapat
mengembangkan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi,
berkreasi (4C).

h. Materi Pembelajaran :
Para siswa, miturut sejarahe, wayang kuwi salah sawijine sarana kanggo
ngrembakakake piwulang agama Islam ing tanah Jawa. Para Wali migunakake wayang
nalika dakwah islam, kang bisa nggayutake tradisi Hindu-Buddha kalawan kapitayan
anyar kang asipat Islami. Wayang uga didadekake salah sawijining seni kang nduweni
asipat ngibur pamiarsa. Supaya awakmu isa nguwasani bab crita wayang iki, coba
gatekna materi teks wayang sing ana ing buku: 1) Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W..
2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas X. Surabaya: Penerbit Duta; 2) Purnomo,
Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas X. Surabaya: Dinas
Pendidikan Provinsi Jawa Timur; 3) Hidayah, Nurul dan Umi Nayirotin. 2015. Sayaga
Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas X. Jakarta: Penerbit Erlangga; lan 4)
https://wahyusayogyarani.wordpress.com/2015/08/02/26/.

1
UKB_TEKS CERITA WAYANG BJ 01-02-02

2. PETA KONSEP

Tema

Unsur Alur
Intrinsik
Wewatekane
Busananing Basa
Pamawas
Latar

Latar Belakang
Karya Sastra
Unsur
Ekstrinsik Kahanan
Masyarakat

Latar Belakang
Teks Pangripta
Wayang

Isi kang kinandut


Relevansi Isi sajroning crita
digathukna karo
urip padinan

Orientasi

Komplikasi
Struktur
Teks Resolusi
Wayang
Koda

Ukara Crita

Ukara Pakon
Pramasastra
Ukara Pitakon

2
UKB_TEKS CERITA WAYANG BJ 01-02-02

3. KAGIYATAN PASINAON 1

Sadurunge siswa miwiti pasinaon dina iki, pitakon-pitakon ing ngisor iki
wangsulana luwih dhisik!
1. Para siswa apa nate ndeleng wayang?
2. Andharna apa kang diarani crita wayang?
3. Lakon pewayangan saka crita apa?
4. Ing papan paggonanmu apa isih asring ana pagelaran wayang?
5. Kepriye masyarakat ing papan panggonanmu menawa ana pagelaran wayang?

Nah, sawise siswa wis mangerteni teks cerita wayang, coba semaken wacan ing ngisor
iki!
Pituduh
1. Semaken teks crita ing ngisor iki kang patitis!
2. Sawise rampung nyemak, wangsulana Gladhi Kompetensi sing manggon ing ngisore wacan!

Ngelmu Asthabrata Sri Rama


Ramawijaya iku putrane Prabu Dasarata ing Ayodya. Rama mijil saka garwa prameswari asma
Dewi Ragu. Garwane aran Dewi Shinta, putrine Prabu Janaka ing Mantili. Satemene akeh para raja,
pandhita, resi, jejanggan, lan kawula kang kepengin nggarwa Dewi Shinta ananging mung
Ramawijaya kang bisa mupu sayembara menthang gendhewa. Sawise dadi penganten, Rama,
Shinta, lan Lesmana bali ing Ayodya. Sawise teka ing Ayodya sejatine Ramawijaya kang dadi ratu
nglintir kalenggahane ramane ananging kaselak Dewi Kekayi. Dewi Kekayi (garwa selir Prabu
Dasarata) nagih janji. Mula Rama gagal dadi ratu malah dihukum buwang ing alas Dhandaka
sasuwene 13 tahun.
Ing alas Dhandaka, Shinta dicidra Dasamuka. Rama kekurangan prajurit kanggo ngrabasa ing
Ngalengka. Dumadakan ana kethek abang aran Sugriwa njaluk tulung marang Rama, manawa Rama
gelem nulungi sedya mbiyantu kersane Rama lan bebasan gelem dadi abdine. Rama sanggup
jejering satriyatma, yen dijaluki pitungan mesthi sumadhiya. Jebul Sugriwa kepengin mateni
kangmase aran Subali, Rama ora bisa cidra ing janji sanadyan tumindake Sugriwa nistha. Subali
bisa diperjaya dening Rama.
Sugriwa senadyan wanara mbiyantu Rama merangi Ngalengka njaluk Dewi Shinta. Rama bisa
ngalahake Dasamuka ananging Dasamuka luput ing pati amarga nugrahane Bathara Brahma. Nalika
Dasamuka kena panah Gunawijaya, Dasamuka langsung dibruki gunung dening Raden Hanoman.
Ngalengka bedhah Dewi Shinta diajak kondur ing negara Pancawati. Kraton iki dibangun uga nalika
nedheng-nedhenge perang karo Ngalengka. Kraton Pancawati mapan ing pucuking gunung
Maliawan.
Rama paring piwulang marang Bharata jumeneng ratu ing Ayodya lan Wibisana kang dadi nata
ing Ngalengka. Rama paring piwulang wateging nata kang sinebut Asthabrata. Astha tegese wolu,
brata tegese laku. Lakuning ratu kudu duwe watak wolu, yaiku:
- Kisma (lemah), dadi ratu kudu bisa murah lan asih marang kawulane kaya lemah tansah
migunani tumrap uriping manungsa.
- Warih (banyu), dadi ratu kudu bisa manjing ajur-ajer, mendhak-mendhukul manut
kahanan.
- Maruta (angin), ratu ora wegah niti priksa marang papan lan kawulane ing ngendi wae.
- Angkasa (langit), dadi ratu kudu bisa momot kayadene angkasa kang ora bakal sesak
kanggonan apa wae.
- Candra (rembulan), dadi ratu kudu bisa paring pepadhang para kawula kang nandang
susah, kaya rembulan madhangi jagad ing wayah bengi.
- Surya (srengenge), dadi ratu kudu bisa paring dana marang kawula, tumindak adil, ora
pilih kasih, kaya srengenge sing sorote ngebeki jagad
- Dahana (geni), dadi ratu kudu bisa mbrastha dur angkara, kaya geni kang nempuh apa wae
bakal sirna.
Kartika (lintang), dadi ratu kudu pikukuh ing sabda, ora mencla-mencle, sabdane kanggo paugeran,
tindake kanggo patuladhan, kaya lintang sing papane ajeg ora owah gingsir.
Sumber: http//manglawak.blospot.com

3
UKB_TEKS CERITA WAYANG BJ 01-02-02

Sawise maca teks ing ndhuwur, coba wacanen materi ngenani unsur intrinsik kang ana ing buku
Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W.. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas X. Surabaya:
Penerbit Duta. Banjur jlentrehna unsur intrinsik kang kinandhut!

Gawea kelompok diskusi kang cacah anggotane 4 siswa! Tindakna kelompok diskusi lan
kelompok kelas! Temtokna unsur intrinsik crita pewayangan kasebut! Isinen tabel ing
ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

No. Unsur Intrinsik Wangsulan


1. Tema
2. Alur
3. Wewatakan
4. Busananing Basa
5. Pamawas
6. Latar
Nah, sawise ngisi tabel ing ndhuwur, coba wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. Andharna apa sing diarani tema?
2. Andharna apa sing diarani alur?
3. Andharna apa sing diarani wewatekan?
4. Andharna apa sing diarani busanane basa?
5. Andharna apa sing diarani pamawas?
6. Andharna apa sing diarani latar?

4. KAGIYATAN PASINAON 2

Sawise para siswa kasil ngerteni apa lan maknane struktur sawijine teks crita wayang,
sabanjure ana ing pasinaon iki para siswa kabeh bakal dijak ngrembug lan nintingi utawa
nganalisis unsur ekstrinsik sawijine teks wayang bebarengan. Teks wayang kang bakal
dirembug mau bisa digoleki saka buku-buku wayang, majalah-majalah Jawa, utawa saka
sumber-sumber liyane kalebu saka internet.

Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mangun karya sastra saka njaba, kayata:
a. Latar belakang karya sastra diciptakake, yaiku kapan karya sastra kasebut ditulis.
b. Kahanan masyarakat nalika karya sastra kasebut diciptakake, yaiku kahana masyarakat
saka ekonomi, sosial, budaya, politik, nalika karya sastra kasebut diciptakake.
c. Latar belakang utawa kahanan pangripta.

Wayang menika ngadahi teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih
wayang menika saking tembung Ayang-ayang minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten
ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “WAyahe sembahYANG”
ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan
saking tembung “WAHANANE HYANG” Tembung Wahana tegesipun panggenan utawa
prantara, dene tembung Hyang tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad.
Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika
saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun
Rāmâyaṇa saking tembung Rāma dalah Ayaṇa ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios

4
UKB_TEKS CERITA WAYANG BJ 01-02-02

menika dipunanggit dening Walmiki (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata
ingkang dipunanggit dening Begawan Byasa atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi
Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana saha
Mahabharata menika rikala ing tlatah Jawa lajeng kagubah malih dening para winasis, pramila
menika wonten bedha-bedhanipun antawisipun carios Ramayana saha Mahabharata ingkang
saking India kaliyan ingkang wonten ing Jawa. Dene wayang piyambak miturut sumber
ingkang wonten, minangka kabudaya asli Jawa ingkang sampun wonten saderengipun carios
Ramayana saha Mahabharata mlebet ing Jawa.
Geser gumantining jaman sabanjuripun sumbering carios wayang boten namung saking
Mahabahrata saha Ramayana, ananging ugi wonten babon carios wayang sanesipun
kadosdene carios Panji, carios seta, cariso saking Timur tengah lsp. Bedha-bedganing babon
carios wayang menika amargi ngrembakaning donya pagelaran wayang.
Jlentrehan ing ndhuwur medharake ngenani unsur ekstrinsik teks cerita wayang, yaiku
crita wayang Ramayana. Saiki coba temtokna unsur ekstrinsik crita ing ngisor iki!

Wacanen crita wayang ing ngisor iki kanthi patitis!

RAMA SINTA
Wonten nagari namanipun Kosala, dumunung ing kutha Ayodya. Ingkang
jumeneng nata Prabu Dasarata. Sang Prabu kagungan garwa cacah tiga. Kaliyan
Dewi kosalya peputra Rama. Kaliyan Dewi Kekeyi peputra Barata. Dene kaliyan
Dewi Sumitra peputra kembar, Lesmana tuwin satrugna.
Prabu Dasarata sampun sepuh sanget. Sang Prabu arsa lereh keprabon.
Rama ginadhang-gadhang nggentosi kalenggahanipun ingkang rama. Ananging,
Dewi Kekeyi mboten narimakaken manawi Rama kawisudha minangka raja
Ayodya. Garwa angka kalih punika ngersakaken Barata, putranipun ingkang
jumeneng nata. Kanthi awrat ing manah, panyuwunipun Dewi Kekeyi
dipunsembadani dening Prabu Dasarata. Wusananipun Rama kedah nglampahi
gesang ing wana dangunipun 14 warsa.
Tindakipun Raden Rama kadherekaken ingkang garwa, Dewi Sinta, dalah
Lesmana. Lampahipun dumugi ing wana Dhandaka. Ing papan punika,
tetiganipun kapanggih Sarpakenaka, rayinipun Prabu Rahwana, raja
Alengkadiraja. Sarpakenaka ingkang asipat raseksa wanodya punika kepencut
kabagusaning Rama. Rama mboten nglanggati. Sarpakenaka lajeng manggihi
Lesmana. Lesmana babar pisan boten nggape piyambakipun. Sarpakenaka nesu,
ngamuk. Lesmana boten kirang weweka. Raseksa wanodya rayinipun Prabu
Dasamuka, lajeng karumpung grananipun saha kaperung talinganipun.
Piyambakipun lajeng ngadep ingkang raka. Rakanipun karerepa murih
malesaken wirangipun. Prabu Rahwanaraja sagah. Lampahipun Prabu Dasamuka
tumuju wana Dhandhaka nitih kreta kencana ngambah jumantara kadherekaken
Kala Marica.
Dumugi wana Dhandaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah
wujud dados kidang kencana, kidang elok kang warni asisik emas endah ngelam-
elami, ngrengreng merak ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan
dunungipun tiyang tetiga. Sinta sumerep kabregasaning kidang. Piyambakipun
gawok, tuwuh prentuling manah kepengin ngingah kidang rukmi. Rama kasuwun
nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami saha memencut manah punika.
Sumber: http//manglawak.blospot.com

Sawise maca teks ing ndhuwur, coba wacanen materi ngenani unsur intrinsik kang
ana ing buku Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W.. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA

5
UKB_TEKS CERITA WAYANG BJ 01-02-02

Kelas X. Surabaya: Penerbit Duta; uga buku Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa
Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas X. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.
Banjur jlentrehna unsur intrinsik kang kinandhut!

Pituduh!
Gawea kelompok diskusi kang cacah anggotane 4 siswa! Tindakna kelompok diskusi lan
kelompok kelas! Temtokna unsur ekstrinsik crita pewayangan kasebut! Isinen tabel ing
ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

No. Unsur Ekstrinsik Wangsulan

1. Latar belakang karya sastra

2. Kahanan masyarakat

3. Latar belakang pangripta

5. KAGIYATAN PASINAON 3

Para siswa kabeh, yen wis sinau ngenani unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik teks cerita
wayang. Miturutmu, apa teks cerita wayang kuwi salah sawijining teks kang menarik?
Jlentrehna panyaruwe!
Saben manungsa mesti nduweni daya katertarikan sing bedha. Apa maneh sing ngenani
wacan. Teks cerita wayang kuwi kagolong teks kang digemati dening para tiyang sepuh, amarga
wayang menehi pitutur kang apik banget kanggo dedasar urip padinan. Supaya awakmu
ngguwasani uga bisa nresepake pitutur kang kinandhut ing sajroning wayang. Coba wacanen
teks ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakon kang ana sing sawise wacan.

Pituduh!
1. Wacanen teks ing ngisor kanthi trep!
2. Bentuken kelompok diskusi kang cacahe 4!
3. Temtokna isi kang kinandhut ing sajroning crita!
4. Presentasekake kasil rembuganmu ing ngarep kelas!

LAIRE GATHUTKACA
Ing sawijining dina, kaluarga Pandawa lima lagi remen-remene uga prihaten sanget nalika
putane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi lair. Amarga bayi kang dilahirake dening Dewi Arimbi
awujud raksasa, lan sampun umur 1 taun ari-arine isih nempel durung bisa pedhot. Putrane Raden
Werkudara lan Dewi Arimbi mau diwenehi jeneng Tetuka, nanging ing sawijining dina banjur dadi
Gathut Kaca.
Amarga nalika lair Tetuka awujud raksasa (buta), Raden Werkudara lan para sedhereke
Pandhawa ngrasa isin, amarga Tetuka awujud raksasa lan tali pusare durung pedhot-pedhot.
Banjur para Pandhawa lima padha ngupaya kepriye carane bisa ngubah Tetuka dadi wujud
manungsa biasa lan medhot tali pusare Tetuka kuwi. Kanggo ngrampungake masalah iki banjur
Arjuna diutus kanggo njaluk pitulungane para Dewa kanthi cara semedi njaluk petunjuk para
Dewa. Ing wektu kang padha, Panglima perang Kurawa yaiku Karna uga nglakoni semedi njaluk
senjata pusaka marang Dewa.

6
UKB_TEKS CERITA WAYANG BJ 01-02-02

Kaprasahan lan Kekhusyukan semedi kang dilakoni Arjuna iku bisa dadekake goncange
kahyangan, saengga Dewa gawe kaputusan bakal menehi pusaka kanggo medhot tali pusare
Tetuka, saengga ari-arine bakal pedhot saka awake. Banjur Bathara Narada diutus kanggo
menehake senjata Kunta wijayadanu marang Arjuna. Ing kene kedadean anane kakeliruan, Bathara
Narada ora bisa bedakake antarane Arjuna lan Karna kang padha nglakoni semedi.
Amarga saka Bathara Narada kang ora bisa bedakake Arjuna lan Karna, akhire Bathara
Narada menehake senjata marang Karna. Nalika ngerti yen kliru, Bathara Narada banjur cepet-
cepet goleki Arjuna lan ngutus Arjuna njaluk senjata Kunta wijayadanu marang Karna. Ora suwe
Arjuna wis ketemu Karna lan njaluk senjata Kunta wijayadanu marang Karna. Nanging Karna ora
gelem menehake senjata Kunta, banjur ndadekake perang tanding antarane Arjuna lan Karna. Ing
perang mau akhire Arjuna bisa ngrebut sarung pusaka, nanging senjatane isih digawa mlayu Karna.
Arjuna mulih kanthi gawa sarung/warangka senjata Kunta wijayadanu. Senjata mau pancen sekti,
karo sarunge wae bisa medhot tali pusare Tetuka. Nanging anehe sarung senjata mau mlebu ing
jero awake Gathut Kaca. Sawise iku Kresna ngramalake kadadean kasebut, bilih besok Gathut Kaca
bakale mati ing tangane kang duwe senjata kasebut.
Ing wektu iku kahyangan para Dewa lagi ngadepi masalah gedhe. Patih Sekipu lan bala
tentarane ngobrak-abrik kahyangan amarga diutus Prabu Kala Pracona. Para Dewa kalah banjur
Sang Hyang Bathara Prabu ngutus para Dewa supaya golek jago kang bisa ngalahake Sekipu lan
Kala Pracona. Akhire Bathara Narada diutus ngubengi jagad raya, menawa ana satriya kang
khusyuk semedine, saengga bisa ngalahake Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona.
Satriya Pandhawa ing wektu iku lagi khusyuk semedine njaluk marang Dewa supaya
ngubah wujud Tetuka kang wujud raksasa. Amarga semedine kang kanthi temenan iku, bisa
ngubah langit dadi peteng, gunung-gunung padha obah, segara asat amber, lan jagad gonjang-
ganjing, sarta udan salah mangsa. Saka kadadean iku Bathara Narada ngerti yen ana manungsa
kang khusyuk semedi njaluk marang Dewa supaya maksude dikabulake Dewa.
Bathara Narada banjur gugah semedi para Pandhawa. Nanging Bathara Narada njaluk
marang para Pandhawa menehake bayi Tetuka marang dheweke supaya didadekake jago nglawan
Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona kang wis ngrusak kahyangan. Sawise entuk ijin saka
Pandhawa, bayi Tetuka digendhong digawa mabur dening Bathara Narada ing Kahyangan.
Nanging Sekipu lan Kala Pracona ora gelem nglawan bocah cilik.
Akhire, Bathara Narada nggawa Tetuka marang ahli senjata pusaka Empu Ramadi. Sang
Empu siap nempa Tetuka supaya siap tanding karo Sekipu lan Kala Pracona. Banjur Tetuka digowo
ing kawah Candradimuka, dilebokake ing kawah bebarengan karo kabeh pusaka ampuh. Balunge
digawe saka wesi. Drijine saka gunting, telapakane saka pacul, brengose saka kawat. Sawise iku
banjur dijipuk maneh saka kawah. Tetuka ora awujud bayi, nanging awujud pamuda kang wis
dewasa nanging durung bisa ngomong. Banjur diobati supaya bisa ngomong. Tetuka diwenehi
jeneng lengkap, yaiku Gathut Kaca lan Kacanagara.
Dening Bathara Guru diwenehi 3 busana pusaka. Kang kapisan Caping basunanda, supaya
yen udan ora teles lan yen panas ora kepanasen. Kang kaping pindo, kotang antakusuma, supaya
bisa mabur tanpa elar. Kang kaping telu, selaput pada, supaya yen mabur ing duwur lemah bisa
lancar tanpa gangguan angin. Dening Bathara Narada, Gathut Kaca banjur ditemokake karo Kala
Pracona. Kaloro-lorone pada perang. Kabeh Dewa Dewi ndelok perang tanding iku. Kabeh padha
ngarepake Gathut Kaca menang lan bisa balekake katentraman ing kahyangan. Akhire sawise
tarung, Gathut Kaca bisa ngethok sirahe Kala Pracona.
Sumber: http//manglawak.blospot.com

Miturut panemumu, crita pewayangan kanthi irah-irahan “Laire Gatutkaca” apa ana sambung
rapete karo kasunyatan uripe manungsa ing saben dinane? Andharna lan wenehana bukti-bukti!
Yen wis rampung, gatekna pitakon ing ngisor iki!
1. Andharna watake Gatutkaca kang pantes ditiru?
2. Temtokna isi crita wayang ing saben-saben paragraf wacan crita wayang “Laire
Gatutkaca”!
3. Isine crita ing saben paragraf gathukna supaya dadi sawijining crita kang utuh!
4. Temtokna isine crita sing kinandhut ing saben paragraf dadi saparagraf wae kang
minangka intisarine crita saka wacan kasebut!
5. Miturutmu, apa isine teks cocok karo jlentrehane crita? Andharna kanthi ringkes!

7
UKB_TEKS CERITA WAYANG BJ 01-02-02

6. Garapen tugas kuwi, banjur rembugen karo kancamu sakelas!

Sawise sinau ngenani isi teks crita, awakmu diajak sinau ngenani babagan paramasastra teks
crita wayang. Coba gatekna pitakon ing ngisor iki!
1. Miturutmu kepriye paramasastrane teks wayang?
2. Ana pirang macem ukara ing sajroning crita?
3. Apa siswa ngerti jlentrehane ukara kasebut?
Nah, supaya siswa paham, satitekna andharan ngenani kawruh paramasastra ing ngisor iki!
Ing sajroning teks crita wayang, ana telung macem ukara, yaiku ukara crita, ukara pakon,
lan ukara pitakon.
1. Ukara Crita

Ukara crita umume digunakake kanggo nggawe andharan kang isine arupa pawarta
tanpa ngarepake respon tartamtu (kalimat langsung).

Tuladha:
- Khadafi maca crita wayang kang nduweni irah-irahan “Gatutkaca Gugur”.
- Gatutkaca kuwi putrane Werkudara karo Dewi Arimbi.

2. Ukara Pakon

Ukara pakon yaiku ukara kang isine prentah utawa panjaluk marang wong supaya
nindakake pakaryan kang dikarepake (kalimat perintah).

Tuladha:
- Nak, coba bukaen bukumu kaca 103! Banjur garapen uji kompetensine!
- Jendela kae tutupen, Rin!

3. Ukara Pitakon

Ukara pitakon yaiku ukara kang isine awujud pitakon marang wong liya sing
ngarepake wangsulan (kalimat tanya).

Tuladha:
- Apa awakmu ngerti pasinaon dina iki?
- Kenapa awakmu wingi ora mlebu sekolah?

Nah, sawise maca andharan ing ndhuwur, ayo nyoba Gladhi Kompetensi!
Pituduh!
1. Gawea kelompok kang cacahe 4 siswa saben kelompok!
2. Apa awakmu nemoni ukara crita ing crita wayang “Laire Gatutkaca”? Coba rembugen
sakelompokmu!
3. Apa awakmu nemoni ukara pakon ing crita wayang “Laire Gatutkaca”? Coba rembugen
sakelompokmu!
4. Apa awakmu nemoni ukara pitakon ing crita wayang “Laire Gatutkaca”? Coba rembugen
sakelompokmu!
5. Sawise rembugan, coba tulisen bukti ukara crita, ukara pakon, lan ukara pitakon kang cacahe 3
saben ukara!
6. Bajur presentasekake hasil rembuganmu ing ngarep kelas!

8
UKB_TEKS CERITA WAYANG BJ 01-02-02

6. KAGIYATAN PASINAON 4

Para siswa kabeh, perlu kaweruhi yen paraga punakawan jrone pawayangan Jawa,
mesthi didhapuk dadi perangan kang wigati lan mesthi anane. Saiki wacanen materi kang ana
ing buku Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas X.
Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur. Ing buku kuwi ana tuladha sing medharake
babagan struktur teks crita wayang kaya ing ngisor iki.
No Struktur Cuplikan Wacan
1. Pambuka Praja Ngamarta nagarane Para Pandhawa, konclang kaya
(orientasi) katerak dahuru. Wis ana pirang-pirang wektu, negara Amarta
kena pageblug, katekan lelara nggegirisi. Akeh para nayakane
praja, sentana, dalah kawula kang nandhang cintraka.
Kahanan mau kawiwitan saka murcane kabeh piyandele
kadang Pandawa, arupa sawernane sanjata sekti.

2. Pasulayan Wacanen ing buku Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri


(Komplikasi) Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas X. Surabaya:
Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur. Kaca 32.

3. Medharake prakara Wacanen ing buku Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri
(Resolusi) Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas X. Surabaya:
Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur. Kaca 32.

4. Panutup Wacanen ing buku Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri


(Koda) Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas X. Surabaya:
Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur. Kaca 33.

Gladhi Kompetensi!
Sawise maca isi tabel ing ndhuwur, coba tintingana struktur teks crita “Laire
Gatutkaca”! Rembugen karo kelompokmu!

Anak-anakku, saiki awakmu wis pinter ngenani babagan teks crita wayang. Supaya
awakmu tambah pinter. Coba wacanen teks crita wayang kang nduweni irah-irahan
“Petruk Dadi Ratu” sing ana ing buku Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W.. 2014.Wiyata Basa
Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas X. Surabaya: Penerbit Duta. Banjur gladhen maca kanthi
endah.

Pituduh!
1. Wacanen teks crita wayang kang nduweni irah-irahan “Petruk Dadi Ratu” sing ana ing
buku Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W.. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas
X. Surabaya: Penerbit Duta.
2. Gatekna isi crita kasebut!
3. Gladhen maca teks kasebut kanthi endah!
4. Banjur critakake crita “Petruk Dadi Ratu” ing ngarep kelas supaya kanca lan gurumu
bisa mirsani uga nilai kanthi patitis!

9
UKB_TEKS CERITA WAYANG BJ 01-02-02

Teks Crita Wayang!

Petruk Dadi Ratu

Nalika, Petruk dadi ratu akeh wong kang gumuyu. Miturut wong-wong, Petruk dadi
ratu iku among lakon impen. Lakon impen wong cilik kang bisa ngowahi kahana. Apa ana
rakyat kang mlarat lan bodho bisa dadi raja kang sugih lan wicaksana? Ana uga kang kandha
lakon iku mung pasemon babaga kere munggah bale. Ana uga kang ngarani menawa Petruk
dadi ratu kuwi among lakon aji mumpung babaga kawula alit kang migunakake kesempatan
sajroning kesempitan. Petruk dadi ratu dudu lakon wong bodho kang dadi raja, utawa lakone
wong cilik kang aji mumpung ananing lakon mencoke wahyu marang kawula.
Kacarita Abimanyu lara. Abimanyu minangka prantara kang mengko bakal paring
waris dhampar Palasara, pandhiri Astina marang Parikesit. Bebarengan karo larane
Abimanyu, wahyu kang diduweni lunga, yaiku wahyu Maningrat kang nyebarake winih
keprabon, wahyu Cakraningrat kang njaga nalika dadi ratu, lan wahyu Widayat kang
nglestarekake uripe nalika dadi ratu. Katelu wahyu kasebut mencok ing Petruk, lan Petruk
dadi ratu ing nagara Lojitengara.
Ajejuluk Prabu Wel-Geduwel Beh, kanggo kukuh dadi ratu Petruk mbutuhake
dhampar Astina warisan Palasara. Petruk ngutus marang patihe Bayutinaya lan Wisandhanu
kanggo nyolong tahta Palasara kasebut. Utusan kasebut kasil anggone nggawa tahta,
ananging Prabu Wel-Geduwel Beh nalika nyoba lungguh ing sadhuwure langsung kejungkel.
Sanajan wus dicoba bola-bali tetep ora bisa banjur dheweke pasrah, lan oleh wisik lumantar
panasihat kraton supaya ora kejungkel dheweke kudu oleh golekan kang bisa dililing. Petruk
ngutus patihe maneh supaya nggoleki golekan kasebut, lan ora suwe utusan kasebut nggawa
golekan kang ora liya, yaiku Abimanyu kang nandhang lara. Nalika dipangku Prabu Wel-
Geduwel Beh, Abimanyu mari banjur kandha “Kowe ora bakal bisa nglungguhi tahta kuwi yen
ora mangku aku. Ing kono Petruk sadhar menawa jejering kawula, mokal menawa bisa dadi
raja. Raja kuwi ora bisa dadi raja menawa ora dipangku dening kawula amarga para kawula
kang bisa nyampurnakake uripe sang raja.
Kawula kuwi ana ing sadawane jaman lan raja kuwi ora langgeng ana mung ing wayah
tartamtu. Nalika wayah wus sumingkir mula raja bisa tumurun utawa sumingkir, kamangka
kawula utawa rakyat kuwi terus ana. Kawula kuwi ana tanpa wates lan raja kuwi ana mung
winates. Petruk sansaya sadhar menawa among kawula kang bisa mbiyantu panguwasa
kanggo nulis sejarah, mula wis kudune raja kuwi ngregani para kawula. Panguwasa kuwi
kudu gelem lelabuhan kanggo kawula ora malah ngrayah uripe kawula. Ananging geneya
akeh panguwasa kang ora perduli marang kawulane, kamangka dheweke tetep lungguh ing
tahtane? Raja lan kawula kudu wengku-winengku kaya Petruk lan Abimanyu.

Sumber: http//manglawak.blospot.com

Sawise kowe kabeh sinau crita wayang bebarengan, apa sing korasakake? Apa pitutur becik
kang bisa dijupuk? Saiki coba isien tabel ing ngisor iki!

No. Perilaku Ya Tidak


1. Saya selalu berdoa sebelum dan sesudah kegiatan pembelajaran berlangsung.
2. Saya selalu menggunakan bahasa Jawa yang baik dan benar ketika
mengerjakan tugas yang diberikan.
3. Saya selalu mengingatkan orang lain jika mereka menggunakan bahasa Jawa
secara tidak tepat.
4. Saya selalu senang jika ada tugas menceritakan teks wayang di depan kelas.
5. Saya selalu mengerjakan tugas sesuai yang diperintahkan.
6. Saya selalu mencari data dari internet/ buku/ pakar sebagai bahan referensi
untuk mengerjakan tugas.

10
UKB_TEKS CERITA WAYANG BJ 01-02-02

7. Saya selalu mencantumkan sumber ketika saya merujuk


8. Saya selalu memperhatikan dengan saksama penjelasan Guru.
9. Saya selalu mengerjakan tugas dengan kemauan sendiri.
10. Saya selalu mengumpulkan tugas tepat waktu.
11. Saya selalu datang dan masuk ke kelas tepat waktu.
Jumlah

11
UKB_TEKS CERITA WAYANG BJ 01-02-02

DAFTAR PUSTAKA

Hidayah, Nurul dan Umi Nayirotin. 2015. Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas X.
Jakarta: Penerbit Erlangga.

Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas X. Surabaya:
Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.

Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W.. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas X.
Surabaya: Penerbit Duta.

http://manglawak.blospot.com diakses tanggal 25 Februari 2017.

https://wahyusayogyarani.wordpress.com/2015/08/02/26/. Diakses tanggal 25 Februari


2017.

12

Anda mungkin juga menyukai